Dan membangun manusia itu, seharusnya dilakukan sebelum membangun apa pun. Dan itulah yang dibutuhkan oleh semua bangsa.
Dan ada sebuah pendapat yang mengatakan, bahwa apabila ingin menghancurkan peradaban suatu bangsa, ada tiga cara untuk melakukannya, yaitu:

Hancurkan tatanan keluarga.
Hancurkan pendidikan.
Hancurkan keteladanan dari para tokoh masyarakat dan rohaniawan.

Jumat, 13 Maret 2015

Nasihat Bhagavad Gita dalam Bahasa Jawa dan Indonesia Bagian ke 2


BAGAWAD  GITA BAGIAN KE II
Penulis : Drs. Ir. R.M.S. Suryo Hudoyo
Penerbit : Yayasan “Djojo Bojo” Surabaya
Penyadur  dan penerjemah : Pujo Pryitno

16. DAIVASURA  SAMPAD  VIBHAGA YOGA
Wejangan ingkang kaping Nembelas
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Wiweka
Ajaran Yang ke Enam Belas
Menyatunya Hamba Dengan Tuhan melalui Usaha

1 .Ingkang ngayomi karahayoning Jagad Ngandika : “Tanpa was sumelang, kasucian ingkang sampurna, teguh anggone olah Yoga, kawicaksanan, pangurbanan tanpa ngarep-ngarep uwohe, nguwasani pribadine, berbudi yen dedana, ngudi kawruh, tapa brata, netepi kebeneran.
ARTINYA : Sang Pengayom Dunia bersabda : “Tidak merasa kuatir, dengan penuh kesucian hati yang sempurna, Kuat dalam melakukan Yoga, Kebijaksanaan, Pengobanan tanpa menghap-harapkan hasilnya, menguasai pribadinya, Dengan budi ketika berderma, mencari Ilmu, melakukan tapa brata, menjalankan kebenaran.
2. Ora gawe pepati, ngluhurake kasunyatan, merak ati, tentrem, pasrah, jujur, welas asih marang kabeh ingkang sipat urip, nrima ing pandum.
ARTINYA : Tidak membunuh, meluhurkan yang nyata adanya, menyenangkan hati, tenteram, berserah diri, jujur, penuh kasih sayang kepada semua yang hidup, ikhlas menerima takdir.
3. Lega lila, alus ing budi, santosa, murni, sepi ing rasa sengit lan rasa kumingsun, iku kabeh nggambarake Dating Pangeran, kena dititeni jroning jiwane kabeh titah, heh Barata!
ARTINYA : Ikhlas, halus Budi, kuat, murni, tidak memiliki rasa benci dan mengaku bisa sendiri, tu semua menggambarkan Dzat Tuhan, itu bisa dilihat di dalam jiwa seluruh mahluk, wahai Barata!
4.  Nanging kemunafikan, ketakaburan ingkang tanpa dhasar, daksiya, kasar lan kecubluka, kawruhana iku kabeh sifat-sifating raseksa kang tumempel ing manungsa kang isih asor drajate.
ARTINYA : Akan tetapi, kemunafikan, sifat takabur yang tanpa dasar, suka menyiksa, kasar, dan kebodohan, ketahuilah bahwa itu semua sifat-sifat dari raksasa yang berada dan menempel pada manuisa yang masih rendah deratnya.
5. Sipat-sipat ingkang alus iku bisa nylametake manungsa, dene sipat-sipat ingkang kasar saya nenarik manungsa marang tindak kadursilan lan pakarti kang nistha lan ala. Mula aja samar maneh heh Pandhawa! Sira iku wus tinakdir ngambah dedalane kabecikan lan kaluhuran.
ARTINYA : Sifat-sifat yang halus itu bisa menyelamatkan manusia, sedangkan sifat-sifat yang kasar semakin menyesatkan manusia kepada perbuatan jahat dan berbuatan yang nista dan buruk. Maka dari itu janganlah kau ragu wahai Pandhawa! Dirimu itu sudah ditakdirkan untuk melawati jalan kebaikan dan keluhuran.
6. Rong rupa sipat-sipate sakeh kang gumelar ing donya iki. Ana ingkang darbe sipat-sipat sura utawa kadewatan, lan ana ingkang darbe sipat-sipat asura, utawa karaseksan. Sifat-sifat sura wus Manira terangae ing ngarep. Rungokna sa iki apa ingkang dadi kosokbaline.
. ARTINYA : Dua duamacam sifat atas semua yang ada di dunia ini. Ada yang memiliki sufat sifat Sura atau sifat Dewa, dan ada yang memiliki sifat-sifat Asura, atau sifat raksasa, Sifat-sifat Sura (Dewa) sudah Ingsun terngkan di atas. Sekarang dengarkanlah yang menjadi lawan katanya.
7. Apa kang pantes ditandangi, lan apa kang wus genah kliru yen ditandangi, iku para asura ora bisa milahake. Para asura iku ora ngerti apa sing diarani kasusilan, kajujuran lan kasunyatan.
ARTINYA : Apa yang pantas dilakukan, lakukanlah, dan apa yang sudah jelas-jelas salah jika dilakukan, itu para Asura tidak bisa membedakannya. Para asura itu tidak mengerti apa yagn di sebut Tata susila, kejujuran dan Yang Nyata Adanya.
8. Rumangsane ing donya iki ora ana dhasar dhasar kasusilan lan kasunyatan. Miturut panemune para asura, kabeh ing donya iki dumadine mung saka uwohe birahi antarane kang sipate lanang lan wadon, saka polahe hawa nafsu seksuil. Allah iku ora ana!.
ARTINYA : Menurut perasaanya bahwa di dunia ini tidak ada dasar-dasar aturan kebenaran dan Kenyataan yang sebenarnya. Menurut pendapat para asura, bahwa semua di dunia ini adanya hanya dari buah asmara antara yang bersifat laki-laki dan yang bersifat perempuan, yang berasal dari hawa nafsu seksual. Dan menurut mereka Allah itu tidak ada!
9. Kanthi rasa lan pikiran kang isine kaya mangkono iku, lan kabodohan kang melasake, wong-wong iku tanpa nidakake panggawe ala kang gawe cilakane liyan.
ARTINYA : Dengan perasaan dan pikiran yang isinya seperti itu, dan kebodohan yang sangat memprihatinkan, orang-orang itu tidak pernah melakukan perbuatan yang mencelakakan orang lain.
10. Kekarepane ora ana mareme, kang dipundhi-pundhi mung dhiri pribadi. Riya, sengguh, saking bodhone, kelakuane nganti kaya kelakuane wong kang ora waras. Mula uwohe panggawene ora liya mung kajahatan.
ARTINYA : Tidak kepuasan hasratnya, yang diagung-agungkannya hanya dirinya sendiri, Pamer, menuduh karena kebodohannya hingga seperti kelakuan orang gila. Sihingga hasil perbuatannya tidak lain hanyalah berupa kejahatan.
11. Atine ginubel ing reribet kang ora ana uwise, kang temahan mung gawe sirnane bibite kaluhuran. Gegayuhane ora liya mung bisaa ngrasakake kanikmatan.
ARTINYA : Hatinya diliputi keresahan yang tidak ada akhirnya, yang akhirnya hanya membuat semakin kehilangan biji keluhuran. Yang dicarinya hanyalah agar bisa selalu merasakan kenikmatan.
12. Tinlikung ing jagading kadursilan, karana panggawene kang ala, tansah ngarepngarep bisaa gawe mareme angkarane, daksiya, srakah, uring-iringen, kang diajab mung dhuwit kanggo nuruti kekarepane kang asor.
ARTINYA : Terpenjara di dunia kejahatan, karena perbuatan yang jelek, selalu berharap agar bisa memuaskan angkaranya, jahat, serakah, pemarah, yang diharapkan hanyalah uang untuk memenuhi hasrat rendahnya.
13. Dina iki, iki wus bisa kecekel. Muga-muga sesuk aku bisa entuk kae. Yen wus iki banjur ika lan kae, mesthi tembene aku bisa dadi sugih.
ARTINYA : Hari ini, yang ini sudah bisa digapai. Moga-moga aja esok hari bisa mendapatkan yang itu. Jika sudah ini kemudian itu dan yang di sana, pati pada akhirnya saya akan bisa menjadi kaya.
14. Mungsuhku kang siji wus bisa tak sirnakake. Liya-liyane mesthi uga bisa tak pateni. Aku iki tinakdir ngrasakake kanikmatan ing donya iki, ora beda karo Allah. Mula menyang endi wae, kabegjan tansah tutwuri uripku!
ARTINYA : Satu musuhku sudah bisa saya hancurkan, Yang lain-lainnya tentu bisa saya bunuh, Aku ini ditakdirkan untuk merasakan kenikmatan dunia ini, tidak ada bedanya dengan Allah. Maka dari itu, kemana pun juga, keberuntungan selalu mengikuti hidupku!
15. Awit lahir aku wus tinakdir entuk kabegjan. Sapa ta kang  padha karo aku. Tak caos kurban lan tak dedana kang akeh. Urip iku perlune rak seneng-seneng. Mangkono pikirane wong-wong kang padha ora waras mau.
ARTINYA : Sejak lahir aku ditakdirkan mendapatkan keberuntungan. Siapakah yang bisa menyamaiku. Aku akan berkurban dan berderma yang banyak. Hidup itu kan hanya untuk bersenang-senang. Demikian itulah yang dipikirkan oleh orang-orang yang tidak waras itu.
16. Thenguk-thenguk ngalamun ngetutake lakune pikirane ingkang pating saluwir, kasrimpet-srimpet ing jaringaning kacublukan, kepatuh ngetutake kakarepaning hawa napsu, wong-wong iku mesthi bakal kacemplung ing naraka.
ARTINYA : Duduk termangu dan melamun menuruti jalan pikirannya yang terbang ke mana-mana, terjerat terikat oleh jaring kebodohan, terbentur menuruti hasrat hawa nafsunya, orang-orang yang seperti itu pasti masuk neraka.
17. Memundhi marang dhirine, gumedhe, mendem kasugihan lan angkuh, yen sesaji kurban dongane ora terus ing batin, mung lambene sing komat-kamit. Dadine lamis, ora miturut piwulang kang wus dianggo kuna makuna.
ARTINYA : Hanya memuji dirinya sendiri, membanggakan diri, gila harta dan angkuh, jika mempersembahkan kurban, maka doa’nya tidak tulus di hati, hanya bibirnya saja yang berkata, Hingga Cuma di bibi rsaja, tidak berdasar ajaran yang sudah dipakau sejak dahulu kala.
18. Karemane mung nuruti angkarane, ngendelake panguwasane, dhemen muring-muring, murka lan sawenang-wenang. Wong-wong iku satemene sengit karo Manira kang jumeneng ana ing sajrone ragane dhewe lan ragane sesama manungsa.
ARTINYA : Kepuasannya hanya menuruti angkaranya, mengandalkan kekuasaannya, suka marah-marah, murka dan sewenang-wenang. Orang-orang itu sebenarnya membenci Ingsun yang bersinggasana di dalam raganya sendiri dan raga sesama manusia.
19. Wong-wong kang nyenyengit iku dhemen muring-muring lan daksiya, sayektine jiwa-jiwa kang elek dhewe ing donya iki. Manira lahirake jiwa-jiwa mau lumantar guagarbane wanita-wanita kang darbeni watak raseksi, srakah lan murka.
ARTINYA : Orang-orang yang menyebalkan itu suka marah-marah dan suka menyiksa, sebenarnya itu adalah jiwa-jiwa yang paling jelek sendiri di dunia ini. Ingsun lahirkan jiwa-jiwa tersebut melalui kandungan-kandungan wanita-wanita yang memliki watak raksasa, serakah dan murka.
20. Dumadi ana ing sajrone guwagarbaning raseksi, kasasar-sasar saya adoh saben tumimbal lahir, wong-wong iku ora bakal bisa tumeka ing ayunan Manira, nanging padah sileb, ambles marang dedalan ingkang asor dhewe.
ARTINYA : Adanya di dalam kandungan raksasa yang kasar-kasar den semakin menjauh tiap-tiap terlahir lagi. Orang-orang itu tidak akan bisa sampai ke pangkuan Ingsun, akan tetapi akan tenggelam, dan terperosok ke jalan yang paling bawah sendiri.
21. Dalan marang neraka, cecoba tumrap Ingsun kang luhur, iku ana telung rupa : Nuruti kekarepane angkara, uring-uringan lan kamurkan. Mula singkirana wewatekan telung prakara iku.
ARTINYA : Jalan menuju ke neraka,  Cobaan dari Ingsun itu ada tiga macam rupa : Menuruti hasrat keinginan dirinya, mudah marah dan murka. Maka dari itu, hindarilah watak yang tiga macam itu..
22. Sapa kang bisa uwal saka wawatekan telung prakara mau, wus ngadohi pengaruhe Tamas, kang nuntun marang jagading pepeteng. Dheweke banjur tumuju marang karahayoning dhiri, tumapak ing dedalan kang mulya dhewe.
ARTINYA : Siapa yang bisa melepaskan diri dari tiga watak tersebut, itu sudah menjauh dari pengaruh Tamas yang menuntun ke raha dunia kegelapan. Kemudian dia akan menuju ke arah keselamatan diri. Dan menapak di jalan yang paling mulia.
23. Nanging sapa kang ora migatekake piwulanging Kitab, mung nuruti kekarepane napsu, iku ora bakal bisa nyandhak gegayuhaning manungsa kang luhuring aluhur. Ora ana kamulyan tumrap dheweke, marga dheweke nyimpang saka dalaning kautaman.
ARTINYA : Akan tetapi, yang tidak memperhatikan ajaran yang ada di dalam Kitab, hanya mengikuti kehendak nafsunya saja, itu tidak akan bisa menggapai cita-cita sebagai manusia yang luhur. Dan tidak ada kemuliaan bagi dirinya, karena dia itu menyimpang dari jalan keutamaan.
24. Mula dadekna piwulanging Kitab iku pandom tumrap apa ingkang wajib sira lakoni lan apa ingkang kudu sira singkiri. Kanthi meigatekake piwulanging Kitab, lakonana kuwajibanira ing donya iki.
ARTINYA : Maka dari itu jadikanlah pedoman atas iji ajaran di dalam Kitab Suci tentang apa yang wajib untuk dijalankan dan apa yang harus dihindari. Dengan cara menelaah ajaran di dalam Kitab Suci, kerjakanalah kewajiban di dunia ini.

Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Nembelas, winastan : Panunggal Lumantar Wiweka utawi Pembedanipun ingkang Nyata lan ingkang Samar.

17. SRADDHA – TRAYA – VIBHAGA  YOGA
Wejangan ingkang kaping Pituwelas
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Iman Ingkang Tigang Warni
Ajaran yang ke Tujubelas
Menyatunya Hamba dengan Tuhan melalui tiga jenis Iman

1. Harjuna nuwun priksa : “ Manungsa ingkang sampun nilar sarengating Agami, nanging kanthi teguh tansah ngrumiyinaken kawigatosanipun liyan, kersaa Paduka nerangken derajatipun manungsa ingkang makaten punika. Punapa piyambakipun punika ngenggeni Satwa, Rajas punapa Tamas?
ARTINYA : Harjuna mohon petunjuk : “Manusia yagn sudah meninggalkan Syriat Agama, akan tetapi dengan penuh keyakinan selalu mendahulukan kepentingan orang lain, hamba memohon kepada Paduka untuk menjelasksan derajat manusia yang seperti itu. Apakah dia itu di dalam Satwa, Rajas atau Tamas.
2. Kang ngayomi karahayoning bawana ngandika : “Kahananing imaning manungsa iku ana telung rupa, gandheng karo dhasar wateke kang dadi gawan, nalika wong mau dilahirake, yaiku : Satwa, Rajas utawa Tamas. Mulo rungokna!
ARTINYA : Sang Pemerilhara ketenteraman Dunia bersabda : “Kadar Iman manusia itu ada tida macam, menyatu dan watak diri bawaan lahir, ketika orang itu dilahirkan, yaitu : Satwa, Rajas dan Tamas, Maka dari itu dengarkanlah!
3. Imaning manungsa iku ora nyebal saka manungsane. Iki wis ora kena diganggu-gugat, heh Barata! Lan sateruse, kahanane uriping manungsa iku gumantung saka imane. Apa kang dadi piyandhele (Imane) iku mesthi bakal dumadi.
ARTINYA : Iman manusia itu tidak terlepas dari manusianya itu sendiri. Ini sudah tidak bisa diganggu gugat, Wahai Barata! Dan selanjutnya, bahwa keadaan hidup manusisa itu tergantung dari Imannya, Apa yang menjadi keyakinannya (Iman) itu akan terjadi.
4 .Wong-wong kang imane dhedhasar Satwa, padha memundi lan caos kurban marang para dewa utawa malaikat. Kang Imane dhedhasar Rajas, padha memundi kasugihan lan kekarepaning hawa nafsu. Kang Imane dheddhassar Tamas, padha memundi dhemit, setan, lelembut lan sapanunggalane.
ARTINYA : Para manusia ayang Imannya berdasarkan Satwa, itu mengagungkan dan dan memberikan persembahan kurban kepada para Dewa atau malaikat. Yang Imannya berdasarkan Rajas, akan mengagungkan Kekayaan dan keinginan hawa nafsu. Yang Imannya berdasarkan Tamas, Akan memuja Demit, setan, mahluk halus dan sebagainya.
5. Sapa kang ngluwihi apa kang dadi kuwajibane miturut piwulange Kitab, tansah tapa lan nganiaya jiwa ragane, mubal katakaburane, gedhe angkarane lan tansah ditunggangi hawa napsune;
ARTINYA : Siapa yang bersikap melebihi dari yang seharusnya yang menjadi kewajibannya yang diwajibkan dalam Kitab Suci, kemudian selalu bertapa dan menyiksa raganya, dan membanggakan sifat takaburnya,  besar sifat angkaranya dan selalu ditunggangi oleh ahwa nafsunya.
6. Sapa kang kanthi andelarung tansah nganiaya serandhuning badane, lan jalaran saka iku uga nganiaya Manira, kang jumeneng jroning ragane, kawruhana, iku kelakuane kaya para rasekssa.
ARTINYA : Siapa yang sangat berlebihan menyiksa seluruh badannya, dan oleh karena itu, sama saja dengan menyiksa Ingsun, yang berada di dalam raganya, ketahuilah, bahwa itu kelakuannya mirip kelakuakn raksasa.
7. Bab pangan wewatekan uga ana telung rupa. Mangkono uga bab kurban, tapa lan dana. Mula rungokna kanthi patitis.
ARTINYA : Hal makanan, wataknya juga ada tiga macam. Demikian juga tentang kurban, tapa dan derma. Denegarkanlah hingga paham.
8. Pangan kang nuwuhake kuwanen ndadha lelakoning urip, resik, suci, nuwuhake kesarasan, kekuwatan lan kagumbiraan, mirasa lan becik, kawruhana iku pangan kang dadi pilihane para Satwaka.
ARTINYA : Makanan yang menumbuhkan keberanian, menerima cerita hidupnya, bersih, suci, menumbuhkan kesehatan, kekuatan dan kegembiraan, enak dan baik, ketahuilah, itu adalah makanan yang menjadi pilihan para Satwaka.
9. Pangan ingkang pait, ayit, asin utawa panas, pedhes, kumlitik lan garing, iku pangan kang dadi kasenengane para Rajasa. Pangan kang mangkono iku bisa nuwuhake lelara, kassusahan lan kasangsaran.
ARTINYA : Makanan yang pahit, berlendir, asin atau panas, pedas, renyah dan kering, itulah makanan yang menjadi kesenangannya para Rajasa. Makanan jenis itu bisa menjadikan penyakit, kesusahan dan kesengsaraan.
10. Apa kang wus mambu, ora mirasa, meh bosok, wayu, kikil lan sapanunggalane kang reged, iku pangan kang dadi kasenengane para Tamasa.
ARTINYA : Makan basi, tidak ada rasanya, hampir basi, makanan sayuran kemarin, kikil dan sejenisnya yang banyak mengadung kotoran, itulah jenis makanan yang menjadi kesenangannya para Tamasa.
11. Pangurbanan kang sepi ing pamrih tumrap awake dhewe, kang dilakokake miturut aturaning Kitab, kawruhana heh Barata, yen pangurbanan kang mangkono iku dhedhasar Satwa.
ARTINYA : kurban yang dikarenakan pamrih untuk dirinya sendiri, yang dijalankan menurut aturan Kitab, ketahuilah wahai Bharata, jika kurban yang seperti itu, itu berdasar Satwa.
12. Nainging yen pangurbanan mau kanthi tujuwan entuka leliru kang nguntungake, yen anggone nindakake pangurbanan iku sarana lelamisan, kawruhana yen pangurbanan mau dhedhasar Rajas.
ARTINYA : Akan tetpai jika kurban itu dengan tujuan untuk mendapatkan ganti yang gmenguntungkan, dan ketika melakukan kurban itu hanya lamis di bibir saja, ketahuilah bahwa kurban yang demikian itu berdasar Rajas.
13. Dene pangurbanan kan tanpa aturan kang wus tinamtu, tanpa donga, tanpa sesaji panganan, lan dilakokake tanpa iman utawa piandel, kawruhana yen pangurbanan iku dhedhasar Tamas.
ARTINYA : Sedangkan kuran yang tidak menggunakan aturan sesuai yang sudah ditentukan, tanpa diiringi doa, tanpa persembahan makanan, dan dilakukan bukan berdasarkan Iman atau keyakinan, ketahuilah bahwa kurban yang demikian itu, itu berdasarkan Tamas.
14. Memundhi para malaikat utawa dewa, para tinarbuka, para guru, para wiku, memundhi kasucian, kajujuran lan kasusilan, iku tapane wong kang nedya ngresikake jiwa ragane.
ARTINYA : Memuja para Malaikat atau Dewa, Para yang sudah terbuka hatinya, Para Guru, Para Wiku, menghormati kesucian, kejujuran dan tata susila, itulah tapa bagi orang yang berusaha membersihkan jiwa raganya.
