Dan membangun manusia itu, seharusnya dilakukan sebelum membangun apa pun. Dan itulah yang dibutuhkan oleh semua bangsa.
Dan ada sebuah pendapat yang mengatakan, bahwa apabila ingin menghancurkan peradaban suatu bangsa, ada tiga cara untuk melakukannya, yaitu:

Hancurkan tatanan keluarga.
Hancurkan pendidikan.
Hancurkan keteladanan dari para tokoh masyarakat dan rohaniawan.

Jumat, 08 Maret 2013

SESAJI SURA




UBA-RAMPE SESAJI SURA, UJUB TUWIN SURAOSIPUN
Oelh : Pujo Prayitno

1.      Damar Kambang
Minangka lambangipun Gesang, inggih gesangipun Manungsa, Gesang Utusaning Gusti Kang Murbeng Dumadi.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita tansah hanyumerepi lan ngertosi dateng gesangipun piyambak-piyambak, awit inggih gesang punika ingkang saged ngobahaken Cipta, Rasa, Budi, Karsa, saha kita saged mobah mosik, makarti tuwin tumandang.
2.      Banyu resik/Banyu putih
Minangka lambangipun Kasucian.
Menggah suraosipun mengku pikajengan supados kita tansah anggadahana raos ingkang resik, wening lan suci.
3.      Santen Kanil
Minangka lambangipun Sari-sari Pagesangan, ingkang kaisep dening bayi ing salebeting Guwa Garbanipun Ibu, ugi lambangipun Toya Susu Ibu.
Mengggah suraosipun mengku pikajengan supados kita tansah ngakeni lan ngrumaosi semanten agenging kamirahan ingkang kita tampi saking Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, saha ngakeni lan ngrumaosi dateng pangorbananing Ibu.
4.      Kembang Panca Warna
Minangka lambangipun Raga (Wiwit kuncup, Mekar, Layu) lan lambangipun Pancadriya.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita tansah tresna, ngatos-ngatos lan teliti anggenipun ngrimat lan ngginakaken raga, saha ngatos-ngatos anggenipun ngecakaken pakartining pancadriya, amrih tansah rahayu salamining gesang.
5.      Damar Kambang
Minangka lambangipun Gesang, inggih gesangipun Manungsa, Gesang Utusaning Gusti Kang Murbeng Dumadi.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita tansah hanyumerepi lan ngertosi dateng gesangipun piyambak-piyambak, awit inggih gesang punika ingkang saged ngobahaken Cipta, Rasa, Budi, Karsa, saha kita saged mobah mosik, makarti tuwin tumandang.
6.      Banyu resik/Banyu putih
Minangka lambangipun Kasucian.
Menggah suraosipun mengku pikajengan supados kita tansah anggadahana raos ingkang resik, wening lan suci.
7.      Santen Kanil
Minangka lambangipun Sari-sari Pagesangan, ingkang kaisep dening bayi ing salebeting Guwa Garbanipun Ibu, ugi lambangipun Toya Susu Ibu.
Mengggah suraosipun mengku pikajengan supados kita tansah ngakeni lan ngrumaosi semanten agenging kamirahan ingkang kita tampi saking Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, saha ngakeni lan ngrumaosi dateng pangorbananing Ibu.
8.      Kembang Panca Warna
Minangka lambangipun Raga (Wiwit kuncup, Mekar, Layu) lan lambangipun Pancadriya.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita tansah tresna, ngatos-ngatos lan teliti anggenipun ngrimat lan ngginakaken raga, saha ngatos-ngatos anggenipun ngecakaken pakartining pancadriya, amrih tansah rahayu salamining gesang.
9.      Bubur Sura
Minangka lambangipun Wujud Babakalaning Raga Manungsa, wiwit katetesan leleran dados adon-adon, lajeng dados jladren ngantos gatra ing guwa-garbanipun Ibu, ingkang linimputan dening dayaning Hurip kang kinuripan saking sari-sarining hawa pernapasan lan tetedan saking daya panguwaosing Gusti Kang Murbeng Dumadi, liwat underaning Bungkus, Kawah saha Ari-ari.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita kejawi tresna lan ngrimat jiwa raga kita, ugi purun ngakeni lan ngrumaosi dateng sederek kita kekalih (Kakang Kawah lan Adi Ari-ari) kang lahir sareng sadinten, sesarengan nindakaken kewajibaning ngagesang, murih gampil nampi tuntunaning Gusti liwat Gesang Kita.
10.  Rujak, Rucuh, Janggelan, Dawet, Jenang Procot
Meninangka lambangipun Pirantining Wadag Jabang Bayi, wiwit tumangkaripun wiji, ngembang, ngantos dados,  sirah sampun mapan wonten plawangan, sumadya ngadepi kalahiran.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita tansah ngemut-emut dateng pangurbananipun tiyang sepuh, utaminipun Ibu.
