Imaning manungsa iku ora nyebal saka manungsane. Iki wis ora
kena diganggu-gugat, heh Barata! Lan sateruse, kahanane uriping manungsa iku
gumantung saka imane. Apa kang dadi piyandhele (Imane) iku mesthi bakal
dumadi.
14. GUNA TRAYA
VIBHAGA YOGA
Wejangan ingkang kaping Kawan Welas
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Maspadakake
Tumandange Triguna
|
1.Ingkang
damel rahayuning jagad ngandika : “Manira bakal nerangake marang sira
luhur-luhuring pangawikan. Saben muni kang wus ngerteni pangawikan iku,
mesthi bisa katurutan gegayuhane ingkang luhur dewe.
|
2.
Sapa kang darbeni pangawikan mau minangka pangayomane, lan bisa ngrasuk kasucian
Manira, ora bakal melu tumitah yen jagad digelar maneh lan ora bakal nemahi
kamusnan.
|
3.
Kang dadi guwa garba Manira iku Kelanggengan. Nanging Manira ingkang mapanake
wiji ing kono. Wiji mau dadi mulabukane apa kang gumelar ing donya iki.
|
4.
Guwagarba endi bae kang nuwuhake kawujudan kang mawa urip ing donya iki,
kawruhana yen Kalanggengan kang dadi Babune guwagarba iku, lan yen Manira
kang dadi Yogane wiji kang tuwuh ing kono.
|
5.Satwa,
Rajas lan Tamas, kawruhana yen guna telu iku, kasektene Prakriti, kang
nancang Dheweke kang sipat langgeng jroning raga iki minangka kunjarane.
|
6.Antarane
guna tetelu mau, Satwa nancang lumantar migatekake marang kasucian,
papadhang, ksarasan, kamulyan jati, lan lumantar sengsem marang sakeh
pangawikan.
|
7.Dene
Rajas, kawruhana yen iku dadi dhasar-dhasare sakeh pepenginan. Jalaran saka
Rajas mau, manungsa tansah kumudu kudu ngarasakake obah mingsete urip
kadonyan. Rajas nancang manungsa ing donya iki, marga dheweke ora bisa
meneng, tansah kudu tumandang.
|
8.Dene
Tamas, iku nuwuhake kabodhohan, kacublukan, kapengungan, lan gawe bingunge
kang dumunung jroning raga iki. Tamas nancang lumnatar rasa sungkan, keset,
aras arasen, heh Parta!.
|
9.
Satwa iku uletane karo kamukten, Rajas karo panggawe, heh Harjuna! Namung
Tamas, kang ngaling-ngalingi kawicaksanan, kawruhana, uletane karo
kacublukan, rasa sungkan, keset ala sapanunggalane.
|
10.
Yen Rajas lana Tamas lagi lerem, Satwa kang ngobahake uriping manungsa,
Kerep-kerepe Rajas kang kuwat dhewe. Ing kono banjur Rajas kang nglakokake
uriping manungsa. Ana kalane Tamas kang nguwasani uriping manungsa.
|
11. Yen saka palawanganing netra cahyaning katresnan katon sumunar
mancar, kawruhana yen Satwaguna lagi kuwasa ing jiwaning manungsa.
|
12. Kamurkan, dahwen, goreh-ronggeh, kumudu tumandang, anane sakeh
pepenginan, kawruhana yen kabeh iku tuwuhe sala polahe Rajasguna kang lagi
ngrembaka.
|
13. Nanging ulet peteng, keset, sungkan, anane ssakeh salah tampa
lan salah pangerti kang aneh-aneh, sarta kabodhohan lan kapengungan, iku
asale saka Tamasguna kang lagi tuwuh kekuwatane.
|
14.
Yen Satwa kang unggul, nalika jiwaning manungsa lolos saka ragane, jalaran
nemahi ajale, manungsa iku parane marang panggonan kang suci, kasuwargan. Lan
besuk yen bali lair ing donya iki, panggonane ana ing kaluwargane para wiku kang mumpuni.
|
15.
Nangning yen patine mau, ing nalika heweke dikuawasani dening Rajasguna,
dheweke bakal bali dilahirake marang ing donya ana ing kaluwargane wong-wong
kang padha pethel ing panggawe. Wondene yen nalika patine dheweke iku kerem
ing Tamasguna, dheweke bakal bali dilahirake maneh ing donya lumantar
guwagarbane wong kang tuna ing kawruh.
|
16.
Uwohe panggawe kang becik iku mesthi mawa Satwa, suci ora ana regede. Uwohe
panggawe jalaran saka panguwasane Rajas, mesthi mung nyedhihake. Dene uwohe
panggawe kang tuwuh saka panagruhe Taman, mung pepeteng.
|
17.
Satwa nuwuhake kawicaksanan, kamurkan tuwuhe saka Rajas, Uwohe Tamas
kacublukan, masabodho, kang pungkasane nuwuhake pepeteng.
|
18.
Sapa kang kanggonan Satwa bakal jinunjung drajating uripe. Kang kanggonan
Rajas drajate tiba tengah-tengah. Dene kang kanggonan Tamas, marga tansah
ginubel dening samubarang kang ala lan
jahat, mesthi keplorot drajate.
|
19.
Sang Resi kang wus waspada yen sajrone sakeh pakarti utawa obah mosike
batine, kang padha tumandang iku ora liya ya mung para guna, lan kang wus
nyekseni yen Dat iku ora magepokan karo pakarti, ing tembe mesthi manunggal
karo Manira.
|
20.
Yen kang manggon sajroning raga iki wus bisa luwar saka pangaruhe Triguna,
dheweke ya banjur bisa uwal saka cakra panggilinganing urip lan mati, sedhih
lan samar, lan banjur bisa nikmati urip ingkang langgeng”>
|
21.
Harjuna nyuwun priksa : “Punapa tandha-tandhanipun manungsa ingkang sampun
saged nguwaosi Triguna? Kados pundi solah bawanipun, lan kados pundi
caranipun piyambakipun saged lepas saking panguwasananipun Triguna?”
|
22.
Kang ora nedya ngoncati pepadhanging Satwa, usreking Rajas lan pepetenging
Tamas, ora nggoleki yen koncatan lan ora nyingkiri yen kampiran.
|
23.