15. Pangucap kang ora gawe seiking ati, merak ati, nyata lan banget mitulungi, ngapalake isining Kitab-kitab suci, iku tapaning pangandika.
ARTINYA : Ucapan yang tidak membuat sakit hati, menyenangkan, nyata yang diomongkan dan sangat bermanfafat, menghafalkan isi dari Kitab-Kitab Suci, Itu tapa bagi Ucapan.
16. Ngudi gembiraning tyas jroning kahanan kang kayangapa uga, ngudi katentreman, ora kakehan micara, ngendhaleni hawa napsu, nyenyuci telenging urip, iku kan diarani tapaning Jiwa
ARTINYA : mencari ketenangan hati dalam keadaan yang bagaimana pun juga, mencari ketenteraman, tidak banyak bicara, mengendalikan hawa nafsunya, mensucikan inti hidup, itu yang sebut tapa bagi Jiwa.
17. Kang kanthi iman kang kandel nindakake tapa telung rupa mau, ora ngarep-ngarep lelirune utawa upahe, tansah ayem lan tentrem, kawruhana, wong iku nindakake tapa kang dedasar Satwa.
ARTINYA : Yang dengan Iman yang kuat untuk menjalankan tiga jenis tapa tersebut, tidak mengarapkan gantinya atau hasilnya, selalu tenang dan tenteram, ketahuilah, bahwa ornag itu menjalankan tapa berdasarkan Satwa.
18. Tapa kang dilakoni kanthi lelamisan, sarana pamrih entuk pangaji-ajining liyan, lan kawentaring namane, iku tapa kang dhedhasar Rajas. Wong mangkono iku mesthi ringkih imane, ora kena dipercaya.
ARTINYA : Tapa yang dilakukan dengan penuh kepura-puraan, dengan mengharapkan penghormatan dari orang lain, dan ketenaran namanya, itu tapa yang berdasarkan Rajas, Orang yang seperti itu pastilah lemah Imannya, dan tidak bisa dipercaya.
19. Sabanjure tapa kang dilakoni tanpa mikirake panandhanging raga, kang sesambat marga kinaniaya, lan kanthi sedya gawe cilakane lan sangsarane liyan, tapa kang mangkono iku dhedhasar Tamas.
ARTINYA : Selanjutnya, tapa yang dilakukan tanpa memikirkan rusaknya raga, yang menjerit karena merasa disiksa, dan dengan niat untuk membuat celaka dan kesengsaraan orang lain, tapa yang demikian itu, tapa yang berdasarkan Tamas.
20. Dana kang diwenehake kanthi kawigaten kang pantes, tanpa nganggo ngarep-ngarep lelirune, nganggo ngelingi empan lan papan, iku dana kang dhedhasar Satwa.
ARTINYA : Derma yang diberikan dengan keramahan, tidak mengharapkan balasannya,  tepat sarannya, itu Derma yang berdasarkan Satwa.
21. Nanging dana kang diwenehake kanthi ngarep-arep lelirune, keuntungan utawa upah, utawa dana ingkang kanthi kapeksa anggone menehake, dana iku dhedhasar Rajas.
ARTINYA : Akan tetapi, derma yang diberikan dengan mengharap=harap balasannya, keuntungan atau upah, atau derma yang dikarenakan terpaksa ketika memberikannya, derma yang seperti itu, itu berdasarkan Rajas.
22. Dana kang diwenehake tanpa nganggo noleh empan lan papan, marang wong kang ora pantes didanani, lan diwenehake kanthi cara kang nyimpang saka tatakrama lan kasusilan, dana mangkono iku dhedhasar Tamas.
ARTINYA : Derma yang diberikan tanpa melihat tepat tidaknya, diberikan kepada orang yang tidak pantas untuk diberi derma, dan diberikan dengan cara yang menyimpang dari tatakrama dan tata susila. Derma yang demikian itu, derma yang berdasarkan Tamas.
23. Aum Tat-Sat mangkono unine tembung telung wandha, kang kanggo nyebut Hyang Brahma. Kanthi japamantra iku disucekake wong-wong kang padha ngudi kaluhuraning dumadi sarana dadi Brahmana, kitab-kitab Wedha lan sesaji-sesaji pangurbanan.
ARTINYA : AUT, TAT, SAT, itulah bunya tiga kata, untuk dipergunakan menyebut Hyang Brahma. Dengan Mantra itu, disucikanlah orang-orang yang selalu mencari keluhuran sesamanya dengan cara menjadi Brahmana. Kitab-Kitab Wedha dan persembahan-persembahan kurban.
Cathetan :
Tembung A U M punika tegesipun tunggal misah kaliyan tembung AMEN utawi AMIN ingkang suraosipun percaya bilih punapa ingkang sinedya bandhe kalampahan.
ARTINYA : Kata A U M, itu bermakna yang tidak berbeda dengan kata AMEN atau AMIN. Yang maknanya percaya abahwa apa yang diharapkan akan terkabul.
24. Mula kabeh pangurbanan, dana utawa tapa, kayadenen ingkang diwulangake dening kitab-kitab suci, supaya diwiwiti nganggo tembung A U M, yen ingkang tumindak iku lumaku atas asmane Hyang Brahma.
ARTINYA : Maka dari itu, bahwa kurban, derma atau tapa, seperti yang diajakrkan di dalam Kitab-Kitab Suci, agar diawali dengan kata AUM, yang yang melakukannya itu berdasarkan Asma Hyang Brahma.
25. Kabeh uwong kang sesaji kurban, dedana utawa tapa, kang ora ana pamrihe bab opah utawa leliru, lan mung nedya nggayuh kamukswan (pejah tanpa nilar raga) supaya ngawiti tumindake iku kanthi ngucapake tembung T A T.
ARTINYA : Semua orang yang memberikan persembahan kurban, derma atau bertapa, yang tidak mengharapkan pamrih tentang upah atau penggantinya, dan hanya mencari Moksa ( Mati tanpa meninggalkan raga) agar dilaksanakan dengan diawali dengan mengucapkan kata TAT.
26. Kasunyatan lan kasucian rumaket ing tembung SAT. Mangkono uga kabeh panggawe kang utama, gandheng karo tembung SAT, heh Parta! Mula kabeh panggawe kang utama iku prayoga dipucuki dening tembung SAT.
ARTINYA : Ketuhanan dan Kesucian, melekat pada kata SAT, demikian juga semua perbuatan yang utama, itu menyatu dengan kata SAT, wahai Parta! Sehingga perbuatan Utama itu, sebaiknya diawali dengan Mantra SAT.
27. Tumrap sesaji pangurbanan, tapa lan dana, SAT tegese kateguhan. Mula kabeh panggawe kang dilakoni kanthi gegayuhan kang kalebu wewengkone SAT prayoga diwiwiti uga kanthi ngucap SAT.
ARTINYA : Bagi persembahan kurban, tapa dan derma, SAT itu bermakna keteguhan. Maka dari itu, amal pebuatan yang dilakukan dengan tujuan yang termasuk golongan SAT, sebaiknya diawali juga dengan mengucap SAT.
28. Apa kang dikurbanake tanpa Iman, awujud dana utawa tapa, utawa apa bae liyane, iku diarani a-SAT. Ing donya iki lan ing akherat ora bakal nenuntun marang DAT.
ARTINYA : Apapun yang dipersembahkan dalam berkurban yang tanpa dilandasi Iman, termasuk Derma dan Tapa, atau apa saja dari yang lainnya, itu disebut a-SAT. Baik di dunia ini dan di akhirat nanti, tidak akan bisa menuntuk kepada DZAT.
Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Pitulas, winastan : Bab Dhedhasaring Iman ingkang Tigang Warni.