11.  Cengkir Kelapa Gading
Minangka lambangipun Kencenging Pikir lan Rasa Kang Wening / Suci.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados anggen kita ngecakaken tumindak kita, sampun ngantos namung adedasar kencenging piker lan kekiyataning napsu, dadosipun grusa grusu, nanging kedah dipun lambari raos ingkang wening / suci, saha budi ingkang leres lan sae.
12.  Cengkir Kelapa Ijo
Minangka lambangipun Kencenging Pikir lan Daya Kekiyatan.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados anggen kita ngecakaken tumindak kita, sampun ngantos namung adedasar kencenging piker lan kekiyataning napsu, dadosipun grusa-grusu, nanging kedah dipun lambari raos ingkang wening /suci, saha budi ingkang leres lan sae.
13.  Cikal / Bibit Kelapa
Minangka lambangipun Bibit Manungsa Ingkang Lugu, Prasaja, Santosa, Migunani lan murakabi.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita tansah tumindak lugu lan prasaja, luhur lan santosa ing budi, sembada lan migunani, nyumrambahi tumrap sinten lan punapa kemawon.
14.  Kembar Mayang
Minangka lambangipun Jagading Manungsa, Manungsa ingkang sampun putus lan mumpuni saliring kawruh, manungsa kang wus datan sinamaran, ugi manungsa ingkang sampun nampi sihing gusti, tinanggenah dados lelantaran nurunaken wiji manungsa, jejering manungsa sejati.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita tansah ningkataken lampah panembah, nyelak dateng Gusti Ingkang Maha Suci, hanengenaken raos kaweningan saha tuhu nindakaken dawuh tuntunaning Gusti.
15.  Pusaka Keris
Minangka lambangipun  Jiwa lan Raga, (Curiga manjing warangka) ugi tulising pepesthen, saha lambang Pamor Kapitayan lan sipat kendel.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita tansah mantep dating diri pribadinipun, pitados lan ngakeni Panguwasaning Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, kedah saged njagi pamoring Penghayat Kapitayan Ketuhanan Yang Maha Esa, saha mboten ajrih dateng ewuh pakewuh.
16.  Tumpeng Robyong
Minangka lamangipun Manungsa Ingkang Sampun Kawengku, nampi sihing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi tumrap olah Budi Utami olah krida manut pakaryan utawi gegayuhan ingkang dipun antepi utawi dipun andemi.
MenggahSuraosipun mengku pikajengan, supados kita tansah sami tumemen anggen kita nulat lampah ingkang utami, sami sengkut olah krida tumut hambangun negari, langkung-langkung tumrap Pangarsa ning Nagari saha Pangarsaning Kawula amrih dados tepa tulada.
17.  Tumpeng Kendit
Minangka lambangipun Tali Iketing Gesang antawis kakang kawah, adi ari-ari lan Suksma utawi Hurip saha iketaning jiwa lan raga saking dayane raos tresna-sih jejere lanang lan wadon sejati (Bapa lan Ibu).
Menggah suraosipun pikajengan, supados kita tansah ngukuhaken tali iketaning Gesang kita, sampun ngantos nglokor, sampun ngantos benggang, tansa emut dateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, emut dateng gesang kita, saha emut dateng sederek kita ingkang sareng lahir sak wekdal utawi sak dinten.
18.  Sekul Jenar/Kuning (Punar)
Minangka lambangipun Babaring Wiji Manungsa.
Menggah suraosipun mengku pikajengan supados kita tansah ambudidaya dateng pranataning wiji, wiji kang dumadi manungsa. Sifat manungsa namung sadermi dados lelantaran tumitahing wiji, katurunan, katitipan pepaesan saking patrap pakarti, duk nalika campur jumbuh ing raos asmara.
19.  Sekul Brok
Minangkan lambangipun Sumelehing Ponang Jabang Bayi sampun cumawis.
Menggah suraosipin mengku pikajengan supados kita neliti Ingkang sampun kalampahan, keteliti dateng kekiranganipun, tumindak saged trap lan laras.
20.  Sekul Byar
Minangka lambangipun Tangising Jabang Bayi Ingkang Kesepian.
Nyarengi udaring gegebengan asta kekalih, tanda pirantining gesang sampun gembleng dateng prasetyaning gesang, sesarengan lumampahan jiwa mbenjang titi wanci pungkasaning lampah.
21.  Sekul Golong
Minangka lambangipun Gilig Gumolonging Tekad.