Tansah waspada, ora ketabetan yen sinenggol dening tumandange Triguna, kang
bisa maspadhakake yen obah mosike jagad iki, kabeh jalaran saka tumandange
Triguna; kang bisa ngawasi tumandange Triguna kaya dene wong kang mung
nontonlan ora ana gepok senggole;
|
24.
Mandhiri lan merdika, ora beda kahanane sajroning bungah utawi susah, kang
ora ambedakake bletok saka emas; tangkepe padha bae tumrap mungsuh utawa
mitra, tetep tentrem yen dialem utawa di cacat.
|
25.
Ora krasa marem yen entuk pakurmatan, lan ora mangkel jengkel yen
diwirangake; jujur tumrap kawan lan lawan, lan wus ora darbeni prakarsa
apa-apa maneh, iku manungsa kang wus mentas saka panguwasane Triguna.
|
26.
Lan yen dheweke tanpa nyaleweng tansah ngawula marang Manira sajrone nglakoni
Bakti Yoga, kang mus mesthi dheweke bisa ninggalake kabeh Guna, lan pantes
manjing ing Hyang Brahma.
|
27.
Jroning Manira papan-padunungane Hyang Brahma kang linuhur, Manira telenge
Amerta (Urip Langgeng), padunungane Kasucian lan Karahayon kang abadi,
padunungane Kamulyan kang Linuhur;
|
Punika
piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan
Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Kawanwelas, winastan
: Panunggal Lumantar Maspadakake Tumandange Triguna.
|
15. PURUSHATAMA YOGA
Wejangan ingkang kaping Gangsalwelas
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Purusa Utama
|
1.Kang
ngayomi jagad ngandika : Oyod-oyode ana ing kasuwargan, pang-pange ana ing
donya. Iku uwit Aswata, kang tan kena ing rusak, kang godhong-godhonge wujud
kekidungan. Sapa kang wus ngerti maknane uwit iku, wus ngreti uga isine sakeh
kitab Wedha.
|
Cathetan
:
Uwit
Aswata punika Uwiting Gesang. Ing Kitab Qur’an dipun wastani Sajaratu al
Hayyi.
|
2.Lung-lunge
anak ingkang ngrembaka munggah, ana ingkang
mudhun, entuk panguripan saka tumandange Triguna. Kang dadi
sulur-sulure barang-barang kang nenangi indriyaning manungsa. Ana uga
oyod-oyod kang tuwuhe medhun, kang dadi tali kang tuwuhe medhun, kang dadi
tali kang nelikung jiwaning manungsa karo uwohe amale ing donya.
|
3.
Kapriye wujude uwit iku, durung ana wong ing bumi iki kang wus meruhi. Awite
utawa pungkasane lan dhasare uga ora ana kang meruhi, Nanging yen uwit Aswata
iku wus kapagaas oyod-oyode, sarana pambengkase sakeh pepenginan minangka
wadhunge.
|
4.
Mula banjur manungsa entuk pancadan kang bakuh kanggo napakake sikile ing
Marganing Kasidan Jati (syiratul Mustaqimu). Lan dheweke banjur bisa tumeka
ing Mula Purusa, kang dadi sumbere sakeh kekuwatan ing donya iki.
|
5.Kang
wus bisa nyingkairake angkarane (Egoisme, AKU), sulaping paningal, utawa
sengseming ati, sarta ora pegat anggone manjing jrone telenging Ingsun, sepi
ing sakeh pepenginan lan wolak-walike kahanan, sarta pangaruhe bungah lan susah,
mesthi kanthi waspada bisa ngambah marganing Kasidan Jati,
|
6.Dalan
iku ora kapadhangan dening soroting srengenge utawa rebulan, utawa uruping
geni. Sapa kang wus lumaku ing dalan iku, ora bakal bali lair ing donya
maneh. Ingkono Padunungan Manira ingkang luhur dewe.
|
7.Mung
sunar tunggal kang mijil saka Manira, kang dadi Jiwa, kang nguripi kabeh iki,
kang banjur ngrasuk indriya lima, enenm karo pangripta, minangka sananing
urip ing jagading prakriti.
|
8.Ing
kalane Pangeran ngrasuk Raga utawa nilar Ragane, Dheweke manjing lan
ngoncati, anggendeng pangripta lan indriya, kaya gandaning kembang kang katut
lakuning angin.
|
9.
Jroning pangrungu, pandulu, pangganda, panggap, pangrasaning ilat, pangripta
ingkang jumeneng jroning indriya lima, dheweke nikmati samubarang ingkang
dadi pakaremane indriya.
|
10.
Nalika Dheweke anyrambahi utawa ngoncati, utawa lagi nikmati lelangening
panca-indriya, wong-wong kang isih pengung ora bisa nggrahitani jumenenge
Dhewe, Mung Pandhuluning Kawicaksanan kang bisa ngreteni jumenenge Dheweke.
|
11.
Lan para Yogi, sajroning pangudine bisa nyekseni Dheweke jumeneng sajroning
Atma. Nanging wong-wong kang durung tangi wiwekane, kang durung bisa manjing
jroning katentreman, ora bisa meruhi Dheweke, sanadyan ta nggolekana salawase
urip.
|
12.
Cahya kang sumorot saka srengenge kang madhangi jagad sakelir, cahyaning
rembulan lan uruping geni, kawruhana yen kabeh iku asale saka Manira.
|
13.
Lumebu ing telenging bumi, Manira nguripi kabeh titah lumantar caya Manira,
lan kabeh tetuwuhan Manira uga ingkang nguripi lumantar rumembese Tirta Suma
kang nagekake gumregeting urip.
|
14.
lan lumantar Waiswanara, Manira lumebu jroning saben titah. Sarana manjing
mlebu lan mijile napas, Manira mbasmi panganing manungsa lan sato.
|
15.
Manira jumeneng ing atine saben titah, Saka Manira anane Pangawikan. Eling
lan Lali uga saka Manira. Manira kawruh kang sinengker jroning sakeh Kitab
Wedha. Kawuh ing Wedha Manira ingkang murba. Manira ingkang nggelarake lan
mejangake kawruh mau.
|
16.
Donya iki weruh ana Purusa loro. Sing siji kena ing pati, sijine ora kena ing
pati. Purusan kang kena ing pati iku jumeneng ing sajroning manungsa.