18. SAMNYASA  YOGA  -  MOKSHA
Wejangan ingkang kaping Wolu las
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Ngungkurake Donya
Ajaran yang ke Delapanbelas
Menyatunya Hamba dengan Tuhan dengan cara meninggalkan keduniaan

1. Harjuna matur : “ Bab mungkur ing Donya kula kepengin sanget ngertosi inti-sarinipun. Makaten ugi bab ngeklasake uwohing pandamel. Karsaa Paduka nerangaken bedanipun.
ARTINYA : Harjuna berkata : “Tentang meninggalkan urusan keduniaan, hamba sangat ingin untuk bisa memahami intisarinya. Demikian juga tentang kengikhlaskan buah dari amal perbuatan. Hamba mohon untuk diterangkan atas perbedaannya.
2. Ingkang rumeksa ing karahayoning jagad ngandika : “ Sapa kang wus eklas, ora kepengin nglakoni panggawe kang dianggo utama dening jagad, iku kang diarani wong kang wus mungkur ing karameyan utawa Donya. Dene wong kang nglakoni sakeh panggawe minangka tadha bektine marang Manira, tanpa ngarep-ngarep apa-apa, iku kang diarani wong kang wus ngeklasake uwohing panggawe.
ARTINYA : Yang Maha Memelihara Dunia besabda : “Siapa saja yang sudah ikhlas, tidak menginginkan menjalankan amal perbuatan yang utama menurut ukuran dunia ini, itu yang ddisebut manusia yang sudah melepaskan keramaian dunia. Sedangkan orang yang menjalakan semua amal perbuatan sebagai tandi kepatuhannya kepada Ingsun, tanpa mengharap-harap apa pun juga, itu yang disebut orang yang sudah mengikhlaskan buah dari amal perbuatannya.
3. Panggawe apa wae, iku mesthi dadi mulabukane sawiji kang ora prayoga. Ngadohana sakeh panggawe! Akeh wong kang darbe panemu kang mangkono iku. Ora ! Pangurbanan, dedana lan tapabrata lan latihan-latihan ngendhaleni hawa napsu lan angkara kudu dilakoni. Akeh uga kang darbe panemu kang mangkono iku.
ARTINYA : Perbuatan apa saja, itu pasti menjadi awal mula sesuatu yang tidak baik, Menjauhlah dari semua perbuatan! Banyak manusia yang berpendapat yang seperti itu. Itu tidak benar! Korban, derma dan bertapa dan latihan-latihan mengendalikan hawa nafsu dan angkara murka harus dikerjakan. Bayak juga yang berpendapat yang seperti itu.
4. Mula rungokna apa kang dadi panemu Manira bab ngeklasake uwohing panggawe, kang kaprahe diarani Tiyaga, ana panemu telu.
ARTINYA : Maka dari itu, dengarkanlah apa yang menjadi pendpat Ingsun tentang mengikhlaskan buah dari amal perbuatan. Tiyaga, ada tiga pendapat.
5. Aja nganti nglirwakake sakeh panggawe nglelatih jumbuhe Kawula Gusti, sakeh panggawe ingkang tumuju marang dedana, utawa panggawe pangurbanan. Panggawe telung prakara iku dadi sesuci tumrap sang Wiku.
ARTINYA : Jangan sampai menelantarkan semua amal perbuatan untuk melatih menyatunya Hamba dengan Tuhan, semua amal perbuatan yang mengarah kepada derma, atau amal perbuatan berupa persembahan kurban. Amal perbuatan tiga macam itu, menjadi penyuci Sang Wisnu.
6. Nanging sajrone nglakoni panggawe telung prakara mau, eklasna uwohe, lan aja sira duwe rasa seneng bisa ngrampungake panggawe iku. Wondene pangawe-panggawe mau lakonana kanthi kateguhaning budi, ora beda karo uwong kang isih kasengsem marang kadonya.
ARTINYA : Akakn tetapi dalam melakukan amal perbutan tiga macam tersebut. Ikhlaskanlah buahnya, dan jangalah dirimu memiliki rasa senang, karena bisa menyelesaikan amal perbuatan itu. Akan tetapi, amal-amal itu kerjakanlah dengan kekuatan Budi, yang tidak ada bedanya dengan orang-orang yang sangat menyenangi keduniaan.
7. Ngungkurake panggawe kang dadi kuwajibane, iku jenenge nglirwakake darmane,. Satemene mangkono iku ora prayoga banget, jalaran nutupi dalan kang tumuju marang kasampurnaning urip. Sapa kang jalaran saka bodhone, nglirwakake darmane, iku sajatine wong Tamasa.
ARTINYA : Menghindar diri dari amal perbuatan yang sudah menjadi kewajibannya, itu sama saja melupakan Darmanya. Sesungguhnya hal demikian itu sangat tidak baik, karena, menutup jalan yang mengarah kepada kesempurnaan hidup. Siapa saja yang dikarenakan kebodohannya, melupakan Darmanya, itu sebenarnya adalah orang Tamasa.
8. Tapa kang ditindakake jalaran saka wedi bakal nemu kasusahan, banjur ora diterusake, mopo, leren anggone nglakoni tugas kanthi ngeklas-ake uwohe panggawene, kawruhana yen Tiyagane wong iku dhedhasar Rajas. Laku kang mangkono iku ora ana gunane.
ARTINYA : Tapa yang dijalankan karena rasa takut akan mendapatkan kesusahan, kemudian tidak diteruskan, menyerah, berhenti dalam melaksanakan tugas dengan mengikhlaskan buah amal perbuatannya, ketahuilah bahwa Tiyaga dari orang itu berdasarkan Rajas. Perbuatan demikian itu, tidak da gunanya.
9. Nanging sapa kang jalaran ngrumangsani darbe kuwajiban, nglakoni kuwajibane mau sepi ing rasa marem lan pamrih bab uwohe, wong kang mangkono iku diarani wong Satwaka.
ARTINYA : Akan tetapi, siapa saja yang merasa bahwa mempunyai kewajiban, kemudian menjalankan kewajibannya itu  dan sudah sepi dari perasaan puas diri dan sepi dari pamrih tentang buah hasilnya, manusia yang seperti itu,disebut manusia Satwaka.
10. Dheweke ora wegah nglakoni panggawe kang abot-abot sanggane, lan uga ora ngarep-ngarep panggawe kang nyenengake. Sang Tiyaga kang mangkono iku, kang tansah linimputan dening dhasar-dhasar Satwa, tuhu wicaksana lan wus ora darbe rasa tidha-tidha maneh.
ARTINYA : Mereka itu tidak merasa malas untuk melakukan amal perbuatan yang sangat berat untuk dilakukannya, dan juga sudah tidak mengharapkan hanya pekerjaan yang menyenangkan saja. Yang mampu seperti itu, yang selalu dikuasai oleh Satwa, itu sungguh bijaksana dan tidak memiliki rasa ragu-ragu lagi.
11. Sajatine ora ana wong kang isih ngrasuk raga, kang bisa sepi babarpisan saka tumandhang. Mula mung wong kang ora ngarep-arep uwohe panggawe kang kena diarani wong kang wus mungkur ing donya.
ARTINYA : Sebenarnya tidak ada orang  yang masih memiliki raga, yang bisa kosong sama sekali dari amal perbuatan. Maka dari itu, hanya orang-orang yang tidak mengaharapkan buah dari amal perbuatannya yang bisa disebut manusia yang sudah meninggalkan urusan keduniaan.
12. Nyenegake, ora nyenengake utawa tiba tengah, telung rupa uwohe pakarti iku, tumrap jalma kang isih ngarep-ngarep uwohe panggawene. Jalma kang wus ngungkurake Donya ora mikirake anane uwoh mau.
ARTINYA : Menyenangkan, atau tidak menyenangkan atau ditengah-tengahnya, tiga macam buah dari perbuatan itu, bagi manusia yang masih mengaharapkan buah dari amal perbuatanny. Manusia yang sudah meninggal urusan keduniaan itu tidak memikirkan adanya buah dari amal perbuatannya.
13. Kawruhana, heh Prajurit sinakti, jalaraning pakarti iku ana limang prakara, yen dietung-etung, tumrap pakarti kang wus kalakon. Sapisan jalaran anane raga, Kapindhi anane kang ngobahake raga.
ARTINYA : Ketahuilah, Wahai prajurit sakti, yang menyebakan adanya perbuatan itu ada 5 macamnya, itu jika dihitung-hitung bagi amal perbuatan yang sudah dilakukan. Yang pertama itu, dikarenakan adanya raga, yang ke dua, dikarenankan adanya yang menggerakkan raga.
14. Kaing telune anane indriya lima, kaping papte anane sakeh daya kekuawatane alam, lan kaping limane Karsaning Pangeran.
ARTINYA : Yang ketiga, adanya Lima Indra, yang ke empat itu, adanya daya kekuatan alam, dan yang ke lima itu, atas kehendak Tuhan.
15. Panggawe apa wae kang dilakoni dening manungsa, nadyan ta mung dibatin, utawa mung dikandhakake, utawa dilakoni temenan, kanthi tujuan ala utawa becik, mesthi anane limang prakara mau kang dadi sebab bisane kalakon.