Menggah suraosipun mengku pikajengan supados kita tansah saged nggolongaken sedaya pirantining gesang, manggolongo cipta, Rasa, Budi, Karsa, ngendaleni pakartining Pancandriya, meper pakartining hawa nafsu angkara, tumuju gesang mulya lan sampurna, tumandang saiyek saeka praya (gotong royong).
22.  Panggang Ayam lan Ingkung
Minangka lambangipun Patraping Bapa lan Ibu (Kang – Kung), saha lambangipun Pangurbanan salaminipun gesang.
Menggah suraosipun mengku pikajengan supados kita tansah gadah raos tresna-sih dateng sesaminipun gesang, utaminipun dateng garwa putra, saha gadah raos sumeleh lan lila legawa.
23.. Woh-Wohan Mentah Mateng
Minangka Lambangipun Wohing Panggawe Hasil Pakartining Manungsa, kadosto Ala-becik, Bodo-pinter, lan sapanunggalanipun.
Menggah Suraosipun mengku pikajengan, supados anggen kita nindakaken pakaryan mujudaken gegayuhan kanthi temen, sengkut, prigel, leres, sae lan murakabi. Sukur saged dados tepa tulada bebuden ingkang luhur.
24.  Pala Kapendem, Pala Gumandul, Kesampar, Kesandung
Minangka lambangipun Kasunyataning Kawontenan ingkang tansah dipun alami dining manungsa, ingkang thukul wonten ing raos, angen-angen, pikir, nalar, akal sarta tata cara.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados angen-angen kita tumindak mboten grusa grusu, sasar-susur, nanging langkung rumiyin kedah dipun penggalih kanthi raos ingkang wening lan trep, ngertos papan empan. Tansah adamel suka renaming manah asanes, sampun ngantos nilar watak kapribaden kita, sampun ngantos kados dene paribasan “Kesampar, kesandung, datan dumunung” lan sageda mulyayaken dateng tiyang sepuh, ingkang ateges saged “Mendem jero, mikul duwur”.
25.  Jajan Pasar
Minangka lambangipun Tumaduke Rasa Sesrawungan.
Menggah suraosipun mengku pikajengan supados kita saged gesang sesrawungan dateng sesamining gesang kanthi rukun, saged nyrateni thukuling raos ingkang maneka warni, ngemong raos rasa rumangsa, tepa selira lan ngemong kawontenan.
26.  Woh Pisang Raja, Pisang Ayu, Pisang Mas
Minangka lambangipun gegayuhaning manungsa.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita gadah gegayuhan ingkang luhur,  budi ingkang sae, ingkang utami, ingkang tundonipun saged tumut hamemayu hayuning Nusa, Bangsa lan Bawana.
27.  Woh Pari
Minangka lambangipun Paripurna lan Mentes.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados anggen kita nggilut kawruh kedah ingkang mentes, ingkang wonten kasunyatanipun lan saged kita raosaken, ngantos purnaning lampah.
28.  Godong Kluwih
Minangka lambangipun Linuwih.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados tansah keserenan sifating Gusti Ingkang Maha Linuwih.
29.  Godong Apa-apa
Minangka lambangipun Kahanan.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita tansah saged ngentasi samubarang karya, saha tansah kalis saking sakathahing rubeda lan sambekala.
30.  Godong Ringin
Minangka lambangipun Pangayoman/Pangauban.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados lampah kita tansah pikantuk pangayomaning Gusti Ingkang Maha Mirah, saha ugi kita saged dados pangaubaning sesami.
31.  Godong Andong Lan Puring
Minangka lambangipun Pangerten.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita saged putus ing pangerten, mengertos dateng wiwitan lan pungkasaning gesang utawi pungkasaning dumadi.
32.  Wit Pisang Wetah Mawi Woh lan Ontongipun
Minangka lambangipun Nanem Tuwuh, Nyirak Tuwuh, Nyambung Tuwuh.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita gesang mboten ulap dateng sakathahing rerupen lan wujudan, mboten keguh utawi ajrih ngadepi kawontenan ing pundi papan lan ing pundi paran, ngantos gegayuhan kita ingkang utami saged kasembadan.
33.  Tebu Wulung
Minangka lambangipun Antebing Budi (Kalbu/Ati).
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita gadah kaantepan dateng gesang pribadinipun piyambak, pitados lan mituhu dateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, saha kukuh lan santosa ing budi.
34.  Janur Kuning