Purusane Pangeran iku tan kena ing pati lan tan kena ing owah gingsir.
|
17.
Purusa kang luhur iku kang diarani Para Atma. Yaiku Dheweke kang murba misesa
jagad iki kabeh, sarana jumenege dadi Hyang Brahma, Hyang Wisnu lan Hyang
Siwah, utawa Pamurba, Pangayom lan Panglebure Jagad.
|
18.
Ing sarehne Manira ora gepok senggol karo karusakan, dadi isih luwih luhur
tinimbang karo kang Tan Kena Ing Rusak, mula manunggal lan kitab-kitab Wedha
ngarani yen Manira iku Purusa Utama.
|
19.
Sapa kang bisa ngreteni, tanpa nganggo kliru panmpa, yen Manira iku Purusa
Utama, iku prasasat mahawikan, heh Barata! Manunga kang mangkono iku memundhi
Manira Lumantar kawutuhaning uripe.
|
Cathetan
:
Ingkang
memundi wau boten namung cipta lan riptanipun!
|
20.
Kawruhana, iki piwulang Manira ingkang winadi banget, kang wus Manira
wedharake marang sira. He Anaga! Yen sira wus ngreteni wejangan Manira iki,
sira tuhu wicaksana. Lan yen kabeh mau wus sira rapung kuwajibaning Uripe.
|
Punika
piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan
Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Gangsalwelas,
winastan : Panunggal Lumantar Purusa Utama.
|
16. DAIVASURA SAMPAD
VIBHAGA YOGA
Wejangan ingkang kaping Nembelas
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Wiweka
|
1.Ingkang
ngayomi karahayoning Jagad Ngandika : “Tanpa was sumelang, kasucian ingkang
sampurna, teguh anggone olah Yoga, kawicaksanan, pangurbanan tanpa
ngarep-ngarep uwohe, nguwasani pribadine, berbudi yen dedana, ngudi kawruh,
tapa brata, netepi kebeneran.
|
2.
Ora gawe pepati, ngluhurake kasunyatan, merak ati, tentrem, pasrah, jujur,
welas asih marang kabeh ingkang sipat urip, nrima ing pandum.
|
3.
Lega lila, alus ing budi, santosa, murni, sepi ing rasa sengit lan rasa
kumingsun, iku kabeh nggambarake Dating Pangeran, kena dititeni jroning
jiwane kabeh titah, heh Barata!
|
4.
Lega lila, kemunafikan, ketakaburan ingkang tanpa dhasar, daksiya, kasar lan
kecubluka, kawruhana iku kabeh sifat-sifating raseksa kang tumempel ing
manungsa kang isih asor drajate.
|
5.Sipat-sipat
ingkang alus iku bisa nylametake manungsa, dene sipat-sipat ingkang kasar
saya nenarik manungsa marang tindak kadursilan lan pakarti kang nistha lan
ala. Mula aja samar maneh heh Pandhawa! Sira iku wus tinakdir ngambah
dedalane kabecikan lan kaluhuran.
|
6.Rong
rupa sipat-sipate sakeh kang gumelar ing donya iki. Ana ingkang darbe
sipat-sipat sura utawa kadewatan, lan ana ingkang darbe sipat-sipat asura,
utawa karaseksan. Sifat-sifat sura wus Manira terangae ing ngarep. Rungokna
sa iki apa ingkang dadi kosokbaline.
7.Apa
kang pantes ditandangi, lan apa kang wus genah kliru yen ditandangi, iku para
asura ora bisa milahake. Para asura iku ora ngerti apa sing diarani
kasusilan, kajujuran lan kasunyatan.
|
8.Rumangsane
ing donya iki ora ana dhasar dhasar kasusilan lan kasunyatan. Mituru panemune
para asura, kabeh ing donya iki dumadine mung saka uwohe birahi antarane kang
sipate lanang lan wadon, saka polahe hawa nafsu seksuil. Allah iku ora ana!.
|
9.
Kanthi rasa lan pikiran kang isine kaya mangkono iku, lan kabodohan kang
melasake, wong-wong iku tanpa nidakake panggawe ala kang gawe cilakane liyan.
|
10.
Kekarepane ora ana mareme, kang dipundhi-pundhi mung dhiri pribadi. Riya,
sengguh, saking bodhone, kelakuane nganti kaya kelakuane wong kang ora waras.
Mula uwohe panggawene ora liya mung kajahatan.
|
11.
Atine ginubel ing reribet kang ora ana uwise, kang temahan mung gawe sirnane
bibite kaluhuran. Gegayuhane ora liya mung bisaa ngrasakake kanikmatan.
|
12.
Tinlikung ing jagading kadursilan, karana panggawene kang ala, tansah
ngarepngarep bisaa gawe mareme angkarane, daksiya, srakah, uring-iringen, kang
diajab mung dhuwit kanggo nuruti kekarepane kang asor.
|
13.
Dina iki, iki wus bisa kecekel. Muga-muga sesuk aku bisa entuk kae. Yen wus
iki banjur ika lan kae, mesthi tembene aku bisa dadi sugih.
|
14.
Mungsuhku kang siji wus bisa tak sirnakake. Liya-liyane mesthi uga bisa tak
pateni. Aku iki tinakdir ngrasakake kanikmatan ing donya iki, ora beda karo
Allah. Mula menyang endi wae, kabegjan tansah tutwuri uripku!
|
15.
Awit lahir aku wus tinakdir entuk kabegjan. Sapa ta kang padha karo aku. Tak caos kurban lan tak
dedana kang akeh. Urip iku perlune rak seneng-seneng. Mangkono pikirane
wong-wong kang padha ora waras mau.
|
16.
Thenguk-thenguk ngalamun ngetutake lakune pikirane ingkang pating saluwir,
kasrimpet-srimpet ing jaringaning kacublukan, kepatuh ngetutake kakarepaning
hawa napsu, wong-wong iku mesthi bakal kacemplung ing naraka.
|
17.
Memundhi marang dhirine, gumedhe, mendemkasugihan lan angkuh, yen sesaji
kurban dongane ora terus ing batin, mung lambene sing komat-kamit. Dadine
lamis, ora miturut piwulang kang wus dianggo kuna makuna.
|
18.
Karemane mung nuruti angkarane, ngendelake panguwasane, dhemen muring-muring,
murka lan sawenang-wenang. Wong-wong iku satemene sengit karo Manira kang
jumeneng ana ing sajrone ragane dhewe lan ragane sesama manungsa.
|
19.