ARTINYA : Perbuatan apa saja yang dilakukan oleh manusia, walau hanya dalam hatinya saja, atau hanya dikatakan saja, atau benar-benar dilakukan, dengan bertujuan kebaikan atau keburukan, pasti dikarenakan lima macam tersebut, yang menjadi sebab agar bisa terjadi.
16. Mula sapa kang duwe rumangsa, yen dheweke ingkang ngrampungake panggawe mau, panemune iku kliru, jalaran isih tuna ing pangawikan.
ARTINYA : Maka dari itu, siapa yang masih merasa, bahwa dia itu yang menyelesaikan perbuatannya itu, pendapatnya adalah salah, karena masih sedikit sekali ilmunya.
17. Nanging jalma kang wus sepi ing angkarane, kang budine wus resik saka sakeh rereged, jalma kang mangkono iku, nadyan ngayahi dadi prajurit, dudu jalma kang gawe pepati, lan ora bakal dheweke nemahi akibat-akibat kang ora becik saka panggawene mau.
ARTINYA : Akan tetapi, manusia yang sudah tidak memiliki angkara lagi, yang budinya sudah bersih dari semua kotorannya, manusia yang seperti itu, walau paun harus menjadi prajurit, bukan manusisa yang membuat kematian, dan tidak akan dia itu menerima akibat-akibat yang tidak baik dikarenakan perbuatan membunuhnya itu.
18. Pangawikan, Kang darbeni pangawikan, lan samubarang kang gumelar, kawruhana, iku kang dadi pecuke sakeh pakarti. Kang nindakake pakarti, pakartine lan piranti-pirantine, telung prakara mau kudu ana supaya sawenehing panggawe bisa kalakon.
ARTINYA : Ilmu. Yang memiliki pengetahuan, dan semua yang ada, ketahuilah, itulah yang menjadi ujung dari perbuatan. Yang melakukan perbuatan, perbuatan dan segala sarananya yang tiga macam itu, itu harus ada agar supaya segala macam perbuatan bisa terlaksana.
19. Pangawikan, panggawe lan Kang tumindak, siji-sijine ana telung warna miturut dhasar gunane. Mara ta simaken kapriye kahanan siji lan sijine miturut Triguna.
ARTINYA : Ilmu pengetahuan, perbuatan dan yang berbuat, masing-masing dari itu ada tiga warnanya, berdasarkan gunanya. Mari dengarkan, bagaimana keadaannya antara satu dan lainnya menurut triguna.
20. Apa ingkang anjalari Kang Langgeng lan Tunggal bisa disipati jumenenge sajrone saben titah, wutuh sanadyan panggonane tanpa wilangan. Kawruhana pangawikan kang mangkono iku dhasare Satwa.
ARTINYA : Apakah yang menyebabkan, Yang Kekal adanya dan Maha Esa, bisa diketahui ada-Nya, yang berada di dalam semua mahluk, utuh walau pun bertempat di tempat yang tidak terbilang banyaknya. Ketahuilah Ilmu yang demikian itu, itu berdasarkan Satwa.
21. Nanging pangawikan kang ngretine mung kahanan kan maneka-neka, kang padha beda-beda kabeh, sakathahing titah ora ana gegayutane siji lan sijine, kawruhana pangawikan kang mangkono iku dhasare Rajas.
ARTINYA : Akan tetapi, Ilmu yang hanya bisa mengerti keadaan yang beraneka rupa, yang kesemuanya berbeda-beda, dan semua mahluk itu tidak ada hubungannya antara yang satu dengan yang lainnya, ketahuilah, ilmu yang demikian itu, itu berdasarkan Rajas.
22. Dene kang darbe panemu yen kawruhe dhewe iku nyukupi kanggo titah sajagad kabeh, sarta kanthi beguguk mutawaton ngukuhi panemune mau, sarta ngemohi panemune liyan, kawruhana yen pangawikan mangkono iki dhasare Tamas.
ARTINYA : Sedangkan yang mempunyai pendapat bahwa pengetahuannya yang ada di dirinya sudah cukup untuk mahluk di seluruh dunia, serta dengan kakunya, meyakini pendapatnya sendiri itu, serta menolak pendapat orang lain, ketahuilah, bahwa ilmu yang demikian itu berdasarkan Tamas.
23. Sapa kang tumandhang miturut prentahe darmane, lan ora ngarep-ngarep uwohe panggawene, kelakuane jalma ingkang mangkono iku dhasare Satwa.
ARTINYA : Siapa yang melakukan perbuatan karena mengikuti perintah darmanya, dan tidang mengharapkan buah hasil perbuatannya, kelakuan mahluk yang demikian itu, itu berdasarkan Satwa.
24. Nanging kang tumandhange saka ajakane pepenginan-pepenginan, kang nindhakake panggawene jalaran kasurung dening angkarane, lan terus-terusan nyambut gawe, ngliwati ingkang salumrah, ngaya, kawruhana kelakuaning jalma kang mangkono iku dhasare Rajas.
ARTINYA : Akan tetapi, jika perbuatannya atas ajakan keinginan dirinya, dan yang mengerjakan pekerjaannya dikarenakan terdorong oleh angkaranya, dan terus menerus bekerja, melewati yang seharusnya, memaksakan diri, ketahuilah baha kelakuan mahluk yang demikian itu, itu berdasarkan Rajas.
25. Kang ora merduli akibat-akibate pakartine, temahan gawe rugine utawa natoni atine wong liya, nindhakake panggawene nganggo sakarep-karepe dhewe, kawruhana yen kelakuane wong iku dhedhasar Tamas.
ARTINYA : Yang tidak memperdulikan akibat-akibat dari perbuatannya, yang pada akhirnya hanya merugikan dan menyakiti orang lain, dan melakukan pekerjaannya itu sekehendak hatinya sendiri, ketahuilah bahwa kelakuan orang terseebut, berdasarkan Tamas.
26. Kang ora tansah ngungasake angkarane, sepi ing rasa seneng marem, tansah teguh lan linimputan ing Iman kang kandel, ora keguh jroning malang utawa mujur, wong kang mangkono iku diarani pelaku Satwaka.
ARTINYA : Yang selalu tidak memperlihatkan angkaranya, tidak memiliki rasa senang dan puas, selalu kuat dan didasari ketebalan Iman, tidak terpengaruh dalam keadaan celaka atau kemujuran, orang yang demikian itu, disebut pelaku Satwaka.
27. Ngincih, kang diajab mung entuka kauntungan, srakah, daksiya ing budi, tansah ginonjang-ganjing dening bungah lan susah, wong ingkang mangkono iku diarani pelaku Rajas.
ARTINYA : Segalanya diperinci, yang dikejar hanya untuk mendapat untung, serakah, buruk budinya, selalu menjadi permainan senang dan susah, manusia yang seperti itu disebut pelaku Rajas.
28. Wong ingkang tumindak skarep-karep, ora kena dijagakake tindak-tanduke, kasar, bodho, julig, dhemen mblenjani, keset, sungkan, ngleler, wong iku diarani pelaku Tamasah.
ARTINYA : Manusia yang bertindak sekehendak hatinya sendiri, tidak bisa diharapkan atas kelakuannya, kasar, bodoh, seneng mengelak kesalahan, suka mengingkari, malas, sungkan, lambat, orang itu disebut pelaku Tamasah.
29. Nalar lan karsa iku uga ana telung prakara, heh Barata! Prayoga siji lan sijine Manira terangake marang sira, heh Dananjaya!.
ARTINYA : Nalar dan hasrat itu juga ada tiga jenis, wahai Bharata!  Sebaiknya antara satu dan satunya akan Ingsun jelaskan kepada dirimu, wahai Dananjaya!
30. Nalar kang wus bisa milahake anane kawigaten kang jumendhul, banjur metu tumuju marang jagadhing karameyan lan kawigaten kang jumedhul banjur mlebu tumuju marang jagading kasunyian, lan jalaran saka iku ngreti apa kang kudu dilakoni lan  apa kang kudu disingkiri, bisa mbedakake apa kang bisa nekakake katentreman; apa kang bisa nyupeketake lan apa kang bisa nuwuhake cecongkrahan, kawruhahana nalar kang mangkono iku dhedhasare Satwa.
ARTINYA : Penalaran yang sudah bisa menyaring-nyaring dengan menanggapi dari  apa yang muncul, kemudian keluar mengarah ke arah Dunia Ramai dan menanggapi atas yang ada kemudian masuk ke arah dunia kesunyian, dan oleh karena itu bisa mengerti dan memahami  apa yang harus dilakukan dan apa yang harus dihindari, bisa membedakan mana yang bisa mendatangkan ketenteraman, apa yang bisa meresahkan dan apa yang bisa menimbulkan perpecahan, ketahuilah, bahwa daya nalar yang demikian itu berdasarkan Satwa.