Minangka lambangipun Sifat Kaluhuraning Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, kang nganani, nguripi, nyembadani, nyantosani lan nyukupi saha tan nguciwani, ugi lambangipun Wujudipun Cahya gesang.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita tansah ngakeni lan pitados dateng wontenipun lan Panguwaosipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, tansah ngluhuraken Asmanipun sarta tan pegat panembah kita kanthi sumeleh pasrah jiwa raga liwat tuntunan gesang kita. Awit sejatosipun menggahing titah sawantah, rumaos mboten gadah punapa-punapa, mboten sumerep punapa-punapa, langkung-langkung kuwaos. Ingkang saged ngertos lan nyumerepi punapa-punapa punika jalaran kita kadunungan gesang, Inggih Sang Gesang punaka ingkang saged sesambetan kaliyan ingkang Maha Gesang Inggih Gusti Ingkang Maha Suci, Gusti Kang Murbeng Dumadi.
35.  Dampar Sesaji
Minangka lambangipun Manungsa ingkang sambun jembar segarane, momot-kamot, ngertos traping papan-empan, sampun saged lenggah dados pamong.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita anggadahana raos ingkang omber, ingkang wiyar tebanipun, ingkang momot-kamot, ngertos lan nindakaken trap-sila uda negara, unggah-ungguh, duga prayoga lan sak panunggalanipun, sukur saged dados panutan utawi pamong.
36.  Taplak Mori Pethak
Minangka lambangipun Dedasaring Lelampah Suci.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados anggen kita ngudi gegayuhan luhur, kedah linambaran mawi raos ingkang wening (suci).
37.  Songsong (Payung Agung)
Minangka lambangipun Pangayoman Pribadi.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados tumindak kita tansah jejeg, prasaja lan mboten kasupen tansah nyuwun pepadang, tuntunan, saha pangayomaning Gusti Kang Maha Agung.
38.  Tumbak Lan Landean Sakembaran
Minangka lambangipun Gapuraning Kawaspadan lan Karahayon.
Menggah suraosipun pikajengan, supados kita tansah emut lan waspada, siaga ing dedamel, saha mboten ajrih ing kangelan, (rawe-rawe rantas, malang-malang putung), kangge njagi lestarining karahayon.
39.  Dupa Ratus lan Lisah Wangi
Minangka kambangipun Kearuman saha Katentreman.
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita tansah saged njagi kearuman asma kita, saha katentremane pribadi, ugi sujud manembah kita supados saged kanthi heneng lan hening.
40.  Umbul-Umbul Pring lan Janur Kuning
Minangka lambangipun Titikane Kawruh Ajaran Kapitayan Kita Jawa (Kepercayaan Terhadap Tuhan Yang Maha Esa).
Menggah suraosipun mengku pikajengan, supados kita tansah nglestareaken kapitayan leluhur kita ingkang tansah ngluhuraken Asma lan mituhu nindakaken dawuh tuntunaning Gusti Ingkang Maha Suci, Maha Tunggal, Maha Kuwaos, Maha Wisesa, Inggih Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.
Keterangan Penutup :
Tembung Sesaji :
Tembung sesaji ing mriki mboten wonten sesambetanipun kaliyan ngaturi sesegahan dateng Pedanyangan, Jim, Setan Pri-Prayangan lan sapanunggalanipun, babarpisan mboten.
Nanging, sesaji ingkang kita kajengaken ing mriki namung dapur nedahaken sawatawis hasil pakaryan kita ingkang sampun pikantuk sih-kamirahaning Gusti Ingkang Murbeng Dumadi.
Kula aturaken makaten, awit saking sihing Gusti, jalaran kita sedaya sami hangakeni bilih jagad sak isinipun punika kagunganipun Ingkang Murbeng Dumadi.
Kita ngakeni bilih estunipun kita mboten rumaos gadah, saged, sumerep, punapa malih kuwaos, awit nalika kita kaparingan gesang, sedaya sampun wonten. Kita mboten tumut gadah namung nggaduh.
Nuwun……………
R aaaahayuuuu……….
Pepeling : Kapendhet saking Ilmu Kantong Bolong
Ngawula marang kawulane Gusti, lan memayu-hayuning urip,
Nulung pepadane, ora nganggo mikir wayah, waduk, kantong,
Yen ana isi, lumuntur marang sesami

Terimah mawi pasrah,
Suwung Pamrih, tebih ajrih,
Langgeng, tan ana susah, tan ana bungah,
Anteng, manteng, sugeng, jeneng.

Sakti tanpa aji, Sugih tanpa bandha,
Nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake,
Nadyan landhep tan natoni,
Nadyan banter tan ngungkuli,
Nadyan pinter tan ngguroni,


3 komentar:

  1. Matur nuwun,...mugi mugi wonten manfaatipun amin

    BalasHapus
  2. Yo pasti gher gher... sing kita bukan negeri padang pasir yen ora ono polo pendem sing onok panas

    BalasHapus
  3. Yo pasti gher gher... sing kita bukan negeri padang pasir yen ora ono polo pendem sing onok panas

    BalasHapus