Wong-wong kang nyenyengit iku dhemen muring-muring lan daksiya, sayektine jiwa-jiwa
kang elek dhewe ing donya iki. Manira lahirake jiwa-jiwa mau lumantar
guagarbane wanita-wanita kang darbeni watak raseksi, srakah lan murka.
|
20.
Dumadi ana ing sajrone guwagarbaning raseksi, kasasar-sasar saya adoh saben
tumimbal lahir, wong-wong iku ora bakal bisa tumeka ing ayunan Manira,
nanging padah sileb, ambles marang dedalan ingkang asor dhewe.
|
21. Dalan marang neraka, cecoba tumrap Ingsun kang luhur, iku ana
telung rupa : Nuruti kekarepane angkara, uring-uringan lan kamurkan. Mula
singkirana wewatekan telung prakara iku.
|
22.
Sapa kang bisa uwal saka wawatekan telung prakara mau, wus ngadohi pengaruhe
Tamas, kang nuntun marang jagading pepeteng. Dheweke banjur tumuju marang
karahayoning dhiri, tumapak ing dedalan kang mulya dhewe.
|
23.
Nanging sapa kang ora migatekake piwulanging Kitab, mung nuruti kekarepane
napsu, iku ora bakal bisa nyandhak gegayuhaning manungsa kang luhuring
aluhur. Ora ana kamulyan tumrap dheweke, marga dheweke nyimpang saka dalaning
kautaman.
|
24.
Mula dadekna piwulanging Kitab iku pandom tumrap apa ingkang wajib sira
lakoni lan apa ingkang kudu sira singkiri. Kanthi meigatekake piwulanging
Kitab, lakonana kuwajibanira ing donya iki.
|
Punika
piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan
Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Nembelas, winastan :
Panunggal Lumantar Wiweka utawi Pembedanipun ingkang Nyata lan ingkang Samar.
|
17. SRADDHA – TRAYA –
VIBHAGA YOGA
Wejangan ingkang kaping Pituwelas
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Iman Ingkang
Tigang Warni
|
1.Harjuna
nuwun priksa : “ Manungsa ingkang sampun nilar sarengating Gamai, nanging
kanthi teguh tansah ngrumiyinaken kawigatosanipun liyan, kersaa Paduka
nerangken derajatipun manungsa ingkang makaten punika. Punapa piyambakipun
punika ngenggeni Satwa, Rajas punapa Tamas?
|
2.Kang
ngayomi karahayoning bawana ngandika : “Kahananing imaning manungsa iku ana
telung rupa, gandheng karo dhasar wateke kang dadi gawan, nalika wong mau
dilahirake, yaiku : Satwa, Rajas utawa Tamas. Mulo rungokna!
|
3.Imaning manungsa iku ora nyebal saka manungsane. Iki wis ora
kena diganggu-gugat, heh Barata! Lan sateruse, kahanane uriping manungsa iku
gumantung saka imane. Apa kang dadi piyandhele (Imane) iku mesthi bakal
dumadi.
|
4.Wong-wong kang imane dhedhasar Satwa, padha memundi lan caos
kurban marang para dewa utawa malaikat. Kang Imane dhedhasar Rajas, padha
memundi kasugihan lan kekarepaning hawa nafsu. Kang Imane dheddhassar Tamas,
padha memundi dhemit, setan, lelembut lan sapanunggalane.
|
5.Sapa
kang ngluwihi apa ang dadi kuwajibane miturut piwulange Kitab, tansah tapa
lan nganiaya jiwa ragane, mubal katakaburane, gedhe angkarane lan tansah
ditunggangi hawa napsune;
|
6.Sapa
kang kanthi andelarung tansah nganiaya serandhuning badane, lan jalaran saka
iku uga nganiaya Manira, kang jumeneng jroning ragane, kawruhana, iku
kelakuane kaya para rasekssa.
|
7.Bab
pangan wewatekan uga ana telung rupa. Mangkono uga bab kurban, tapa lan dana.
Mula rungokna kanthi patitis.
|
8.Pangan
kang nuwuhake kuwanen ndadha lelakoning urip, resik, suci, nuwuhake
kesarasan, kekuwatan lan kagumbiraan, mirasa lan becik, kawruhana iku pangan
kan dadi pilihane para Satwaka.
|
9.
Pangan ingkang pat, ayit, asin utawa panas, pedhes, kumlitik lan garing, iku
pangan kang dadi kasenengane para Rajasa. Pangan kang mangkono iku bisa
nuwuhake lelara, kassusahan lan kasangsaran.
|
10.Apa
kang wus mambu, ora mirasa, meh bosok, wayu, kikil lan sapanunggalane kang
reged, iku pangan kang dadi kasenengane para Tamasa.
|
11.
Pangurbanan kang sepi ing pamrih tumrap awake dhewe, kang dilakokake miturut
aturaning Kitab, kawruhana heh Barata, yen pangurbanan kang mangkono iku
dhedhasar Satwa.
|
12.
Nainging yen pangurbanan mau kanthi tujuwan entuka leliru kang nguntungake,
yen anggone nindakake pangurbanan iku sarana lelamisan, kawruhana yen
pangurbanan mau dhedhasar Rajas.
|
13.Dene
pangurbanan kan tanpa aturan kang wus tinamtu, tanpa donga, tanpa sesaji
panganan, lan dilakokake tanpa iman utawa piandel, kawruhana yen pangurbanan
iku dhedhasar Tamas.
|
14.
Memundhi para malaikat utawa dewa, para tinarbuka, para guru, para wiku,
memundhi kasucian, kajujuran lan kasusilan, iku tapane wong kang nedya
ngresikake jiwa ragane.
|
15. Pangucap kang ora gawe sekiking ati, merak ati, nyata lan
banget mitulungi, ngapalake isining Kitab-kitab suci, iku tapaning
pangandika.
|
16. Ngudi gembiraning tyas jroning kahanan kang kayangapa uga,
ngudi katentreman, ora kakehan micara, ngendhaleni hawa napsu, nyenyuci
telenging urip, iku kan diarani tapaning Jiwa
|
17.