31. Nalar kang ora bisa mbedakake ala lan becik, apa kang kudu dilakoni lan apa kang kudu disingkiri, kawruhanan, heh Parta, yen nalar kang mangkono iku dhedhasar Tamas.
ARTINYA : Daya penalaran yang tidak bsia membedakan baik dan buruk, dan apa yang harus dilakukan dan yang harus ddihindari, ketahuilah wahai Parta! Bahwa penalaran yang demikian itu berdasar Tamas.
32. Kang pandulu batine linimputan dening pepeteng, nganti tumrape dheweke ala lan becik, kabeh dadi sungsang buwana balik, nalare wong kang mangkono iku dhedhasar Tamas.
ARTINYA : Yang penghilahatan mata hatinya tertutup oleh kegelapan, hingga bagi dirinya baik dan buruk, semuanya menjadi terbalik-balik, nalar pikiran orang itu berdasarkan Tamas,
33. Karsa kang tetep teguh, kena kinarya ngawasi obahe pangripta, mlebu metune napas, lan obah mosike indriya, jroning olah panunggal, kang tan kena dislewengake, kawruhana yen karsa mau dhedhasar Rajas.
ARTINYA : Hasrat yang tetap dan teguh, yang bisa untuk mengendalikan gerak pikiran, masuk dan keluarnya pernapasannya, dan getaran indranya, yang ketika melakukan dalam penyatuan yang tidak bisa diselewengkan, ketahuilah bahwa hasrat itu berdasarkan Rajas.
34. Dene sapa kang ing donya iki mung nuruti karepe napsune, tansah ngoyak kacekele semat, derajat lan keramat saking senenge utawa marga pangarep-arep bakal entuk manfaat, kawruhana yen wong kang mangkono iku karepe dhedhasar Rajas.
ARTINYA : Sedangkan barangsiapa yang di dunia ini hanya menuruti kehendak nafsunya, selalu menegejar Harta, Kekuasaan dan ketenaran, karena sangat mencintainya atau karena pengharapan bahwa akan mendapatkan manfaat, ketahuilah bahwa orang yang demikian itu hasratnya berdasarkan Rajas.
35. Dene uwong kang dhemene mung turu kanggo ngoncati rasa was-sumelang lan pikiran-pikiran kang gawe petenging ati, ora duwe pengarep-arep apa-apa, dhemene minum, madat, main lan sapanunggalane, kawruhana, heh Harjuna, yen wong iku karsane dhedhasar Tamas.
ARTINYA : Sedangkan manusia yang kesenangannya hanya tidur untuk menghidar dari rasa kuatir dan pikiran-pikiran yang membuat gelapnya hati, tidak mempunyai pengharapan apa saja, hobbynya minum, menghisap ganja, judi dan sejenisnya, ketahuilah wahai Harjuna, bahwa orang tersebut hasratnya didasari Tamas.
36, Saiki he trah Barata kang pinunjul, bab anane kanikmatan telung rupa, kang dadi kasenengane manungsa, marga padha duwe panemu, yen kanikmatan-kanikmatan mau bakal mungkasi kasusahan kang lagi disandhang.
ARTINYA : Sekarang wahai Keturunan Bharata yang terpilih, tentang kenikmatan yang tiga macam, yang menjadi kesenangan manusia, karena mereka berpendapat, bahwa kenikmatan-kenikmatan itu, akan menuntaskan semua yang dialaminya.
37. Apa ingkang sakawit rasane pahit, getir kaya upas, jebul wekasane rasane kaya banyu puruitasari, kawruhana yen kanikmatan kang mangkono iku dhasare Satwa, kang tuwuh saka pangaruhe budi lan atma.
ARTINYA : Apa yang asalnya terasa pahit, rasa menyengat bagaikan racun, yang sebenarnya pada akhirnya bagaikan ari puruitasari (Air kehidupan) rasanya, ketahuilah bahwa kenikmtan yang seperti itu, kenikmatan yang berdasarkan Satwa, yang tumbuh atas pengaruh Budi dan Atma.
38. Kanikmatan kang tuwuh saka mendeme indriya, ing sakawit rasane kaya banyu puruitasari, nanging wusanane, jebul dadi upas kang mandi, kawruhana yen kanikmatan kang mangkono iku watake Rajas.
ARTINYA : Kenikmatan yang brasadl dari kegilaan Panca Indara, pada awalnya terasa bagaikan air puruitasari (Air kehidupan), akan tetapi pada akhirnya, justru menjadi racun yang sangat ampuh, ketahuilah bahwa kenikmatan yang demikian itu, itu berasal dari watak Rajas.
39. Kang ing sakawit lan ing pungkasan padha wae, sanyata ora bisa aweh kamareman, kanikmatane wong kang keset lan mung dhemen turu, kawruhana yen kanikmatan kang mangkono iki dhedhasare Tamas.
ARTINYA : Yang pada mulanya dan yang di akhirnya itu sama saja, yang sebenarnya adalah tidak bisa memberi rasa puas, kenikmatan atas manusia yang pemalas dan hanya sengan tidur saja, ketahuilah bahwa kenikmatan yang demikian  itu, itu berdasarkan Tamas.
40. Sejajtine ora ana manungsa ing donya iki utawa para dewa ing kahyangan, kang terus-terusan bisa uwal saka pangaruhe Triguna.
ARTINYA : Sebenarnya, tidak ada manusia di dunia ini atau para Dewa di Kahyangan, yang terus menerus bisa melepaskan diri dari Triguna.
41. Uga panggawene para Sudra, Waisya, Satriya lan Brahmana, heh Parantapa, pilah-pilah miturut wateking guna kang aweh pengaruhe.
ARTINYA : Demikian juga pekerjaan para Sudra, Waisya, Satria dan Brahmana, wahai Parantapa, pilah-pilah dan pisah-pisahkanlah watak dari Guna, itu lah penyebab dari pengarauh itu semua.
42. Ngendhaleni angkarane, olah katentreman, tapa brata, nyenyuci budi, nindakake kajujuran, patuh lan telaten, olah pangawikan lan kawicaksanan, Iman marang Allah, kawruhana yen kabeh mau dadi panggawene para Brahmana.
ARTINYA : Mengendalikan angkaranya, mencari ketenteraman, bertapa, mesucikan budi, menjalankan kejujuran, patuh dan tekun, mencari ilmu dan kebijaksanaan, Iman kepada Allah, ketahuilah bahwa semua itu menjadi perbuatan para Brahmana.
43. Sabanjure kawruhana, yen kasudiran, kateguhan, katrampilan olah karidaning perang, tan ngerti ing mundur jroning perang tandhing, dhemen peparing lan kautaman, iku kabeh wewatakaning satriya. Denen kuwajibane para satriya iku mernata lan ngayomi angger-angger adeging urip bebrayan, murih negara bisa lestari kertaraharja.
ARTINYA : Kemudian ketahuilah, kekuatan, keteguhan, ketrampilan, dan kepandaian berperang, tidak mengenal mundur dari arena peperangan, suka berderma dan laku utama, itu semua adalah sifat seorang satria. Sedangkan kewajiban bagi para satria itu menata dan menjaga aturan-aturan dalam kehidupan bermasyarakat dan bernegara agar negara bisa terjaga dan tenteram.
44. Tani, nangkarake raja kaya, makarti gawe barang-barang kaperluwaning urip bebrayan (Industri), dagang lan sapanunggalane, kawruhana yen iku kuwajibane para waisya, lan magawe miturut prentahe liyan, yaiku buruh, iku dadi kuwajibane para Sudra.
ARTINYA : Bertani, mengembang-bikana hewan ternak, membuat barang-barang untuk keperluan hidup bermasayarakat (Industri), berdagang dan sebagainya, ketahuilah bahwa itu adalah kewajiban para Waisya, dan bekerja atas perintah orang lain, yaitu buruh, karyawan, itulah kewajiban para Sudra.
45. Manawa kabeh wong iku nglakoni kuwajibane dhewe-dhewe, mesthi dheweke bisa nyandak gegayuhan kang luhur dhewe. Marma midhangetake kapriye bisane saben tindak entuk kasampurnan.
ARTINYA : Jika semua manusia itu melakukan kewajibannya masing-masing, partilah mereka itu bisa berhasil atas apa yang dicita-citakan yang paling luhur. Dengarkanlah bagaimana caranya bahwa dalam tiap tindakannya akan mencapai kesempurnaan.
46. Sarana ngalembana kang dadi mulabukane kabeh kang gumelar iki, lan nglakoni panggawe-panggawe kang dadi kuwajibaning uripe, manungsa mesthi tumeka ing kasampurnan.
ARTINYA : Dengan cara hanya memuji kepada yang mencipta atas semua yang tergelar ini, dan menjalankan kewajiban-kewajiban hidupnya, maka manusia akan bisa mencapai kesempuranaan.
47. Luwih becik nglakoni dharmane dhewe, nadyan ta mung remeh banget, tinimbang karo nindhakake kuwajibane wong liya kang minulya lan entuk ngaji-aji wong akeh. Manungsa kang tansah ngrampungake darmane dhewe, mesthi luput ing dosa.