Kang kanthi iman kang kandel nindakake tapa telung rupa mau, ora
ngarep-ngarep lelirune utawa upahe, tansah ayem lan tentrem, kawruhana, wong
iku nindakake tapa kang dedasar Satwa.
|
18.
Tapa kang dilakoni kanthi lelamisan, sarana pamrih entuk pangaji-ajining liyan,
lan kawentaring namane, iku tapa kang dhedhasar Rajas. Wong mangkono iku
mesthi ringkih imane, ora kena dipercaya.
|
19.
Sabanjure tapa kang dilakoni tanpa mikirake panandhanging raga, kang sesambat
marga kinaniaya, lan kanthi sedya gawe cilakane lan sangsarane liyan, tapa
kang mangkono iku dhedhasar Tamas.
|
20.
Dana kang diwenehake kanthi kawigaten kang pantes, tanpa nganggo
ngarep-ngareplelirune, nganggo neglingi empan lan papan, iku dana kang
dhedhasar Satwa.
|
21.
Nanging dana kang diwenehake kanthi ngarep-arep lelirune, keuntungan utawa
upah, utawa dana ingkang kanthi kapeksa anggone menehake, dana iku dhedhasar
Rajas.
|
22.
Dana kang diwenehake tanpa nganggo noleh empan lan papan, marang wong kang
ora pantes didanani, lan diwenehake kanthi cara kang nyimpang saka tatakrama
lan kasusilan, dana mangkono iku dhedhasar Tamas.
|
23.
Aum Tat-Sat mangkono unine tembung telung wandha, kang kanggo nyebut Hyang
Brahma. Kanthi japamantra iku disucekake wong-wong kang padha ngudi
kaluhuraning dumadi sarana dadi Brahmana, kitab-kitab Wedha lan sesaji-sesaji
pangurbanan.
|
Cathetan
:
Tembung
A U M punika tegesipun tunggal misah kaliyan tembung AMEN utawi AMIN ingkang
suraosipun percaya bilih punapa ingkang sinedya bandhe kalampahan.
|
24.
Mula kabeh pangurbanan, dana utawa tapa, kayadenen ingkang diwulangake dening
kitab-kitab suci, supaya diwiwiti nganggo tembung A U M, yen ingkang tumindak
iku lumaku atas asmane Hyang Brahma.
|
25.
Kabeh uwong kang sesaji kurban, dedana utawa tapa, kang ora ana pamrihe bab
opah utawa leliru, lan mung nedya nggayuh kamukswan (pejah tanpa nilar raga)
supaya ngawiti tumindake iku kanthi ngucapake tembung T A T.
|
26.
Kasunyatan lan kasucian rumaket ing tembung SAT. Mangkono uga kabeh panggawe
kang utama, gandheng karo tembung SAT, heh Parta! Mula kabeh panggawe kang
utama iku prayoga dipucuki dening tembung SAT.
|
27.
Tumrap sesaji pangurbanan, tapa lan dana, SAT tegese kateguhan. Mula kabeh
panggawe kang dilakoni kanthi gegayuhan kang kalebu wewengkone SAT prayoga
diwiwiti uga kanthi ngucap SAT.
|
28.
Apa kang dikurbanake tanpa Iman, awujud dana utawa tapa, utawa apa bae
liyane, iku diarani a-SAT. Ing donya iki lan ing akherat ora bakal nenuntun
marang DAT.
|
18. SAMNYASA YOGA
- MOKSHA
Wejangan ingkang kaping Wolu las
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Ngungkurake Donya
|
1.Harjuna
matur : “ Bab mungkur ing Donya kula kepengin sanget ngertosi inti-sarinipun.
Makaten ugi bab ngeklasake uwohing pandamel. Karsaa Paduka nerangaken
bedanipun.
|
2.Ingkang
rumeksa ing karahayoning jagad ngandika : “ Sapa kang wus eklas, ora kepengin
nglakoni panggawe kang dianggo utama dening jagad, iku kang diarani wong kang
wus mungkur ing karameyan utawa Donya. Dene wong kang nglakoni sakeh panggawe
minangka tadha bektine marang Manira, tanpa ngarep-ngarep apa-apa, iku kang
diarani wong kang wus ngeklasake uwohing panggawe.
|
3.Panggawe
apa wae, iku mesthi dadi mulabukane sawiji kang ora prayoga. Ngadohana sakeh
panggawe! Akeh wong kang darbe panemu kang mangkono iku. Ora ! Pangurbanan,
dedana lan tapabrata lan latihan-latihan ngendhaleni hawa napsu lan angkara
kudu dilakoni. Akeh uga kang darbe panemu kang mangkono iku.
|
4.Mula
rungokna apa kang dadi panemu Manira bab ngeklasake uwohing panggawe, kang
kaprahe diarani Tiyaga, ana panemu telu.
|
5.Aja
nganti nglirwakake sakeh panggawe nglelatih jumbuhe Kawula Gusti, sakeh
panggawe ingkang tumuju marang dedana, utawa panggawe pangurbanan. Panggawe
telung prakara iku dadi sesuci tumrap sang Wiku.
|
6.Nanging
sajrone nglakoni panggawe telung prakara mau, eklasna uwohe, lan aja sira
duwe rasa seneng bisa ngrampungake panggawe iku. Wondene pangawe-panggawe mau
lakonana kanthi kateguhaning budi, ora beda karo uwong kang isih kasengsem
marang kadonya.
|
7.Ngungkurake
panggawe kang dadi kuwajibane, iku jenenge nglirwakake darmane,. Satemene
mangkono iku ora prayoga banget, jalaran nutupi dalan kang tumuju marang
kasampurnaning urip. Sapa kang jalaran saka bodhone, nglirwakake darmane, iku
sajatine wong Tamasa.
|
8.Tapa
kang ditindakake jalaran saka wedi bakal nemu kasusahan, banjur ora
diterusake, mopo, leren anggone nglakoni tugas kanthi ngeklassake uwohe
panggawene, kawruhana yen Tiyagane wong iku dhedhasar Rajas. Laku kang
mangkono iku ora ana gunane.
|
9.Naging
sapa kang jalaran ngrumangsani darbe kuwajiban, nglakoni kuwajibane mau sepi
ing rasa marem lan pamrih bab uwohe, wong kang mangkono iku diarani wong
Satwaka.
|
10.
Dheweke ora wegah nglakoni panggawe kang abot-abot sanggane, lan uga ora
ngarep-ngarep panggawe kang nyenengake. Sang Tiyaga kang mangkono iku, kang
tansah linimputan dening dhasar-dhasar Satwa, tuhu wicaksana lan wus ora
darbe rasa tidha-tidha maneh.
|
11.
Sajatine ora ana wong kang isih ngrasuk raga, kang bisa sepi babarpisan saka
tumandhang. Mula mung wong kang ora ngarep-arep uwohe panggawe kang kena
diarani wong kang wus mungkur ing donya.
|
12.
Nyenegake, ora nyenengake utawa tiba tengah, telung rupa uwohe pakarti iku,
tumrap jalma kang isih ngarep-ngarep uwohe panggawene. Jalma kang wus
ngungkurake Donya ora mikirake anane uwoh mau.
|
13. Kawruhana, heh Prajurit sinakti, jalaraning pakarti iku ana
limang prakara, yen dietung-etung, tumrap pakarti kang wus kalakon. Sapisan
jalaran anane raga, Kapindhi anane kang ngobahake raga.
|
14. Kaing telune anane indriya lima, kaping papte anane sakeh daya
kekuawatane alam, lan kaping limane Karsaning Pangeran.
|
15.
Panggawe pa wae kang dilakoni dening manungsa, nadyan ta mung dibatin, utawa
mung dikandhakake, utawa dilakoni temenan, kanthi tujuan ala utawa becik,
mesthi anane limang prakara mau kang dadi sebab bisane kalakon.
|
16.
Mula sapa kang duwe rumangsa, yen dheweke ingkang ngrampungake panggawe mau,
panemune iku kliru, jalaran isih tuna ing pangawikan.
|
17.
Nanging jalma kang wus sepi ing angkaran, kang budine wus resik saka sakeh
rereged, jalma kang mangkono iku, nadyan ngayahi dadi prajurit, dudu jalma
kang gawe peptai, lan ora bakal dheweke nemahi akibat-akibat kang ora becik
saka panggawene mau.
|
18.
Pngawikan, Kang darbeni pangawikan, lan samubarang kang gumelar, kawruhana,
iku kang dadi peucuke sakeh pakarti. Kang nindakake pakarti, pakartine lan
piranti-pirantine, telung prakara mau kudu ana supaya sawenehing panggawe
bisa kalakon.
|
19.
Pangawikan, panggawe lan Kang tumindak, siji-sijine ana telung warna miturut
dhasar gunane. Mara ta semaken kapriye kahanan siji lan sijine mituru
Triguna.
|
20.
Apa ingkang anjalari Kang Langgeng lan Tunggal bisa disipati jumenenge
sajrone saben titah, wutuh sanadyan panggonane tanpa wiangan. Kawruhana
pangawikan kang mangkono iku dhasare Satwa.
|
21.
Nanging pangawikan kang ngretine mung kahanan kan maneka-neka, kang padha
beda-beda kabeh, sakathahing tiah ora ana gegayutane siji lan sijine,
kawruhana pangawikan kang mangkono iku dhasare Rajas.
|
22. Dene kang darbe panemu yen kawruhe dhewe iku nyukupi kanggo
titah sajagad kabeh, sarta kanthi beguguk mutawaton ngukuhi panemune mau,
sarta ngemohi panemune liyan, kawruhana yen pangawikan mangkono iki dhasare
Tamas.
|
23.
Sapa kang tumandhang miturut prentahe darmane, lan ora ngarep-ngarep uwohe
panggawene, kelakuane jalma ingkang mangkono iku dhasare Satwa.
|
24.
Nanging kang tumandhange saka ajakane pepenginan-pepenginan, kang nindhakake
panggawene jalaran kasurung dening angkarane, lan terus-terusan nyambut gawe,
ngliwati ingkang salumrah, ngaya, kawruhana kelakuaning jalma kang mangkono
iku dhasare Rajas.
|
25.
Kang ora merduli akibat-akibate pakartine, temahan gawe rugine utawa natoni
atine wong liya, nindhakake panggawene nganggo sakarep-karepe dhewe,
kawruhana yen kelakuane wong iku dhedhasar Tamas.
|
26.
Kang ora tansah ngungasake angkarane, sepi ing rasa seneng marem, tansah
teguh lan linimputan ing Iman kang kandel, ora keguh jroning malang utawa
mujur, wong kang mangkono iku diarani pelaku Satwaka.
|
27.
Nginch, kang diajab mung entuka kauntungan, srakah, daksiya ing budi, tansah
ginonjang-ganjing dening bungah lan susah, wong ingkang mangkono iku diarani
pelaku Rajas.
|
28.
Wong ingkang tumindak skarep-kaep, ora kena dijagakake tindak-tanduke, kasar,
bodho, julig, dhemen mblenjani, keset, sungkan, ngleler, wong iku diarani
pelaku Tamasah.
|
29.
Nalar lan karsa iku uga ana telung prakara, heh Barata! Prayoga siji lan
sijine Manira terangakae marang sira, heh Dananjaya!.
|
30.
Nalar kang wus bisa milahake anane kawigaten kang jumendhul, banjur metu tumuju
marang jagadhing karameyna lan kawigaten kang jumedhul banjur mlebu tumuju
marang jagading kasunyian, lan jalaran saka iku ngreti apa kang kdu dilakoni
ana apa kang kudu disingkiri, bisa mbedakake apa kang bisa nekakake
katentreman; apa kang bisa nyupeketake lan apa kang bisa nuwuhake
cecongkrahan, kawruhahana nalar kang mangkono iku dhedhasare Satwa.
|
31.
Nalar kang ora bisa mbedakake ala lan becik, aa kang kudu dilakoni lan apa
kang kudu disingkiri, kawruhanan, heh Parta, yen nalar kang mangkono iku dhedhasar
Tamas.
|
32.
Kang pandulu batine linimputan dening pepeteng, nganti tumrape dheweke ala
dai becik, kabeh dadi sungsang buwana balik, nalae wong kang mangkono iku
dhedhasar Tamas.
|
33.
Karsa kang tetep teguh, kena kinarya ngawasi obahe pangripta, mlebu metune
napas, lan obah mosike indriya, jroning olah panunggal, kang tan kena
dislewengake, kawruhana yen karsa mau dhedhasar Rajas.
|
34.