ARTINYA : Lebih baik mengerjakan kewajiban sendiri, walau pun sangat sepele, dibanding dengan menjalankan kewajiban orang lain walau perbuatan mula hingga mendapatkan penghormatan dari oeng banyak. Manusia yang selalu menyelesaikan kewajiban hidupnya sendiri, pasti terhindar dari dosa.
48. Karma utawa panggawe-panggawe kang dadi kuwajibaning urip jalaran saka papestehn, gandheng karo lingkungan kelahiran, iku kudu di rampungake, sanadyan ta susah banget anggone nglakoni. Kaya dene urubing geni kang linimputan dening kukus, panggawe-panggawe kang dadi kuwajiban  iku katone kurang nyenengake.
ARTINYA : Karma atau pekerjaan-pekerjaan yang menjadi kewajiban hidup dikarenakan sudah ketetapan, yang menyatu dengan lingkungan di mana di lahirkan, itu harus diselesaikan, walau pun teramat sangat sulit untuk dikerjakan. Bagaikan nyala api yang tertutup asap, pekerjaan-pekerjaan yang menjadi kewajiban itu, kelihatannya tidak menyenangkan.
49. Kang budine wus luwar saka sakeh bebandhan, lan kang tansah nguwasani pribadine, lan kang  wus tanpa pepenginan, iku mesthi tumeka ing kasampurnan. Wong mangkono iku tuhu wus mungkur ing donya.
ARTINYA : Yang budinya sudah terlepas dari ikatan, dan yang selalu bisa mengendalikan diri, dan yang sudah tidak mempunyai keinginan, itu pasti akan sampai kepada kesempurnaan. Manusisa yang demikian itu, sungguh! Sudah terlepas daru urusan dunia.
50.  Lan sapa kang entuk kasampurnan, mesthi ya wus manunggal karo Brahma. Prayoga kahanan ingkang luhur dhewe iki, Manira terangake marang sira.
ARTINYA : Dan siapa saja yang telah mencapai kesempurnaan, sama saja telah menyatu dengan Brahma. Dan ada baiknya, keadaan yang paling luhur ini, Ingsun jelaskan ke pada dirimu.
51 .Kang wus bisa manunggal jalaran saka sucine budine, lan kanthi teguhing karsa nguwasani pribadine, sarta ora keguh maneh dening sakeh kahananing urip, ora dhemen ora gething.
ARTINYA : Yang sudah bisa menyatu yang dikarenakan kesucian Budinya, dan dengan kekeuatan tekadnya dalam menguasai pribadinya, serta sudah tidak terpengaruh oleh suasana kehidupan, tidak menyenangi tidak membenci.
52. Dhemen dumunung ing sepi, sinartan pangan kang prasaja lan pininta, nguwasani obahing raga, mlebu metune napas, wijiling pangandika lan osiking jiwane, ora kendhat mbudi panunggal minagka tandha bektine marang kang ngayomi uripe.
ARTINYA : Senang di tempat kesunyian, dengan makan apa adanya dan dengan ukuran, mengendalikan bergeraknya raga, dan keluar masuk pernapasannya, keluarnya perkataannya dan cetusan jiwanya, tidak terputus dalam penyatuannya sebagai tanda bakti kepada Sang Pelindung Hidupnya
53. Kang wus bisa nyingkirake angkarane, watek dakmenang, dhemen muring-muring, takabur, kamurkan lan pepenginan-pepenginan, sarta tansah ana sajroning katentreman, lan narima ing pandum, manungsa kang mangkono iku wus siyaga manjing ing jatining Brahma.
ARTINYA : Yang sudah membuang angkaranya, watak ingin menang sendiri, suka marah-marah, sombong, murka dan segala keinginan diri, dan selalu dalam ketenangan, dan ikhlas menerima takdir, manusia yang seperti itu, itu sudah disiapkan untuk masuk ke dalam kesejatian Brahma.
54. Yen dheweke wus manunggal karo Hyang Brahma, sajroning katentremaning jiwane, dheweke wus ora duwe pepenginan maneh, sarta wus ora bisa kataman ing rasa was sumelang lan susah sedhih.
ARTINYA : Jika dia itu sudah menyatu dengan Hyang Brahma, di dalam ketenangan jiwanya, dia itu sudah tidak memiliki keinginan lagi, serta sudah tidak bisa dipengaruhi oleh rasa kuatir dan susah sedih.
55. Lan jalaran saka bektine kang tansah tumuju marang Manira, dheweke bisa jumbuh karo Manira, lan uga bisa njajagi Dat Manira. Lan sapa kang bisa meruhi dat Manira, mesthine uga bisa manjing ing Dat.
ARTINYA : Dan dikarenakan kepatuhannya yang hanya ditujukan kepada Ingsun, maka dia akan bisa menyatu dengan Ingsun, dan bisa memahami Dzat Ingsun. Dan siapa yang sudah bisa melihat Dzat Ingsun, tentunya akan bisa masuk ke dalam Dzat.
56. Sapa kang tansah nglakoni lan ngrampungake kabeh panggawe kang dadi kuwajibane, kanthi tansah ngayom marang Manira, karana sih Manira, dheweke ing wekasan bisa manjing ing Swiji kang tan kena ing rusak.
ARTINYA : Siaa saja yang selalu menjalankan dan menyelesaikan semua pekerjaan yang menjadi kewajibannya, dengan hanya berlindung kepada Ingsun, karena Maha Kasih Ingsun, dia itu pada akhirnya bisa masuk ke dalam Yang Esa yang tidak terkena rusak.
57. Pramula panggawe apa wae kang kudu sira lakoni, lakonana ing sajroning pangriptanira minangka tandha bektinira marang Manira. Aja mingset anggonira ngudi panunggal lumantar bangkite budinira, sarana jiwanira tansah tumanem ing Manira.
ARTINYA : Maka dari itu pekerjaan apa saja yang harus kamu kerjakan, maka kerjakanlah dan di dalam pikiranmu hanya sebagai tanda bakti dan hanya kepada Ingsun saja. Jangan menghidnar dalam pencarianmu dengan cara membangkitkan Budi di dirimu, dengan cara jiwamu tanpa henti hanya mengingat Ingsun.
58. Yen sakeh pangriptanira tansah tumuju marang Manira, mesthi sira tansah Manira ayomi. Nanging yen karana angkaranira sing tansah mbudgeg, ora gelem ngrungokake marang pitutur kang becik, akhire sira bakal nemahi kaleburan.
ARTINYA : Jika semua pikiranmu hanya ingat kepada Ingsun, pasti dirimu selalu dalam lindungan Ingsun. Akan tetapi jika dikarenakan angkaramu yang selalu tidak mau mendengar, tidak mau mendengarkan atas nasihat yang baik, pada akhirnya dirimu akan menemui kehancuran.
59. Nadyan sira dhedhelikan ing sajroning pagedhongan wesi, sarta ngoncati palagan jalaran saka derdahe batinira, mangkono iku sajatine tanpa guna sebab kahananing lalakon bakal meksa sira nindakake peperangan.
ARTINYA : Walau pun kamu bersembunyi di dalam geung yang terbuat dari besi, serta melarikan diri dari pertempuran dikarenakan adanya peperangan di dalam hatimu sendiri, hal itu sebenarnya tidak ada gunanya, karena cerita hidup akan memaksa dirimu untuk tetap berperang.
60. Cinancang dening kodrating pribadi, sira kapeksa kudu nindakake tugasira. Kuwajiban kang sira lirwakake jalaran saka bodhonira, gelem ora gelem, ora wurung kudu sira lakoni.
ARTINYA : Terikat oleh garistakdirnya sendiri, kamu dipaksa harus melakukan tugasmu. Kewajiban yang kamu abaikan dikarenakan kebodohanmu, mau tidak mau, pasti harus kamu kerjakan.
61. Allah iku jumeneng ing ati sanubarining saben titah, lan ngobahake kabeh titah miturut laku jantrane dhewe-dhewe.
ARTINYA : Allah itu bersinggasana di dalam hati sanubari semua mahluk, dan menggerakan semua mahluk sesuai  dengan garis hidupnya sendiri-sendiri.
62. Mula nyuwun pitulungane utawa pangayomane Pangeranira, kanthi sumarah ing Panjenengane, heh Barata, Karana palimarmane, sira bakal oleh kamulyan, ing katentreman kang langgeng.
ARTINYA : Maka dari itu mohonlah pertolongan atau berlindunglah hanya kepada tuhan-mu, dengan berserah diri hanya kepada-Nya, wahai Bharata! Karena atas Ijin-Nya, dirimu akan mendapatkan kemuliaan dan ketenangan yang kekal.
63. Mangkono gelaraning kawruh kang dadi wadining wadi. Mula yen sira wus bisa nampa kabeh mau sarana gamblang, enggal tumandhanga miturut pakone atinira.
ARTINYA : Itulah penjabaran Ilmu yang menjadi rahasia yang tersembunyi. Maka dari itu, jika dirimu sudah bisa menerima dan memahami kesemuanya itu dengan sebenar-benarnya, segeralah lakukan sesuai perintah  dan pedoman yang ada di dalam hatimu.
64. Lan saiki rungokna wadi Manira kang linuhur, kang nedya Manira wedharake marang sira. Kawruhana sira iku kekasih Manira. Mula apa kang Manira gelarake iki, muga-muga neguhake karahayonira.
ARTINYA : Dan sekarang, dengarkanlah Rahasia Ingsun yang sangat Tinggi, yang ingin Ingsun perlihatkan kepada dirimu. Ketahuilah, dirimu itu kekasih Ingsun, Maka dari itu apa yang Ingsun jabarkan ini, semoga meneguhkan keyakinanmu.
65. Kanthi pangritanira tansah tumanem ing Manira, asunga bekti marang Manira, kurbana marang Manira. Manira ora bakal mblenjani janji Maniraiki, heh mitra Manira.
ARTINYA : Dengan pengertianmu yang hanya selalu mengingat Ingsun, berilah baktimu hanya kepada Ingsun. Berkubanlah hanya kepada Ingsun. Ingsun tidak akan ingkar janji, atas janji Ingsun sendiri, Wahai kekasih Ingsun.
66. Sajrone nglakoni darmanira, pasrahna pepesthenira marang Manira, sarana nyumanggakake karahayoning uripira marang Manira. Mesthi Manira bakal ngluwari sira saka sakeh dosa. Mula singkirana sungkawanira.
ARTINYA : Dalam menjalankan darma hidupmu, serahkanlah takdirmu hanya kepada Ingsun, Dengan cara berserah diri atas keselamatan hidup hanya kepada Ingsun, Tentu Ingsun akan melepaskan dirimu dari segala dosa. Maka dari itu, hilangkanlah kesedehinamu.
67. Dingati-ati, aja nganti sira ngandhakake apa kang Manira wecakake iki marang sapa wae, kang ora gelem sumarah marang Manira lan ora gelem nglakoni prihatin, utawa marang sapa kang ora mbutuhake, utawa kang ora darbe Iman marang Manira.
ARTINYA : Berhati-hatilah, jangan sampai dirimu menceritakan apa yang Ingsun ungkapkan ini kepada siapa saja yang tidak mau berserah diri hanya kekapa Ingsun dan tidak mau mejalankan keprihatinan, atau kepada siapa saja yang tidak membutuhkannya, atau kepada yang tidak mempunyai Iman kepada Ingsun.
68. Sapa kang nerang-nerangake wadi Manira kang adiluhur iki marang wong-wong kang padha asung bekti marang Manira, iku mesthi ora suwe banjur manunggal karo Manira.
ARTINYA : Siapa yang mengatakan rahasi Ingsun yang sangat luhur ini kepada orang-orang yang memberikan baktinya hanya kepada Ingsun, itu pasti tidak akan lama akan mneyatu dengan Ingsun.
69. Sebab ing antarane para manungsa ora ana kang panggawene luwih becik, miturut panemu Manira, tinimbang karo wong iku. Mula ing salumahing bumi ora ana titah kang luwih Manira tresnani tinimbang karo dheweke,
ARTINYA : Hal itu dikarenakan, bahwa di antara para manusia, tidak ada yang perbuatannya lebih baik menurut Ingsun, dengan manusia itu. Sehingga di atas bumi tidak ada mahluk yang lebih Ingsun cintai ddibanding dengan dia
70. Sapa kang tansah mbudidaya bisane netepi piwulang kang winaca ing lawan sabda kita iki, iku prasasat asung kurban kang rupa kawicaksanan marang Manira, kurban iku kurban kang becik dhewe.
ARTINYA : Siapa saja yang selalu berusaha untuk bisa menjalankan ajaran yang bisa dibaca dari pembicaraan kita ini, itu bagaikan mempersembahkan kurban yang berupa kebijaksanaan kepada Ingsun, kurban yang demikian itu adalah kurbak terbaik.
71. Sapa kang kanthi Iman ingkang kandhas ing telenging atine, ngrukokake lawan sabda kita iki, iku bakal sinucekake lan linuwaran, lan bakal pinaringan padunungan ingkang adiluhur, yaiku suwargane para suci.
ARTINYA : Siapa saja yang dengan Iman yang menembus di dasar hatinya, mendengarkan tutur kata kita ini, itu akan disucikan dan akan dibebaskan, dan akan memperoleh teempat yang sangat tinggi, yaitu di Surga para Suci.
72. Heh Parta! Apa sira wus ngrukokake lan bisa nampa kanthi mathenging jiwanira apa kang Manira wedharake iki? Apa saiki pepeteng kang ngalang-alangi panggrahitanira wus sirna, Heh Dananjaya?
ARTINYA : Wahai Parta! Apakah dirimu telah mendengar dan bisa menerima dengan kematangan jiwamu apa yang Ingsun tuturkan ini? Apakah sekarang, kegelapan yang menghalang-halangi pikiranmu telah sirna, Wahai Dananjaya?
73. Harjuna matur : “Sampun sirna babarpisan Pangrahita kawula sampun bagkit margi saking palimara Paduka, dhuh Atiyuta! Sapunika sampun mantep manah kawula, sarta kawula badhe tumindak miturut dhwuh Paduka”.
ARTINYA : Harjuna berkata : “Telah hilang semuanya. Pikiran hamba telah bangkit karena telah mendapat perkenan Paduka, Wahai Atiyuta! Sekarang  hatiku sudah mantap, serta hamba akan bertindak mengikuti petunjuk Paduka.”
74. Sanjaya matur : “Kawula saged mirengaken pangandika ingkang mijil saking tutukipun Sang Wasudewa tumuju dhateng Sang Parta ingkang tuhu luhur bebudenipun, pangandika ingkang sanget ngeram-eramaken saha damel njegraging rikma.
ARTINYA : Sanjaya berkata : “Hamba bisa mendengarkan tutur kata yang keluar dari mulut Sang Wasudewa yang ditujukan kepada Sang Parta yang sangat suci budinya, tutur kata yang sangat mengagumkan serta membuat berdiri seluruh rambut.
75. Saking palimarmanipun Sang Wiyasa, pangandika kang medharaken wadining-wadi ingkang adiluhur. Inggih punika latihan-latihan minangka nggayuh sampurnaning gesang, saged kula tampi saking Pangeran ingkang misesa gesang piyambak.
ARTINYA : Atas perkenan Sang Wiyasa, pembicaraan yang menjabarkan Rahasia di atas rahasia yang sangat luhur, yaitu cara latihan-latihan untuk menggapai kesempurnaan hidup, bisa hamba terima dari Tuhan yang menguasai hidup-Nya sendiri.
76. Dhuh Sang Prabu! Saben-saben kula kemutan lawan sabdanipun Sang Kesyawa lan Sang Harjuna, kapranan, trenyuh sanget manah kawula, margi katuwuhan marem lan bingah ingkang tanpa upami.
ARTINYA : Wahai Sang Raja! Setiap saya ingat tutur kata antara Sang Kesyawa dan Sang Harjuna, sangat kasmaran dan tersentuh hati hamba, karena tumbuhnya rasa puas dan bahagia yang tidak ada bandingnya.
77. Saben-saben manawi kula manah-manah kawujudan Sang Harimurti, ingkang tuhu Agung lan ngedep-edhapaken wau, kapranan malih manah kawula lan kawula lajeng saged ngraosaken malih kanikmatan ingkang boten wonten pindhanipun.
ARTINYA : Setiap jika saya bayang-bayangkan ujud dari Sang Harimurti, yang sangat Agung dan sangat berwibawa itu, kembali kasmaran hatiku dan hamba kemudian bsia merasakan lagi rasa nikmat yang tidak bisa digambarkan.
78. Ing pundi jumenengipun Sang Kresna, Gusti ning Yoga lan Sang Parta ingkang mboten nate pisah kaliyan gandhewanipun, ing riku tuhu dumununganipun Jaya Kawijayan, Kamulyan lan Karahayon. Punika sampun mboten wonten tidha-tidhanipun malih”><><>
ARTINYA : Di manakah tempat Sang Kresna. Tuhan dari para Yoga dan Dan Sang Parta yang tidak pernah berpisah dengan gendewanya, di situlah tempatnya kesaktian, Kemuliaan dan Keselamatan. Hal itu sudah tidak ada keragu-raguan lagi.

Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Wolulas, winastan : Panunggal Lumantar Ngungkuraken Donya.

<*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*
<*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*
<*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*
Tamat. Serat Bagawad Gita. Pangalembana konjuk dhumateng Sang Kresna kang Suci. Karahayon lan Katentreman mugi tuwuh ing Jagad. Aum... Aum...Aum.
Kota Sepanjang – Sidaorjo, 13 Maret 2015 – Hari Jum’at Legi. Jam. 15.06  WIB.
<*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*><*


Tidak ada komentar:

Posting Komentar