Dene sapa kang ing donya iki mung nuruti karepe napsune, tansah ngoyak
kacekele semat, derajat lan keramat saking senenge utawa marga pangarep-arep
bakal entuk manfaat, kawruhana yen wong kang mangkono iku kaepe dhedhasar
Rajas.
|
35.
Dene uwong kang dhemene mung turu kanggo ngoncati rasa was-sumelang lan
pikiran-pikiran kang gawe petenging ati, ora duwe pengarep-arep apa-apa,
dhemene minum, madat, main lan sapanunggalane, kawruhana, heh Harjuna, yen
wong iku karsane dhedhasar Tamas.
|
36,
Saiki he trah Barata kang pinunjul, bab anane kanikmatan telung rupa, kang
dadi kasenengane manungsa, maarga padha duwe panemu, yen
kanikmatan-kanikmatan mau bakal mungkasi kasusahan kang lagi disandhang.
|
37.
Apa ingkang sakawit rasane pahit, getir kaya upas, jebul wekasane rasane kaya
banyu puruitasari, kawruhana yen kanikmatan kang mangkono iku dhasare Satwa,
kang tuwuh saka pangaruhe budi lan atma.
|
38.
Kanikmatan kang tuwuh saka mendeme indriya, ing sakawit rasane kaya banyu
puruitasari, nanging wusanane, jebul dadi upas kang mandi, kawruhana yen
kanikmatan kang mangkono iku watake Rajas.
|
39.
Kang ing sakawit lan ing pungkasan padha wae, sanyata ora bisa aweh
kamareman, kanikmatane wong kang keset lan mung dhemen turu, kawruhana yen
kanikmatan kang mangkono iki dhedhasare Tamas.
|
40.
Sjajtine ora ana manungsa ing donya iki utawa para dewa ing kahyangan, kang
terus-terusan bisa uwal saka pangaruhe Triguna.
|
41.
Uga panggawene para Sudra, Waisya, Satriya lan Brahmana, heh Parantapa,
pilah-pilah miturut wateking guna kang aweh pengaruhe.
|
42.
Ngendhaleni angkarane, olah katentreman, tapa brata, nyenyuci budi, nindakake
kajujuran, patuh lan telaten, olah pangawikan lan kawicaksanan, Iman marang
Allah, kawruhana yen kabeh mau dadi panggawene para Brahmana.
|
43.
Sabanjure kawruhana, yen kasudiran, kateguhan, katrampilan olah kridaning
perang, tan ngerti ing mundur jroning perang tandhing, dhemen peparing lan
kautaman, iku kabeh wewatakaning satriya. Denen kuwajibane para satriya iku
mernata lan ngayomi angger-angger adeging urip bebrayan, murih negara bisa
lestari kertaraharja.
|
44.
Tani, nagkarake raja kaya, makarti gawe barang-barang kaperluwaning urip
bebrayan (Industri), dagang lan sapanunggalane, kawruhana yen iku kuwajibane
para waisya, lan magawe miturut prentahe liyan, yaiku buruh, iku dadi
kuwajibane para Sudra.
|
45.
Manawa kabeh wong iku nglakoni kuwajibane dhewe-dhewe, mesthi dheweke bida
nyandak gegayuhan kang luhur dhewe. Marma midhangetake kapriye bisane saben
tidak entuk kasampurnan.
|
46.
Sarana ngalembana kan dadi mulabukane kabeh kang gumelar iki, lan nglakoni
panggawe-panggawe kang dadi kuwajibaning uripe, manungsa mesthi tumeka ing
kasampurnan.
|
47.Luwih
becik nglakoni dharmane dhewe, nadyan ta mung remeh banget, tinimbang karo
nindhakake kuwajibane wong liya kang minulya lan entuk ngaji-aji wong akeh.
Manungsa kang tansah ngrampungake darmane dhewe, mesthi luput ing dosa.
|
48.Karma
utawa panggawe-panggawe kang dadi kuwajibaning urip jalaran saka papestehn,
gandheng karo lingkungan kelahiran, iku kudu di rampungake, sanadyan ta susah
banget anggone nglakoni. Kaya dene urubing geni kang linimputan dening kukus,
panggawe-panggawe kang dadi kuwajiban
iku katone kurang nyenengake.
|
49.Kang
budine wus luwar saka sakeh bebandhan, lan kang tansah nguwasani pribadine,
lan kang wus tanpa pepenginan, iku
mesthi tumeka ing kasampurnan. Wong mangkono iku tuhu wus mungkur ing donya.
|
50.
Lan sapa kang entuk kasampurnan, mesthi ya wus manunggal kari Brahma. Prayoga
kahanan ingkang luhur dhewe iki, Manira terangake marang sira.
|
51.Kang
wus bisa manunggal jalaran saka sucine budine, lan kanthi teguhing karsa
nguwasani pribadine, sarta ora keguh maneh dening sakeh kahananing urip, ora
dhemen ora gething.
|
52.
Dhemen dumunung ing sepi, sinartan pangan kang prasaja lan pininta, nguwasani
obahing raga, mlebu metune napas, wijiling pangandika lan osiking jiwane, ora
kendhat mbudi panunggal minagka tandha bektine marang kang kang ngayomi
uripe.
|
53.
Kang wus bisa nyingkirake angkarane, watek dakmenang, dhemen muring-muring,
takabur, kamurkan lan pepenginan-pepenginan, sarta tansah ana sajroning
katentreman, lan narima ing pandum, manungsa kang mangkono iku wus siyaga
manjing ing jatining Brahma.
|
54.
Yen dheweke wus manunggal karo Hyang Brahma, sajroning katentremaning jiwane,
dheweke wus ora duwe pepenginan maneh, sarta wus ora bisa kataman ing rasa
was sumelang lan susah sedhih.
|
55.Lan
jalaran saka bektine kang tansah tumuju marang Manira, dheweke bisa jumbuh
karo Manira, lan uga bisa njajagi Dat Manira. Lan sapa kang bisa meruhi dat
Manira, mesthine uga bisa manjing ing Dat.
|
56.Sapa
kang tansah nglakoni lan ngrampungake kabeh panggawe kang dadi kuwajibane,
kanthi tansah ngayom marang Manira, karana sih Manira, dheweke ing wekasan
bisa manjing ing Swiji kng tan kena ing rusak.
|
57.Pramula
anggawe apa wae kang kudu sira lakoni, lakonana ing ssajroning pangriptanira
minangka tandha bektinira marang Manira. Aja mingset anggonira ngudi
panunggal lumantar bangkite budinira, sarana jiwanira tansah tumanem ing
Manira.
|
58.
Yen sakeh pangriptanira tansah tumuju marang Manira, mesthi sira tansah
Manira ayomi. Nanging yen karana angkaranira sing tansah mbudgeg, ora gelem
ngrungokake marang pitutur kang becik, akhire sira bakal nemahi kaleburan.
|
59.Nadyan
sira dhedhelikan ing sajroning pagedhongan wesi, sarta ngoncati palagan
jalaran saka derdahe batinira, mangkono iku sajatine tanpa guna sebab
kahananing lalakon bakal meksa sira nindakake peperangan.
|
60.Cinancang
dening kodrating pribadi, sira kapeksa kudu nindakake tugasira. Kuwajiban
kang sira lirwakake jalaran saka bodhonira, gelem ora gelelm, ora wurung kudu
sira lakoni.
|
61.Allah
iku jumeneng ing ati sanubarining saben titah, lan ngobahake kabeh titah
miturut laku jantrane dhewe-dhewe.
|
62.Mula
nyuwun pitulungane utawa pangayomane Pangeranira, kanthi sumarah ing
Panjenengane, heh Barata, Karana palimarmane, sira bakal oleh kamulyan, ing
katentreman kang langgeng.
|
63.Mangkono
gelaraning kawruh kang dadi wadining wadi. Mula yen sira wus bisa nampa kabeh
mau sarana gamblang, enggal tumandhanga miturut pakone atinira.
|
64.
Lan saiki rungokna wadi Manira kang linuhur, kang nedya Manira wedharake
marang sira. Kawruhana sira iku kekasih Manira. Mula apa kang Manira gelarake
iji, muga-muga neguhake karahayinira.
|
65.
Kanthi pangritanira tansah tumanem ing Manira, asunga bekti marang Manira,
kurbana marang Manira. Manira ora bakal mblenjani janji Maniraiki, heh mitra
Manira.
|
66. Sajrone nglakoni darmanira, pasrahna pepesthenira marang
Manira, sarana nyumanggakake karahayoning uripira marang Manira. Mesthi
Manira bakal ngluwari sira saka sakeh dosa. Mula singkirana sungkawanira.
|
67.Dingati-ati,
aja nganti sira ngandhakake apa kang Manira wecakake iki marang sapa wae,
kang ora gelem sumarah marang Manira lan ora gelem nglakoni prihatin, utawa
marang sapa kang ora mbutuhake, utawa kang ora darbe Iman marang Manira.
|
68.
Sapa kang nerang-nerangake wadi Manira kang adiluhur iki marang wong-wong
kang padha asung bekti marang Manira, iku mesthi ora suwe banjur manunggal
karo Manira.
|
69.Sebab
ing antarane pra manungsa ora ana kang panggawene luwih becik, miturut paneu
Manira, tinimbang karo wong iku. Mula ing salumahing bumi ora ana titah kang
luwih Manira tresnani tinimbang karo dheweke.
|
70.
Sapa kang tansah budidaya bisane netepi piwulang kang winaca ing lawan sabda
kita iki, iku prasasat asung kurban kang rupa kawicaksanan marang Manira,
kurban iku kurban kang becik dhewe.
|
71.
Sapa kang kanthi Iman ingkang kandhas ing telenging atine, ngrukokake lawan
sabda kita iki, iku bakal sinucekake lan linuwaran, lan bakal pinaringan
padunungan ingkang adiluhur, yaiku suwargane para suci.
|
72.
Heh Parta! Apa sira wus ngrukokake lan bisa nampa kanthi mathenging jiwanira
apa kang Manira wedharake iki? Apa saiki pepeteng kang ngalang-alangi
panggrahitanira wus sirna, Heh Dananjaya?
|
73.Harjuna
matur : “Sampun sirna babarpisan Pangrahita kawula sampun bagkit maragi
saking palimara Paduka, dhuh Atiyuta! Sapunika sampun mantep manah kawula,
sarta kawula badhe tumindak miturut dhwuh Paduka”.
|
74.Sanjaya
matur : “Kawula saged mirengaken pangandika ingkang mijil saking tutukipun
Sang Wasudewa tumuju dhateng Sang Parta ingkang tuhu luhur bebudenipun,
pangandika ingkang sanget ngeram-eramaken saha damel njegraging rikma.
|
75.Saking
palimarmanipun Sang Wiyasa, pangandika kang medharaken wadining-wadi ingkang
adiluhur. Inggih punika latihan-latihan minangka nggayuh sampurnaning gesang,
saged kula tampi saking Pangeran ingkang misesa gesang piyambak.
|
76.Dhuh
Sang Prabu! Saben-saben kula kemutan lawan sabdanipun Sang Kesyawa lan Sang
Harjuna, kapranan, trenyuh sanget manah kawula, margi katuwuhan marem lan
bingah ingkang tanpa upami.
|
77.Saben-saben
manawi kula manah-manah kawujudan Sang Harimurti, ingkang tuhu Agung lan
ngdep-edhapaken wau, kapranan malih manah kawula lan kawula lajeng saged
ngraosaken malih kanikmatan ingkang boten wonten pindhanipun.
|
78.
Ing pundi jumenengipun Sang Kresna, Gusti ning Yoga lan Sang Parta ingkang
mboten nate pisah kaliyan gandhewanipun, ing riku tuhu dumununganipun Jaya
Kawijayan, Kamulyan lan Karahayon. Punika sampun mboten wonten
tidha-tidhanipun malih”><><>
|
Punika
piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan
Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Wolulas, winastan : Panunggal
Lumantar Ngungkuraken Donya.
|
<*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*
|
<*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*
|
<*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*
|
Tamat.
Serat Bagawad Gita. Pangalembana konjuk dhumateng Sang Kresna kan Suci.
Karahayon lan Katentreman mugi tuwuh ing Jagad. Aum... Aum...Aum.
|
<*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*
|
Melai
Ngetik : Jumungah Wage
(Jawa) 14 Juni 2013
Karampungake
: Rebo Wage (Boge) 19 juni 2013
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar