Dan membangun manusia itu, seharusnya dilakukan sebelum membangun apa pun. Dan itulah yang dibutuhkan oleh semua bangsa.
Dan ada sebuah pendapat yang mengatakan, bahwa apabila ingin menghancurkan peradaban suatu bangsa, ada tiga cara untuk melakukannya, yaitu:

Hancurkan tatanan keluarga.
Hancurkan pendidikan.
Hancurkan keteladanan dari para tokoh masyarakat dan rohaniawan.

Senin, 02 Maret 2015

Nasihat Bhagavad Gita dalam Bahasa Jawa dan Indonesia


BAGAWAD  GITA
Penulis : Drs. Ir. R.M.S. Suryo Hudoyo
Penerbit : Yayasan “Djojo Bojo” Surabaya
Penyadur  dan penerjemah : Pujo Pryitno

1.    VISHADA  YOGA
Wejangan ingkang kaping Sapisan
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Sungkawa
(Ajaran Yang Pertama)
Menyatu Dengan Tuhan Melalui Kesedihan

Sampun ka aturaken, bilih Surat Bagawad Gita punika nggelaraken Ilmu kasunyatan utawi ilmu Hakikat, minangka sangu ingkang boten kenging katilar tumrap manungsa ingkang nedya ngrampungaken evolusinipun, wangsul dhateng kasidan jati, sarana Panunggaling Kawula Gusti.
ARTINYA :  Telah disampaikan bahwa Buku Bhagavad Gita adalah menguraikan Ilmu Yang Nyata atau Ilmu Hakikat, sebagai bekal yang tidak bsia ditinggal bagi manusia yang berniat menyempurnakan Evolusinya, pulang kembali ke asalnya dengan cara menyatunya Hamaba dengan Tuhannya.
Ilmu punakia kawedharaken dening Sri Bathara Kresna (Pangeran) dumateng Sang Harjuna (Manungsa Agung), nalika badhe tapuking Perang Brata Yuda (Perang pambrastaning Angkar lan Murka)
ARTINYA : Ilmu ini digelar oleh Sri Bathara Kresna (Pangeran) kepada Sang Harjuna (Manusia Agung),  ketika akan terjadinya perang Bharata Yuda (perang untuk membasmi Angkara Murka).
Supados Prabu Drestharata saged nyekseni lamaphing paprangan, Sanjaya pepatih dalem Prabu Drestarata dening Bagawan Abiyasa kaparingan Aji Panrawangan, supados saged nyariosaken lampahing paprangan saking Kraton Ngastina, dhumateng Prabu Drestharata.
ARTINYA : Agar Prabu Drestharata yang buta bisa menyaksikan apa yang terjadi di dalam peperangan, Sanjaya patih dari Prabu Drestarata oleh Bagawan Abiyasa diberi Aji Panrawangan (untuk  bisa melihat dari jauh) agar bisa menceritakan apa yang terjadi di dalam perang dari Istana Raja Ngastina, kepada Raja Drestharata.
Prabu Drestharata ndangu : ARTINYA : Raja Drestharata bertanya :
1.         “Heh Sanjaya! Ing medhan Kuruksetra, medhan perjuangan, apa wae kang lagi di tindakake dening putra-putra Manira lan putra-putrane Yayi Pandhu, kang wus padha nglimpuk ing kono, sinurung ing semangat tempur kang makantar-kantar?”.
ARTINYA : Wahai Sanjjaya, Di medan laga Kurusetra, medan untuk berjuang, apasa yang sedang dilakukan oleh Putra-putraku dan putra-putra dari Adik Pandhu, yang sudah berkumpul di tempat itu, terdorong oleh semangat tempur yang bergelora?”
2.         Sanjaya matur : “dhuh sang Prabu, sasampunipun maspadakaken pancakbarisipun wadyabala Pandhawa, putra Paduka Prabu Anom duryudana tumuli nyelaki sang Guru Durna, saha lajeng ngandika :
ARTINYA : Sanjaya menjawab : “ “Wahai Sang Raja, setelah saya perhatikan tata baris pasukan Pandhawa, Putra paduka Raja Muda Duryudana kemudian mendekati Sang Guru Durna, yang kemudian berkata.”
3.         “Dhuh Bapa Guru! Mugi kawaspadakna Wadya bala Pandhawa, ingkang tuhu nggegilani, ingkang bebarisanipun katata dening siswa paduka sang Drupada kanthi wicaksana, siyaga nggempur mungsuh.
ARTINYA : “Wahai Guru hamba! Silahkan perhatikan pasukan Pandhawa, yang sungguh menakutkan, yang barisan pasukannya ditata oleh siswa paduka, Sang Drupada dengan bijaksana, bersiap untuk menggempur musuh.
4.         Tuhu kusumaning palagan sadaya para pangembat jemparing punika, mboten beda kaliyan Harjuna lan Bima, kadosta : Yuyudan, Wiratha, lan Drupada, ingkang sadaya sami tetumpakan wahana ingkang ageng-ageng.
ARTINYA : Sungguh semuanya adalah pilihan di medan laga, dan pasukan panah itu, tidak ada bedanya dengan Harjun dan bima, yaitu : Yuyudana, Wiratha dan Drupada, yang kesmuanya menaiki kereta yang gagah perkasa.
5.         Salajengipun, Dresthaketu, Cikatana nata ing Kasi, ingkang wanter wantu watakipun, lajeng Purijit lan Kunthiboja lan Saibiya, bebanthenging para prajurit.
ARTINYA : Kemudian Drestaketu, Cikatana raja dari Kasi, yang sangat keras wataknya, kemudian para prajurit dan Kunthiboja dan juga Saibiya, sebagai bentengnya pasukan.
6.         Yudamanyu ingkang gagah prakosa, Utamanya ingkang sampun kondhang kasudiranipun, para kadangipun Drupada lan Subadra, sadaya sami tetumpakan wahana ingkang ageng-ageng.
ARTINYA : Yudamanyu yang gagah perkasa, Utamanya yang sudah terkenal kesaktiannya, yaitu saudara dari Drupada dan Subadra, semuanya menaiki Kereta yang besar-besar,
7.         Minangka tandhingipun, para sinatriya ingkang sampun sami kepareng mbiyantu kita, kanthi ngetohaken jiwa raga bandha bau, tetungguling wadyabala kita, para senapati kita, keparenga kula sebutaken satunggal-satunggalipun.
ARTINYA : Sebagai lawannya, adalah para satria yang diperkenankan membantu pasukan kita, dengan mengorbankan jiwa raga harta dan tenaga, Para pemimpin pasukan kita, para Senopati kita, ijinkanlah akan sebutkan satu per satu.
8.         Ing sakawit Paduka piyambak, Baba Guru lajeng eyang Bisma, raka adipati Karno, Bapa Kerpa ingkang ing palagan tansah unggul juritipun, lajeng Aswatama, Wikarna, Somadati lan Jayadrata.
ARTINYA : Yang pertama adalah Paduka sendiri, Bapa Guru kemudian Eyang Bisma, Kakak Adipati Karno, Bapak Krepa yang di setiap peperangan selalu memang, kemudian Aswatama, Wikarna, Somadati dan Jayadrata.
9.         Lan taksih kathah sanget malih, para kusumaning perang, ingkang sami sukarila ngurbanaken jiwa raganipun, nglabeti lestantunipun jumeneng Manira iang praja Ngastina, siyaga gegaman ingkang maneka rupa, sadaya sami limpat ing olah kridhaning perang.
ARTINYA : Dan masih banyak lagi, para kusuma perang, yang dengan rela mengorbankan jiwa raganya, membela kewibawaan paduka untuk tetap menjadi raja Ngastina, siap dengan segala senjata yang beraneka rupa, semuanya ahli dan ilmu perang.
10.     Punapa kinten-kinten wadyabala kita, ingkang tinindhihan dening eyang Bisma, kiyat naggulangi panggempuring mengsah, igkang cetha sampun siyaga ing samudayanipun, sarta kapimpin dening Bima?
ARTINYA : Apakah kira-kira pasukan kita yang didukung oleh Eyang Bisma, bisa menanggulangi serangan musuh, yang sudah mempersiapkan segalanya dan dimpimpin oleh Bima?
11.     Mila sinten kemawon, sampun ngntos nilar pakemitanipun, nglirwakaen tugas kuwajibanipun, saha sami kersa-a ing sawanci-wanci asung pitulungan dumateng eyang Bisma.
ARTINYA : Maka dari itu, jangan sampai ada yang meninggalkan tempat penjagaan, meninggalkan tugas kewajibannya, dan juga bersedia membantu dalam setiap waktu untuk memberikan bantuan kepada Eyang Bisma.
12.     Murih damel ageng lan bombonging panggalihipun putra Padhuka, Sang Bisma, pinisepuh para Kurawa, nuli nyebul selompretipun. Ungelipun lir panggemboring singbarong, ngantos damel horeging angkasa.
ARTINYA : Agar membesarkan hati putra Paduka, Sang Bisma sesepuh para Kurawa, kemudian meniup terompetnya, yang bunyinya bagaikan raungan Singa jantan, hingga membuat bergetarnya angkasa.
13.     Gong, bendhe, beri, slompret, tambur, terbang saking pakuwon-pakuwon ing kiwa tengen, wingking, ngajeng, sami sesautan, ngejori panyelompretipun Sang Bisma, ngantos sundhul ing awiyat.
ARTINYA : Gong, bendhe, beri, terompet, tambur, terbang, dari penjagaan di kanan kiri, belakang, depan semua bersautan, mendukung suara terompet Sang Bisma hingga menembus langit.
14.     Minagka jawabaning panantang wau, Madawa (Trahing Madu = Kresna) lan Pandhusiwi (Harjuna, ingkang tetumpakan wahana tinarik dening kuda-kuda ingkang dhawuk warninipun serta bregas lan trengginas trajangipun, lajeng sami nyebul slompretipun piyambak-piyambak, pusaka-pusaka ampuh, ingkang ageng prabawanipun.
ARTINYA : Sebagai jawaban atas tantangan tersebut, Madawa (Bersifat madu = Krena) dan Pandhusiwi 9Harjuna), yang menaiki kereta yang ditarik oleh kuda-kuda yang dhawuk warnanya serta gagah dan lincah gerakannya, kemudian sama-sama meniup terompetnya sendiri-sendiri, dan pusaka-pusaka ampuh yang sangat besar wibawanya.
15.     Hersi Kesya (Kresna) nyebul slompretipun ingkang winastan Pancajanya (kasunyatan lima), Dananjaya nyebul slopretipun winastan Dewadatta (Peparinging Jawata), Bima slopretipun ingkang aran Pahundra (Pangggendir).
ARTINYA :  Hersi Kesya (Krena) meniup terompetnya yang bernama Pancajanya (Kenyataan lima) dananjaya meniup terompetnya yang bernama Dewadata (Pemberian Dewa) Bima dengan terompet yang bernama Pahundra (Tandir).
16.     Yudhistira utawi Kunthiputra nyebul slompretipun Anantawijaya (Papesthen kang luwih luhur) Sadewa lan Nakula sami nyebul slompretipun ingkang aran Sugosa (Larasing gesang lan manipuspaka (Mutiaraning kembang).
ARTINYA : Yudhistira atau Kunthiputra terompetnya bernama Anantawijaya (Kepastian yang sangat luhur) Sadewa dan Nakula bersama-sama meniup terompetnya yang bernama Sugosa (Keselerasan hidup) dan Manipuspaka (Mutiara bunga).
17.     Makaten ugi Kesya ingkang nyangking gandhewa ageng lan Syikandi ingkang tetumpakan wahana, wiratha, Drestajumena ln Satyaki ingkang luber ing kasudiran.
ARTINYA : Demikian juga Kesya yang membawa gendewa besar dan Syikandi yang menaiki kereta, Wiratha, Drestajumena, Setyaki yang banyak sekali kelebihannya.
18.     Para santananipun Drupada lan Drupada piyambak, Saubadra ingkang pothok pawakanipun, sadaya wau sami nyebul slompretipun piyambak-piyambak lanpa kendel.
ARTINYA : Para saudara Drupada dan Drupada sendiri, Subadra yang kuat bentuk tubuhnya, kesemuanya bersama-sama meniup terompetnya masing-masing tanpa henti.
19.     Ingkang damel horeging bumi lan langit, saha damel kekes lan girising penggalihipun para satukurawa.
ARTINYA : Yang membut bergetarnya bumi dan langit, serta membuat ciutnya nyali dan rasa ketakutan di hati para pasukan Kurawa.
20.     Mulat wadyabalanipun Kurawa Ngastina lan para sekutunipun, Sang Harjuna ingkang umbul-umbulipun sinulaman gambaring wanara, nuli ngasta gandhewanipun.
Melihat pasukan Kurawa Ngastina dan para sekutunya, sang Harjuna yang benderanya disulam gambar kera, kemudan mengambil gendewanya.
21.     Saha lajeng matur dhumateng Sri Kresna, Nata Agung Hrsi Kesya: “Dhuh Aciyut, kersaa mapanaken kareta kawula ing tengah-tengahipun medhan laga, antawisipun wadyabala kekalih.
ARTINYA : Yang kemudian memohon kepada Sri Kresna, Raja Agung Hrsi Kesya : “Wahai Aciyut, Saya mohon berkenan menempatkan kereta hamba di tengah-tengah medan laga, di antara kedua pasukan.
22.     Supados kula saged maspadakaken sinten-sinten kemawon ingkang sami ngajab-ngajab dados lawan kawula.
ARTINYA : Agar hamba bisa melihat siapa saja yang berharap menjadi lawan hamba.
23.     Kula kepengin nyumerepi sinten kemawon iangkang sampun siyaga ing ngriki, mbombong penggalihipun kaka prabu Duryudana, panjalmaning Murka, sarana ngatingalaken greget tempur ingkang makanthar-kanthar.
ARTINYA : Hamba ingin mengetahui siapa saja yang sudah bersiap-siap di sini, untuk menyenangkan hati kakak Raja Duryudana, penjemaan dari angkara murka, dengan memperlihatkan semangat tempat yang menyala-nyala.
24.     Sanjaya matur : “Sasampunipun midhanget aturipun Gudha Kesya, Hrsi Kesya tumunten nglamapahaken tutungguling kereta perang dhumateng tengah-tengahing medhan laga.
ARTINYA : Sanjanya menyapikan : “ setelah mendengar permohonan Gudha Kesya (Harjuna), Hrsi Kesya (Kresna) kemudian menjalankan pemimpin Kereta perang menuju ke tengah-tengah medan laga.
25.     Mboten tebih saking jumenegipun Resi Drona lan para nataning bawana, saha lajeng paring dhawuh: : Heh Parta, mara ta waspadakna salwiring wadyabala Ngastina lan para senapatine!”.
ARTINYA : Tidak jauh dari tempat berdiri Resi Drona dan para raja-raja sedunia, kemudian memberi perintah : Wahai Parta (Harjuna) silahkan perhatikan semua para psukan Ngastina dan semua senopatinya.
26.     Ing riku sang Parta nuli priksa para kadang kadeyan. Wonteng ingkang kaprenah uwa, paman, paman lan uwa saking ibu lan saking bapa, nak sanak, keponakan lan putu naksanak lan sapanunggalanipun, saha ugi para guru.
Ketika itu sang Parta (Harjuna) kemudian memeriksa para kerabatnya, ada yang uwa, paman, paman dan uwa dari ibu dan dari ayah, para keponakan dan cucu keponakan dan sebagainya dan juga para gurunya.
27.     Salajengipun para bapa marasepuh, mitra mitra lan para tepangan tanpa wicalan. Wonteng ingkang sami mbiyantu wadyabala Ngastina Pandhawa, sami kathahipun.
ARTINYA : Kemudian para ayah mertua, para sahabt, dan para kenalan yang tidak terhitung jumlahnya, ada yang membantu pasukan Ngastina dan pandhawa, yang sama jumlahnya.
28.     Ing riku raos sungkawa sumurup ing penggalihipun Sang Harjuna, lajeng Harjuna matur dhumateng Sri Kresna, alon, lungkrah, pedhot-pedhot wijiling suwantenipun. “ \Dhuh kakang Prabu, menawi kula nyumerepi para sanak, kadang kadeyan sami siyaga ing perang pupuh.
ARTINYA : Disitulah muncullah rasa sedih yang menusuk hati Sang Harjuna, kemudian Harjuna berkata kepada Sri Kresna, pelan, tidak ada semangta, terputus-putus perkataannya “ Wahai Sang Prabu, ketika hamba melihat para saudara, dan kerabat yang sudah bersiap untuk berperang besar.
29.     Lajeng lemes bahu suku kula, tutuk, cethak, gurung, kraos peret seret, mrinding saranduning badan, mengkorog githok kawula, serta njegrak rikma kawula.
ARTINYA : Lemaslah badan dan kakiku, mulut kering, tenggorokan terasa kering, merinding seluruh badan, merinding bulu kuduk hamba, serta berdiri semua rambut hamba.
30.     Gandhewa mrucut saking asta. Benter kumetep raosing kulit. Kula sampun mboten kiyat ngadeg malih.
ARTINYA : Gendewa terlepas dari tangannya, panas meneratap rasa di kulit. Hamba sudah tidak kuat untuk berdiri.
31.     Kajawi punika karaos ing manah, bilih badhe timbul kedadosan-kedadosan ingkang mboten sae, dhuh Kesyawa, menawi perang punika kita terusaken. Kados pundi sagedipun tuwuh kesaenan, menawi sanak kadang sami pejah pinejahan?”.
ARTINYA : Selain dari itu terbersit di dalam hati, bahwa akan muncul kejadian-kejadian yang tidak baik, wahai Kesyawa, jika pertempuran ini kita teruskan. Bagaimanakah kebaikan akan bisa tumbuh, jika para sahabat kerabah saling bunuh.
32.     Kula mboten kepengin angsal kawijayan ing medhan laga, kula mboten kepengin kanikmatan utawi ndarbeni panguwaos ing donya. Punapa pedahipun mernata lan mengkoni negari, malah punapa ta paedahipun gesang punika?
ARTINYA : Hamba tidak menginginkan mendapatkan kejayaan di medan laga, hamba tidak ingin kenikmatan atau mempunyai kekuasaan di dunia. Apalah gunanya menata dan menguasai negara, dan bahkan apalah artinya hidup ini?
33.     Saya-saya manawi kita ngengeti, bilih ing sejatosipun, ingkang kita padosaken kawijayan, kaluhuran, kanikmatan lan kamulyan punika mboten sanes inggih sanak kadang kita, ingkang ing sakpunika sampun sami nggiligaken tekad ngorbnaken jiwa raga, saha temtu badhe nemahi lebur ing paparangan.
ARTINYA : Apalagi jika kita mengingat, bahwa yang sebenarnya, yang kita carikan kejayaan, keluhuran, kenikmatan dan kemuliaan itu tidak lain adalah para kerabat dan saudara kita, yang sekarang ini sudah menyatukan tekad untuk mengorbankan jiwa raga, yang tentunya akan mengalami hancur di dalam peperangan.
34.     Kula mboten gadah sedya ngawonaken lan mejahi para guru, paman, uwa, eyang-eyang, para marasepuh, putu-putu, keponakan lan ipe-ipe, sarta kadang kadadeyan sanes-sanesipun.
ARTINYA : Hamba tidak punya niatan untuk mengalahkan dan membunuh  Guru, Pamam, Uwa, Eyang-Eyang, Mertua, cucu-cucu, keponakan dan saudara yang lainnya.
35.     Kula babarpisan mboten nedya ngarah pejahipun para kadang ingkang dados lawan kita, sanajan kula badhe kaganjar kepareng mengkoni bumi punika, minggahipun kajumenengaken dados ratuning Tri Bawana (Jagad manungsa, Jin lan Dewa). Luwung kula manggih pejah ing rananggana.
ARTINYA : Sama sekali hamba tidak menginginkan kematian dari para saudara yang menjadi lawan hamba, walau hamba akan mememperoleh kekuasaan menguasai bumi ini, bahkan jika dijadidkan pengausa tiga alam (Dunia manusia, dunia Jin dan Dunia Dewa). Lebih hamba menemui kematian di dalam peperangan.
36.     Manawi para Drestarata-putra sampun sami sirna, kanikmatan punapa ingkang taksih saged kita raosaken ing donya punika sasampunipun nglamaphi dosa ageng ingkang mboten kenging tinebus, inggih punika sasampunipun nyirnaaken para satriya wau.
ARTINYA : Jika para keturunan Drestharata sudah sirna semu, kenikmatan yang manakah yang masih bisa hamba rasakan di dunia ini setelah melakukan dosa besar yang tidak bisa ditebus, yaitu setelah membunuh para satria terseebut.
37.     Sirnanipun para Kurawa Ngastina mboten badhe nambah haruming nama kita. Punapa para Kurawa Ngastina punika sanes kadang kita piyambak? Lan sok sinteno ingkang sampun mejahi kadangipun piyambak, kados pundi tiyang punika wau saged manggih kamulyan?.
ARTINYA : Musnahnya pra Kurawa Ngastina tidak akan menambah keharuman nama hamba. Apakah para Kurawa Ngastina itu bukan saudara kita sendiri? Dan barang siapa yang telah membunuh saudaranya sendiri, manakah bisa orang tersebut bisa memperoleh kemuliaan?
38.     Sanadyan lawan kita mboten ngrumaosi dosa, mejahi mitra, sanak  lan kadang, margi kasurung dening angkara lan murka, punapa tumrap kita mboten langkung wicaksana, menawi kita nyingkiri pandamel ingkang nistha punika?.
ARTINYA : Walau pun musuh hamba tidak merasa dosa,  membunuh sahabt, kerabat dan saudara, karena terdorong oleh Angkara dan murka, apakah bagi kita tidak lebih bijaksana, menghindari peerbuatan yang nistha ini?
39.     Dhuh Dhuh kaka prabu! Kasangsaran punapa kemawon ingkang badhe timbul margi saking wontenipun pepejah ingkang tanpa wicalan punika?.
ARTINYA : Wahai Sang Raja! Penderitaan seperti apakah yang akan muncul karena adanya pembunuhan yang tidak terhitung  banyaknya ini ?
40.     Manawi kautaman ingkang dados ugering kasatriyan brastasirna, tatasusila ingkang sampun dados naluri suci temtu badhe sirna, masyarakat lajeng tanpa tatanan.
ARTINYA : Jika keutamaan yang mendai pedoman sifat para kasatria telah hilang, Tatasusila yang sudah menjadi naluri suci tentu akan sirna, sehingga di masayarakat tidak ada lagi aturan.
41.     Manawi masyarakat pinuka ical tatananipun, para wanita ugi ical kasusilanipun. Manawi para wanita sampun ical kasusilanipun, masyarakat tamtu bobrok risak, tangeh sagedipun pulih dados sae malih. Sebab manawi para wanita sampun mboten ngertos kasusuilan, temtu makaten wau badhe anjalari campuripun kasta.
ARTINYA : Jika aturan di masyarakat telah hilang, para wanita pun akan kehilangan kesusilaannya. Jika para wanita sudah hilang tatasusilanya, tentulah masyarakat akan menjadi bobrok dan rusak, sangat sulit untuk kembali menjadi baik. Karena, jika para wanita sudah tidak mengerti tentang tatasusila, tentulah hal itu akan menyebabkan bercampurnya kasta.
42.     Jalaran saking campuripun kasta, bangsa lan ingkang damel risakipun bangsa sami-sami tumuju dhateng naraka. Arwahipun para leluhur ingkang mboten binantu dening puja-bratanipun turun-turunipun, saestu badhe nemahi sangsara lan mboten kuwaos malih tumut paring pangayoman dhateng turun-turunipun iangkang taksih gesang ing donya.
ARTINYA : Oleh akrena bercampurnya kasta, bangsa dan yang membuat kerusakan bangsa, itu semua akan masuk neraka. Arwah para leluhur yang tidak dibantu oleh kiriman do’a dari keturunannya, pastilah akan mengalami kesengsaraan dan tidak mempunyai kekuatan lagi untuk memberi perlindungan kepada keturunannya yang masih hidup di alam dunia ini.
43.     Jalaran saking kasalahanipun tiyang-tiyang ingkang sami ambrastha para sinatriya agung, tatanan masyarakat dados risak. Menawi keluarga sampun ical cepenganipun bab kautamaning agesang, sirna ugi kaluhuraning budi pakerti.
44.     Manawi hukum-hukuming kautaman lan kasatriyan sampun sirna ing jagading manungsa, kita prasasat gesang ing salebeting naraka. Makaten piwucalipun para pinisepuh.
45.     Dhuh, dhuh kaka Prabu!  Yekti kesalahan ingkang ageng sanget ingkang badhe kita lampahi, manawi jalaran saking kepengin nikmati kaluhuraning kaprabun, kita tega mejahi sanak lan kadang!.
ARTINYA : Wahai Sang Raja! Tentulah kesalahan yang sangat besar yang akan dita jalani, jika oleh karena ingin menikmati keluhuran sebagai raja, kemudian hamba tega membunuh kerabat dan saudara?
46.     Dhuh, dhuh Sri Kresna! Mugi-mugi para Kurawa Ngastina mangke, manawi kula majeng ing palagan tanpa mbekta dedamel lan tanpa sedya anglawan, sami purun mejahi kula. Mboten manawi makaten punika ingkang prayogi piyambak”.
ARTINYA : Wahai Sri Krena! Semoga para Kurawa Ngastina nantinya, apabila hamba maju ke medan laga dengan tidak membawa senjata dan tidak ada niat untuk melawan, kemudian bersedia membunuh hamba. Barangkali hal demikian itu yang paling baik.
47.     Sanjaya munjuk : “Wasana Harjuna ing tengah-tengahing medhan laga lajeng ngalumpruk ing salebeting karetanipun, sarta mbucal gandhewa lan endhongipun, manah peteng, pangripta bingung, margi saking agenging-sungkawanipun.
ARTINYA : Sanjaya melanjutkan cerita : “Kemudian harjuna tersungkur di tengah-tengah medan jatuh di dalam kereta perangnya, seerta membuang gendewa dan tempat anak panahnya, hatinya gelap, pikirannya kebingungan, karena teramat besar rasa sedih hatinya.
Punika piwucal winadi, ingkang kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita, Winastan : “Lawan sabda Kresna lan Harjuna”’ Wjangan ingkang kaping sapisan, “Panunggalipun Harjuna Lumantar Sungkawa”.
ARTINYA : Inilah ajaran rahasisa yang termuat di dalam Kitab Suci, Serat Bhagavad Gita, yang disebut “Pembicaraan antara Kresna dan Harjuna” Ajaran yang pertama “Penyatuannya Harjuna dengan cara melewati rasa kesedihan.

Keterangan :
Ing ayat 42 kasebut bilih campuring kasta badhe damel risaking bangsa. Kasta punika ing suwau tegesipun warnining kulit, lajeng anggadhahi makna golongan utawi kelas. Ing India dumugi sapriki masyarakat punika kabagi dados sekawan kasta. Kasta ingkang nginggil piyambak kasta Brahmana, nomer kalih kasta Satria, nomor tiga kasta Waisya, lan nomor sekawan kasta Sudra.
ARTINYA : Pada auat 42, disebutkan bahwa bercampurnya kasta akan membuat rusaknya bangsa. Pada awalnya kasta bermakna Warna kulit, kemudian memiliki makna golongan atau kelas, Di India hingga sekarang di dalam kehidupan masyarakatnya msih terbagi menjadi empat kasta. Kasta tertinggi bernama Kasta Brahmana, yang kedua Kasta Satria, yang ketiga Kasya Waisya, dan yang keempat Kasta Sudra.
Kasta Brahmana tugas kuwajibanipun mucal sawarnaning ilmu, ilmu lahir lan ilmu kasunyatan, sarana sepi ing pamrih tumrap dhiri pribadi. Kuwajibanipun namung damel pepadhang, sarta nindakaken puja-brata, nenuwun dhateng ingkang Maha Agung supados kersa ngluberaken Sih-Pangayoman dhateng sadaya titah. Para Brahmana sanadyan taksih gesang ing donya, kedah sampun ngungkuraken kadonyan.
ARTINYA : Tugas kewajiban Kasta Brahma adalah mengajarkan berbagai jenis ilmu, ilmu lahir dan ilmu Ketuhanan, dengan tanpa pamrih bagi dirinya sendiri. Kewajibannya hanya sebagai penerang, ilmu untuk menjalan pemujaan, memohon kepada Yang Maha Agung agar memberikan kasih sayang dan perlindungan kepada semua makhluk. Walau pun masih hidup di dunia, para Brahmana itu, harus sudah meninggalkan urusan keduawian.
Kasta Satria tugas kuwajibanipun mernata lan ngayomi masyarakat lan negari, serta nindakaken keadilan. Tujuanipun sarana tindakan-tindakan ingkang patitis lan tegas damel kerta raharjaning negari. “Wewatikaning Satria kedah luhur, jujur, mumpuni ing salwiring ilmu kanegaran, tebih saking ngupadi milik lan keuntungan tumrap dhiri pribadi”.
ARTINYA : Kasta Satria, Tugas kewajibannya adalah menata dan melindungi masyarakat dan negaranya, serta menjaga keaddilan. Dengan jalan melakukan tindakan-tindakan yang adil dan tegas untuk membaut ketenteraman negara “Watak dari satria itu harus luhur, jujur, menguasai berbagai ilmu ketata-negaraan, jauh dari mencari kekayaan dan keuntungan untuk dirinya sendiri.”
Kasta Waisya. Punika kasta petani, pedagang lan industriawan. Tugas kuwajibanipun ngawontenaken pasedhian barang-barang keperluan sa-dinten-dintenipun tumrap masyarakat lan negari. Kedah mumpuni bab ilmu ing bidhangipun piyambak-piyambak. Wewatekanipun gemi, nastiti, petung. Tujuanipun angsal kebathen, keuntungan. Tujuan makaten punika sumberipun watak murka.
ARTINYA : Kasta Waisya itu kasta petani, pedagang dan industriawan. Tugas kewajibannya adalah mengadakan persediaan barang-barang keperluan hidup sehari-hari bagi masyarakat dan negara, Harus ahli dalam ilmu di bidangnya sendiri-sendiri, Wataknya adalah tidak boros, penuh perhitungan untung dan rugi. Tujuannya untuk mendapatkan laba, keuntungan. Tujuan yang demikian itu adalah sumber dari watak murka.
Kasta Sudra nindakaken pendamelan-pendamelan ingkang murakabi tumrap gesang bebrayan lan masyarakat ingkang dipun prentahaken dening kasta-kasta sanesipun sarana angsal opah utawi imbalan.
ARTINYA : Kasta Sudra, adalah melakukan pekerjaan-pekerjaan yang bermanfaat bagi kehidupan masyarakat yang sudah diperintahkan oleh kasta-kasta lainnya dengan syarat mendapatkan upah dan imbalan.
Ing jaman sapunika ingkang dados sesulihipun para Brahmana, inggih punika para Ulama lan para Guru, awit saking Guru TK ngantos dumugi para Dosen, doktor lan profesor ing Universita-universitas. Ingkang dados sesulihipun para satria inggih punika para Pegawai Negeri Sipil lan ABRI, serta para pegawai Swasta.
ARTINYA : Di jaman sekarang ini, yang menjadi wakil dari para Brahmana, yaitu para Ulama dan para Guru, mulai dari Guru TK hingga para Dosen, Doktor, dan Profesor di Universitas-Universitas. Dan yang menjadi wakil dari para Staria yaitu para Pegawai Negeri Sipil dan ABRI, serta para Pegawai Swasta.

Kasta Waisya ing jaman kuna sami mawon kaliyan ing jaman sapunika. Ingkang dados sesulihipun kasta Sudra inggih punika para pekerja lan buruh sanes-sanesipun.
ARTINYA : Kasta Waisya sejak di jaman kuna hingga sekarang itu sama saja, yang menjadi wakil Kasta Sudra yaitu para pekerja dan buruh lain-lainnya.
Campuring kasta temtu badhe ndhatengaken campuring wewatekan, temahan badhe wonten tiyang ingkang kagolong kasta satriya anggadahi wewatekan waisya lan seneng padhos bebathe lan keuntungan. Ing sarehne ing kalangan kasatriyan (Pegawai Negri) satuhunipun mboten wonten bidhang ingkang saged ngasilaken keuntungan, sagedipun angsal keuntungan temtunipun namung sarana nindakaken korupsi lan pemeresan. Anggota-anggota kasta brahmana (Guru) ingkang kepengin keuntungan, lajeng purun nglulusaken murid-muridipun waton angsal arta. Mekaten sakpiturutipun. Bebaya ingkang makaten punika ingkang dipun kuwatosaken dening Harjuna ing ayat 42. Ing jaman sapunika wewatekan tiyang punika sampun mboten wonten sesambetanipun malih kaliyan kalungguhanipun. Punika ingkang dados sebab tuwuhipun kekisruhan warni-warni. Kekisruhan-kekisruhan punika namung saged dipun cegah sarana pendhidhikan lan seleksi, sarta ancaman hukuman, ingkang ugi dipun leksanakaken, manawi saestu wonten kekisruhan ingkang timbul.
ARTINYA : Bercampurnya kasta tentu akan mendatangkan bercampurnya watak, yang apda akhirnya akan memunculkan manusia yang termasuk golongan Kasta Satria mempunyai watak Waisya hingga senang memncari laba dan keuntungan. Oleh akrena di kalangan para Kasatria (PNS) sebenarnya itu tidak ada bidang yang bisa menghasilkan keuntungan, untuk bisa mendapatkan keuntungan tentulah hanya dengan cara melakukan korupsi dan pemerasan. Anggota-anggota kasta Brahmana (Guru) yang menginginkan keuntungan, kemudian mau meluluskan murid-muridnya asal mendapat imbalan uang. Begitulah seterusnya. Bahaya yang demikian itu yang dikhawatirkan oleh Harjuna  did ayat 42. Di jaman sekarang, watak manusia itu sudah tidak ada hubungannya lagi dengan kedudukannya. Itulah yang bisa menyebabkan tumbuhnya kekisruhan yang bermacam-macam. Kekisruhan-kekisruhan yang demikian itu, hanya bisa dicegah lewat pendidikan dan seleksi,s erta ancaman hukuman, yang juga harus ditegakkan, jika muncul kekisruhan.
Ayat 42 ugi nyebutaken, bilih arwahipun leluhur ingkang mboten binantu dening puja bratanipun turun-turunipun ing akherat badhe ngalami kawontenan ingkang kirang sae. Kapercayan ingkang makaten punika, saestunipun ingkang dados dhasaring naluri caos bekti wonten ing pasareyan-pasareyan ing wulan Ruwah. Tujuan nyadran ing wulan Ruwah saleresipun memuji supados arwahipun para leluhur tetep tentrem lan mulia ing alam akherat, dados mboten nenuwun dhateng para leluhur supados paring berkah dhateng kita. Sebab beja lan cilaka ing donya punika mung gumantung amal utawi karma kita piyambak.
ARTINYA : Ayat ke 42 juga menyebutkan, bahwa arwah para leluhur yang tidak dibantu do’a oleh para keturunannya, di akherta akan mengalami hal yang tidak baik. Kepercayaan yang demikian itu, itulah yang menjadi dasar naluri memberi tanda bekti di pemakaman-pemakaman di bulan Ruwah. Tujuan Nyadran di bulan Ruwah sebenarnya adalah kirim do’a kepada arwah leluhurnya, agar leluhurnya mendapatkan ketenteraman dan kemuliaan di alam akhirat, itu bukan meminta kepada arwah para leluhur agar memberi berkah kepada anak keturunanya. Karena, beruntung ataukah celaka di dunia ini, itu tergantung dari amal atau perbuatan kita sendiri.
Wejangan ingkang kapisan punika ugi dipun wastani “Panunggaling Harjuna lumantar sungkawa”. Nuwun para maos, Ing Ajaran Agami Islam, wonten kalimat ingkang mungel “Inna lillahi wa inna ilaihi rooji’un, ingkang ateges “Saka Alloh asale lan menyang Alloh baline!”. Kalimat punika saged dipun suraos, bilih ing sakawit manungsa punika manunggal kaliyan Alloh saha ing wasananipun manungsa wau manunggal malih kaliyan Alloh.
ARTINYA : Ajaran yang pertama ini juga disebut “Penyatuan Harjuna dengan cara kesedihan”. Mohon ijin para pembaca, Di dalam Ajaran Agamai Islam, ada kalimat “Innalillahi wa inna ilaihi raaji’un”, yang maknanya “Dari Allah asalnya dan kepada Allah kembalinya!” Kalimat tersebut bisa dimaknai, bahwa manusia itu pada awalnya menyatu dengan Allah dan pada akhirnya manusia itu juga akan menyatu kembali dengan Allah.
Mirid saking kalimat ing nginggil wau saged dipun tetepaken bilih manunggaling manungsa kaliyan Pangeran, utawi panunggaling Kawula Gusti mujudaken tataran ingkang pungkasan ing salebeting evolusinipun manungsa. Miturut piwucaling agami umumipun, panunggaling Kawula Gusti punika saweg saged kalampahan manawi manungsa sampun tilar donya, dados wonten ing alam akherat. Kang mongko Nabi lan Rosul ingkang sami mencaraken agami wau mucal, nalika para panjenenganipun wau masih sami seugeng, bilih manungsa punika saged sowan ing ngarsanipun utawi manunggal kawontenan kaliyan Pangeran. Kamangka ingkang dipun wucalaken dening Para Rasul punika temtunipun dhedhasar pengalaman. Mokal menawi Para Nabi wau sami ngandikakaken penggorohan utawi ngapusi.
ARTINYA : Dari uraian di atas, bisa disimpulkan bahwa menyatunya manusia dengan tuhan, atau menyatunya hamba dan Tuhan, merupakan tingkatan yang terakhir di dalam evolusi manusia. Menurut ajaran Agama pada umunya, menyatu dengan Tuhan itu, baru bisa terlaksana jika manusia telah meninggal dunia. Beerarti  sudah di alam akhirat. Padahal Nabi dan Rasul yang mengajarkan Agama, itu ketika beliaunya masih hidup di dunia. Mengajarkan bahwa manusia itu bisa menghadap kepada-Nya atau menyatu dengan Tuhan. Dan yang diajarkan oleh Para Rasul itu tentulah berdasar pengalaman. Tidak mungkin Para Nabi itu, memberikan ajaran yang tidak benar atau menipu.
Bab Sungkawa minangka lantaraning Panunggal. // Tentang kesedihan sebagai pengantar untuk menyatu.
Tiyang ingkang saweg nandhang sungkawa, sarta ngraosaken susah ingkang ngantos nandhes dumugi telenging batin, punika salamnipun sungkawanipun dereng kabirat, sampun mboten gadhah pepinginan utawi kekajengan malih. Ciptanipun (perasaanipun) lan riptanipun (pikiranipun), sampun mboten tumandang malih. Wontenipun namung susah ingkang ngantos dumugi ing telenging jiwanipun. Ing riku menawi jiwanipun kiyat lan manahipun teguh, tiyang wau saged keturunan heneng-hening, lan manawi wonten begjanipun piyambakipun saged tampi ageng-agenging kanugrahan sarana binukanipun kasadharan lan pangertosanipun, bilih gesang sejati punika satuhunipun pangejawantahipun Pangeran. Sakedhap piyambakipun sampun saged ngalami panunggaling kawula lan Gusti. Ing riku ical sakathahing raos sungkawa, susah, sedih. Ingkang wonten namung tentrem, ayem lan kamulyan lan keagungan ingkang nglimputi alam ingkang gumelar. Kawontenan ingkang makaten wau ingkang dipun alami dening Harjuna, nalika raos sungkawa ingkang mboten wonten pindhanipun sumusup ing telenging jiwanipun. Ing Kitab Qur’an marambah-rambah dipun terangaken “ Inna Alladyna amanuu wa amiluu sholihati wa aqaamuu al shalata wa atawu al zakata, la hum ajru hum yahzanuuna.   Tegesipun, : Sapa-sapa ingkang gedhe imane lan nindakake pakerti kang becik, nglakoni lan memulang sembahyang sarta menehi zakat diparengake sapatemon karo Alloh. Ora bakal kataman ing rasa was, sumelang, wedi lan ora bakal ketaman rasa susah. Manungsa ingkang salebeting gesang ing ndonya punika, sampun mboten kataman raos was sumelang lan sedhih malih, saestu sampun mboten nate pisah saking Pangeran.
ARTINYA : Seseorang yang sedang mengalami penderitaan, serta sedang dalam kesedihan yang hingga menembus di pusat rasa. Itu selagi kesedihannya belum hilang, maka sudah tidak mempunyai keinginan atau hasrat lagi. Ciptanya (perasaannya) dan pikirannya sudah tidak bergerak lagi. Adanya hanya kesedihan yang hingga ke dasar jiwanya. Di situ, jika jiwanya kuat dan hatinya kukuh, maka orang tersebut dapat mencapai ketenangan dan keheningan jiwa, dan jika ada keberuntungannya dia bisa menerima anugerah yang sangat besar hingga terbuka kesadaran dan pengertiannya, bahwa hidup sejati itu sebenarnya adalah kehendak Tuhan. Sekejap saja dia akan bisa mengalami menyatu dengan Tuhan, dan disitulah hilang semua kesedihan, penderitaan dan yang ada hanyalah ketenangan, tenteram dan kemuliaan keagungan yang meliputi seluruh alam. Keadaan yang demikian  yang dialami oleh Harjuna, ketika rasa sedihnya yang tidak bisa digambarkan menyusup ke pusat jiwanya. Di dalam Kitab Qur’an, berulang-kali diterangkan : “Inna Alladzina amanuu wa amiluu shalihati wa aqaamuu al shalata wa atawu a; zakata la hum ajru hum yahzanuuna. Artinya : Siapa saja yang tebal imannya dan berbuat baik, menjalankan dan mengajarkan shalat serta memberi zakat, bisa bertemu dengan Allah, tidak akan terkena rasa khawatir, takut dan tidak akan mendapat rasa susah.
Manusia yang ketika hidup di dunia, yang sudah tidak mengalami rasa kuatir dan sedih, sungguh sudah tidak akan berpisah dengan Tuhan.

2           SANGKYA  YOGA
Wejangan ingkang kaping Kalih
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Ilmu Sangkya
(Tetabuhan, Gendhing, Sekel)
Ajaran yang ke dua
Menyatunya Hamba dengan Tuhan melalui Musik Ketuhanan.


1.         Dhumateng ingkang lemes, tanpa kekiyatan, nglumpruk-trenyuh manahipun, margi kebeken ing raos welas asih, netra kekembeng luh, Sang Madusudono (Kresna) angandika :
ARTINYA : Kepada yang sedang lemas, tidak punya kekuatan, tersungkur dalam kesedihan hati, karena terlalu penuh rasa kasihnya, Menggantung air matanya, Sang Madusudono (Kresna) berkata :
2.         “Heh Harjuna! Ya gene ing wektu kang kaliwat gawat ini, sira mbanjur mbingungi, kelangan keblat lan akalmu?” Iku penghianatan, ingkang ora pantes banget tumrap bangsa Aria. Ora ana gunane lan ora njejegake kautaman.
ARTINYA : “Wahai Harjuna!” Mengapa di waktu yang sangat gawat ini, kemu justru kebingungan sendiri, kehilangan arah dan akalmu?” Itu penghianatan, yang sangat tidak pantas bagi golongan Aria. Tidak ada gunanya dan tidak menegakkan keutamaan.
3.         Kipatna pepes-apesing rasanira iku. Ora pantes banget tumrap ing sira, heh Parta. La apa sira iku kadunungan atining budhak utawa sudra? Mara enggal tangiya he Parantapa!”.
ARTINYA : Hilangkan hancurnya perasaanmu itu. Sangat tidak pantas bagi dirimu, Whai Parta. Mengapa dirimu ketempatan mental budak atau sudra? Segerlah bangkit wahai Parantapa!”
4.         “Dhuh Sri Kresna, kados pundi kula mangke, ing salebetipun bandawala, sagedipun nyipataken jemparing-jemparing kula, tumuju dhateng eyang Bisma utawi bapa Drona, kekalihipun pinisepuh ingkang wajib kapundhi-pundhi dening sok sintena kemawon?
ARTINYA : “Wahai Sri Kresna, bagaimanakah saya nantinya, ketika di dalam pertempuran, untuk bisa melepaskan panah-panah hamba, yang mengarah kepada Eyang Bisma dan Guru Drona, yang keduanya adalah pinisepuh yang harus di puja-puja oleh siapa saja?
5.         Kula langkung remen nedha saking angsalipun papariman, tinimbang nyirnakaken para guru agung wau, lajeng pesta handrawina nikmati tetedhan eca ingkang sampun karegedan dening wutahipun darah para guru agung.
ARTINYA : Hamba lebih suka makan dari mengemis, daripada membunuh para guru besar tersebut, Kemudian berpesta menikmati makanan lezat yagn sudah terkotori oleh tumpahnya darah para Guru Besar.
6.         Kados pundi sagedipun kita nyumerepi punapa ingkang ing wusanannipun langkung sae tumrap kita? Pundi ingkang langkung prayogi, kita ingkang unggul juritipun utawi Kurawa Ngastina ingkang unggul juritipun? Satuhunipun gesang kita mboten badhe wonten paedhahipun babarpisan, manawi para Drestharata putra sampun sirna sedaya?  (Catatan : Punapa perlunipun gesang manawi sadaya pepenginan sampun ical?)
ARTINYA : Bagaimanakah untuk bisa mengetahui bahwa apa yang pada akhirnya lebih baik bagi hamba? Yang manakah yang lebih baik, hamba yang menang perangnya atau Kurawa Ngastina yang unggul dalam perang? Sebenarnya hidup hamba sama sekali tidak akan ada manfaatnya apabila semua hasrat keinginan diri telah tiada.
7.         Heh Sri Kresna, tiyang ingkang was sumelang, miris manahipun, margi kataman dening raos welas ingkang damel bimbanging manahipun, tiyang ingkang saweg goncang imanipun, sesambat dhumateng paduka. Punapa ta saleresipun ingkang dados kuwajiban, punapa ta ingkang kedah dipun lampahi ingkang prayogi piyambak? Dhuh Sri Kresna! Kersaa paring pitedah dhumateng siswa Paduka, ingkang tansah memundhi Paduka.
ARTINYA : Wahai Sri Kresna, seseorang yang sedang merasa kuatir, miris hatinya, karena sedang mengalami rasa kasihan hingga membuat bimbang rasa hatinya, manusia yang imannya sedang goncang, mengadu kepada paduka. Apakah kewajiban yang sebenarnya, langkah apakah yang lebih baik untuk dilakukan? Wahai Sri Kresna! Hamba memohon kepada engkau untuk memberi petunjuk kepada murid paduka, yang selalu memuja paduka.
8.         Tuhu kula mboten sumerep punapa ingkang saged mbengkas raos sungkawa ingkang nglumpuhaken indriya kawula. Raos-raos kula tetep mopo majeng ing palagan, sanadyan ta kula kaparingan pangawaos ingkang tanpa wangenan ing bumi punika utawi kadadosaken ratunipun para Dewa”.
Sungguh! Hamba tidak mengetahui, apakah yang bisa menghilangkan rasa kesedihan ini hingga melumpuhkan pikiran hamba. Hamba rasa, hamba tetap tiak mau untuk maju ke medan perang, walau pun hamba mendapatkan kekuasaan yang tidak terbatas di bumi ini atau dijadikan Raja para Dewa sekali pun.
9.         Sasampunipun ingkang makaten punika, sang Harjuna lajeng mungkasi aturipun kanthi ngandika : “Kulo mboten badhe majeng ing palagan!” Lajeng mboten kumecap malih. 9.
ARTINYA : Setelah yang demikian itu, Sang harjuna mengakhiri ucapannya dengan mengatakan : “Hamba tidak akan maju ke medan laga!” Kemudian tidak berkata apa-apa lagi.
10.     Dhumateng ingkang saweg lungkrah, lumpuh, nglempuruk ing tengah-tengahing medhan laga, sang Kresna, polatan padhang semu mesem angandhika :
ARTINYA : Kepada yang sedang lemas, lumpuh, teronggok di tengah-tengah medan laga, Sang Kresna dengan wajah terang sambil setengah tersenyum berkata :
11.     “Sira iku nangisi papesthene para prajurit kang bakal padha gugur ing medhan laga. Nadyan kabeh ingkang sira aturaken mau wis bener, nanging mangkono iku ora perlu gawe sungkawane ati nira. Barang ingkang kanggonan utawa konaotan napas ingkang tansah manjing mijil, iku ora gawe sungkawane para sadu.
ARTINYA : Dirimu itu menaangisi takdir sebagai prajurit yang akan meninggal dunia di medan laga. Walau pun yang dirimu katakan itu benar, akan tetapi yang demikian itu tidak usah menjadikan kesedihan di hatimu. Sesuatu yang ketempatan atau mempunya nafas yang selalu keluar masuk, itu tidak membuat sedihnya para suci.
12.     Durung tau Manira iku ora ana, mangkono uga sira, lan para nataning bawana kabeh. Lan ing mbesuk uga ora bakal ana kalamngsane, kita kabeh leren anggone ana.
ARTINYA : Belum pernah Ingsun itu tidak ada, demikian juga dirimu, dan semua pra raja di dunia ini. Dan pada akhirnya juga tidak akan ada lagi jika sudah waktunya kita ini berhenti untuk adanya.
13.     Yen ingkang manggon ing sajroning badan iki wis ngalami mangsa bocah, mangsa taruna lan mangsa wredha, dheweke mbanjur ngalami salin raga maneh. Jalaran saka iku tumrap Sang Sadu urip lan mati iku ora ndadekake sedhihe ati.
ARTINYA : Jika yang menempati raga ini sudah melewati masa kanak-kanak, masa muda dan masa tua, Dia kemudian mengalami berganti raga lagi,oleh karena itu bagi manusia suci, hidup dan mati itu tidak membuat kesedihan di hatinya.
14.     Gepok senggole Jagad Cilik lan Jagad Gedhe bisa nuwuhake rasa panas, adhem, seneng lan susah. Ana kalamangsane teka, ana kalamngsane lunga. Anane mung kari dilakoni kanthi sabar.
ARTINYA : Persinggungan antara dunia kecil (Microcosmos) dan dunia besar (Macrocosmos) itu bisa menimbulkan rasa pasana, dingin, senang dan sdih. Ada waktunya datang, ada waktunya pergi. Adanya hanya untuk dijalani dengan penuh kesabaran.
15.     Kang ora bisa kataman dening wolak walike kahanan, lega, rila, nrima sajroning suka lan sungkawa, heh unusaning jalma, iku temen bisa manjing ing Kalanggengan.
ARTINYA : Yang tidak terpengaruh oleh perubahan keadaan, puas, rela, menerima ketika suka dan sedih, wahai pemimpin umat, itulah yang benar-benar bisa mesuk ke dalam kekekalan.
16.     Kang ora ana iku ora bisa dadi ana. Lan kang Ana iku ora bisa tumeka ing Ora Ana. Bedane Ana karo Ora Ana iku kang bisa meruhi mung kang wus bisa waspada marang Kahanan Jati.
ARTINYA : Yang tidak ada itu tidak bisa menjadi ada. Dan yang ada itu tidak akan bisa menjadi tidak ada. Perbedaan adanya dan tidak adanya yang bisa melihatnya hanya yang sudah memehamai Keadaan Yang Nyata adanya.
17.     Kawruhana yen Dheweke kang dadi mula bukane kabeh kang gumelar iki, iku tan kena ing rusak, anane tanpa nganggo watesan. Mula majua ing palagan!.
ARTINYA : Ketahuilah, bahwa DIA yang menjadi awal adanya semua yang tergelar ini, itu tidak terkena rusak, adanya tanpa ada batasan. Maka dari itu, majulah ke medan perang!
18.     Kawruhana yen dheweke ingkang dadi mulabukane kabeh ingkang gumelar iki, iku tan kena rinusak. Sapa kang bisa nyirnaake Dheweke kang sipat langgeng?
ARTINYA : Ketahuilah, bahwa Dia yang menjadi penyebab adanya yang tergelar ini, itu tidak terkena rusak. Siapakah yang bisa memusnahkan DIA yang bersifat Kekal?
19.     Yen badan iki pancen ana kawitane lan ana pungkasane, nanging kang sipat langgeng kang ngrasuk badan iki, iku tan kena ing rusak, anane tanpa nganggo watesan. Mula majua ing palagan tanpa nganggo was sumelang!
ARTINYA : Sedangkan raga ini memang ada batasnya dan ada akhirnya, namun yang bersifat kekal yang menempati raga ini, itu tidak bisa rusak, adanya tanpa ada batasnya. Maka dari itu majulah ke medan perang tanpa merasa kuatir!
20.     Kang ngarani yen dheweke iku gawene mateni, utawa bola-bali dipateni, karone kleru kabeh. Dheweke ora mateni lan ora bisa dipateni.
ARTINYA : Yang mengira dia itu pernah membunuh, atau berkali-kali dibunuh, kedua-duanya salah. DIA itu tidak bisa membunuh dan tidak bisa dibunuh.
21.     Dheweke iku ora nganggo lair, mula ya ora nganggo mati. Ing sarehne ora nganggo Dumadi, Anane ora nganggo uwis. Tanpa nganggo dilairake, Dheweke iku kuna-makuna padha wae. Dheweke ora melu mati, yen badan iki tumeka ing lebur.
ARTINYA : Dia itu tidak pernah dilahirkan, sehingga tidak pernah mati. Oleh karena tidak dijadikan, adanya tanpa batas. Tidak dengan cara ddilahirkan. Dia itu sejak dahulu kala sama saja. Dia itu tidak ikut mati, jika raga ini hancur.
22.     Sapa kang wus ngerti yen Dheweke iku sipat-sipate kaya mangkono, kepriye anggonebisangarani, yen Dheweke iku tau mateni utawa tau dipateni?
ARTINYA : Siapa saja yang sudah bisa memahami jika Dia itu mempunyai sifat-sifat seperti itu, bagaimana bisa didsebutkan, bahwa dia itu pernah membunuh atau pernah dibunuh?
23.     Yen sandhangan iku wus lawas lungsed banjur ora dianggo maneh. Minangka gantine uwong banjur nganggo sandhangan anyar. Mangkono uga tumrap badan wadhag iki. Yen wadhag iki wis lebur, sing maune menggon ing kono, banjur golek lan manggon ing wadhag anyar.
ARTINYA : Jika pakaian telah usang, rapuh, maka tidak akan dipakai lagi. Untuk menjadi gantinya, orang akan berganti dengan pakaian baru. Demikian juga bagi raga ini, Jika raga ini telah rusak, yang sebelumnya bertempat di situ, kemudian akan mencari dan menempati raga yang baru.
24.     Ora ana geggaman sing bisa natoni Dheweke, ora ana geni sing bisa mbrongot Dhewewke, Ora ana banyu kang bisa nelesi, ora ana angin kang bisa nggaringake Dheweke.
ARTINYA : Tidak ada benda tajam yang bisa melukai dia, tidak ada api yang bisa membakar dia, tidak ada air yang bisa membasahinya, tidak ada angin yang bisa mengeringkan dirinya.
25.     Ora bisa dipecel, ora bisa diobong, ora bisa ditelesi, ora bisa digaringake, ana ing salawas-lawase sarta ing saenggon-enggon. Sanadyan mangkono panggah ora tau owah.
ARTINYA : Tidak bisa dipecah, tidak bisa dibakar, tidak bisa dibasahi, tidak bisa dikeringkan, adanya itu selama-lamanya serta di semua tempat. Walau pun demikian itu tidak pernah berubah.
26.     Tan kena kinayangapa, ora kena dijamah dening indriya, ora kena ing owah gingsir. Kang wus nyadari yen Dheweke iku kaya mangkono sipat-sipate, sayekti wis ora pelu nandhang singkawa.
ARTINYA : Tidak bisa dibayangkan, tidak bisa disentuh dengan indra, tidak terkena perubahan. Yang sudah paham bahwa dia itu sifat-sifatnya demikian, pastilah tidak akan mengalami kesedihan.
27.     Manawa sira darbe panemu, yen Dheweke iku bola-bai lair lan bola-bali mati, mangkono iku, heh pahlawan kang gagah prakosa, uga ora perlu njalari sungkawanira.
ARtINYA : Jika dirimu mempunyai pendapat, bahwa dia itu lahir berkali-kali dan mati berkali-kali, yang demikian itu, wahai Pahlawan yang gagah perkasa, jiga tidak perlu menjadikan dirimu sedih.
28.     Apa sing nganggo dilairake, wis mesthi bakal nemahi pati, kang mati urip maneh. Kahanan lir-gumanti kang wus ora kena disingkiri iku, ora kena njalari tuwuhe sungkawa.
ARTINYA : Apapun yang dilahirkan, pastilah akan mengalami mati, yang mati hidup lagi. Keadaan itu saling beraganti yang tidak bisa untuk dihindari itu, janganlah membuatmu bersedih hati.
29.     Kawitane sakeh titah ora ana kang bisa nyekseni, kang bisa disekseni mung madya kahanane. Wusanane kabeh titah uga ora bisa disekseni. Dadi aja sira nadhang sungkawa!
ARTINYA : Pada awalnya semua mahluk tidak ada yang bisa dilihat, yang bisa dilihat hanya pengaruhnya saja. Pada akhirnya semua makhluk juga tidak bisa dilihat. Maka dari itu janganlah menjadikan kesedihanmu.
30.     Ngeramake sipat-sipate Dheweke iku tumrap kang wis padha bisa nggraitani, ngeramake, lan sanadyan wus bola-bali diterangake, sabenere ora ana kang padha mangerti tenan.
ARTINYA : Sangat mengagumkan itulah sifat Dia, itu bagi yang sudah bisa memahaminya, mengagumkan, dan walau pun sudah dditerangkan berkali-kali, sesungguhnya tidak ada yang benar-benar bisa memahaminya.
31.     Kang tan kena ing tatu iku dumunung ing ragane, kabeh makhluk, heh Barata! Jalaran saka iku sira ora perlu nyedhihake nasibe sapa wae, heh Harjuna!
ARTINYA : Yng tidak bisa terluka itu berada di dalam raga semua mahluk, wahai Barata! Oleh karena itu jangan menjadikan dirimu bersedih atas nasib dari siapa saja, wahai Harjuna!
32.     Elingana lan lakonana wae apa kang dadi darmanira pribadi, tanpa nganggo was-sumelang. Ora ana barang kang luwih utama tumrap satriya tinimbang karo nempuh peperangan kang wus dadi kuwajibane.
ARTINYA : Sadarilah dan jalankan saja apa yang ssudah menjadi kesajiban diri, tanpa ada rasa kuatir. Bagi seorang satria, tidak ada yang lebih utama dibanding dengan menempuh peperangan yang sudah menjadi kewajibannya.
33.     Sayekti begja kemayangan para satriya, kang tanpa nganggo digoleki, tanpa nganggo diseja, diparengake nempuh peperangan kang mangkono iku. Prasasat wus diparengake manjing ing suwarga.
ARTINYA : Bagi seorang satria sesungguhnya itu adalah keberuntungan yang tanpa dicari, yang tanpa dikehendaki, hingga bisa melakukan perang, yang demikian itu seolah sudah diperkenankan masuk ke dalam surga.
34.     Yen sira ngoncati peperangan mbelani keadilan iki, heh Parta, Yekti sira bakal dadi wong kang nistha, tanpa kautaman, tanpa ana ajine, marga sira dosa nglirwakake kuwajibanira kang pokok.
ARTINYA : Jika dirimu menghidari perang untuk membela keadilan ini, wahai Parta, pastilah dirimu akan menjadi orang hina, tanpa keutamaan, tidak ada harganya, karena dirimu telah berdosa karena meninggalkan kewajibamu yang utama.
35.     Ing salawas-lawase sira bakal dicatur nganggo tetembungan kang gawe wirang. Tumrape wong kang ngajeni awake dhewe, apa ora uwih becik mati tinimbang wirang?
ARTINYA, Maka selamanya, Dirimu akan menjadi bahan pembicaran yang sangat memalukan, Bagi seseorang yang bisa menghargai dirinya sendiri, apakah tidak lebih baik mati dibanding malu.
36.     Harjuna wus ngucireng yuda, Mangkono panemune para satriya, lan sira kang maune kajen-keringan, sabanjure wus ora kalebu petung maneh.
ARTINYA : Bahwa Harjuna telah melarikan diri dari pertempuran. Begitulah pendapat para satria, dan dirimu yang seebelumnya dihargai, untuk selanjutnya sudah tidak masuk dalam hitungan.
37.     Lan akeh tetembungan kang ora patut mesthi dienggo nyatur sira. Disepelekake, diremehake dening lawan, lan apa ora cilaka banget!
Dadn masih banyak kata-kata yang tidak pantas untuk membicarakan dirimu. Tidak dianggap, diremehkan oleh lawan, dan apakah hal itu tidak membuatmu celaka?
38.     Yen sira gugur sajroning peperangan, sira bakal antuk suwarga. Yen unggul juritira, sira bakal ndepani bumi. Mara tangiya heh Kuntiya lan majua ing palagan!.
ARTINYA : Jika dirimu mati dalam perang, dirimu akan mendapatkan surga, Jika menang dalam perang, dirimu akan mengausai bumi. Segeralah bangun wahai Kuntiya dan majulah ke dalam pertempuran.
39.     Anggepen bungah-susah, untung-rugi kang sira alami ing palagan ora ana bedane. Cancuta lan siyaga  ing yuda. Ora bakal sira kena ing  pangerang-erang utawa nandang kawirangan.
ARTINYA : Anggaplah senang susah, untung rugi yang akan dirimu alami di dalam pertempuran itu tidak ada bedanya. Bergeraklah dan selalu waspadalah dalam berperang. Itu tidak akan menjadikan dirimu menjadi bahan hinaan dan mendapatkan malu.
40.     Mangkono iku miturut wawasane Ilmu Sangkya. Mara saiki rungokena wejangane Ilmu Yoga. Yen sira bisa njajagi piwulange, sira bakal bisa luwar saka pambandane karma.
ARTINYA : Begitulah menurut uraian Ilmu Sangkya. Marilah sekarang dengarkan ajaran Ilmu Yoga. Jika dirimu bisa memahami isi ajarannya, dirimu akan bisa melepaskan diri dari ikatan Karma.

Cathetan : Yoga punika maknanipun panunggal utawi lampah minangka anggayuh panunggal.
ARTINYA : Yoga itu bermakna menyatu (menyatukan rasa) atau tindakan sebagai sarana mencapai penyatuan.
Karma tegesipun amal utawi pandamel. Tembungipun sak punika perbuatan. Karma ugi anggadhahi teges uwohing pandamel. Ing salebeting gesang manungsa punika sajatosipun mboten gadah kamerdikan. Salaminipun gesang manungsa kadeh kapeksa nglampahi karmanipun (Pandamelan-pandamalenanipun ingkang kerep sanget mboten dados kajengipun utawi kasenenganipun piyambak. Manungsa tansah kapeksa tumandang supados saged nyekapi keperluanipun raganipun (Nafsu alluamah), nyawanipun (Nafsu amarah), Sukmanipun (Nafsu supiyah) lan jiwanipun (Nafsu mutmainah). Sadaya amal perbuatanipun wau, mboten sanes amung dhedhasar pepenginan-pepenginannipun ingkang maneka rupi. Pepenginan-pepenginanipun punika ingkang meksa manungsa supados tumandang. Manungsa ugi kapeksa tumandang jalaran kedah ndhadha uwohipun pendamelan-pendamelanipun ingkang sampun.
ARTINYA : Karma adalah amal atau tindakan. Bahasa sekarang itu perbuatan. Karma juga memiliki makna buah dari perbuatan. Di dalam  kehidupan manusia itu sebenarnya tidak mempunyai kemerdekaan. Selama hidupnya manusia itu harus dengan terpaksa selalu manjalankan karmanya (Pekerjaan-pekerjaan yang sering kali bukan atas kehendaknya atau kesenangan dirinya sendiri. Manusia itu harus terpaksa berbuat untuk mencukupi kebutuhan raga (Nafsu Alluamah, Nyawanya (Nafsu amarah), Sukmanya (Nafsu Sufiyah) dan jiwanya (Nafsu Mutmainah). Semua amal perbuatannya itu, tidak lain hanya berdasar keinginan-keinginannyayang banyak sekali jenisnya. Keinginan-keinginan diri itulah yang memaksa manusia untuk berbuat. Manusia juga terpaksa berbuat karena harus menerima buah perbuatan-perbuatannya yang sudah pernah dilakukannya.
Mila ingkang dipun namakaken Karsa Mandhiri tumrapipun manungsa limrah punika saestunipun namung tetembungan ingkang tanpa teges.
ARTINYA : Sehingga yang diberi nama Hasrat kehendak yang mandiri bagi manusia biasa itu sebenarnya hanya kata tanpa makna.
Ing ngajeng sampun kula aturaken, manawi tegesipun karma punika panggawe utawi perbuatan. Sawujining panggawe utawi karma punika mengku ebahipun unsuring agesang tigang warni, inggih punika ebahing Cipta (Perasaan) ingkang dados pangkalipun sadaya pepenginan, ebahipun ripta (Pikiran) ingkang anjajagi pepenginan wau saged kadumugen, lan ebahing raga, pirantos kangge ngleksanani gegayuhanipun sakathahing pepenginan wau.
ARTINYA : Di muka telah disampaikan, bahwa arti karma itu adalah kerja atau perbuatan. Sebuah karma atau perbuatan itu mengandung gerakan dari Unsur hidup tiga macam, yaitu Gerak Cipta (Perasaan), yang menjadi sumber dari segala keinginan diri, Gerak Ripta (Pikiran) yang menjalankan tugas untuk menemukan cara agar bisa mendapatkan apa yang dinginkan itu, dan gerak raga alat untuk melaksanakan untuk menggapai semua keinginan itu.
Tumrapipun umum, ingkang dipun wastani panggawe punika namung ebahing raga, kamongka ebahing raga wau namung babaranipun ebah-osiking cipta lan ripta. Manungsa punika cetha saged nguwaosi ebahipun seranduning raganipun, kajawi ebahipun jantungipun (lampahing rahipun) lan ebahing pernapasanipun. Namung piyambakipun mboten saged nguwaosi ebah-osikipun cipta lan riptanipun, ingkang saestunipun malah dados biang keladinipun sadaya amal perbuatanipun. Manawi manungsa ugi saged nguwaosi ebah osikipun cipta lan riptanipun, temtu piyambakipun ugi lajeng saged nguwaosi sadaya amal perbuatan utawi karmanipun. Ing sarehning uwohing pandamel punika nemtokaken nasib utawi papesthening manungsa, mila nguwaosi karmanipun ugi ateges nguwaosi papsthenipun piyambak. Manungsa ingkang sampun saged nguwaosi ebah osiking cipta lan ripanipun, saha tumandanging raganipun, punika ingkang dipun juluki Manungsa Mardika, utawi manungsa mandiri. Papesthenipun wonten ing tanganipun piyambak. Piyambakipun saged ngoncati cakra panggilinganing lahir lan pejah. Badhe tumitah ing Alam Donya saged, mboten ugi saged.
ARTINYA : Bagi orang biasa, yang dikatakan sebagai perbuatan itu hanyalah gerak raga, padahal sebenenarnya gerak raga itu hanya membuktikan saja dari gerak cipta dan ripta. Manusia itu sudah jelas bisa menguasai gerak dari seluruh raganya, kecuali gerak jantungnya (perederan darahnya) dan gerak nafasnya. Namun manusia itu tidak bisa menguasai gerak dari cipta dan riptanya, yang sebenarnya itulah yang justru yang menjadi biang keladi  semua amal perbuatan. Jika saja manusia itu  bisa menguasai gerak dan getaran cipta dan riptanya, tentulah dia juga akan bisa menguasai semua amal perbuatannya atau karmanya. Oleh karena buah dari perbuatan itu  menentukan nasib atau takdir  dari manusia, sehingga menguasai karmanya sendiri juga berarti menguasaia takdir diri. Manusia yang telah bisa menguasai gerak dan getaran cipta dan riptanya, serta gerak raganya, itu yang diberi julukan manusia yang telah merdeka, atau manusia mandiri. Takdir dirinya berada di tangannya sendiri. Dia itu bisa menghindari perputaran Cakra lahir dan mati. Kembali ke alam dunia itu bisa, tidak kembali juga bisa.   
Ora ana pambudidaya kang muspra. Kabeh panggayuh iku mesti ana uwohe. Ilmu iki yen bisa dingerteni sethithik wae lan di lakoni, wis bisa ngentasake saka sakeh rasa was-sumelang, kuwatir lan wedi, lan rasa susah, sedih lan sungkawa.
ARTINYA : Tidak usaha yang sisa-sia. Semeua cita-cita itu pasti ada hasilnya. Ilmu ini jika bisa dipahami sedikit saja dan ddijalankan, sudah bisa menghilangkan rasa kuatir, rasa gelisah, dan rasa susah, sedih dan menderita.
Sawiji, mligi, tetep lan teguh kekarepaning budi iku, heh Harjuna. Nanging wong kang Budine isih miyur, pikirane mesthi pating saleweng, ora ana bongkot-pucuke lan ora ana wusanane.
Utuh hanya satu, tetap dan teguh atas hasart bud itu, wahai harjuna. Akan tetapi manusia yang budinya masih mudah goyah, pikirannya pastilah banyak meneyelewengnya, tidak ada pangkal ujungnya dan tidak ada akhirnrya.
Cathetan : Budi punika wahananing agesang ingkang satataran langkung inggil utawi alus tinimbang  Akal. Manungsa ingkang nandangaken Budinipun, kados anggenipun nandangaken Akalipun, punika gesang karukhaniannipun sampun wonten ing tataranipun para Budha utawi Bodhissatwa. Piyambakipun saged weruh tanpa winarah. Mila saestunipun gegayuhanipun Pendidikan Bangsa Indonesia punika mulya sanget, Inggih punika Pendidikan Budipekerti inggih pendidikan ingkang saged anjalari tumandangipun Budining manungsa. Emanipun ingkang nemtokaken gegayuhan saha ingkang nindakaken, saestunipun sami-sami kirang mangertos kados pundi cara-caranipun supados gegayuhan wau saged kadumugen.
CATATAN : Budi itu berpengaruh dalam hidup yang tingkatannya lebih tinggi atau lebih halus dibanding akal. Manusia yang menggunakan budinya, seperti dalam menggunakan akalnya, itu hiduk kerukhaniannya sudah pada tingkatan para Budha atau Bodhissatwa. Dia itu bisa mengetahui hal yang belum terjadi. Maka dari itu sesungguhnya yang diharapkan dari Pendidikan Bangsa Indodnesia itu sangat mulia, yaitu Pendidikan Budipekerti yaitu pendidikan yang bisa menumbuhkan berfungsinya Budi di diri manusia. Namaun sangat didsayangkan, yang membaut aturan tentang cita-ciita tersebut dan yang menjalankannya, seebenarnya sama-sama belum memahami tentang bagaimana cara-caranya agar cita-cicta tersebut bisa berhasil.
41.     Wong-wong kang tanpa iman wau, yaitu wong-wong kang ora duwe kapercayan marang pribadine, ingkang dhedhasar kapercayan marang Ingkang Maha Tunggal, marga durung tangi Budine, senenge mung padha ngotak-athik, ngeratabasa lan molak-malik tegese tembung-tembung  lan urut-urutane sak jeroning ukara. Jroning Kitab-kitab suci, kang gawe mareme atine mung edi-penine kasusastrane. Dene isine piwulang mung ditampa sarana wantah, tanpa merduli surasane kang wigati.
ARTINYA : Para manusia yang tidak beriman, yaitu manusia yang tidak memiliki kepercayaan kepada pribadinya, yang berlandaskan kepercayaan kepada Yang Maha Tunggal, karena belum bangkit budinya, kesenangannya  hanya menfsirkan, membalikan kata, dan membalikan makna dari kata-kata dan urut-urutan dan didalam kalimat, yang terdapat di dalam Kitab-Kitab Suci, dan yang menjadi kesenangannya hanya keindahan sastranya. Sedangkan isi ajarannya hanya dipahami sekedarnya saja, tanpa di dalami makna yang sesungguhnya, sesuai yang dikehendaki oleh Tuhan-nya.
42.     Pepenginan kang dadi nyawane, gegayuhan suwarga ing akherat. Uwohe karmane ora wurung mung bali tumitah ana ing donya. Jroning panembah kang disesuwun mung semat, derajat lan keramat.
ARTINYA : Kehendak dirinya yang menjadi nyawa atas cita-citanya hanya untuk mendapatkan surga ketika di akherat. Maka hasil dari buah karmanya tidak lain hanya akan kembali menjadi makhluk dunia lagi. Di dalam beribadah, yang dimohon hanya Harta, pangkat dan kesaktian kepandaian.
43.     Kang sajrone uripe mung ngupaya kasugihan lan panguwasa, kang cipta lan riptane mung tansah ginubel dening semat lan derajat, iku ora bisa kanggonan Budi kang sawiji, kang jroning samadi bisa dadi lantarane panunggaling Kawula Gusti.
ARTINYA : Yang di dalam hidupnya hanya mencari kekayaan dan kekuasaan, yang cipta dan riptanya hanya terikat kepada Harta dan kekuasaan, itu tidak bisa ketemptan Budi yang sebenarnya, yang ketika bersamadi bisa menghantarkan untuk menyatunya hamba dengan Tuhan-nya.
44.     Sastra gumelare jagad iki kang dadi lelumbane Triguna. Bisaa sira iku kalis saka pengaruhe Triguna, lan saka wolak-walike ka anan. Tansah waspadakna obahe cipta lan ripta, lan tansah elinga marang jejere pribadinira sajroning urip ingkang nyrambahi sagung bawana iki.
 ARTINYA : Ilmu yang tergelar di dunia ini yang menjadi permainan dari Triguna, Agar bisalah dirimu itu terhidnar dari permainan Triguna, dan dari perubahan-perubahan keadaan. Selalu perhatikanlah gerak Cipta dan ripta, dan selalu ingatlah kepada kedudukan pribadinya di dalam kehidupan hingga bermanfaat bagi alam dunia ini.
45.     Ajining piwulang Kitab-kitab Suci, tumrap sang Brahmana ingkang wus sadu budine, iku padha karo ajine banyu sakubangan ing panggonan kang turah-turah banyune.
ARTINYA : Nilai dari ajaran Kitab-kitab Suci bagi seorang Brahmana yang sudi suci budinya, itu sama saja dengan nilai dari air dalam kubangan yang berada di daerah yang kelebihan air.
46.     Kuwajibanira iku mung tumandhang, he Harjuna! Aja sira kakehan mikirake kapriye mengko kawusanane. Kapriye mengko uwohe pakaryanira, iku aja dadi alasan anggonmu gelem utawa ora gelem tumandang. Nanging sira uga aja banjur dhemen dadi wong kelanthungan, wong nganggur!.
ARTINYA : Kewajibanmu itu hanya bertindak, wahai Harjuna! Jangan dirimu terlalu banyak memikirkan bagaimana nantinya. Seperti apakah hasilnya nanti dari perbuatanmu, itu jangan menjadi alasan dalam dirimu mau atau tidak mau bertindak. Namun juga dirimu kemudian senang menjadi orang yang tidak karuan dan tidak mempunyai pekerjaan.
47.     Panggawe ingkang wus dadi kwajibanira iku tansah lakonana sabecik-becike, sinambi nindakake pangudinira netepi lakuning Yoga, kanthi teguh, sepi pamrih, ora bungah yen nemahi sukses, ora susah yen nemahi kegagalan. Yoga lan kaseimbangan batin iku ora ana bedane.
ARTINYA : Pekerjaan yang sudah menjadi kewajibanmu itu, selalu kerjakanlah dengan sebaik-baiknya, sekalian menjalankan pencarian sambil melakukan Yoga dengan tekun, sepi dari harapan, tidak senang ketika sukses, tidak sedih ketika menemui kegagalan. Yoga dan keseimbangan batin itu tidak ada bedanya.
48.     Satuhune, ngudi marang panunggal lumantar bangkiting Budi, iku luwih utama, tinimbang karo nindakake amal miturut piwulange kitab-kitan Suci. Mula ngudiya antuk Pangayomaning Budi. Sabenere, wong kang tansah ngarep-ngarep uwohe pakaryane, iku memelas banget.
Sebenarnya, berusaha menyatu mendekat kepda Tuhan dengan membangkitkan Budi, itu lebih utama, dibanding dengan menjalankan amal menurut ajaran Kitab-Kitab Suci. Maka dari itu berusahalah mendapatkan perlindungan budi. Sebanarnya, seseorang yang selalu mengharap-harap untuk mendapatkan hasil dari kerjanya, itu sangat kasihan sekali.
49.     Sajatnine yen sira wus bisa manunggal lan kang murbamisesa uripira, lumantar tangine Budinira, becik lan ala iku wus ora dadi pitakonan. Mula den mantep lan setiya anggonira olah Yoga. Yoga iku tumanduke kawicaksanan nindakake sakeh karma.
ARTINYA : Sebenarnya, jika dirimu sudah bisa menyetukan rasa kepada rasa Sang Penguasa Hidup, dengan jalan bangkitnya budimu. Baik dan buruk itu sudah tidak menjadi pertanyaan. Maka dari itu rutin dan mantaplah dalah melakukan Yoga. Yoga itu menghasilkan kebijaksanaan dalam menjalakan semua karma.
50.     Kang wus manunggal marga menjing ing Budine, sayekti wus ora ngarep-ngarep opah utawa uwohe amal-amale. Karanane dheweke bisa lepas saka cakra panggilingane urip lan mati, lan banjur manjing ing Alam Kamulyan.
ARTINYA : Yang sudah menyatukan rasa karena telah masuk ke dalam bidunya, pastilah sudah tidak mengharapkan upah atau hasil dari amal-amalnya. Itu sebagai sarana agar dia bisa terlepas dari Cakra perputaran hidup dan mati.
51.     Yen Budi wus mentas saka pambidhunge Maya, sira wus ora mbutuhake piwulange sakeh kitab Suci. Piwulang-piwulang ingkansg dhedhasar panemune para Pinisepuh uga wus ora ana gunane maneh tumrap ing sira.
ARTINYA : Jika budi sudah terlepas dari pengaruh Maya, dirimu sudah tidak membutuhkan lagi semua ajaran yang termuat di dalam Kitab Succi. Ajaran-ajaran yang berdasar pendapat para Sesepuh juga sudah tidak ada gunanya lagi bagi dirimu.
52.     Budinira wus ora mobah utawa gingsir jalaran saka panemune bab surasane piwulange Kitab-kitab Suci kang maneka warna, lan kanthi teguh lan kukuh wus manjing sajroning samadi, anggonira olah Yoga yekti wus katrima!”
ARTINYA : Budi-mu sudah tidak berubah atau bergeser yang disebabkan oleh pendapat tentang isi dari Kitab-Kitab Suci yang bermacam-macam, dan dengan kuat dan teguh sudah meresap di dalam Samadi, dalam dirimu melakukan Yoga tentulah sudah terkabul.
53.     Harjuna nyuwun priksa ”Dhuh Sri Kresna! Punapa mawon ingkang dados tengeranipun  manungsa ingkang sampun putus anggenipun olah ngelmu, manungsa ingkang teguh samadinipun? Kados pundi pangandikanipun, kados pundi solah bawanipun?”
ARTINYA : Harjuna mohon bertanya “Wahai Sri Kresna! Apa saja yang menjadi tandanya atas manusia yang sudah putus dalam olah ilmu, manusia yang teguh dalam bersamadinya? Bagaimanakah cara berbicaranya dan bagaimanakah tingkah lakunya?
54.     Sri Kresna ngandika : “He Harjuna! Kang wus bisa nyingkirake sakeh pepenginan, lan bisa ngeningake riptane, kang pribadine kanthi jenak bisa tumanem ing Dheweke, iku manungsa kang teguh Budine.
ARTINYA : Sri Kresna berkata : “Wahai Harjuna! Yang sudah bisa menghilangkan semua keinginan diri, dan bisa menenangkan pikiran riptanya, yang dengan ketenagan pribadinya hanya tertuju kepada Dia, itulah manusia yang kuat budinya.
55.     Kang ciptane wus ora bisa ketaman dening bungah lan susah marga wus ora sesenggolan lan magepokan maneh karo kang dadi jalarane, kang wus sirna hawa nafsune, ora kanggonan was sumelang, nesu, bendu, jengkel, mangkel lsp. Iku sing diarani muni kang teguh Budine.
ARTINYA : Yang cintanya sudah tidak terpengaruh oleh senang  dan susah karena sudah tidak bersentuhan dan bersinggungan dengan yang menjadi penyebabnya, yang telah hilang ghawa nafsunya, tidak terpengaruh rasa kuatir, marah, mengutuk, jengkel, mangkel dans ebagainya, itu yang disebut manusia suci yang kuat budinya.
56.     Kang wus bisa medhot panancanging Karma, ora mbedakake menang lan kalah, mujur lan malang, untung lan rugi, sepi ing rasa benci, sengit, mangkel, ndongkol, lan jengkel, iku manungsa kang jiwane wus teguh, wus seimbangane.
ARTINYA : Yang sudah bisa memutus ikatan karma, tidak membedakan menang dan kalah. Keberhasilan dan kegagalan, untung dan rugi, sudah tidak mempunyai rasa benci, tidak suka, mangkel, dongkol dan jengkel, itulah manusia yang jiwanya sudah kuat dan sudah seimbang.
57.     Sapa kang kadya bulus kang bisa mingslepake sikil-sikile lan sirahe ing sangisore thothoke, bisa ngracut pancadriyane lan malik arahe, tumanduk marang asalmulane pribadine, iku manungsa kang jiwane wus teguh seimbangane.
ARTINYA : Siapa yang bagaikan kura-kura yang bisa memasukan kakinya dan kepalanya ke dalam tempurungnya, bisa melepas pancaindra dan membalikkan arahnya, kembali ke asal muasal atas diri pribadinya, itulah manusia yang jiwanya sudah kuat keseimbangannya.
58.     Daya panarike samubarang kang gumelar marang pancadriya, iku bakal sirna, yen manungsa tansah cecegah. Naging sir tetep ana. Sir uga bisa ilang yen manungsa teguh adhepe marang ingkang Maha Luhur.
Artinya : Kekutan menarik atass segala yang tergelar oleh pancaindra, itu akan hilang, jika manusia selalu menghindarinya. Akan tetapi SIR tetap ada, SIR juga bisa hilang jika manusia kuat tujuannya kepada Yang Maha Luhur.
59.     Heh Kunthisiwi! Nadyan ta tumrap sang Sadu, kang temen-temen ngudi marang kang utama lan luhur, indriyane yen nganti bangkit, bisa mbandangake manase utawa pangriptane.
ARTINYA : Wahai Kunthisiwi! Walau pun bagi orang suci, yang benar-benar mencari yang utama dan luhur, jika indranya sampai bangkit, akan bisa menyesatkan perasaannya atau pikirannya.
60.     Naging yen indriyane iku tansah dikendhaleni, lan jiwane mung madhep marang Manira, yen dheweke bener-bener bisa nguwasani indriyane, iku jiwane wus teguh seimbangane.
ARTINYA : Akan tetapi jika indranya itu selalu bisa dikendalikan, dan jiwanya hanya tertuju kepada Ingsun, Dan jika dia itu benar-benar bsia menguasai indranya, itu berarti jiwanya sudah kuat keseimbangannya.
61.     Manungsa kan indriyane tansah lelumban ing jagade sakeh barang kang bisa nenangi pepenginane, pepenginane mau mesthi banjur thukul lan dadi kuwat. Iku kang dadi  mula bukane tuwuhe angkara. Angkara nuwuhake kamurkan.
Manusia yang indranya selalu berenang di dunianya atas sebua barang yang bisa menyenangkannya, rasa keinginan diri tentulah akan tumbuh dan akan menajdi kuat. Itulah yang menjadi penyebab tumbuhnya angkara. Dan angkara itu menumbuhkan murka.
62.     Kamurkan nuwuhake salah gawe kang banjur bisa ngrusak kawaspadan bab bedane ala lan becik. Wong kang wus kaya mangkono iku Budine mesthi ngoncati. Wong kang wus koncatan budine mesthi tumeka ing bilai.
ARTINYA : Murka itu menyebabkan salah dalam tindakan yang kemudian bisa merusak kewasspadaan tentang perbedaan baikd an buruk. Seseorang yagn sudah seperti itu, budinya tentu akan meninggalkannya. Oeang yang sudah kehilangan budinya, tentulah akan celaka.
63.     Nanging manungsa kang urip ing jagading indriya, wondene sepi ing rasa seneng lan sengit, kang Pribadine tansah bisa ngedhaleni angkarane, iku kang bakal nggayuh kamulyan kang linuhur.
ARTINYA : Akan tetapi seseorang yang hidup di dunia Indra, akan tetapi sepi dari rasa senang dan benci, yang pribadinya selalu bsia mengendalikan angkaranya, itulah yang akan menggapai kemuliaan yang luhur.
64.     Jroning kamulyan ingkang mangkono iku ilang sakehe susah-sungkawa, Kang pangriptane terus heneng hening. Budine banjur bisa anteng lerem.
Didalam kemuliaan yang demikian itu akan hilang semua kesusahan dan kesedidhannya. Yang pikirannya selalu dalam ketenangan dan keheningan. Maka Budinya akan tenang dan mengendap.
65.     Budining manungsa iku ora bakal tangi, yen dheweke ora nggayuh marang panunggal. Dheweke ora ngerti apa olah samadi iku. Kang ora oleh samadi ora bakal entuk katentreman. Tanpa katentreman ora ana kamulyan.
ARTINYA : Budi manusia itu tidak akan bangkit, jika dia tidak berusaha mencari untuk menyatu. Dia itu tidak akan mengerti apakah samadi itu. Yang tidak melakukan samadi itu tidak akan mendapatkan ketenteraman. Tanpa ketenteraman tidak akan ada kemuliaan.
66.     Apa wae ing jagad leleumbane indriya, kang nenangi pepenginane manungsa, sauwise dirujuki dening pangriptane, mesthi banjur mikut lan mbandangake dheweke, kaya dene angin prahara kang nyamber lan mbandhang prahu kang lagi lelayaran ana ing samudra agung.
ARTINYA : Apa saja di dunia tempat berenangnya indra, yang selalu memenuhi kesenangan manusia, setelah mendapatkan persetujuan dari pikirannya, tentulah akan mendukung dan menyesatkan dirinya, bagaikan badai yang menyambar dan membawa pergi perahu yang sedang berlayar di tengah samudra luas.
67.     Jalaran saka iku, kawruhana, heh Harjuna! Ngemungake wong kang bisa nguwasani lan misahake indriyane saka jagad palumbane, kang kena diarani wong kang jiwane teguh lan seimbang jumenenge.
ARTINYA : Oleh akrena itu ketahuilah, Wahai Harjuna! Hanya orang yang bisa menguasai dan memisahkan indranya dari tempat bermainnya, yang bsia disebut manusia yang teguh jiwanya dan seimbang keberadaannya.
68.     Alam kang padhang jumingglang tumrape wong kang wus tinarbuka, kang tansah waspada marang mobah-mosike cipta lan ripta, iku peteng lelimengan tumrape si cubluk. Sabalike alam lelumbane sakeh pepenginan, kang dadi alam padange si cubluk iku peteng turape sang sadu.
ARTINYA : Alam yang terang benderang bagi orang yang sudah terbuka, yang selalu waspada atas gerak cipta dan riptanya, itu gelap sekali bagi si bodoh. Dan sebaliknya, alam tempat bermainnya semua keinginan diri, yang menjadi kesenangan si bodoh, itu gelap sekali bagi orang suci.
69.     Heh Harjuna! Sesuwene sira urip ing ndonya iki, ya iku jagad lelumbane indriya, bisaa sira iku kaya samodra, kang telenge ora obah lan mosik, sanadyan kajogan banyu saka sakeh kali kang gedhe, lan sanadyan nduwure mawujud ombak-ombak kang gedhe, kang gegulungan marga sinabet-sabet ing maruta.
Wahai Harjuna! Selama dirimu hidup di dunia ini, yaitu dunia tempat bermainnya indra, agar bisalah dirimu itu bagaikan samudra, yang palungnya tidak bergerak dan tidak terusik, walau pun dialiri dari banyak sungai-sungai besar, dan walau pun di atassnya berujud ombak-ombak yang menggulung, yang gelombang itu karena dihantam oleh angin.
70.     Kang wus bia nyingkirake sakeh pepenginan, marga pepenginan-pepenginan mau wus ilang daya panarike, sepi ing pamrih lan angkara, sayekti, wong kang mangkono iku, bisa entuk katentreman, sanadyan isih urip ing donya rame iki.
ARTINYA : Yang sudah bisa menghilangkan keinginan dirinya, karena semua keinginan-keinginan tersebut sudah kehilangan daya penariknya, sudah tidak mempunyai pamrih dan angkara, tentulah, orang yang seperti itu, bisa mendapatkan ketenteraman, walau pun masih hidup di alam dunia ini.
71.     Iku kang di arani urip jroning pepadhange Hyang Brahma. Kang wus manjing ing kono adoh saka sakeh sungkawa, lan yen tumeka ing wekasaning uripe ing donya iki, mesti bakal mlebu ing Nirwanane Hyang Brahma”>\
ARTINYA : Itulah yang disebut hidup di dalam Terangnya Hyang Brahma. Yang sudah masuk ke dalamnya, maka akan terjauhkan dari kesedihan, dan jika telah sampai akhir hidupnya di dunia ini, pasti akan masuk ke dalam Nirwana milik Hyang Brahma.
Punika piwucal winadi, ingkang kawrat ing Kitab Suci. Serat Bagawad Gita, winastan : Lawan Sabda Kresna lan Harjuna wejangan ingkang kaping kalih. Panunggaling Harjuna lumntar Ilmu Sangkya.
3.         KARMA  YOGA
Wejangan ingkang kaping Tiga
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Karma Yoga
Ajaran yag ke tiga
Menyatu dengan Tuhan melalui Karma Yoga

1. “Dhuh Sri Kresna! Manawi ngrasuk Ilmu Sangkya punka langkung utami tinimbang nglampahi sakathahing pandamel meturut piwucalipun Karma Yoga, kenging punapa kula kadhawuhan nglampahi pandamel ingkang kalangkung wengis punika, nyirnakaken para kadang, guru lan sanes-sanesipun?
ARTINYA : Wahai Sri Kresna! Jika menurut Ilmu Sangkya (Musik Ketuhanan) itu, lebih baik dibanding dengan menjalankan semua perbuatan mengganakan dasar Ilmu Karma Yoga, Mengapakah diriku diperintah melakukan perbuatan yang sangat kejam ini, Membunuh para saudara, guru dan lain-lainnya.
2. Dhawuh Paduka punika saestu damel bingungipun manah kawula. Mila kersaa paring pitedah ingkang gumathok, kadospundi manungsa punika saged anggayuh kamulyan kang luhur piyambak?”
ARTINYA : Perintah Paduka itu sungguh membingungkan hati hamba. Hamba mohon untuk memberi petunjuk yang bisa dijadikan dasar, bagaimanakah cara agar manusia itu bisa mendapatkan kemuliaan yang paling luhur?
3. Sri Kresna  ngandika : “Ing ngarep wus Manira terangake, heh Harjuna, yen dalan tumuju marang kamulyan jati iku ana loro cacahe. Panunggal lumnatar Ilmu Sangkya lan Panunggal lumantar amal saleh kang winastan Karma Yoga.
Sri Kresna berkata : “Di depan sudah Ingsun jelaskan, wahai Harjuna, jika jalan menuju ke arah kemuliaan yang sebenarnya itu ada dua macam. Menyatu menggunakan Ilmu Sangkya dan menyatu menggunakan amal saleh yang disebut Karma Yoga.
4.  Ora bisa manungsa iku medhot panancanging panggawe mung sarana thenguk-thenguk, ora gelelm nglakoni panggawe apa wae. Luhur-lihuring gegayuhan oga ora bisa kacekel mung sarana ngungkurake jagad rame lan tapa ana ing gunung.
ARTINYA : Tidka akan bisa seseorang yang ingin memutus ikatan perbuatan hanya dengan cara tidak melakukan apa-apa, tidak mau mengerjakan apa pun. Setinggi-tingginya cita-cita tidak akan bisa dicapai jika hanya meninggalkan keramaian dunia dan bertapa di gunung saja.
5. Sajatine, nadyan mung  sakedheping netra wae, manungsa iku ora bisa tanpa tumandhang, sabab wus dadi kodrat Triguna wong urip iku kudu tansah obah lan mosik, kudu tumandang.
ARTINYA : Sesungguhnya, walau hanya secepat kedipan mata, manusia itu tidak bisa jika tidak bergerak, karena sudah menjadi kodrat dari Tri Guna bahwa menusia hidup itu harus selalu bergerak dan berpikir, harus bekerja.
6.  Wong kang lungguh, kanthi nyegah obahe tangan, sikil, lan saranduning badan liyan-liyane, menging pikirane ngalamun, lelumban ing jagade pancadriya lan pepenginan, iku amale lamis utawa munafik.
ARTINYA : Oran yang duduk, dengan menahan gerak tangan dan kakinya dan semua anggota badannya, menahan pikirannya untuk tidak melamun, membayangkan gerak dunia indra dan keinginan diri, itu amalnya hanya pura-pura saja dan munafik.
7. Nanging manungsa kang tansah ngendhaleni indriyane, lan raga, cipta lan riptane tumandang minangka ibadahe, utawa tandha bektine, tumuju marang kang Maha Tunggal, satuhune jalaran nindakake Karma Yoga, wus lepas saka panancange Karma. Iku manungsa kang tuhu pinunjul!.
ARTINYA : Akan tetapi, manusia yang selalu mengendalikan gerak indaranya, dan raganya, cipta dan riptanya bekerja sebagai ibadahnya, atau tanda baktinya, tertuju kepada Yang Maha Tunggal, itu sebenarnya adalah dikarenakan menjalankan Karam Yoga, maka sudah terlepas dari ikatan Karma. Itulah manusia yang benar-benar unggul.
8. Tandangana panggaweyan kang wus dadi kuwajibanira. Wong kang tumandang iku luwih becik tinimbang wong kang mung meneng wae. Wong kang mung meneng wae iku uripe saka asil karyane wong liya.
ARTINYA : Kerjakanlah pekerjaan yang sudah menjadi kewajibanmu. Orang yang melakukan kerja itu lebih baik daripada yang diam saja. Orang yang hanya diam saja itu hidupnya berasal dari pekerjaan orang lain.
9. Yen kabeh panggawe iku sira dadekake pangurbanan utawa tandha bekti sajrone sira nindakake ibadah tumuju marang kang murba misesa urip ira, sayekti panggawe-panggawe mau ora bakal dadi belenggu tumrap kamardikanira. Mula kabeh panggawe iku dadekna ibadah, yaiku panggawe kang sira lakoni tanpa pamrih, tanpa ngarep-arep uwohe utawa upahe.
ARTINYA : Jika semua perbuatan itu kamu jadikan pengorbanan atau tanda bakti dedalam kamu menjalankan ibadah yang ditujukan kepada Yang Menguasai hidupmu, sebenarnya pekerjaan-pekerajaan itu tidak akan menjeadi belenggu atas kemerdekaan dirimu. Maka dari itu semua perbuatanmu jadikanlah Ibadah, yaitu perbuatan yang kamu kerjakan tanpa pamrih, tanpa mengharap-harap hasilnya atau upahnya.

Cathetan :
Tembung pangurbanan, saking tembung kurban, sesambetan kaliyan tembung karib, ingkang tegesipun cedhak, celak caos kurban tegesipun lampah ingkang nyelakaken dhateng ingkang dipun caosi kurban. Tembung ibadah punika asalipun saking tembung Abdun inggih punika abdi. Mila ibadah punika saleresipun ateges pengabidan, inggih punika sadaya pandamel ingkang dipun lampahi tanpa pamrih.
ARTINYA : Kata “Pengorbanan”, berasa dari kata Kurban, berhubungan dengan kata “Karib” yang artinya dekat, Dekat memberi kurban artinya perbuatan yang mendekatkan kepada yang diberi kurban. Kata “Ibadah” itu berasal dari kata Abdun, yaitu Abdi. Sehingga ibadah itu sebenarnya bermakna pengabdian, yaitu semua perbuatan yang dilakukan dengan tanpa pamrih walau pun itu untuk mendapatkan pahala.
10. Dumadine sagung alam ingkang gumelar iki saka panggawene kang Maha Kuwasa, dhedhasar pangurbanan. Nalika murba jagad iki Hyang Prajapati paring sabda : “Jagad gumelar iki bisa nuruti sakeh panuwune para titah!”.Jalaran saka iku, heh Harjuna, sira bisa mujudake sakeh gegayuhanira.
ARTINYA : Adanya semua alam yang tergelar ini atas kehendak Yang Maha Kuasa yang berdasar pengurbanan. Ketika menciptakan dunia ini, Hyang Prajapai berkata : “Dunia yang tergelar ini bisa memenuhi semua permohonan makhluk”, oleh karena itu, wahai Harjuna, kamu pun bisa mewujudkan semua cita-citamu.
11. Yen sira caos sesaji pangurbanan marang para dewa, para dewa bakal paring panguripan marang sira. Sarana madsinamadan manungsa lan dewa bakal bisa nyekel gegayuhan ingkang luhur dhewe.
ARTINYA : Jika dirimu memberikan kurban ke pada para Dewa, Para Dewa akan memberikan penghidupan kepada dirimu. Dengan cara saling membantu antara manusia dan Dewa akan bisa menggenggam cita-citanya yang paling luhur.
12. Kanikmatan apa wae kang sira pengini, ingkang maringi para dewa minangka ijole sisajinira. Sapa kang nikmati barang tanpa aweh leliru, iku padha wae karo maling.
ARTINYA : Keinginan apa pun yang kau ingingkan, yang memberikan itu para Dewa sebagai balasan atas kurban sesaji dari dirimu, Barang siapa yang menikmati sesuatu tan memberikan gantinya, itu sama saja dengan pencuri.
13. Kang uripe saka rejeki, turahe sawuse dianggo sesaji lan dedana, mesthi sepi ing sakehe dosa. Nanging sang dursila kang jroning urip mung mikirake awake dhewe ora bakal mentas saka kadursilane.
ARTINYA : Yang hidupnya dari rizki sisa setelah dipergunakan sesaji kurban dan dana, pastilah sudah terlepas dari dosa. Akan tetapi yang dursila yang didalam hidupnya hanya memikirkan dirinya sendiri tidak akan bisa melepaskan diri dari dursila.
14. Kang nguripi wadhag kita iki pangan, kang paring pangan iku Hyang Indra, dewaning udan. Hyang Indra jumenenge marga saka anane sesaji. Tanpa tumandang ora ana sesaji pangurbanan.
ARTINYA : Yang menghidupi raga ini itu makanan, yang memberikan makanan itu Hyang Indra, Dewa Hujan, Berdirinya Hyang Indra karena adanya kurban. Tanpa kerja tidak akan ada sesjai kurban.
15. Kawruhana, anane panggawe iku sakan panguwasane Hyang Brahma. Brahma asale saka kang tan kena ing rusak, lan kang tan kena ing owah gingsir. Kamula sajatine, panggawe sesaji, amal pangorbanan iku nelakake sipate kang Maha Agung.
ARTINYA : ketahuilah, adanya perbuatan itu atas kekuasaan Hyang Brahma, Brahma itu berasal dari yang tidak terkena kerusakan dan yang tidak terkena perubahan.  Sehingga sebenarnya, melakukan kurban sesaji sebagai amal berkurban itu menunjukan sifat dari Yang Maha Agung.
16. Wong kang ora melu ngubengake cakra panggilinganing urip ing donya iki, sejatine uripe tanpa guna. Uripe mung gulung koming jroning dosa lan angkara.
ARTINYA : Seseorang yang tidak ikutserta menggerakkan cakra perputaran hidup di dunia ini, sebenarnya hidupnya tidak berguna. Hidupnya selalu bergelimang didalam dosa dan angkara.
Cathetan :
Ora melu ngubengake cakra panggilanganing urip ing donya, tegesipun ora melu nglakoni ibadah utawi pangabdian.
ARTINYA : Tidak ikut menggerakan cakra perputaran hidup di dunia ini, artinya, tidak ikut melakukan ibadah atau pengabdian.
17. Nanging sapa kang dhemen sesrawungan karo ingsun, wis ngrasa lega, maren lan ayem, jalaran bisa cedhak karo Ingsun, tumrap wong kang mangkono iku, wis ora ana amal liya kang isih kudu dilakoni.
ARTINYA : Akantetapi yang menyukai berhunugan dengan Ingsun, sudah merasa puas, nyaman dan tenteram, karena bisa mendekat kepada Ingsun, bagi orang yang sudah demikian itu, sudah tidak ada amal yang lainnya yang harus dilakukan.
18. Gawe amal tumrape dheweke wus ora ana kawigatene, ora gawe amal ya ora ana kawigatene. Sejatine apa wae kang ana ing donya iki, tumrape dheweke wus ora ana kawigatene maneh.
ARTINYA : Beramal bagi dirinya itu sudah tidak menjadi perhatiannya, tidak melakukan amal juga tidak ada perhatiannya. Sebenarnya apa pun yang ada di dunia ini, bagi dirinya sudah bukan menjadi perhatiannya lagi.
19. Pramula lakonana sakeh panggawe kang wus dadi kuwajibanira, tanpa andarbeni rasa kapeksa. Sapa kang nglakoni sakeh panggawe kanthi suka rila, tuhu bisa nyandhak gegayuhan kang linuhur.
ARTINYA : Maka dari itu kerjakanalah segala tugas yang sudah menjadi kewajibanmu, dan jangan memiliki rasa terpaksa. Sesiapa yang mengerjakan tugasnya dengan ikhlas, sungguh! Akan bisa menggapai cita-cita yang luhur.
20. Sarana nindakake amal kang kaya mangkono iku, para raja sinatriya ing jaman kuna, kaya ta Janaka lan liya-liyane padha bisa nyandhak gegayuhan kang linuhur mau. Murih gawe rahayuning jagad wajib sira ngrampungake tugasira.
ARTINYA : Dengan cara melakukan amal yang demikian itu, para raja dan satria di masa lalu, contohnya : Janaka dan lain-lainnya bisa menggapai cita-citanya yang luhur. Agar dunia tetap tenteram, wajib bagi dirimu menyelesaikan kewajiban tugasmu.
21. Tuladha kang diparingake para luhur, mesthi ditiru kawula cilik. Amal apa wae kang ditindhakake dening para luhur mau dadi pathokan bab ala becik tumrap kawula cilik.
ARTINYA : Contoh yang diberikan oleh para pemuka yang luhur, pasti akan ditiru oleh rakyat jelata.  Amal apa saja yang delakukan oleh para Pemuka yang luhur itu, menjadi pedoman tentang baik dan buruk bagi rakyat kecil.
22. Jroning Triloka iki ora ana amal kang dadi kuwajiban Ingsun lan ora ana gegayuhan kang isih kudu Ingsun gayuh. Wondene Ingsun terus tumandhang ngrampungake sakeh amal panggawe.
ARTINYA : Didalam Triloka ini, tidak ada amal yang menjadi kewajiban Ingsun dan tidak ada cita-cita yang harus Ingsun capai. Akan tetapi Ingsun tetap bergerak menyelesaikan semua amal perbuatan.
23. Yen Ingsun ora cawe-cawe, tansah makarti tanpa nganggo leren, donya kabeh iki bakal leren, sakabehe banjur mandheg.
ARTINYA : Jika ingsun tidak ikut-ikut, dan tidak selalu berbuat tanpa ahentinya, tentulah dunia ini akan berhenti, semuanya akan berhenti juga.
24. Bumi, mbulan, srengenge lan lintang luluh lebur yen Ingsun ora tansah tumandhang. Bawana bali marang asale, bosah-basih, ora ana tatanan. Ora ana padhang, ang ana mung peteng ndhedet lelimengan.
ARTINYA : Bumi, bulan, matahari dan bintang, akan hancur lebur jika Ingsun tidak selalu menjaganya, Dunia akan kembali ke asalnya, beterbangan, tidak ada tatanan, tidak ada terang, yang ada hanya kegelapan yang teramat gelap.
25. Si pengung, pethel, sregep anggone makarya, supaya bisa ngundhuh uwohe pakaryane, kang nyenengake tumrap dheweke. Sang sadu tumandang kaya si pengung, nanging mung kanthi sedya nglakoni pangabdian kunjuk marang kang Muaha Kuwasa, memayu hayuning bawana.
ARTINYA : Orang bingung, pemalas, yang giat dalam bekerja, agar bisa mendapakan hasil dari kerjanya, yang menyenangkan bagi Dia. Orang Suci yang melakukan kerja bagaikan orang bingung, akan tetapi hanya dengan sucinya niat mengabdi kepada Yang Maha Kuasa, dan menjaga ketenteraman dunia.
26. Wondene aja nganti sira gawe bingunge para pengung kang lagi dhemen-dhemene makarya, sarana ngandhakake apa kang Ingsun wedharake iki. Weruhna yen makarya iku bakal nekakake kamulyane. Dene sira dhewe aja lali tumandhang miturut wedharane Ilmu Yoga (Panunggal).
ARTINYA : Meski demikian, jangan sampai dirimu membuat bingungnya orang bodoh yang sedang giat-giatnya bekerja, dengan cara mengatakan apa yang sedang Ingsun ajarkan ini. Berilah pemahaman bahwa jika bekerja itu akan mendatangkan kemuliaan. Sedangkan dirimu sendiri, jangan lupa bergerak dengan dasar ajaran Ilmu Yoga (Menyatu).
27. Kawruhana yen sakehe amal iku sajatine kang nindhakake kodrating alam kang winastan triguna. Kablingere dening angkarane, manungsa rumangsa yen dheweke ingkang tumandhang.
Ketahuilah, bahwa semua amal itu, yang melakukannya adalah kodrat alam yang disebut Triguna, Tertipu oleh angkaranya, hingga manusia itu merasa bahwa dialah yang melakukannya.
28. Nanging manungsa kang wus ora samar marang tumandhange, lan apa perlune anane para guna mau, ngerti uga yen tumanggape indriya marang sakeh barang kang menginake iku ora liya tumandhange guna kang siji nanggapi guna liyane. Pribadine wus bebas, ora kecancang dening sakeh panggawe.
ARTINYA : Akan tetapi, manusia yang sudah paham atas tindakannya, apa perlunya adanya pengaruh itu, paham juga bahwa gerak indranya atas segala sesuatu yang menggiurkan itu tidak lain adalah gerak pengaruh yang satu menaggapi pengaruh yang lainnya. Pribadinya telah terbebas, tidak terjerat oleh semua perbuatan.
29. Kang isih linimputan dening triguna, salawas-lawase mesthi kecinthung dening permainane. Sang sadu aja gawe bingunge si cubluk, kang durung bisa nampa piwulang iki.
ARTINYA : Yang masih dikuasai oleh triguna, selamanya pastilah terbawa oleh permainannya. Manusia suci janganlah membuat bingung orang bodoh, yang belum bisa menerima ajaran ini.
30. Ulah sakeh paggawe iku lakonana minangka tandha bekti marang Ingsun, lan kanthi tatag, teguh lan sabar, sepi ing angkara murka, majua ing palagan, heh Harjuna.
ARTINYA : Adanya tugas itu kerjakanlah sebagai tanda bakti kepada Ingsun, dan dengan tanpa keraguan, teguh dan sabar, sepi dari angkara murka, majulah ke medan laga wahai Harjuna.
31. Sapa kang jroning urip ing donya iki tansah nglakoni pituduhe piwulang kang laggeng lan adiluhur iku, bakal katuwuhan iman kang tangguh lan kang tan bisa mingset, bakal sepi ing rasa was-sumelang lan tidha-tidha, lan bakal bisa medhot pambandanging karma.
ARTINYA : Siapa yang di dalam hidupnya di duniaini selalu majalankan petunuk ajaran yang kekal dan sangat tinggi ini, akan mendapatkan Iman yang teguh dan yang tidak bisa berubah, akan hilang rasa kuatirnya dan keraguannya, dan akan bisa memutus iktan karmanya.
32. Nanging kang tansah gijak-gajek, tidha-tidha, lan ora gelem miturut piwulang iki, kawruhana yen dheweke, marga saka bodhone bakal tumeka ing sirna, marga koncatan Budine.
ARTINYA : Akan tetapi yang tidak memiliki kemantapan, ragu-ragu dan tidak mau mengikuti ajaran ini, ketahuilah bahwa dirinya, karena kebodohannya akan sampai pada kehancurannya, karena kehilangan budinya.
33. Lakuning uriping manungsa iku miturut kodrate dhewe-dhewe. Mula sang sadu tumindhake ya kanthi wicaksana. Kabeh makhluk iku miturut kodrate dhewe. Jalaran saka iku ora ana gunane meksa-meksa wong liya.
ARTINYA : Jalan hidup manusia itu mengikuti kodratnya sendiri-sendiri. Sehingga manusisa suci itu dalam bertindaknya selalu berdasar kepada kearifannya. Semua makhluk itu mengikuti kodratnya dirinya sendiri-sendiri. Oleh karena itu tidak ada gunanya untuk memaksa-maksa orang lain.
34. Apa kang tumama ing kita lumantar indriya kita, iku nuwuhake rasa seneng lan ora seneng. Bebasna pribadinira saka panguwasane wolak-waliking kahanan iku! Iku alangan tumrap laku nira.
ARTINYA : Apa yang mempengaruhi diri kita karena gerak indra kita itu, menumbuhkan rasa senang dan tidak senang. Bebaskanlah dirimu dari kekuasaan perubahan-perubahan keadaan. Itu merupakan halangan atas hidumu.
35. Sapa wae kudu nglakoni kuwajibane lan tugase dhewe, nadyan ta mung sapele. Nadyan jroning ngrampungake tugase dhewe mau nemahi pati, iku luwih utama tinimbang clandhakan nindakake tugase wong liya”.
ARTINYA : Siapa saja itu harus menjalankan kewajiban dan tugasnya sendiri-sendiri, walau pun hanya sepele. Walau pun ketika menyelesaikan tugas kewajiban diri itu menyebabkan kematiannya, itu lebih utama dibanding usil dengan mengerjakan tugasnya orang glain.
36. Harjuna matur : “ Dhuh Sri Kresna ! Punapa ta ingkang anjalari manungsa ingkang gesang ing donya punika, nglampahi pandhamel-pandamel dosa, kadhang-kadhang kados dene kapeksa, kajorok-jorokaken tanpa saged bangga?”
ARTINYA : Harjuna berkata : “Wahai Sri Kresna!” Apakah yang menyebabkan manusia yang hidup di dunia ini, melakukan perbuatan-perbuatan dosa, yang kadang-kadang seolah terpaksa, dijerumuskan tanpa bisa menghindar?”
37. Sri Krena ngandika : “Kang anjalari yaiku angkarane lan murkane kang diobahake dening guna rajas. Iku kang dadi sebab ngrebdane dosa lan kasangsaran. Iku musuhe manungsa ing jagad rame iki.
ARTINYA : Sri Kresna berkata : “Yang menyebakannya itu adalah angkaranya dan murkanya yang digerakkan oleh kekuatan Rajas, itulah yang menjadi penyebab berkembangnya dosa dan kesengsaraan. Itulah musuh manusia di dunia ini.
38. Dheweke tansa linimputan dening angkara lan murka, kaya dene huruping geni kang tansah linimputan dening kebul, utawa kaca kang tansah tinutupan dening bledug, utawa wiji kang binungkus dening ari-ari.
ARTINYA : Dirinya selalu diliputi oleh angkara dan murkanya bagaikan nyala api yang tertutup oleh asapnya, atau bagaikan kaca yang tertutup debu, atau biji yang terbungkus ari-ari.
39. Mangkono uga kawicaksananing manungsa iku tansah binuntel dening musuhe para sadu, yaiku kamarupa utawa angkara murka, kang tansah murub mobyar-mobyar tanpa duwe marem.
ARTINYA : Demikian juga, kearifan manusia itu selalu dibungkus oleh musuh orang suci, yaitu Kamarupa atau angkara murka, yang selau berkobar menyala-nyala tanpa memiliki rasa puas.
40. Kamarupa mau nyrambahi lan jumenengg ana ing indriya, akal, pangripta lan ciptaning manungsa, lan banjur amblinger manusa samangsa wus bisa nutupi kawaspadane.
ARTINYA : Kamarupa itu menguasai dan berasa di dalam indra, akal, pikiran ripta dan di dalam cipta cetusan hati manusia, yang kemudian membelokkan manusia jika sudah menutup kewaspadaannya.
41. Indriya iku gedhe banget gunane. Parasaan gunane luwih gedhe, luwih gedhe maneh gunane akal. Budi gunane luwih gedhe tinimbang akal. Kang gehde dewe gunane yaitu Dheweke.
ARTINYA : Indra itu sangat besar sekali kegunaannya, Perasaan itu lebih besar lagi gunanya, dan yang lebih besar lagi gunanya itu akal. Dan Bdi itu lebih besar gunanya dibanding akal. Yang besar sendiri gunanya itulah DIA.
42. Sawuse sira ngreti yen Dheweke iku luwih luhur tinimbang karo budi, kanthi pribadinira teguh lan antheng jalaran saka Dheweke, yen sira prajurit sejati, sirnakna kamarupa iku, mungsuh kang julig banget, kang ora kena dicedhaki.
ARTINYA : Setelah dirimu mengerti jika DIA itu lebih luhur dibanding dengan budi, hingga ketenangan pribadimu kuat dan tententeram karena DIA, jika dirimu itu memang prajurit sejati, hilangkanlah kamarupa itu, musuh yang sangat licik, yang tidak boleh didekati.
Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita, winastan : “Lawan Sabda Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping tiga. Panunggaling Harjuna lumantar Karrma Yoga. /

3.         GNYANA  YOGA
Wejangan ingkang kaping Sekawan
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Pangawikan

1.    Pangayomaning jagad ngandika : “Yoga ingkang kuna makuna ora ana owahe, yoga ingang abadi iki, ing sakawit Manira warahake marang Wiwaswat. Wiwaswat nerusake marang Manu. Manu nerusake maneh marang Ikswaku.
ARTINYA : Pelindung dunia berkata : “Yoga yang sejak masa lalu tidak pernah berubah, yoga yang abadi ini. Pada mulanya Ingsun ajarkan kepada Wiwaswat. Wiwaswat meneruskan kepada Manu. Manu meneruskan lagi kepada Ikswaku.
2.  Mangkono run-tumurun piwulang iki katampa dening para ratu-pinandhita. Marga saka kejahilane sang Maha Kala, piwulang Yoga iku saya suwe saya tumpangsuh, kisruh, bubrah, wusanane wus ora bisa dingerteni maneh dening manungsa.
ARTINYA : Demikian seterusnya  ajaran ini sampai kepada para Raja yang bersifat pandita. Dikarenakan kejahilan ssan Maha Kala, Ajaran Yoga semakin lama semakin tumpang tindih, kisruh, rusak, sehingga sudah tidak bisa dipahami lagi oleh manusia.
3. Piwulang Yoga ingkang saiki Manira wedharake marang sira, iku padha wae karo piwulang ingkang Manira wedharake ing sakawit. Sira iku mitra Manira, kang tansah ngetokake bektinira. Mula piwulang ingkang adiluhur iki Manira wedharake marang sira.
ARTINYA : Ajaran Yoga yang sekarang Ingsun ajarkan kepada dirimu, iti sama saja isinya dengan ajaran yang ingsun ajarkan pada awalnya. Dirimu itu sahabat Ingsun, yang selalu menjalankan baktinya. Maka dari itu, ajaran yang sangat luhur ini, Ingsun ajarkan kepada dirimu.
4. Harjuna matur : “Paduka punika sugengipun saweg sapunika. Wiwaswat sugengipun sampun nalika jaman kuna, lan murud ing kasidan jati, dangu sakderengipun Paduka wonten. Kados pundi dene Paduka saged paring wedharan dhumateng Wiwaswat?”
ARTINYA : Harjuna bertanya : “Hidup paduka itu di jaman sekarang. Hidup Wwaswat sudah dijaman kuna, dan sudah meninggal dunia lama sebelum Paduka ada. Bagaimanakah hingga Paduka bisa memberi ajaran kepada Wiwaswat?”
5. Pangayomaning jagad ngandika “ Manira lahir lan mati wus marambah-rambah. Mangkono uga sira, Harjuna. Manira eling panitisan Manira kabeh, sira ora!
ARTINYA : Pemelihara dunia berkata : “Ingsun ini sudah berulang kali lahir dan mati. Demikian juga dirimu, Harjuna. Ingsun ingat penitisan Ingsun, sedangkan dirimu tidak!”
6. Manira iku Ingsun kang Ana tanpa nganggo dilahirake, Pangerane sagung alam. Manira Dat  ingkang sipat langgeng, tan kena ing owah gingsir. Nadyan Manira ngenggoni kodrat Manira pribadi wondene jumeneng Manira iku saka daya kekuwatan kamayan Manira dhewe.
ARTINYA : Ingsun ini Ingsun yang adanya tanpa dilahirkan. Tuhan seluruh alam. Ingsun ini Dzat yang bersifat kekal, yang tidak terkena perubahan. Walau pun Ingsun menempati kodrat Ingsun pribadi, akan tetapi adanya Ingsun itu berasal dari kekuatan Daya Ingsun sendiri.
7. Saben-saben sajroning lelakon uriping bumi iki, anger-anggering Tepa Salira  lan Welas Asih marang sapadha-padha dilalekake, lan tindak-tanduk sawenang-wenang saya andadra, Manira nitahake Manira Pribadi.
ARTINYA : Sesetiap didalam cerita hidupnya bumi ini, aturan mawas dri dan cinta kasih kepada sesamanya itu dilupakan, dan tingkah lakunya sewenang-wenang dan semakin parah, Ingsun Memerintahkan Ingsun pribadi.
8. Perlune mbantu lan ngayomi ingkang padha alus-alus Budine lam mbrastha kang padha ambeg angkara-murka. Murih njejekake angger-anggering Tepa Salira lan Welas Asih ing saben jaman Manira bali manjalma ing donya iki.
ARTINYA : Keperluaanyya adalah membantu dan melindungi yang budinya sudah halus dan menghancurkan para angkara murka. Agar menegakkan aturan mawas diri dan cinta kasih, Dan disetiap jaman Ingsun ini menjelma ke alam dunia ini.
9. Kang ora pangling marang panjalma Manira lan ngakoni Kasucian Manira, sawuse nemahi ajal, ora bakal bali menyang donya maneh, nanging tetep manunggal karo Manira.
ARTINYA : Yang paham atas jelmaan Ingsun dan mengakui kesucian Ingsun, setelah menemui ajal, tidak akan kembali ke dunia lagi, akan tetapi tetap menyatu dengan Ingsun.
10. Lepas saka panguwasane hawa nafsu, muring lan was-sumelang, tansah eling marang Manira lan ngayom marang Manira, sinucekake dening urubing Pangawikan, akeh kang wus bisa manunggal karo Manira.
ARTINYA : Sudah terlepas dari kekuasaan hawa nafsu. Marah dan rasa kuatir, dan selalu ingat kepada Ingsun dan berlindung kepada Ingsun. Mensucikan dengan cara nyala dari ilmunya, itu sudah banyak yang bisa menyatu dengan Ingsun.
11. Kapriye wae anggone anaking manungsa nedya nyedhaki Manira, mesthi dheweke bakal Manira pethukake, tanpa nganggo mbedhakake dala endi kang dipilih. Sebab kabeh dalan tumuju marang Manira.
ARTINYA : Siapa saja anak manusia yang bersungguh-sungguh mendakat kepada Ingsun, pastilah dia akan Ingsun temukan, tanpa membedakan jalan yang mana yang dipilih. Karena, semua jalan itu menuju kepada Ingsun.
12. Sapa kang nggayuh kamuktening urip ing donya iki, gaweya sesaji pangurbanan, dicaosake marang para Dewa. Gangsar lan kapenak uripe wong-wong kang darbe laku memundhi marang para Jawata.
ARTINYA : Siapa yang mengingkan kenikmatan di dunia ini. Buatlah sesaji kurban, ditujukan kepada para Dewa. Lancarlah kehidupan orang-orang yang selalu memuja kepada Dewa.
13. Anane kasta papat, iku Manira ingkang gawe, dhedhasar wewatekan lan panggaweyan siji lan sijine. Nanging sanadyan ta Manira ingkang dadi sabab, Manira tetep tanpa obah, abadi, tanpa mingset, tanpa gingsir.
ARTINYA : Adanya empat kasta itu Ingsun yang membuatnya, berdasar perwatakan dan pekerjaan satu dan satunya. Akan tetapi walau pun Ingsun yang menjadi penyebabnya, Ingsun itu tanpa abergerak dan tanpa bergeser, abadi tidak pernah berpindah dan tanpa pernah berubah.
14. Ora ana panggawe kang bisa ngobahake Manira. Manira ugo ora ngudi marang uwohe panggawe. Manungsa kang wus ngerti sipat-sipat Manira kang kaya mangkono iku, wus ora kablenggu dening panggawe apa wae.
ARTINYA : Tidak perbuatan yang bisa menggerakkan Ingsun. Ingsun juga tidak mencari hasil dari perbuatan. Manusia yang sudah paham atas sifat-sifat Ingsun yang seperti itu, sudah tidak terbelenggu oleh perbauatan apa saja.
15. Para leluhur jaman kuna, kang wus padha ngerti apa kang Manira wedharake iki, sarana pambudidaya kang teguh padha nggayuh kamuksan. Tumandanga kaya para leluhur ing jaman kuna iku, heh Harjuna!
ARTINYA : Para aleluhur di jaman kuna, yang sudah paham atas apa yang Ingsun ajarkan ini, dengancara  berusaha yang kukuh untuk mencapai Muksa. Lakukanlah seperti para leluhur di masa lalu itu, Wahai Harjuna!”
16. Mara terangna marang Manira apa kang diarani tumandang lan apa kang diarani ora tumandang. Para winasis wae padha bingung anggone arep nerangake. Coba saiki Manira terangake marang Sira. Yen sira wis bisa mangerti, sira ora bakal nglakoni dosa maneh.
ARTINYA : Silahkan jelaskn kepada Ingsun, apa yang disebut berbuat dan apa yang disebut tidak berbuat. Para ahli saja itu kebingungan untuk menerangkannya. Coba sekarang Ingsun terangkan kepada dirimu. Jika dirimu bisa memahami, dirimu tidak akan melakukan dosa lagi.
17. Manungsa kudu weruh kang diarani tumandhang, uga tumandhang sing salah lan uga maknane meneng, jero banget maknane lakune tumandang.
ARTINYA : Manusia haru mengetahui yang disebut berbuat, dan juga perbuatan salah dan juga makna dari diam, sangat dalam makna tentang perbuatan.
18. Manungsa kang bisa nyipati Kang Meneng sajroning tumandang lan kang Tumandhang sajroning Meneng, iku manungsa kang pinunjul kawicaksanane. Dheweke nindakake Yoga sinambi nglakoni sakeh panggawe (mati sajroning Urip lan Urip sajroning Mati).
ARTINYA : Manusia yang bsia memahami diam dalam bergerak, dan bergerak di dalam diam, itulah manusia yang tinggi ilmunya penalarannya. Dia itu mengerjakan Yoga sambil mengerjakan semua pekerjaanya (Mati di dalam hidup, dan hidup di dalam mati).
19. Manungsa kang saguh ngrampungake kuwajiban-kuwajibane, ora marga kepengin ngundhuh uwohe, saha nucekake panggawene sarana urubing Pangawikan, iku kang diarani Pandhita kang sejati.
ARTINYA : Manusia yang bisa menyelesaikan semua kewajiban-kewajibannya, tidak dikarenakan mengaharapkan hasilnya, serta mensucikan perbuatannya dengan penerangan dari ilmunya, itu yang disebut Penadhita yang sebenarnya.
20. Wong sing ngeklasake uwohe panggawene, tansah nrima, ayem, ora gawe repote liyan, uwong kang mangkono iku, ora nuwuhake karma maneh, nadyan dheweke nglakoni paggawene apa bae.
ATINYA : Seseorang yang mengikhlaskan hasil kerjanya, ikhlas menerima, tenang, tidak merepotkan orang lain, orang yang seperti itu, tidak menimbulkan karma, walau pun dirinya melakukan perbuatan apa saja. (Bagaikan kisah Nabi Khdhir).
21. Tanpa duwe pepenginan, tansah nguwasani pribadhine, lan bener-bener wus sepi ing kamurkan, kang tumandang iku mung ragane lan jalaran saka iku dheweke ora kadunungan dosa.
ARTINYA : Tidak menuruti keinginan dirinya, selalu bisa mngendalikan diri, dan sudah benar-benar kosong dari kemurkaan, maka yang berbuat itu hanyalah raganya, dan oleh karena itu dia itu tidak ketempatan dosa.
22. Nrima apa kang dadi pandhume, kalis saka wolak-walike kahanan, ora duwe sengit, padha wae sajroning suka lan sungkawa, ora ana karma kang nancang maneh, sanadyn dheweke nglakoni panggawe apa wae.
ARTINYA : Menerima apa yang menjadi takdir hidupnya, tidak terpengaruh cerita dunia, tidak memiliki rasa benci, tidak terpengaruh oleh senang dan susah, itu tidak akan ada karma yang bisa mengikatnya, meskipun dia itu melakukan perbauatn apa saja.
23. Kang wus sepi saka sakehe pepenginan, jiwane tansah tumanem ing kawicaksanan, lan ngrampungake sakeh panggawene mung minangka kurban, yaiku tandha bektine kang kunjuk marang kang murba-misesa uripe, iku manungsa kang wus lebur panancanging karmane.
ARTINYA : Yang sudah hampa dari keinginan diri, jiwanya selalu dalam kebijaksanaan, dan menyelesaikan semua pekerjaanya hanya untuk berkurban, itulah sebagai tanda baktinya kepada Yang menguasai hidupnya, itu adalah manusai yang sudah terlepas dati ikatan karmanya.
24. Ing kono sajatine kang caos kurban iku Hyang Brahma dhewe, sesaji kurban ya Hyang Brahma, kunjuk marang Hyang Brahma, lumantar urubing genine Hyang Brahma. Sayekti marang Hyang Brahma parane wong kang gawene mung mikir-mikirake sipat-sipate Hyang Brahma.
ARTINYA : Hal itu sebenarnya yang melakukan kurban adalh Hyang Brahma sendiri, Sesaji kurban itula Hyang Brahma, yang dipersembahkan kepada Hyang Brahma, melalui nyala api milik Hyang Brahma. Pastilah akan menuju kepada Hyang Brahma seseorang yang selalu hanya memikirkan sifat-sidfat Hyang Brahma.
25. Para Yogi ana kang gawene caos kurban marang para Jawata. Ana maneh kang caos kurban marang Hyang Brahma lumantar urubing geni. Karone tujuane caos sesaji minangka tandha bektine.
ARTINYA : Para Yogi yang selalu memberikan kurban kepada Dewa. Ada juga yang memberikan kurban kepada Hyang Brahma menggunakan nyala api. Keduanya sama-sama bertujuan memberi persembahan sebagai tanda baktinya.
26. Ana kang nyajekake indriyane minagka kurban kang kabesem ing geni pangudine ngendhaleni hawa nafsune. Ana maneh kang ngurbanake sakeh pepenginane jroning genine indriyane.
ARTINYA : Ada yang mempersembahkan Indranya sebagai kurbannya yang dibakar dengan apa pencariannya dengan cara mengendalikan hawa nafsunya. Ada juga yang mengurbakan semua keinginan dirinya dengan api indaranya.
27. Ana maneh kang ngurbanake tumandhange indriyane, malah ana kang ngurbanake napas panguripane, jroning nglakoni yoga sarana kerep nguwasani angkarane, karep kang murub makantar-kantar saka panguwasaning pangawikan.
ARTINYA : Ada juga yang mengubankan gerak indranya, bahkan ada yang mengobankan npa hidupnya, ketika melakukan yoga  dengan cara membaisakan diri untuk menguasai hasrat yang menyala dan berkobar atas penggendalian dari ilmunya.
28. Ana uga ngurbanake bandhane, ngurbanake kaseneng-kasenengane sarana cecegah. Ana kang ngurbanake mangan lan turu jroning pangudi marang kawicaksanan.
ARTINYA : Ada juga yang mengorban hartanya, mengurbakan semua kesenangan-kesenangannya dengan cara berbpuasa. Ada yang mengurbankan tidak makan dan tidak tidur ketika sedang mencari pemahaman kebijaksanaan.
29. Ana maneh kang ngurbanake manjing-mijile napase, sarana tansah ngendhaleni lakune karone lan mbudidaya tetep eling marang asal-kamulane.
ARtiNYA : Ada juga yang mengobankan keluar masuknya nafas, dengan cara selalu mengendalikan keluar masuk pernapasannya, dan selalu berusaha dan sadar diri  dalam keadaan tetap ingat kepada asal mulanya.
30. Ana maneh kang caos kurban lumantar tapa sarana nyiksa ragane. Wong-wong iku kabeh wus ngerti dununge pangurbanan. Pangurbanan sayekti dadi panglebure dosa.
ARTINYA : Ada juga yang berkuban dengan cara bertapa menyiksa raganya. Orang seperti itu semua sudah bisa memahami makna kurban yang sebenarnya. Pengorbanan itu adalah menghapus dosa.
31. Sapa urip saka turahe rejekine sauwise danggo sesaji kurban, lakune mesthi tumuju marang Hyang Brahma kang sipat langgeng. Alam donya iki mung nyedhiaake kanugrahan marang kang padha caos sesaji kurban, mangkono uga alam liya-liyane.
ARTINYA : Siapa yang hidupnya dari sisa rrizkinya setelah dipergunakan untuk berkurban, arahnya pasti menuju kepada Hyang Brahma yang bersifat kekal. Alam dunia itu hanya untuk mendekatkan kepada anugerah-Nya kepada yang melakukan persembahan dengan cara kurban, demikian juga alam yang lain-lainnya.
32. Sanadyanta wujuding kurban kang kunjuk marang Hyang Brahma iku mawarna-warna, nanging kabeh kurban iku kelakone sarana tumandhang. Yen sira wis bisa nampa surasane piwulang iki, mesthi uripira bakal mentas,
ARTINYA : Walau pun ujud kurban yang ddipersembahkan kepada Hyang Brahma itu bermacam-macam, akan tetapi semua kurban itu bisa terlaksanakan jika dikerjakan. Jika dirimu sudah bisa menerima isi dari ajaran ini, pastilah hidupmu akan terarah.
33. Luwih utama tinimbang sesaji kurban kang wujud barang utawa bandha, yaiku tapabrata nggayuh panunggaling Kawula Gusti. Tujuane sakeh panggawe iku ora liya mung pepadhang lan pangawikan.
ARTINYA : Yang lebih utama dibanding dengan persembahan kurban yang berupa barang atau harta, yaitu bertapa untuk mencari cara agar bisa menyatukan rasa antara Hamba dengan Tuhannya. Tujuan dan amal perbuatan tidak lain itu terangnya hati dan terangnya ilmu.
34. Goleka pangawikan sarana tetakon, lan sarana mbangun turut jroning puruhita marang sang Wiku utawa sang Guru Jati. Mesthi bakal binuka kawicaksananira dening para Mahaguru, kang wus wikan ing gaibing Urip.
ARtINYA : Carilah ilmu pengetahuan dengan cara bertanya, dan dengan cara mematuhi segala perintah Guru Sejati ketika sedang mencari ilmu pengetahuan. Pastilah akan bsia terbuka pemahamanmu oleh para Maha Guru yang sudah bisa memahami rahasia hidup.
35. Yen kabeh iki wus rumesep bener-bener ing rasa-pangrasanira, wus ora ana apa wae kang bisa gawe rupeke atinira marga saka salah tampa. Hyang Atma nglimputi sagung kang gumelar iki. Dadi sakeh alam kang gumelar lan kang gaib iku dumununge ana ing Ingsun.
ARTINYA : Jika semua itu sudah benar-benar meresap di rasa perasaanmu, sudah tidak ada lagi yang bisa membuat keruwetan di hatimu yang dikarenakan salah pemahaman. Hyang Atma itu menguasai semua yang tergelar ini. Dan yang sebenarnya, semua alam yang tergelar ini dan alam yang Gaib itu berada di dalam Ingsun.
36. Sanadyan sira iku wus nglaoni kejahatan ngluwihi para bebenggole penjahat, kanthi lelayaran ing prahu pangawikan, mesthi sira bisa ngliwati samodraning sakeh dosa.
ARTINYA : Walau pun dirimu itu sudah pernah berbuat kejahatan yang melebihi kejahatan para ketua dari para pemimpin penjahat sekali pun, dengan berlayar menggunakan perahu ilmu pengetahuan, pastilah dirimu akan bisa meleweti luasnya samudra semua dosa.
37. Yen bahan bakar iku sirna dadi awu marga saka urubing geni pangurbanan, mula genine pagawikan bisa mbesmi panancanging Karma nganti dadi awu uga.
ARTINYA : Jika bahan bakar itu telah hilang menjadi abu yang dikarenakan terbakar oleh api pengobanan, maka api dari ilmu itu bisa membakar ikatan karma hingga menjadi abu.
38. Pangawikan utawa ilmu iku sesuci ingkang ampuh dhewe ing donya iki. Wong kang wus sampurna anggone olah Yoga, wusanane nemu yen Pangawikan iku dumunung ing Salira Pribadi.
ARTINYA : Ilmu pengeetahuan itu , alat bersuci yang paling ampuh di dunia ini. Seseorang yang sudah sempurna dalam melakukan yoga, kahirnya akan menemukan, bahwa ilmu itu sebenarnya berada di dalam diri sendiri.
39. Sapa kang mantep imane bakal tampa Pangawikan, uga wong kang tansah ngendhaleni indriyane. La, yen wong iku wus ndarbeni Pangawikan, mesthi dheweke tumeka ing luhuring aluhur, katentreman lan kamulyan.
ARTINYA : Siapa yang kuat imannya, akan mendapat anugerah Pengetahuan, dan juga seseorang yang selalu mengendalikan Pancaindranya, Dan jika seseorang itu sudah menguasai ilmu, pastilah dia itu akan sampai pada derajat luhur yang paling luhur, dan mendapatkan ketenteraman dan kemuliaan.
40. Nanging sapa kang kapir, saha ora duwe kapercayan babar pisan, marga saka atine kang tansah tidha-tidha, was sumelang lan kuwatir, dheweke mesthi bakal nemahi sirna. Donya lan alam-alam ingkang luwih alus ora duwe panggonan lan ora nyediakake kasenengan kanggo wong kang tansah mangu-mangu, ragu-ragu, tanpa keantepan.
ARTINYA : Akakn tetapi siapa yang kafir dan ingkar, serta tidak mempunyai kepercayaan sama sekali, diakrenakan keraguan di dalam hatinya, gelisah dan kuatir, Dia tentu akan mengalami kehancuran. Dunia dan semua alam yang lebih halus lagi tidak memiliki tempet dan tidak menyediakan kesenangan untuk orang yang selalu termangu, ragu-ragu dan tidak mempunyai ketetapan hati,
41. Kang wus nucekake Karmane lantaran Olah Yoga, kang wus ilang was-sumelange jalaran saka Kawicaksanane, kang uripe tansah manjing jroning Hyang Atma, sayekti wus medhot panancanging Karma.
ARTINYA : Yang sudah mensucikan karamanya dengan cara melakukan Yoga, yang sudah terbebas dari keragu-raguan dan kuatirnya dikarenakan ilmunya, yang hidupnya selalu berlindung kepda Hyang Atma, tentulah sudah terlepas dari jeratan karma.
42. Pramula leburen rasa was sumelang kang tuwuh jroning atinira sarana landheping Pangawikanira, lan bangkite teguh ing Panunggalira karana Olah Yoga.
ARTINYA : Maka dari itu, hilangkan keraguan yang tumbuh dari dalam hatimu, dengan menggunakan ketajaman ilmu, dan bangun dengan keteguhan dalam penyatuanmu dengan cara melakukan yoga.

Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita, winastan : “Lawan Sabda Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping sekawan. Panunggaling Harjuna lumantar Pangawikan.

5. KARMA SAMNYASA YOGA
Wejangan ingkang kaping Gangsal
Penunggaling Kawula Gusti lumantar mungkur ing Panggawe
Ajaran  Yang ke Lima
Menyatunya Hamba dengan Tuhannya melalui meninggalkan Amal Perbuatan

1.  Harjuna matur : “Panunggal lumantar mungkur ing kadonyan utawi mungkur ing pandamel, lan panunggal lumantar nindakaken pandamel utawi Karma Yoga, kalih-kalihipun angsal pangalembana Paduka, Dhuh Sri Kresna ! Mila kersaa paring pangandika pundi ingkang prayogi piyambak?”
ARTINYA : Harjuna berkata : “Menyatu dengan cara meninggalkan urusan keduniaan atau meninggalkan amal perbuatan, dan menyatu dengan cara menjalankan amal perbuatan atau Krama Yoga, keduanya mendapatkan perkenan Paduka, Wahai Sri Kresna! Untuk itu, hamba mohon nasihat-Nya, yang manakah yang harus saya lakukan?
2. Pangayomaning Jagad ngandika : “Mungkur ing panggawe lan nindakake panggawe, yen anggone nindakake kanthi patitis, karone nuntun marang kamulyan. Nanging tinimbang karo mungkur ing panggawe, nglelatih nindakake Karyma Yoga iku luwih utama.
ARTINYA : Pemelihara Dunia, berkata : “Meninggalkan amal perbuatan dan menjalankan amal perbuatan, jika dalam melakukannya itu dengan tepat, keduanya menuntuk kepada Kemuliaan. Akan tetapi, dari pada meninggalkan amal perbuatan, dengan melatih menjalankan Karma Yoga, itu lebih utama.
3. Nanging kawruhana, wong sing wus tekan anggone olah mungkur ing panggawe, iku wong kang wus ora duwe sengit lan ora duwe pangarep-arep, lan uga wus ora kena pengaruhe wolak-waliking kahanan. Wong kang wus mangkono iku, tumuli pedhot sakeh panancange.
ARTINYA : Namun ketahuilah, seseorang yang sudah berhasil dalam usahanya meninggalkan amal perbuatan, itulah orang yang sudah tidak memiliki rasa benci da sudah mempunyai pengharapan, dan juga sudah tidak terpengaruh oleh segala perubahan dunia. Orang yang dalam keadaan demikian itu, akan mampu memutus semua ikatan karmanya.
4. Kang ngarani yen piwulange Ilmu Sangkya lan piwulange Karma Yoga iku beda, satemene iku bocah cilik. Kang wus putus anggone olah Ilmu Sangkya, uga ngunduh uwohe piwulang Karma Yoga, lan mangkono ugo kosokbaline.
ARTINYA : Yang mengira bahwa ajaran Ilmu Sangkya dan ajaran Karma Yoga itu berbeda, sesungguhnya itua dalah pendapat anak kecil. Yang sudah bisa menguasai dalam olah Ilmu Sangkya, juga bisa mengambil buah dari ajaran Karma Yoga, dan demikian juga sebaliknya.
6  .Kawruhana, heh satria utama! Mungkur ing kadonyan utawa mungkur ing panggawe, iku ora bisa kelakon, tanpa nindakake panggawe. Sapa kang tan pegat nindakake Karma Yoga, mesthi bakal manunggal karo Hyang Brahma.
ARTINYA : Ketahuilah, wahai satria utama! Meninggalkan urusan dunia atau meninggalkan amal perbuatan, itu tidak akan terlaksana, jika tanpa melakukan amal perbuatan. Siapa yang tidak pernah terputus dalam menjalankan Karma Yoga, pasti akan menyatu dengan Hyang Brahma.
7. Kang telaten olah Karma Yoga, nucekake pribadhine, nguwasani angkarane, sarta ngendaleni indriyane, wus ngreti yen Ingsun iku jumeneng ana ing sakeh titah, wong kang mangkono iku wus ora bisa kena reregede sakeh panggawe.
ARTINYA : Yang tekum melakukan Karma Yoga, mensucikan pribadinya, mengendalikan angkaranya, serta mengendalikan indranya, sudah paham bahwa Ingsun ini berada di semua makhluk, orang yang seperti itu sudah tidak bisa terkotori oleh semua amal perbuatan.
8. “Dudu aku kang tumandhang”, mangkono panemune, nalika jroning olah Karma Yoga, dheweke wus manunggal karo Hyang Brahma, lan weruh, ngrungokake, ngambu, ngicipi, ambegan, ngrayangi, obah utawa meneng.
ARTINYA : “Bukan saya yang melakukannya”, begitulah pendaptnya ketika melakukan Karma Yoga, Dia itu sudah menyatu dengan Hyang Brahma, dan melihatnya, mendengarkan, mencium, merasakan, bernafas, menyentuh, bergerak ataupun diam-Nya.
9. Nadyan ta dhewewke celathu, weweh utawa nampani, melek utawa merem, panemune : “Kang tumandang iku indriya, nanggapi barang-barang kang dadi pepenginane.
ARTINYA : Walau pun dia berkata, memberi atau menerima, melihat atau terpejam, menurut pendapatnya : “Yang melakukannya adalah indranya, untuk memenuhi barang-barang yang menjadi keinginannya.
10. Yen sajroning tumandang iku dheweke ngreti yen dheweke iku sabenere mung nglakoni prentahe Hyang Brahma, lan terus tumandang sarana ngeklasake uwohe panggawene, dheweke mesthi kalis ing dosa, ibarat godong lumbu kang kalis ing banyu.
ARTINYA : Jika aketika melakukan apa pun itu, dia telah memahami bahwa dia sebenarnya hanya sebatas menjalankan perintah Hyang Brahma, dan terus melakukan perbuatannya dengan mengikhlaskan hasil dari kerjanya, dia itu tidak tersentuh dosa, ibarat air di atas daun talas.
11. Sarana raga, cipta, ripta, budi lan indriyane, para yogi padha tumandang nindakake panggawe apa wae kang kudu dilakoni, kanthi merdika nucek ake pribadine.
ARTINYA : Dengan raganya, cipta, ripta, budi dan indranya, para yogi selalu melakukan amal perbuatan apa saja yang harus dilakukannya, dengan perasaan merdeka dan mensucikan pribadinya.
12. Sapa kang ngeklasake uwohe panggawene jroning olah Karma Yoga, tampa kanugrahan gedhe, katentreman kang langgeng. Nanging sapa kang tumandang kanthi ngaya, ambudidaya tumibane uwohe, iku tetep dadi begundhal, budhake panggawene. Ora bakal dheweke entuk kamardikan.
ARTINYA : Siapa saja yang mengikhlaskan hasil dan kerjanya di dalam melakukan Karma Yoga, itu akan menerima anugerah yang agung, ketenteraman yang kekal. Akan tetapi, yang bekerjanya dengan cara memaksakan diri, berusaha keras untuk mendapatkan hasil, itu tetap menjadi budak, menjadi budak dari amal perbuatannya. Mereka itu tidak akan mendapatkan kemerdekaan.
13.  Kang pangriptane wus mungkur marang sakeh panggawe, kanthi nguwasani pribadine, sayekti jumeneng Ratu ing Negara Nawapura. Dheweke wus ora tumandang sarta uga ora mrentah tumandang \.
ARTINYA : Yang riptanya sudah tidak memikirkan semua amal perbuatan, dengan cara bisa menguasai dirinya, sebenarnya sudah menjadi raja di Negara Nawa Pura (Bisa mengusai negara dengan 8 pintu gerbang = Raga ini). Dia itu sudah tidak melakukan amal perbuatan serta juga tidak memerintahkan untuk melakukan amal perbuatan.
14. Kang kuwasa ing Negara Nawapura iku ora nganakake panggawe lan dudu sing nindakake panggawe, lan ora nganakake sambung-rapete panggawe lan uwohe. Kabeh mau ditindakake dening Swabhawa .
ARTINYA : Yang berkuasa di Negara Nawapura itu bukan yang mengadakan perbuatan dan bukan yang menjalankan perbuatan, dan tidak mengadakan yang berhubungan dengan hasil dari kerja. Semua itu dilakukan oleh Swabawa.
Cathetan : Swabawa sami kaliyan Triguna. (Swabawa adalan sama dengan Triguna => Cipta, rasa dan ripta).
15. Ora ana dosa kang bisa ngregedi Dheweke, ora ana kabecikan kang bisa namani Dheweke. Kawicaksananing manungsa binuntel dening kabodhohan. Ya kabodhohan iku kang dadi jalarane klera-klerune tumandang kita.
ARTINYA : Tidak ada dosa yang bisa mengotori dia, tidak ada kebaikan yang bisa mempengaruhi dia. Sifat arif bijaksana manusia itu terbungkus oleh kebodohannya. Kebodohan itlha yang menyebabkan kesalahan-kesalahan dari tindakan kita.
16. Kang pangawikane wus nyirnakake sakeh pepeteng, lan Atmane wus musnahake Kabodhohan, sayekti jroning  jiwane kawicaksanan sumorot lir sang surya. Ing kono jumeneng Luhuring Aluhur.
ARTINYA : Yang ilmunya telah bisa membuang kegelapan, dan Atmanya telah bisa memusnahkan kebodohan, pastilah di dalam jiwa bijaksananya akan bersinar bagaikan matahari, di situlah tempat tegakknya keluhuran yang paling luhur.
17. Kang budine wus manunggal karo Dheweke, mangkana uga Atmane, kukuh tumanem ing Dheweke menangka pepuntoning gegayuhan, iku yen sakeh dosane wus linebur dening pangawikan, bakal manjing ing kasampurnan, lan wus ora bakal bali maneh marang donya (terus manjing ing kamulyan).
ARTINYA : Yang budinya telah menyatu dengan dia, demikian juga Atmanya, kuat tertanam pada Dia, sebagai akhir dari yang dicita-citakannya, itu jika semuda dosanya sudah tersucikan oleh ilmunya, akan masuk ke dalam kesempurnaan, dan sudah tidak akan kembali lagi ke alam dunia ini.
18. Brahmana kang sadu budi lan andhap-asor, sapi, gajah, malah asu lan wong kang mangan asu, iku kabeh padha wae ajine tumrap sang Pandhita, kang tuhu wus manunggal karo Dheweke.
ARTINYA : Brahmana yang suci budi dan bersikap penuh kesopanan, sapi, gajah, dan bahkan anjing dan orang yang makan daging anjing pun, itu semua sama saja harganya bagi sang Pandhita yang benar-benar sudah menyatu dengan Dia.
19. Sapa kang pangriptane tansah tata-tentrem (seimbang) bisa nelukake bumi iki. Suci kaya Hyang Brahma dhewe, dheweke mengko mesthi manunggal karo Hyang Brahma.
ARTINYA : Siapa yang pikirannya selalu dalam keadaan tenang (Seimbang) akan bisa menguasai bumi ini. Suci bagaikan Hyang Brahma itu sendiri, dia itu tentu akan menyatu dengan Hyang Brahma.
20. Ora suka riya yen nemu kabegjan, lan ora giris yen katekan bebaya, kang santosa ing budi, tetep tanpa was sumelang, manjing ing Hyang Brahma.
ARTINYA : Tidak suka pamer jika mendapatkan keberuntungan, dan tidak takut jika kedatangan bahaya, yang kuat budinya, kuat dan tidak merasa kuatir, itu yang bisa masuk ke dalam Hyang Brahma.
21. Kang Atmane wis ora kena pengaruhe obah-mosike indriyane, wis seneng lan lega jalaran sesrawungan karo Ingsun, kang pribadine wus manunggal karo Ingsun lumantar olah Karma Yoga, bakal ngrasakake kamulyan kang ora ana wusanane.
ARTINYA : Yang Atmanya sudah tidak bisa terkena oleh pengaruh gerak indranya, yang sudah merasa senang dan puas karena bisa bertutur kata dengan Ingsun, yang pribadinya sudah menyatu dengan Ingsun yang disebabkan melakukan Karma Yoga, akan mendapatkan kemuliaan yang tidak batas akhirnya.
22. Kasenengan lan kanikmatan kang timbul saka gepok-senggole Jagad Cilik lan Jagad Gede, sejatine mesthi mbabarake kasusahan. Kanikmatan kang mangkono iku, lagi wae bisa dirasakake wus banjur musna. Sang sadu ora butuh srawung karo kanikmatan kang kaya mangkono iku.
ARtINYA  : Kesenangan dan kenikmatan yang adanya karena reaksi dari bersentuhannya Dunia Kecil (Manusia) dan Dunia besar (Alam raya) sebenarnya itu akan melahirkan kesedihan. Kenikmatan yang demikian itu, baru saja bisa dirasakan, daam sekejap saja musnah. Manusia suci itu tidak mebutuhkan untuk bergaul dengan kenikmatan yang seperti itu.
23. Manungsa kang isih urip sajroning raga iki, lan tanpa keguh bisa nanggulangi panggendenge hawa nafsu lan kamurkan, iku manungsa kang tuhu pinunjul.
ARTINYA : Manusia yang masih hidup beserta raganya, dan tidak terpengaruh oleh ajakan hawa nafsunya dan murkanya, itulah manusia yang benar-benar terpilih.
24. Sapa kang wus ngalami yen kamulyan iku dumunung ana ing Salira Pribadi, seneng sesrawungan karo Dheweke, adus ing papadhang marga saka Dheweke mesti bakal manjing ing Nirwana Hyang Brahma, jalaran wus manunggal karo Hyang Brahma.
ARtINYA : Siapa pun yang sudah bisa memahami bahwa kemuliaan itu ada di dalam dirinya, dan senang bergaul dengannya, dan mandi cahaya karena dikarenakan dirinya sendiri, tentulah akan masuk ke Nirwana Hyang Brahma, karena sudah menyatu dengan Hyang Brahmana.
25. Kabeh resi kang wus resik saka sakeh dosa, lan wus ora kataman wolak-waliking kahanan, tansah nguwasani pribadhine, lan merakati tumrap sapa wae, mesthi bakal manjing ing Nirwanane Hyang Brahma.
ARTINYA : Semua Resi yang sudah bersih dari segala dosa, dan sudah tidak terpengaruh oleh perubahan dunia, selalu mengendalikan kesadarannya, dan bermanfaat serta menjadi pribadi yang menyenangkan bagi siapa saja, pasti akan masuk ke dalam Nirwana Hyang Brahma.
26. Sepi saka sakeh pepenginan, ora tau nesu, ora tau muring pangriptane tatatentrem, kang wus tepung karo Salira Pribadine, sayekti wus nyedhaki Nirwanane Hyang Brahma.
ARTINYA : Sudah tidak menginginkan apa-apa, tidak pernah marah, tidak juga memarahi, tenang piiirannya, yang sudah bisa mengenal dirinya sendiri, tentulah sudah bisa amendekati Nirwana-nya Hyang Brahma.
27. Sang Muni, kang murih bisa muksa nglelatih nututake budine, pangriptane, ciptane, lan indriyane, kang wus sepi ing pamrih, was-sumelang lan kamurkan, mesthi bakal mentas, Muksha.
ARTINYA : Sang Muni, agar bisa Muksa, selalu berlatih untuk memurnikan budinya, pikirannya, ciptanya dan indranya, yang sudah hampa dari pengharapan, kekuatiran dan murka, pastilah akan berhasil untuk Moksa.
28. Kang wus ngerti yen Ingsun ingkang ngrasakake kanikmatane pangurbanan tapabrata jroning nglakoni Karma Yoga, wus mangerti yen Ingsun ingkang jumeneng Pangeran ing kabeh Alam, welas asih marang kabeh titah, marga wus ngerti marang Ingsun, bakal oleh katentreman lan kamulyan kang linuhur.
ARTINYA : Yang sudah bisa memahami, bahwa Ingsun yang merasakan kenikmatan atas pengorbanan dengan menjalankan tapa brata di dalam menjalankan Karma Yoga, dan Sudah benar-benar memahami bahwa Ingsun itulah Tuhan di semua alam, dan mengasihi dan menyayangi seluruh makhluk, karena sudah memahami Ingsun, akan memperoleh ketenteraman dan ketenangan serta kemuliaan yang luhur.
Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita, winastan : “Lawan Sabda Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Gangsal. Panunggaling Harjuna lumantar Mungkur ing Kadonyan..

6.DYANA   ( ADHYATMA )  YOGA
Wejangan ingkang kaping Nem
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Semedi
Ajaran Yang ke Enam
Menyatu dengan Tuhan melalui Samadi

1.         Kang paring kamulyan angandhika : “Ora anjagakake uwohe panggawene, tansah nglakoni panggawe kang wus dadi kuwajibane, iku Saniyasi lan Yogi kang sejati, dudu wong sing wus ora ngobong dupa lan sungkan nyambut gawe.
ARTINYA : Yang Maha Mulia berkata : “Tidak mengharapkan hasil amal perbuatannya, selalu menjalankan pekerjaan yang menjadi kewajibannya, itu adalah Saniyasi dan Yogi yang sejati, bukan orang yang sudah tidak membakar dupa dan malas bekerja.
Cathetan : Saniyasi punika tiyang ingkang sampun mutusaken nilar tataning sarengat, ingkang lajeng namung ngugemi piwucalipun Tareqat, Hakekat lan Makripat.
ARTINYA : Catatan : Saniyasi itu adalah orang yang sudah memutuskan untuk meninggalkan Hukum Syari’at, yang hanya menjalankan Tariqat, Hakikat dan Ma’rifat.
2. Apa kang diarani ngungkurake panggawe iku satemene padha wae karo olah yoga. Wong iku ora bisa jumeneng yogi, yen ora bisa ngilangi sakeh pepenginane.
ARTINYA : Apa yang disebut meninggalkan amal perbuatan itu sesungguhnya sama saja dengan yang menjalankan Yoga, Orang itu tidak bisa menjadi Yogi, jika tidak bisa amenghilangkan keinginan dirinya.
3. Tumrap sang Muni kang lumantar semedi anggayuh panunggal karo Hyang Brahma, Karma Yoga ingkang dadi dedalane. Nanging mengko yen dheweke wus saya cedhak karo Hyang Brahma, lantarane supaya dheweke tetep cedhak karo Hyang Brahma, ora liya mung kantentreman.
ARTINYA : Bagi Sang Muni yang dengan jalan Samadi berusaha menyatu dengan Hyang Brahma, Karma yoga-lah yang dijadikan jalannya. Akan tetapi nantinya jika sudah semakin dekat dengan Hyang Brahma, caranya, agar dia tetap mendekat kepada Hyang Brahma, tidak lain adalah ketenteraman.
4. Marga, wong kang wus ora bisa digawe sengsem dening pepenginan indriya utawa kaluhuraning panggawe, lan wus ngeklasake sakeh gegayuhan, iku kang diarani yogi temenan, tegese wus manunggal karo Hyang Brahma.
ARTINYA : Karena, seseorang yang sudah tidak buat tergiur oleh keinginan dirinya, Indra dan juga keluhuran amal perbuatannya, dan sudah mengikhlaskan semua hasratnya, itu yang disebut sebenar-benarnya Yogi, artinya sudah menyatu dengan Hyang Brahma.
5  .Prayoga manungsa, lumantar teguhipun karsa, sarana pangriptane tansah tumanem ing Ingsun, njungjung derajat pribadine. Ora bakal dhewweke pisah karo Ingsun maneh. Ingsun iku mitrane dheweke, nanging dheweke uga bisa dadi satru Ingsun.
ARTINYA : Sebaiknya bagi manusia yang dengan keteguhan hasratnya, dengan cara pikirannya sudah terikat hanya kepada Ingsun, itu akan mengangkat derajat pribadinya. Tidak akan pernah dia itu berpisah dengan Ingsun, Ingsunmenjadi sahabtnya, namun dia itu bisa juga menajdi musuh Ingsun.
6.. Ingsun iku mitrane dheweke kang wus bisa nglindhih angkarane. Nanging uwong kang ora bisa nguwasani pribadine, sarta ora gelem meruhi marang Ingsun, iku kang dadi satru Ingsun.
ARTINYA : Ingsun itu sahabtnya dia yang telah bisa  mengalahkan angkaranya, akan tetapi manusia yang tidak bisa menguasai pribadinya, serta tidak berkehendak untuk melihat Ingsun, itulah yang menjadi musuh Ingsun.
7. Wong kang rahayu ing budi, kang wus bisa nglindih angkarane, ing kono Ingsun wus teguh jumenenge. Dheweke wis ora keguh jroning ngrasakake adhem utawa panas, bungah utawa susah, lan pangalambana utawa panacat.
ARTINYA : Manusia yang budinya selamat, yang sudah bisa mengalahkan angkaranya, di situlah Ingsun sudah teguh keberadaannya. Dia itu sudah tidak terpengaruh oleh rasa dingin dan panas, senang atau susah, dan sanjungan atau pun celaan.
8. Tumrap wong kang wus ngrasa marem, jalaran wus tinarbuka kawickasanane, puguh panggah anggone ngendhaleni indriyane, tumrap sang yogi kang wus manunggal, mas lan lemah iku padha wae ajine.
ARTINYA : Bagi seseorang yang sudalah dalam ketenangan, karena telah terbuka pemahamannya, dan selalu bisa mengnedalikan indranya, bagi Sang Yogi yang sudah bisa menyatu, Emas dan tanah itu baginya sama saja.
9. Manungsa kang wus ora mbedak-mbedakake, kang wus nganggep pada wae satru lan mitra, wong liya lan sanak utawa kadang, wong becik lan wong ala, iku wong kang wus luhur bebudene utawa jiwane.
ARTINYA : Manusia yang sudah tidak membeda-bedakan, yang  menganggap sama antara musuhnya dan sahabatnya, orang lain dan saudara atau kerabatnya, orang yang baik dan yang jahat pula, itu orang yang luhur budinya dan jiwanya.
10. Sang yogi prayoga olah semedi kanthi ajeg, dumunung ana ing panggonan kang sepi, dhewe, sarta ora pegat nguwasani pribadine, tanpa pangarep-arep lan pepenginan.
ARTINYA : Sebaiknya sang Yogi itu selalu rutin dalam melakukan Samadi, dan berada di tempat yang sunyi, dan sendirian, serta tidak terputus dalam menguasai pribadinya, tanpa hasrat diri dan keinginan diri.
11. Lungguha ing panggonan ingkang resik, nganggo palungguhan kang bakuh, ora kendhekan ora kadhuwuren, tinutupan dening suket, lulang lan sembagi.
ARTINYA : Duduklah ditempat yang bersih, gunakan tempat duduk yang kuat, tidak terlalu rendah dan tidak terlalu tingi, tutuplah dengan jerami kering, kulit bianatang dan sembagi.
12. Ing kono ciptane supaya mantheng tumuju marang gegayuhan tunggal sarana nguwasani pangripta lan indriyane; prayoga dheweke nindakake lakuning yoga, murih nyenyuci atmane.
ARTINYA : Kemudian memusatkan ciptanya yang ditujukan kepada cita-cita yang satu, dengan cara mengendalikan Pikiiran dan indranya, dan sebaiknya dia itu melakukan perjalanan yoga,  agar Atmanya menjadid suci.
\Cathetan : Atma punika gesang murni, gesang tanpa wahana. (Atma adalah daya hidup yang murni, hidupnya tanpa batas awal dan akhir).
13. Raga, gulu, sirah jejeg, tanpa mobah lan mosik,. Kawigatene tumuju marang batine, kaya-kaya pandengen netrane kasipatake marang pucuking grana, tanpa nganggo nolah-noleh ngrasakake kiwa tengen.
ARTINYA : Badan, leher, kepala dalam posisi tegak, tanpa bergerak dan tanpa berpikir. Perhatiannya hanya ditujukan ke dalam batin, pandangan matanya seolah-olah dipusatkan arahnya tertuju ke ujung hidungnya, tidak menoleh-noleh untuk merasakan dan memperhatikan sekelilingnya.
14. Pribadine meneng anteng, tanpa was-sumelang lan teguh ing kesanggemane nglakoni brahmacari (wadat), waspada marang obah-mosike pangriptane, temen-tumanem ing Ingsun kang dadi gegayuhane.
ARTINYA : Pribadinya diam dan tenang, tanpa ada aperasaan kuatir dan kuat dalam kesediaannya untuk manjalankan Brahmacari (Wadat), Agar selalu waspada atas gerak pikirannya, hanya tertuju kepada Ingsun yang menadi tujuannya.
15. Mangkono tan pegat anggone ngudi manunggal karo Ingsun sarana tansah nguwasani pangriptane, sang yogi nuli manjing ing katentremaning Nirwana kang luhur, jumbuh karo Ingsun.
ARTINYA : Demikianlah dan pernah terputus dan mencari penyatuan dengan Ingsun dengan cara selalu menguasai pikirannya, hingga sang Yogi masuk ke dalam Ketenangan Nirwana yang paling tinggi, menyatu dengan Ingsun.
16. Yoga iku ora kanggo uwong ingkang nggedhekake mangan, lan uga ora kanggo uwong ingkang tansah pasa, ora kanggo uwong ingkang karem turu, lan ugo ora kanggo uwong ingkang tansah melek.
ARTINYA : Yoga itu bukan untuk orang yang banyak makan, dan juga bukan untuk orang yang selalu berpuasa, bukan untuk orang yang senang tidur, dan juga bukan untuk orang yang tidak pernah tidur.
17. Kanthi duga prayoga bab mangan lan kasenengan, ajeg anggone nglatih olah yoga, turu yen mangsane turu, lan tangi yen mangsane tangi, yoga sayekti bakal nyirnakake sakeh kasusahan.
ARTIYA : Dengan menggunakan ukuran jika soal makan dan kesenangan, dan selalu rutin dalam berlatih yoga, tidur jika waktunya tidur, dan bangun ketika waktunya bangun. Dengan Yoga itu sesungguhnya akan bisa menghilangkan semua kesusahan.
18. Yen obah-mosike cipta lan riptane tansah di awasi lan dikuwasani, lan jiwane manungsa terus tumanem ing atma, sarta dheweke wus ora kepengin andarbeni apa kang nenangi pepenginan,, manungsa kang mangkono iku wus kena diarani manunggal karu Ingsun.
ARtINYA : Jika gerak dari Cipta dan pikirannya selalu diawasi dan dikuasai, dan jiwa manusianya selalu terikat hanya kepda Atma, dan dia itu sudah tidak mempunyai apa yang menjadi sarana menuruti kesenangan dirinya, manusia yang seperti itu, barulah bisa disebeut menyatu dengan Ingsun.
19. Lampu kang ing panggonan kang sepi ing angin ora keder urupe, iku kang kuna makuna dadi gegambarane sang yogi, kang lumantar olah yoga murih manunggal karo Hyang Atma, wus jumenengake panguwasaning Ingsun.
ARTINYA : Nyala dari api lampu di tempat yang yang tidak berangin, maka nyalanya tidak bergoyang, itulah yang sejak jaman dahulu menjadi gambaran dari sang Yogi,  yang dengan cara melakukan Yoga agar bisa menyatu dengan Hyang Atma, Sudah menegakkan kekuasaan Ingsun.
20. Yen jroning nglelatih olah Yoga, cipta lan riptane wus lerem, dheweke bakal bisa nyipati jumenenge Hyang Atma, lan jalaran saka iku nemu kamulyan lan kamareman,
ARTINYA : Jika dalam berlatih Yoga, cipta hatinya dan ripta pikirannya sudah tenang, maka dia akan bisa melihat berditi tegaknya Hyang Atma, dan oleh karena itu kemudian akan menemukan kemuliaan dan kepuasan.
21. Kang nuwuhake rasa mukti-mulya kang linuhur, kang ora bisa diresepi dening indriya, lan mung bisa dirasakake dening budi jroning manjing ing Kasunyatan Jati.
ARTINYA : Yang bisa menumbuhkan rasa tenang dan mulia yang luhur, yang tidak terbayangkan oleh indra, dan hanya bisa dirasakan oleh budi ketika masuk ke dalam alam  Kenyataan yang sejati.
22. Ora ana gegayuhan lan kanugrahan kang luwih luhur, sebab ing kono ora ana was-sumelang, susah sungkawa kang bisa namani maneh.
ARTINYA : Tidak ada hasil anugerah yang lebih tinggi, karena disitulah sudah tidak ada kekuatiran, kesusahan dan kesedihan yang bisa mendatanginya.
23. Sayekti kang diarani Panunggal, yaiku udhare panlikunge rasa was-sumelang lan sedih susah. Kahanan kang mangkono iku kang prayoga digayuh kanthi weninging jiwa.
ARTINYA : Yang disebut menyatu yang sebenarnya, itu adalah lepasnya ikatan dari rasa kuatir, dan sedih susah. Kondisi yang demikian itu yang sebaiknya dicari dengan keheningan jiwa.
24. Ngungkurake sakeh reroncenaning batin kag bisa nuwuhake pepenginan, kabeh indriya wus sinrimpung dening kawaspadaning prangripta.
ARTINYA : Meninggalkan semua perhiasan batin yang bisa menumbuhkan keinginan, dan semua dinra sudah diikat oleh tali kewaspadaan pikiran.
25. Manungsa bisa anggayuh eneng-ening, ayem tentrem, yen indriyane lan ciptane wus winengku dening panguwasaning budi, lan pangriptane wus meneng antheng, marga riptane wus tumanem ing Atma.
ARTINYA : Manusia, untuk bisa menggapai ketenangan dan keheningan, ketenteraman itu, jika indra dan pikirannya sudah ddikuasai oleh kekutan Budi, dan pikirannya sudah bsia diam dan tenang karena daya pkirnya sudah tertanam di dalam Atma.
26. Saben-saben pangriptane ambradat metu salewengan, tinarik sinendhal bali murih winengku lan kinuwasan maneh dening Atma.
ARTINYA : Setipa pikirannya terlepas bebas dan keluar hingga memikirkan yang tidak karuan, kemudian ditarik kembali dengan paksa agar dikuasai dan terkuasi kembali oleh Atma.
27. Sang yogi kang wus lulus anggone ngeningake riptane, ngrasakake luhur-luhuring kamulyan. Rajas wus tutut manut. Ing kono sang yogi wus dumunung ing kahananing Hyang Brahma, adoh saka sakeh dosa.
ARTINYA : Sang yang sudah lulus dalam menenangkan pikirannya, itu merasakan luhur yang paling luhur dari kemuliaan. Raja-nya telah jinak dan patuh. Dari hal itu, maka sang Yogi telah berada di dalam Hyang Brahma, dan telah jauh dari semua dosa.
28. Kang wus bisa tanpa kendhat nyawijekake pribadine, iku yogi kang wus mentas saka dosa. Dheweke gampang manunggal karo Hyang Brahma lan ngrasakake Kamulyan kang linuhur.
ARTINYA : Yang sudah bisa tidak pernah terputus menyatukan pribadinya, itu Yogi yang sudah terlepas dari semua dosa. Dia itu sangat mudah untuk menyatu dengan Hyang Brahma dan merasakan kemuliaan yang luhur.
29. Ingsun dumunung ing kabeh titah lan kabeh titah iku winengku dening Ingsun. Manungsa kang wus manunggal lumantar lakuning yoga, wus ora mbedak-mbedakake siji lan sijine, wus ora pangling marang kahanan kang mangkono iku.
ARTINYA : Ingsun berada di diri semua makhluk dan semua makhluk itu ingsun yang menguasai. Manusia yang sudah menyatu dengan cara menejalankan yoga, sudah tidak membeda-bedakan antara yang satu dengan yang lainnya, sudah tidak heran terhadap keadaan yang demikian itu.
30. Kang wus bisa maspadhakake anane Ingsun ing ngendi-ngendi wae, lan yen Ingsun iku ana ing apawae, iku manungsa kang ora bakal pisah karo Ingsun, lan Ingsun uga ora bakal ninggalake dheweke.
ARTINYA : Yang sudah bisa melihat Ingsun di mana pun saja, dan bahwa Ingsun itu ada di apa saja, itu manusia yang tidak akan berpisah dengan Ingsun, dan Ingsun tidak akan meninggalkan dirinya.
31. Yogi kang tansah memundhi-mundhi Ingsun jroning sawiji-wijining titah, yogi kang mangkono iku, kapriyea uga kahanane uripe, ora bakal pisah saka Ingsun.
ARTINYA : Yogi yang selalu memuja Ingsun di dalam setiap makhluk, yogi yang demikian itu, Bagaimana pun keadaan hidupnya, tidak akan terpisah dengan Ingsun.
32. Kang wus bisa maspadakake kabeh kadadeyan lan kahanan miturut dhawuhe Hyang Atma, lan jalaran saka mangkono iku ngerti yen sejatine iku ora ana apa-apa, ora mbedakake bungah lan susah, iku yogi kang wus sampurna.
ARTINYA : Yang sudah bisa memahami atas semua kejadian dan keadaan sessuai dengan ajaran Hyang Atma, dan oleh karena hal itu, bisa memahami bahwa sebenarnya tidak ada apa-apa, tidak membedakan senang dan susah, itu Yogi yang sudah sempurna.
33. Sang Harjuna nyela atur : “Dhuh Sri Kresna! Yoga kang miturut keterangan Paduka punika mboten sanes kajawi olah kateguhan, kajenjeman lan antenging jiwa, punika miturut pamanggih kula angel sanget anggenipun saged kalampahan.
ARTINYA : Sang Harjuna menyela, dan berkata : “Wahai Sri Kresna! Yoga yang sesuai perintah Paduka itu, tidak lain adalah berlatih tentang kemantapan, ketenteraman, dan ketenangan jiwa, hal itu menurup pemahamanku, itu sangat sulit untuk bisa dilakukan.
34. Manas (Pangripta) mboten saged kendel, rongeh sanget, rosa, mboten kenging dipun kuwasani. Tiyang ingkang saged nguwasani pangriptanipun prasasat saged njaring angin”.
ARTINYA : Manas (Jalan pikiran) itu tidak akan bisa diam, sangat mudah bergerak, tidak bisa untuk dikendalikan. Orang yang bisa menguasai pikirannya seolah-olah bagaikan menjaring angin.
35. Sri Kresna ngandika : “Manas iku pancen rongeh banget, heh pahlawan agung! Naging sanadyan mangkonoa, bisa dikuwasani kanthi latihan-latihan lan wiragya, yaiku pambudidaya sepining pangarep-arep lan pamrih.
ARTINYA : Sri Kresna aberkata : “Manas itu memang sangat mudah bergerak, wahai pahlawan agung! Akan tetapi, walau pun demikian, bisa dikendalikan dengan cara berlatih dan mencari caranya, yaitu bersusahalah mengosongkan keinginan diri dan pamrih.
36. Tumrap uwong kang durung tau nyoba ngendhaleni pribadine, yoga pancen angel bisane kagayuh, nanging samongsa uwong iku gelem nglelatih ngendhaleni angkarane, mesthi ya diparingi dalan supaya bisa anggayuh yoga”.
ARTINYA : Bagi seseorang yang belum pernah mencoba untuk mengendalikan pribadinya, melakukan Yoga memang suit untuk bisa digapai, akan setapi jika seseorang itu rajin berlatih mengendalikan angkaranya, tentulah akan diberi jalan untuk bisa menjalankan yoga.
37. Harjuna nyuwun priksa : “Tiyang ingkang mboten saged ngendaleni angkaranipun, nanging ageng kapercayanipun salebetipun olah yoga, kirang kawaspadanipun ngantos pangriptanipun wungsal-wangsul ambrandat lan nyaleweng, lan jalaran saking makaten wau mboten lulus anggenipun olah yoga, kados pundi kuwasananipun tiyang ingkang makaten wau ?
ARTINYA : Harjuna memohon petunjuk : “Seseorang yang tidak bisa mengendalikan angkaranya, akan tetapi tebal keyakinannya dalam melakukan yoga, karena kurang kewaspadaannya hingga pikirannya berulang kali terlepas dan menyeleweng, dan dikarenakan oleh hal itu, maka tidak berhasil dalam menjalankan yoganya, bagaimanakah akhirnrya orang-orang yang demikian itu?
38. Punapa tiyang makaten punika mboten badhe kandheg ing tengah-tengahing lampah, lamaphing Ngelmu Sangkya utawi lampahing Karma Yoga, wasana ibarat mega ingkang pinisah-pisah dening maruta, tanpa wonten kendelipun lajeng sinorat dening dayaning surya, musna lebur papan tanpa tulis?
ARTINYA : Apakah orang yang seperti itu, tidak akan terhenti ditengah jalan. Dalam melakukan Ilmu Sangkya atau Ilmu Karmayoga, yang pada akhirnya bagaikan awan yang dipisah-pisah oleh angin, hinga tidak pernah ada diamnya, yang kemudian di panasi oleh cahaya matahari, akhirnya musnah hancur tanpa bekas?
39. Dhuh Sri Kresna! Kersaa nyirnakaken raos kuwatir ingkang damel peteng manah kawula. Sebab saestunipun mboten wonten sanesipun ingkang saged ngentasaken kawula saking pepeteng wau kajawi namung Paduka”.
ARTINYA : Wahai Sri Kresna! Mohon berkenan menghapus rasa kuatir yang membuat gelapnya hati hamba. Karena sesungguhnya, tidak ada yang lain yang bisa menolong hamba dari kegelapan itu, selain Paduka”.
40. Sri Kresna ngandika “ “Heh Parta! Jroning urip ing alam donya iki, utawa ing alam akherat, ora bakal dheweke musna lebur papan tanpa tulis iku. Ora bakal wong kang jujur sineret-seret nganti nemahi kasangsaran.
ARTINYA : Sri Kresna berkata : “Wahai Parta! Hidup di alam dunia ini, atau di alam akhirat,  dia itu tidak akan pernah musnah hancur tanpa bekas. Tidak akan, orang yang jujur itu diseret-seret hingga menemui kesengsaraan.
41. Sauwise urip nganti dawa umure, bebarengan karo  uwong-uwong liya kang padha jujur-jujur, lan banjur mati lan manggon ing suwargane uwong-uwong kang jujur-jujur nganti atusan taun, wong kang ora lulus anggone olah yoga mau, bakal dilahirake maneh ing donya, ing tengah-tengahing kulawarga kang suci lan binerkahan dening Pangeran.
ARTINYA : Setelah hidup hingga panjang umurnya, bersama-sama dengan orang-orang lain yang semuanya berbuat jujur, dan yang kemudian meninggal dunia dan menempati di dalam surganya orang-orang yang jujur-jujur hingga rattusan tahun, Orang yang tidak berhasil dalam melakukan Yoga itu akan terlahir kembali ke alam dunia ini, di tengah-tengah keluarga yang suci dan yang mendapatkan keberkahan dari Tuhan.
42. Bisa uga dheweke bali lahir dadi anak putune para yogi kang sadu budi. Ing jaman saiki ora gampang wong bisa dilahirake kaya mangkono iku.
ARTINYA : Biasa saja dia itu lahir sebagai anak cucunya para Yogi yang suci budinya. Pada kaman ini, tidak mudah seseorang bisa terlahir seperti itu.
43. Ing kono sauwise pulih sesambungane karo budine, lan megar tuwuhe uripe wus tekan ing tataran kang wus dienggo, nalika uripe kang keri, dheweke mesthi banjur marsudi maneh anggone olah yoga, kaya kang uwis-uwsi, nganti dheweke bisa anggayuh pepunthone gegayuhane.
ARTINYA : Di tempat itu, setelah kembali tersambung dengan budinya yang mucnul dan tumbuh hingga sampai ke tingkatan yang pernah dipakainya ketika di terakhir hidupnya, dia tentu akan berusaha lagi dalam melakukan Yoga, seperti yang sudah pernah dilakukannya, hingga dia itu bisa mendapatkan akhir dari pencariannya.
44. Jalaran nalika uripe ingkang keri dheweke wus nglatih olah yoga, jroning urip iki, dheweke gelem ora gelem mesthi katarik maneh olah yoga, nganti wusanane dheweke bisa ngalami lan ngresepi jumenenge Hyang Brahma.
ARTINYA : Karena ketika di kehidupan terakhirnya dia itu sudah berlatih Yoga, dan ketika di hidupnya yang sekarang ini, mau atau pun tidak, pastilah ditarik lagi untuk menjalankan yoga, hingga akhirnya dia itu bisa mengalami dan meresapi adanya Hyang Brahma.
45. Yoga kang tansah ngudi marang panunggal lan wus adoh saka sakeh laku dosa, sauwise marambah-rambah urip ana ing donya iki, wusanane bisa manjing ing Kahananing Urip kang luhur.
ARTINYA : Yoga yang tujuan hanya kepada penyatuan dan sudah jauh dari berbuat dosa, setelah berkali-kali hidup di dunia ini, pada akhirnya akan bisa masuk ke dalam kehidupan yang luhur.
46. Olah yoga iku ngluwihi tapa, uga ngluwihi olah ngelmu, lan ngluwihi gawe amal becik, mula dadiya yogi, heh Harjuna!.
ARTINYA : Melakukan Yoga itu melebihi bertapa, melebihi mencari Ilmu, melebihi berbuat amal kebaikan, maka, jadilah Yogi, wahai Harjuna.
47.Lan ing antarane para yogi, yogi ingkang sajrone telenging atine, kanthi iman ingkang kukuh-bakuh, tansah suwita lan memundhi Ingsun iku yogi kang tuhu wus manunggal karo Ingsun.
ARTINYA : Dan di antara para Yogi, yang di kedalaman hatinya, tertanam iman yang sangat kuat, dan selalu mengabdi dan memuja Ingsun, itulah Yogi yang benar-beanr telah menyatu dengan Ingsun.

Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita, winastan : “Lawan Sabda Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping enem, winastan Panunggal sarana Olah Semedi.
Akan dilanjutkan jika sempat.
7. JNAMA VISNANA  YOGA
Wejangan ingkang kaping Pitu
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Tinarbuka
Ajaran yang ke tujuh
Menyatunya Hamba dengan Tuhannya melalui Terbuka

1.         Sri Kresna ngandika : Sarana atinira tumanem ing Manira, anggayuh panunggal sinartan ngayom ing Manira, mesthi sira bakal meruhi kasampurnaning  Kasunyatan Manira, tanpa nganggo tidha-tidha maneh.
 ARtINYA : Sri Kresna berkata : Dengan cara hatimu hanya mengingat Ingsun, berusaha menyatu yang diserta hanya berlindung kepada Ingsun, pastilah dirimu akan bisa melihat kesempurnaan dari kenyataan Ingsun, dengan tidak ada keraguan lagi.
2.  Pathisarine piwulange Pangawikan bakal Manira wedharake marang sira, lan kajaba saka iku sira bakal entuk pengalaman kang gedhe banget manpangate. Mengko yen sira wus bisa mangerti kabeh, ing donya iki wus ora ana kang isih perlu sira sumurupii maneh.
ARTINYA : Intisari dari Ilmu akan Ingsun jealskan kepada dirimu, dan selain dari itu, dirimu akan mendapatkan pengalaman yang sangat besar sekali manfaatnya. Nantinya jika dirimu sudah bisa memahami semuanya, maka di dunia ini sudah tidak ada yang masih kamu perlukan untuk dikatahuinya lagi.
3.  Sapa ta kang ora kepengin Kamardikan utawa Kamandhirian kang sampurna? Ing antarane ma ewu-eweu mbok manawa mungsiji! Lan ing antarane ma ewu-ewu uwong kang padha kepengin mandhiri kanthi sampurna, mbok manawa mung siji kang bisa ngresepi jatine Kasunyatan Manira.
ARTINYA : Siapakah yang tidak menginginkan kemerdekaan dan kemandirian yang sempurna? Di antara beribu-ribu, barangkali saja hanyalah satu! Dan di antara beribu-ribu manusia yang menginginkan mendiri dengan sempurna, barangkali saja hanya satu yang bisa memahami dengan sebenarnya tentang kenyataan Ingsun.
4. Prakriti Manira iku ana wolung rupa : Bumi, banyu, angin, geni lan swasana (ether), cipta, ripta lan angkara. Kawruhana iki kabeh sipat-sipat Manira kang lahir.
ARTINYA : Prakriti Ingsun itu ada delapan jenisnya, Bumi, air, angin, api dan Hawa (Ether), Cipta cetusan hati, ripta pikiran dan angkara. Ketahuilah, itu semua adalah sifat-sifat Ingsun yang lahir.
Cathetan :
Prakriti punika ing jaman sapunika dipun wastani unsur utawi anasir. Bumi punika Carbon, banyu Hidrogen, angin Nitrogen, Geni Oksigen. Unsur sekawan punika miturut Ilmu Kimia inggih unsur-unsur ingkang mawujudaken zat-zat organis, inggih punika zat-zat ingkang andhapuk wahana-wahana tumrap samudayanipun ingkang mawa gesang kadosta wit-witan, raganing manungsa, sato lan sanes-sanesipun. Ing sapunika cacahipun unsur punika meh satus, awit saking hidrogen dumugi uranium lan salajengipun. Cipta, ripta lan angkara mboten kepetung unsur.
ARTINYA : Prakriti itu di jaman sekarang disebut unsur atau anasir, Bumi itu Carbon, Air itu Hidrogen, Angin itu Nitrogen, Api itu Oksygen. Empat unsur itulah menurut ilmu kimia adalah unsur-unsur zat-zat organik yaitu zat-zat yag membentuk semua yang hidup, yaitu pepohonan, raga manusia, hewan dan sebagainya.
5. Kawruhana yen ing sajrone sipat-sipat Manira ingkang kasar mau, ingkang ana ora liya mung Dheweke, yaiku Dat kang dadi dhedhasare Panggrahita (Rasa ana, Concicousnes) jroning sakeh titah, tuke urip ingkang nglimputi lan nyrambahi jagad ingkang gumelar iki.
ARTINYA : Ketahuilah, bahwa di dalam sifat-sifat Ingsun yang kasar itu, yang ada itu tidak lain adalah hanya Ingsun, yaitu Dzat yang menjadi  dasar dari Penalaran (Rasa ada, Concicousnes) di dalam semua mahluk, Sumber daya hidup yang menguasai dan memenuhi di seluruh dunia ini.
6. Kawruhana yen prakriti Manira iku ora pisah saka Manira, Ingkang dadi guagarbane sakeh kang dumadi. Jagad Gedhe iki Manira ingkang nglahirake, lan lebure bali maneh marang Manira.
ARTINYA : Ketahuilah, bahwa Prakriti Ingsun itu tidak terpisah dari Ingsun, Yang menjadi tempat asal semua yang ada, Dunia besar ini Ingsun-lah yang melahirkan, dan kehancurannya pun akan kembali lagi kepada Ingsun.
7. Ora ana barang kang luwih luhur tinimbang Manira. Salwiring kang dumadi iki kasambrahan dening Manira, ibarat mutiara-mutiara kang rinonce ing benang sutra.
ARTINYA : Tidak ada sesuatu yang lebih tinggi dibanding Ingsun, Segala yang ada ini, mendapat daya dari Ingsun, bagaikan mutiara-mutiara yagn dironce menggunkan benang sutra.
8.  Ingsun sarining banyu, pepadhanging srengenge lan rembulan. Aum, sabda sucine kitab-kitab Wedha, getering swasana (ether) lan kekuataning manungsa.
ARTINYA : “Ingsun ini, inti air, cahaya matahari dan bulan. Aum itu sabda suci di dalam Kitab-Kitab Wedha, bergetarnya hawa (Ether) dan kekutan di diri manusia.
9. Gandaning bumi kang seger lan arum, sumunare geni kang murub, Urip kang nguripi sakeh titah, kateguhan kang padha nglakoni tapabrata.
ARTINYA : Bau bumi yang segar dan harum, bersinarnya api yang menyala, Daya hidup yang menghidupkan semua makhluk, keteguhan atas yang menjalankan Tapa Brata.
10. Kawruhana, Ingsun wijine kabeh titah kang tan kena ing rusak, heh Parta! Ingsun uga budine kang mlaku nalare lan prabane sakeh kang sumorot.
ARTINYA : Ketahuilah, Ingsun itu biji dari semua mahluk yang tidak terkena rusak, wahai Parta! Ingsun itu Budi bagi yang berjalan penalarannya dan semua yang bercahaya.
11. Kasektene para kang sinekti, kang wus sepi ing hawa napsu lan pangarep-arep. Banjur Ingsun uga pepenginan kang ora ngrusak angger-anggering Sih Katresnan.
ARTINYA : Kesaktian dari para sakti, yang sudah hampa dari hawa nafsu dan harapan-harapan, Dan juga Ingsun ini Hasrat yang tidak merusak tata susila Asmara.
12.  Samubarang ingkang dhedhasar satwam, rajas lan tamas, uga Ingsun ingkang anjalari. Dudu Ingsun ingkang jumeneng ing kono, nnging kabeh mau winengku dening Ingsun.
ARTINYA : Segala sesuatu yang berdasar Satwam, Rajas dan Tmas,  itu juga Ingsun yang menyebabkannya, Akantetapi bukan Ingsun yang ada di situ, akantetapi kesemuanya itu di bawah kekuasaan-Ku.
13. Sanasaban dening dayaning Triguna, wong sajagad iki padha kablinger kabeh, lan ora padha bisa nyekseni Kahanan Ingsun,  ingkang jumeneng tanpa magepokan karo sakeh kahanan, langgeng tan kena ing owah gingsir.
ARTINYA : Yang terpengaruh oleh daya dari triguna, semua orang di jagad raya ini tergiur semuanya, dan tidak ada yagn bisa melihat kepada Ingsun, yang adanya tidak bersentuhan dengan semua yang ada, kekal dan tidak terkena perubahan.
14.  Marga saka daya kasektene Maya kang linuwih, kang Ingsun tuwuhake saka panguwasane Tri guna, arang-arang kang padha bisa nyedhaki Ingsun. Nanging kang bisa nrabas kasektene sang Maya, Maya wus tanpa daya.
ARtINYA : Karena terkena pengaruh daya Maya (Yang tidak kekal adany) yang sangat kuat, Yang Ingsun adakan pada kekuasaan kekuatan Tri Guna, hingga sangat jarang yang bisa mendakat kepada Ingsun. Akantetapi, yang bisa menerjang kesaktian sang Maya, Maka Maya tidak berdaya.
15.  Para durjana, wong-wong kang cubluk lan pengung, kang seserape isih binungkus dening dayaning Maya, marga kinuwasan dening guna Rajas, ora padha bisa nyedhaki Ingsun.
ARTINYA : Para penjahat, orang-orang bodoh dan tolol, yang pengetahuannya masih terbungkus oleh daya kekuatan Maya, karena masih terkuasai oleh guna Rajas, tidak akan bisa mendekati Ingsun.
16. Papat cacahe golongan titah, kang sarana laku susila ngayom marang Ingsun, yaiku wong kang nandhang prihatin, wong kang golek Ilmu, wong kang ngudi kaluhuraning budi, lan para sadu.
ARTINYA : Ada empat golongan mahluk, yang dengan akhlak mulia berlindung kepada Ingsun, yaitu manusia yang mengalami penderitaan, manusia pencari ilmu, manusia yang mencari ketinggian Budi dan para suci.
17.  Kang cedhak dhewe karo Ingsun yaiku sang Sadu, kang jroning ngudi panunggal tansah memundhi Ingsun. Sang sadu bekti banget marang Ingsun, lan Ingsun uga tresna marang dheweke.
ARTINYA : Yang paling dekat kepada Ingsun itu para suci, yang dalam mencari penyatuan selalu mengagungkan Ingsun. Sang Suci sangat berbakti kepada Ingsun, dan Ingsun mencintai dirinya.
18.  Ingsun rena marang golongan papat mau, nanging sang sadu Ingsun padhakake karo Ingsun dhewe, marga manunggal karo Ingsun, sarana Ingsun minangka lantarane.
ARTINYA : Ingsun cinta kepada empat golonga tersebut, akan tetapi Manusia suci itu, ingsun samakan dengan Ingsun sendiri, karena menyatu dengan Ingsun, karena ingsun sendiri.
19.  Sawuse lahir lan mati marambah-rambah, sang sadu wusanane mesti teka ing ngarsaning Ingsun, banjur mangucap : “Salwiring Alam ingkang gumelar iku Wasudewa. Wasudewa jiwaning Jagad Gedhe iki kang arang-arang bisa disekseni dening titah.
ARTINYA : Setelah berkali-kali lahir dan mati, orang suci tersebut pasti menghadap kepada Ingsun, dengan mengucapkan : “Semua alam yang tergelar ini, Wasudewa.” Wasudewa jiwa dari dunia besar ini yang sangat teramat sangat sulit bisa diketahui oleh mahluk.
20.  Wondene sapa kang kawicaksanane isih kablinger dening sakeh pepenginan lan saguh nglakoni apa wae, murih bisa katekan apa kang dadi pepenginane mau, sarana memundhi sesembahan-sesembahan ingkang maneka rupa gandheng karo wewatekan dhewe-dhewe, sawuse ajal, mesthi parane ya menyang sesembahan mau.
ARTINYA : Akan tetapi siapa yang pemahamannya masih terbelokan oleh banyaknya keinginanannya, dan sanggup melakukan apa saja agar bisa melaksanakan apa yang menjadi keinginannya itu, dengan cara mematuhi yang dipertuhankan yang banyak macamnya yang mempunyai watak sendiri-sendiri, setelah meningga dunia, tentulah arahnya menuju kepada Tuhan-Tuhannya itu.
21.  lan sapa wae kang memundhi sadhengah wewujudan, kanthi iman ingkas santosa lan leladi kanthi jujur marang sesembahan iku, iman ingkan santosa iku, asale uga saka Ingsun.
ARTINYA : Dan siapa pun yang memuja kepada perwujudan, dengan iman yang kuat dan mengabdi dengan jujur kepada yang dipertuhankan itu, dan Iman yang kuat itu pun berasal dari Ingsun.
22. Sapa wae kang wus bisa nyawijekake pribadine, marga saka imane mau lan memundhi kanthi jujur marang sesembahan-sesembahane iku, mesthi bakal entuk apa kang dipengini. Ora liya Ingsun ingkang maringake uwohe panggawene iku!.
ARTINYA : Siapa saja yang sudah bisa menyatukan pribadinya, dikarenakan imannya itu dan mematuhi dengan jujur kepada yang dipertuhankannya itu, pasti akan mendapatkan apa yang diinginkannya. Tidak lain itu pun Ingsun yang memberikannya atas hasil dari amal perbuatannya itu.
23.  Uwohe panggawene iku, yen panganggone ora ngati-ati, durung suwe anggone bisa dinikmati, banjur wus enthek. Sapa kang memundhi para dewa, parane marang para dewa. Sapa kang memundhi marang Ingsun, parane marang Ingsun.
ARTINYA : Hasil dari amal perbuatan itu, jika dalam mempergunakannya tidak berhati-hati,  sebentar saja akan habis. Siapa yang memuja para Dewa, kembalinya juga kepada Dewa, Siapa yang mematuhi Ingsun, kembalinya juga kepada Ingsun.
24. Uwong kang budine durung tinarbuka padha darbe panemu yen Ingsun, kang tanpa awitan lan wekasan, tan kena sinipatan, wus tau manjalma dadi manungsa. Anane panganggep mangkono iku, marga wong mau durung ngerti Dat Ingsun kang Sejati, langgeng tan ana ingkang madhani.
ARTINYA : Seseorang yang belum terbuka budinya, berpendapat bahwa Ingsun, yang tanpa awal dan tanpa akhir, yang tidak bisa dilihat, sudah pernah menjelma menajdi manusia. Adanya anggapan seperti itu, dikarenakan orang tersebut belum memahami Dzat Ingsun yang sejati, kekal dan tidak ada yang menyamai-Nya.
Cathetan : Ing Al Qur’an kanyatan punika dipun cethakaken dening kalimat : La hu laa syarikat wa hua al abadiy..
ARTINYA : Di dalam Al Qur’an, pernyataan itu di jelaskan dalam kalimat : “La hu laa syarikat wa hua al abaday.”
25. Arang banget kang meruhi Ingsun, jalaran tinutupan dening daya pemblingere Maya. Si pengung ora weruh marang Ingsun, marga Ingsun iku langgeng. Ana tanpa nganggo dilahirake.
ARTINYA : Sangat jarang yang bisa melihat Ingsun, karena tertutupi oleh daya yang menyesatkan dari maya, Si tolol tidak mengetahui tentang Ingsun. Karena Ingsun itu kekal. Ada-Nya tanpa melalui dilahirkan.
26. Ingsun ngreti anane sakeh titah ing jaman kang wus kapungkur ing jaman saiki, lan ing jaman kang bakal teka. Naging sakeh titah mau heh Harjuna, ora ana kang padha weruh marang Ingsun.
ARTINYA : Ingsun mengetahui atas semua makhluk di masa lalu dan di jaman sekarang, dan juga di jaman yang akan datang. Akanteapi semeua makhluk itu Wahai Harjuna, tidak ada yang bisa meliha Ingsun.
27. Kajiret dening bungah-susah, seneng sengit lan wolak-walike kahanan, kabeh titah uripe ing donya iki mung dadi dolanane Triguna.
ARTINYA : Terjerat oleh bahagia dan derita, senang dan benci dan perubahan-perubahan keadaan, hingga semua makhluk yang hidup di dunia ini menjadi permainan dari Tri Guna.
28.  Nanging jalma kang wus mungkur lan adoh ing laku duraka, lan mung gawe amal kang becik, waspada marang wolak-walike kahanan, kang padha memundhi Ingsun kanthi iman kang teguh.
ARTINYA : Akan tetapi manusia yang sudah mengasingkan diri dan sudah jauh dari perbuatan durhaka, yang hanya beruat amal kebaikan, selalu waspada terhadap perubahan dunia, yang patuh kepada Ingsun dengan Iman yang kuat.
29.  Kang padha ambudidaya uwale saka karusakan lan pati, kang padha gegondhelan lan ngayom marang Ingsun, iku wus padha ngerti marang Brahma, ngerti marang Dat, lan ngerti marang tumandange Adiyatma.
ARTINYA : Yang selalu berusaha menghiindar dari kerusakan dan kematian, Yang selalu berpedoman dan berlindung hanya kepada Ingsun, itulah yang sudah bisa memahami Hyang Brahma,  sudah bisa Memahami Dzat, dan dan sudah bisa memahami atas geraknya Adiyatma.
30. Kang ngreti yen Ingsun iku ora pisah karo Adibuta, Adidaiwa lan Adiyagnya, iku ora bakal pangling karo Ingsun, samangsa pati nekani dheweke”.
ARTINYA : Yang sudah bisa memahami bahwa Ingsunitu tidak terpisah dengan Adibuta, Adidaiwa dan Adiyagnya, itu tidak akan pernah melupana Ingsun, ketika ajat menjemput dirinya.
Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita, winastan : “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping pitu, winastan : Panunggal jalaran Tinarbuka.

8. AKSHARA  BRAHMA  YOGA
Wejangan ingkang kaping Wolu
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Kalanggenganing Hyang Brahma
Ajaran ke delapan
Menyatunya Hamba dan Tuhan melalui kekekalan Hyang Brahma

1. Harjuna nyuwun priksa : “Dhuh Sri Kresna ; Punapa ta Brahma lan punapa ta Adiyatma punika? Saha punapa ingkang dipun wastani Karma, Adibuta lan malihipun Adidaiwa ?
ARTINYA : Harjuna memohon petunjuk : “Wahai Sri Kresna : “Siapakah Brahma dan siapakah Adiyatma itu? Serta, apakah yang disebut Karma, Adibuta dan juga Adidaiwa?”
2. Lan punapa maksudipun Adiyaksa tumrapipun jalma  ingkang maksih ngrasuk raga, lan kados pundi caranipun manungsa saged nyumerepi Paduka, nalika piyambakipun ngancik wancining ajal.
ARTINYA : Dan juga apa yang dimaksud Adiyaksa bagi mahluk yang masih berasa di raganya, dan bagaimanakah caranya agar manusia bisa melihat Paduka ketika dia sampai kepada ajalnya.
3. Kang Maha Mulya ngandika : “Brahma iku luhuring aluhur, kang tan kena ing rusak. Adiyatma iku jumeneng Manira ing sanubarining manungsa. Denen Karma iku tumandange Dayapurbane Hyang Brahma ingkang anjalari gumelare sakeh alam iki.
ARTINYA : Yang Maha Mulia menyampaikan ajarannya : “Brahma itu mulia di atas mulia, yang tidak bisa rusak, Adiyatma itu keberadaan Ingsun di dalam hati sanubari manusia. Sedangkan Karma itu adalah gerak dari Daya kekuasaan Hyang Brahma sebagai yang menyebabkan adanya seluruh alam yang tergelar ini.
4. Adibuta iku samubarang ingkang kena ing rusak lan tansah ngalami owah gingsir lan Adidaiwa iku padha wae karo Purusa, yaiku tetimbangane Prakriti. Kang diarani Adiyaksa iku panjalma Manira ing donya iki.
ARTINYA : Adibuta itu segala sesuatu yagn bisa rusak dan selalu mengalami perubahan-perubahan dan Adidaiwa itu sama saja dengan Purusa, yang hampir sama dengan Prakriti. Yang disebut Adiyaksa itu penjelmaan Ingsun yang berupa dunia ini.
Cathetan : Purusa punika mulabukanipun sakathahing daya (energy) lan prakriti punika mulabukanipun sakathahing wujud (stof matter).
ARTINYA : Purusa itu awal mula dari semua daya (Energy) dan Prakriti itu awal-mulanya semua ujud (Stof Matter).
5. Lan manungsa ingkang nalika wanci ngancik ajale, nggelengake cipta lan riptane marang Manira lan banjur ninggalake ragane, iku bakal manunggal karo Manira. Iku wus kena dipethekake!.
ARTINYA : Dan manusia ketika tiba waktunya ajal, memusatkan cipta dan pikirannya kepada Ingsun dan kemudian meninggalkan raganya, itu akan menyatu dengan Ingsun, hal itu sudah bisa dipastikan!”
6. Apa kang dadi kawigatening manungsa ing saat ajale, sauwise dheweke ninggal ragane, dheweke parane mesthi mrono, jalaran kagawa dening kodrat iradate (karepe)
ARTINYA : Apa yang menjadi  perhatian manusia ketika saat ajalnya, setelah dia itu meninggalkan raganya, arahnya dia itu pasti ke sana, karena terbawa oleh kodrat iradanya sendiri (Hasrat diri).
7. Mula sasuwene pancakara ing medhan laga mengko, sawijekna ciptanira lan riptanira tumuju marang Manira, mesthi sira bakal tumeka ing Ngarsa Manira. Aja sumelang maneh, iku mesthi bakal kelakon!.
ARTINYA : Maka dari itu, ketika  bertempur di medan laga nantinya, pusatkanlah cipta dirimu dan pikiranmu hanya kepada Ingsun, Pastilah dirimu akan sampai di hadapan Ingsun. Jangan lagi merasa kuatir, itu pasti akan tercapai.!
Cathetan : Punika mboten beda kaliayn ajaranipun Islam ingkang mucal, supados ing saat ajalipun, manungssa nyebut asmaning Pangeran. Allah,  Allah,  Allah.
ARTINYA : Hal itu tidak ada bedanya denegan isi Ajaran Islam yang mengajarkan agar di saat ajal menjemput, manusia agar menyebut Nama Tuhan, Allah – Allah – Allah.
8. Mula kulinakna olah semedi. Aja nganti riptanira selewengan. Sarana teguh lan panggah anggonira olah yoga lan ngulinakake semedi sira mesthi bisa anggayuh kaluhuraning Purusa.
ARTINYA : Oleh karena itu, biasakanlah melakukan Samadi (Tafakur). Jangan sampai terpecah pikiranmu. Dengan cara penuh kemantapan dan penuh keyakinan ketika melakukan Yoga dan membiasakan diri bersamadi, dirimu pasti akan bisa mencapai kepada keluruhuran Purusa.
9. Kang riptane tansah tumuju marang kang Maha Wikan, kang ngatur lan mernata jagad sakalir, kang luwih lembut tinimbang lembuting alembut, kang misesa sagung kang dumadi, kang sumorot lir sewu surya bebarengan, tanpa magepokan karo pepeteng, nanging tan bisa kinayangapa dening titah.
ARTINYA : Yang pikirannya selalu tertuju kepada Yang Maha Mengetahui, yang mengatur dan memelihara semua dunia, sang lebih lembut dari segala kelembutan, yang menguasai segala yang ada, yang bercahaya bagaikan seribu matahari yang bersama-sama menyinarkan cahayanya, yang tidak tersentuh kegelapan, namun tidak bisa terbayangkan oleh semua mahluknya.
10. Ing wanci ajale, kanthi jiwa ingkang teguh, puguh, panggah ngudi manunggal kagawa saka rasa bektine lan daya kekuwatane anggone olah yoga, wong kang mangkono iku, sawuse bisa nggugah mawasarpa lan bisa musatake iline ana ing tengah-tengah mawasarpa lan bisa musatake iline ana ing tengah-tengah alis loro, mesthi bakal munggah marang Suwargane Hyang Purusa.
ARTINYA : Di saat ajalnya, dengan jiwanya yang kuat, dan kukuh, tetap berusaha menyatu yang terbawa atas rasa baktinya dan dari daya kuatnya ketika melakukan yoga, orang yang seperti itu, setelah bisa membangkitkan wawasarpa dan bisa memusatkan alirannya di tengah pusat antara kedua alisnya, pasti akan menaiki ke surganya Hyang Purusa.
Cathetan : Ingkang dipun wastani mawasarpa, ing kasusastran Inggris dipun namaakaken serpent power, punika saestunipun aji kundhalini. Kundhalini punika daya kekiyataning agesang ingkang nggegirisi, mirip kaliyan dayaning listrik. Kundhalini punika sumimpen wonten ing pangkalaning ula-ula, ingkang ngatur gesanging “Bait almuharram” utawi “Pedaleman ingkang tan kena ginepok” utawi kelamin, “bait al Mukhadhas” utawi Jantung, lan “Bait al makmur” utawi utek.
ARTINYA : Yang disebut mawasarpa, di dalam kesusastraan Ingris itu diberi nama Serpent power, itu sebenarnya adalah daya kesaktian Kundalini. Kundalini itu adalah daya kekuatan hidup yang sangar menakjubkan, mirip bagaikan daya listrik. Kekuatan Kundalini itu tersimpan di pangkal tulang belakang, yang mengatur hidupnya “Bait Al Muharram” atau “rahasia yang tidak bisa disentuh” atau kelamin, “Bait Al Mukhadhas” atau Jantung, dan “Bait al Makmur” atau otak.
Manungsa ingkang sampun lulus anggenipun olah semedi saged nggugah kundhalini lan ngatur lampahipun miturut marasing ula-ula, sarta nglangkungi sakthahing cakram, antiwisipun cakram ingkang dumunung wonten ing bathuking manungsa ing antawisipun alis kekalih.
ARTINYA : Manusia yang sudah bisa berhasil dalam melakukan Samadi dan membangkitkan Kundalini dan mengatur geraknya mengikuti aliran di tulang belakang, serta bisa melewati semua Cakram, antara Cakram yang berada di dahi manusia di antara kedua alisnya.
Cakram punika ing mistik Hindu dipun wastani “Netranipun Hyang Brahma”. Manunga ingkang sampun saged nangekake kundhalini lan ngatur lampahipun nglangkungi cakram-cakram (wonten pitu cacahipun), prasasat sampun jumeneng Wisnu, sebab nguwaosi gesanging cakram-cakram punika, saestunipun dipun perlambangi dening nguwaosi sanjata cakra. Kajawi punika, ing lampahan “Dewa Ruci” Jumedhulipun naga ageng ing tengah-tengahing samodra jineman”, samodra winadi, ingkang lajeng anggubed raganipun Bima, dados lambangipun kundhalini (Mawa Sarpa-genining naga).
ARTINYA : Cakram itu yang didalam ajaran Mistik Hindu disebut “Mata Hyang Brahma”. Dan manusia yang sudah bisa membangkitkan Kundalini dan mengendalikan alirannya melewati cakram-cakram (Ada 7 jumlahnya) itu diibaratkan sudah sebagai Wisnu, dikarenakan sudah bisa mengendalikan daya kekuatan cakram-cakram itu, yang dilambangkan sebagai sudahbisa menguasai Pusaka Cakra. Selain itu, di dalam kisah “Dewa Ruci” ketika munculnya Ular Naga yang sangat besar di pusat samudra yang tenang, yaitu lautan rahasia yang kemudian melilit badan Sang Bima Sena, itulah sebagai lambang dari Kundalini (Mawasarpa – Api Naga).
11. Kang diarani “Kang tan kena ing rusak” dening para wiku kang wus wikan ing pawulange sakeh Kitab Wedha, parane para pinunjul kang wus sepi ing hawa nafsu lan bisa nguwasani angkarane; kang dadi gegayuhane para sadu-budi kang padha nglakoni brahmacari(wadat), iku nedya Manira terangke kanthi cekak.
ARTINYA : Yang disebut dengan “Yang tidak terkena oleh kerusakan” oleh para Wiku yang sudah memahami ajaran di dalam Kitab Wedha, arah tujuan akhirnya bagi para yang unggul yang sudah hampa dari hawa nafsunya dan bisa mengendalikan angkaranya, yang menjadi cita-cita para suci yang telah menjalankan Brahma Cari (Wadat), itu akan Ingsun terangkan dengan singkat saja.
12. Babahan nawa (sanga) tinutup kanthi rapet sarta jinaga sarana waspada, manas tumanem ing kalbu, prananing atma pinusatake ing sirah, sawiji jroning olah yoga.
ARTINYA : Lubang sembilan ditutup dengan serapat-rapatnya serta selali dijaga dengan penuh wasspada, Pikiran tertanam di dalam kalbu, arah gerak Atma di pusatkan di kepala, menyatu ketika melakukan Yoga.
13. Binarengan ngucapake sabda tunggal suci AUM, ripta tan pegat, cumanthel ing Manira, manungsa kang lolos saka ragane kanthi cara ingkang mangkono iku, mesti ngliwati lawanging suwarga ingkang luhur dhewe.
ARTINYA : Bersamaan dengan mengucapakan Sabda Tunggal Suci AUM, pikiran tidak terputus hanya ada Ingsun di sana, manusia yang ketika melepaskan diri dari raganya dengan cara demikian itu, pasti lewat melalui pintu surga yang paling tinggi.
14. Yen wus ora ana gegambaran liyane sajroning riptane, yen kang ana ing ngarepe netra batine mung Manira, yekti Manira gampang bisane kagayuh dening sang Yogi kang wus sawiji.
ARTINYA : Jika sudah tidak bayangan lain di dalam pikirannya, dan jika yang ada di depan mata batinnya hanya Ingsun, pasti Ingsun itu mudah dicari oleh sang Yogi yang sudah menyatu.
15. Sapa kang wus tumeka ing ayunan Manira, ora bakal dilahirake maneh ana ing donya, papan kasangsaran kang tansah owah gingsir. Para Mahatma iku mau padha manjing ing Kamulyan Jati.
ARTINYA : Siapa saja yang sudah sampai di ayunan Ingsun, tidak bakalan dilahir kembali ke dunia ini, yaitu sebagai tempat kesengsaraan yang selalu berubah berganti-ganti. Para Mahatma itu semua, akan masuk ke kemulian yang sejati.
16. Kabeh alam iku sajatine ora langgeng, mangkono uga suwargane Hyang Brahma, kang uga nganggo awitan lan pungkasan. Naging kang wus tumeka ing ayunan Manira, iku wus metu saka cakra panggilinganing urip lan mati.
ARTINYA : Semua itu sebenarnya tidak kekal, demikian juga surganya Hyang Brahma, yang juga ada permulaannya dan ada akhirnya. Akan tetapi yang sudah sampai di ayunan Ingsun, itu sudah terbebas dari perputaran hidup dan mati.
17. Dinane Hyang Brahma (sakalpa) iku luwih saka sewu jaman. Mangkono uga wengine Hyang Brahama. Mangkono mau kandhane kang wus padha mangerti.
ARTINYA : Hari milik Sang Brahma (Sakalpa) itu lebih dari seribu jaman. Demikian juga malamnya Hyang Brahma. Yang demikian itu yang dikatakan oleh yang sudah memahami.
18. Ing wanci pleteke dinane Hyang Brahma, kabeh alam iki jumedhul saka guagarbaning Gaib. Ing wanci kumrukube wengine Hyang Brahma kabeh alam iki digulung maneh lan banjur mlebu maneh ing guagarbane Gaib.
ARTINYA : Ketika munculnya hari milik Hyang Brahma, semua alam ini tergelar dari kegaiban. Di waktu masuk  kedalam malam harinya Hyang Brahma, semua alam ini digulung, dan masuk ke dalam kegaiban kembali.
Cathetan :
Gaib punika samubarang ingkang boten kenging dipun gagabi dening akal budining manungsa (Het Onkenbare, The Unknowwable).
ARTINYA : Gaib itu, semua yang tidak bisa dipahami oleh akal dan budi manusia (The Unknowable).
19. Satuhune kahanan kabeh kang tumitah iki, nalika dumadine wus tumuju marang lebure, tanpa bisa suwala yen wengine Hyang Brahma wus nyedhak, lan ing wanci pletheke dinane Hyang Brahma bakal diwijilake maneh.
ARTINYA : Sesungguhnya, semua keadaan yang tergelar ini, ketika awal adanya itu sudah menuju ke kehancurannya, tanpa bisa menghindar ketika malam harinya Hyang Brahma sudah mendekatinya, dan di waktu terbitnya hari Hyang Brahma, akan dikeluarkan lagi.
20. Nanging luwih alus lan luhur tinimbang kodrat alam kang mangkono iku, ana Sawiji kang ora ginelar, Sawiji kang luwih luhur tinimbang karo apa wae kang ginelar, lan ora melu lebur karo sakeh titah.
ARTINYA : Akan tetapi, yang lebih halus dan lebih tinggi dibanding dengan korat alam yang seperti itu, Hanya satu yang tidak di cipta, Hanya satu yang lebih luhur deengan segala ciptaan yang ada, dan tidak ikut lebur bersamaan dengan kehancuran semua mahluk.
21. Barang kang ora winedar utawa ginelar iku diarani Sastra. Iku kahanan kang luhuring aluhur. Kang bisa tekan ing kono wus ora bali maneh marang donya. Iku padunungan Manira kang Maha Luhur.
ARTINYA : Sesuatu yang tidak dijabarkan dan tidak di uraikan itu yang disebut SASTRA. Itulah keadaan puncak keluhuran. Sang bisa mencapai derajat itu, sudah tidak akan kembali lagi ke dunia. Itulah teempatnya Ingsun Yang Maha Luhur.
Cathetan :
Makna tembung sastra kados ing nginggil punika kula aturi njajarake kaliyan makna Sastra ing Serat Sastra Gendhing, ingkang saestunipun anggelaraken bebantahan bab pundi ingkang langkung rumiyin : Sastra (ALLAH) utawi Gendhing (Gesang).
ARTINYA : Yang dimaksud dari akta “Sastra” seperti yagn tersebut di atas, saya berharap untuk disejajarkan dengan makna “Sastra” di dalam Serat Sastra Gending, yang sebenarna menguraikan perbantahan antara yang mana yang terlebih dahulu ada, Sastra (Allah) atau Gendhing (Hidup).
Kersaa ugi nandingaken kaliyan punapa ingkang kawrat ing Kitab Injil (Bijbel) bagiyan piwucalipun Johannes Pembaptis, ingkang ungelipun : Ing sakawit ingkang Ana iku Sabda, lan Sabda iku ana ing Allah Sabda iku satemene Allah! Sastra punika boten sanes inggih gegambaranipun Sabda.
ARTINYA : Dan juga bandingkan dengan apa yang termuat di dalam Kitab Injil (beybel) pada bagian ajaran Johannes Pembaptis, yang isinya : “Yang pertama ada itu “Sanda”, dan Sabda itu ada di dalam Allah. Sabda itu sebenarnya Allah! Sehingga sebenarnya “Sastra” itu adalah gambaran dari Sabda.
22. Purusa kang Maha Luhur mau mung bisa digayuh sarana bekti kang dilambari Iman kang santosa, lan kang tan weruh ing nyaleweng. Jroning Purusa mau dumununge kabeh kang tumitah. Dheweke kang nggelar kabeh alam iki.
ARTINYA : Puru Yang Maha Luhur itu, hanya bisa dicapai dengan cara berbakti dengan dilandasi Iman yang kuat, dan yang tidak melihat penyelewengan. Isi di dalam Purusa itu adalah semua ciptaan, DIA lah yang menggelar semua alam ini.
23. Kapan tekane wanci kang kudu dimanfaatake dening para Yogi, kang ssauwise ajal, ora nedya bali lahir maneh, lan kapan tekane saate kang kudu dimanfaatake dening para Yogi kang nedya bali lair maneh ing donya iki, bakal Manira terangake marang sira.
ARTINYA : Kapan waktunya yang harus dimanfaatkan oleh para Yogi, yang jika setelah ajal menjemput, sudah tidak berkehendak untuk terlahir kembali ke dunia ini. Akan Ingsun terangkan ke pada dirimu.
24. Padhang jumingglang nalika awan, utawa ing wanci bengi nalika rembulan lagi tumuwuh, sajroning nem sasi nalika srengenge lakune lagi ngalor, iku wancine yen sang Yogi kang mungkasi uripe ing donya iki, nedya manunggal karo Brahma lan ora arep bali menyang donya maneh .
ARTINYA : Terangnya siang, atau pada malam hari ketika bulan sedang bersinar, di dalam enam bulan ketika matahari sedang berjalan ke arah Utara, itulah waktu bagi sang Yogi yang mengakhiri hidupnya di dunia ini, yang ingin menyatu dengan Hyang Brahma dan tidak berharap untuk kembali terlahir ke dunia ini.
25. Ing wanci bengi nalika rembulane lagi panglong jroning nem sasi nalika srengenge lakune lagi ngidul, iku wancine yen sang Yogi kang mungkasi uripe, nedya dumunung ing Alam ingkang padhang, kaya-kaya Sinorotan ing rembulan purnama lan sauwise banjur bali maneh menyang donya iki.
ARTINYA : Di waktu malah hari keetika bulan sedang ke arah tengelam, di dalam 6 bulan ketika matahari sedang berjalan ke arah selatan. Bagaikan disinari bulan purnama dan setelahnya maka akan kembali lagi ke dunia ini.
Cathetan :
Wedharan ing nginggil punika saged dados katerangan kenging punapa Bisma ingkang sampun rebah ing perang Brata Yuda anggenipun oncat saking raganipun, ngentosi awitanipun srengenge lampahipun ngaler.
ARTINYA : Ajaran di atas bisa dijadikan dasar mengapa Bisma yang sudah terbaring di tanah ketika perang Bharata Yudha, untuk melepaskan diri dari raganya, menunggu hingga matahari sedang berjalan ke arah Utara.
26. Dalan ingkang padhang jumingglang lan dalan ingkang peteng remeng-remeng, iku dalan loro kang wus ana duk jagad digelar. Kang siji iku dalane para pinunjul kang wus ora nedya bali lahir maneh, liyane dalane kang isih sumedya tumimbal lahir.
ARTINYA : Jalan yang terang benderang dan jalan yang gelap remang-remang, itulah dua jalan yang sudah ada bersamaan dengan tergelarnya dunia. Yang satu adalah jalan para yang berderajat tinggi yang sudah tidak berkehendak  untuk terlahir ke dunia ini lagi, dan jalan yang ke dua adalah jalan bagi yang berjehendak untuk bisa terlahir kembali ke dunia ini.
27. Sang Yogi kang wus waspada anane dalan loro mau ora bakal kesasar. Mula, Heh Harjuna, aja nganti sira pedhot anggonira nyawijekake pribadhinira jroning olah yoga.
ARTINYA : Sang Yogi yang sudah bisa memahami tentang adanya ke dua jalan tersebut, tidak akan teersesat. Wahai harjuna, jangan sampai dirimu terputus dalam menyatukan pribadimu ketika melakukan Yoga.
28. Uwoh kang miturut piwulange kitab-kitab Wedha, bisa diundhuh, minangka piwalese sesaji kurban, tapa, dedana, utawa amal soleh, iku kabeh wus ora diwigatekake dening manungsa kang wus ngerti. Jalaran saka iku sang Yogi bisa manggon ing Kasuwargan ingkang luhuring aluhur.
ARTINYA : Buah dari ajaran Kitab-Kitab Wedha, bisa dipetik, sebagai balasan kebaiktian kurban, tapa, bersedekah, atau amal shaleh, itu semua sudah tidak diperhatikan lagi oleh manusia yang sudah bisa memahaminya. Oleh karena itu, sang Yogi bisa menempati Surga yang palingg tinggi.
Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping wolu, winastan : Panunggal Harjuna lumantar Kalangengane Hyang Brahma.

9. RAYA-VIDYA – RAYA GUHYA YOGA
Wejangan ingkang kaping Sanga
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Ilmu luhur lan Sesengkeran Luhur
Ajaran yang ke sembilan
Menyatunya Hamba dengan Tuhannya melalui ilmu luhur dan rahasia luhur

1. Kang Maha Mulya ngandika : Wewadi kang dadi sesengkerane kang piningit   banget, bakal Manira wewjangake marang sira, ing sarehne sira wus nelakake iman lan bektinira marang Manira, tanpa nganggo ragu-ragu maneh. Lamun sira bisa nampa surasane wejangan Manira iki kanthi kawicaksananing budi, sira bakal luwar saka sakehing kasangsaran.
ARTINYA : Yang  Maha Mulia bersabda, Rahasia di dalam ilmu yang sangat rahasia, akan Ingsun terangkan kepada dirimu, diakrenakan dirimu sudah membuktikan kekutan imanmu dan baktimu kepada Ingsun, yang tidak ada keraguannya lagi. Jika dirimu bisa menerima maknda dari ajaran Ingsun ini, dengan kecerdasan budi, dirimu akan terlepas dari semua kesengsaraan.
2. Sesengkeraning Ilmu Luhur iki, sayektine sarana kang ampuh banget kanggo nucekake pribadinira, marga aweh seserepan kang langsung, tanpa nganggo lantaraning liyan, nucekake gawe padhang, serta sipate langgeng.
ARTINYA : Rahasia ilmu tinggi ini, sebenarnya adalah cara yang sangat ampuhuntuk mensucikan pribadi, karena memeberi pengetahuan secara langsung, tidak menggunakan sarana apa pun, bersifat mensucikan dan membuat tersinari, serta bersifat kekal.
3. Wong kang ora percaya marang piwulange ilmu ingkang gawe rahayuning jagad iki, ora bakal bisa teka ing ayunan Manira, heh Parantapa! Ing sarehne ora bisa ngadhep marang Manira wong mau ora bisa uwal saka cakra panggilinganing urip lan mati.
ARTINYA : Seseoang yang tidak mempercayai atas ajaran ilmu yang membuat keselamatan di dunia, tidak akan bisa sampai ke hadapan Ingsun, wahai Parantapa! Oleh keharena tidak bisa menghadap kepada Ingsun, maka orang itu tidak akan bisa melepaskan diri dari perputaran hidup dan mati.
4. Salwiring alam iki ginelar, yen Manira awit jumeneng, sesingitan marga linimputan dening warana. Ana ing Manira dumununge kabeh kang dumadi iki, nanging Manira ora winengku dening sakeh titah iki.
ARTINYA : Di seluruh alam ini, hingga Ingsun tidak terlihat itu dikarenakan pengaruh Warana. Ada di Ingsun adanya seluruh yang ada ini, akan tetapi Ingsun tidak berada pada semua mahluk.
5. Sakeh kang dumadi iki, ora ana sajroning Manira. Mara ngretenana Yoga Manira ingkang Adi Luhur iku. Kabeh kang dumadi iku winengku dening Manira. Manira ora ana sajroning titah, sanadyan kabeh mau dumadine saka Pribadi Manira.
ARTINYA : Semua yang ada ini, bukan di dalam Ingsun, Pahamilah itu, Itulah Ingsun yang Indah dan Suci. Semua ciptaan itu ingsun yang menguasainya. Dan Ingsun tidak berada di dalam Mahluk. Walau pun kesemuanya itu adanya berasal dari Pribadi Ingsun.
6 .Ibarat getering swasana (ether) kang manggon lan nyrambahi bumi lan angkasa iki, kabeh kang dumadi mau tumanem ana ing Manira. Iki kudu sira ngerteni.
ARTINYA : Ibarat getaran hawa (Ether) yang bertempat   dan menguasai bumi dan angkasa ini, dan semua ayang ada itu berasal dari Ingsun. Hal itu harus kamu pahami.
7.Kabeh kang dumadi iki, heh Kunthiputra, lebur bali marang Prakriti Manira, kang dadi asal kamulane, ing pungkasaning kalpa. Ing awaling kalpa jagad iki Manira pancarake maneh.
ARTINYA : Semua yang ada ini, wahai Kunthi Putra! Akan hancur dan kembali ke pada Prakriti Ingsun, yang menjadi asal dan akhir tujuan di dalam akhir di Kalpa. Dan di awal Kalpa, dunia ini Ingsun gelarkan kembali.
8. Winisesa dening panguwasaning Hyang Maya, tanpa bisa polah, kabeh titah iku, ing awitaning kalpa, padha metu saka Manira, lan ing pungkasaning kalpa padha bali marang Manira maneh.
ARTINYA : Dikendalikan oleh kekuatan Hyang Maya, tanpa bisa menghindar, semua makhluk itu ada di awal Kalpa, itu semua keluar dari Ingsun, dan pada kahir dari Kalpa, akan kembali kepada Ingsun lagi.
9. Sanadyan mangkono sajatine Manira ora magepokan karo panggawe mau, Heh Harjuna! Anane Manira mung nyekseni sakeh kadadeyan iku, tanpa obah tanpa mosik.
ARTINYA : Walau pun demikian itu, sesungguhnya Ingsun tidak bersentuhan dengan segala yang ada, Wahai Harjuna! Adanya ingsun hanya menyaksikan itu semua, tanpa gerakan dan tanpa perpindahan.
10. Manira kinodratake jumeneng Adiyaksa saka Karsa Manira pribadi, supaya ngawasi kabeh kang ginelar lan tasah obah, lan uga ngawasi kang ora ginelar. Jalaran saka iku jagad iki tansah gegulungan mubeng minger tanpa leren.
ARTINYA : Ingsun kinodrat menjadi Adiyaksa itu, atas kehendak Ingsun pribadi, agar bisa mengawasi semua yang tergelar dan yang selalu bergerak, dan mengawasi pula yang tidak tergelar. Dan oleh karenanya maka dunia inis elalu berputar dan bergeser tanpa pernah henti.
11. Tuhu cubluk banget wong-wong kang lumuh ngerteni marang Manira. Yen Manira pinuju ngejawantah nganggo wewujudaning manungsa, Mangkono iku marga wong-wong mau ora padha ngerti kodrat Manira ingkang alus, Maha Iswaraning Alam kabeh.
ARTINYA : Sungguh! Sangat bodohnya manusia yang tidak mau mengenal Ingsun, Kita ingsun sedang menjelma menjadi berwujud sebagai manusisa, hal itu karena orang-orang itu tidak bisa mengerti kodrat ingsun yang halus. Maha Iswara dari semua alam ini.
12. Padha duwe pangarep-arep kang muluk-muluk, nangning seserepane lan tumindake ora ketemu ing nalar, lan jalaran saka iku tan ana gunane babar pisan. Gawene mung golek panglipur, ngedohi lan nglelali jumeneng Manira, nuruti kodrating rajas, wewatekaning raseksa, kang mung golek kepenake dhewe.
ARTINYA : Semua mengharapkan yang tinggo-tinggi, akan tetapi pengetahuannya dan tindakannya tidak masuk akal, sehingga tidak ada gunanya sama sekali. Kelakuannya hanya mencari kesenangan, menjauhi dan dan melupakan adanya Ingsun, dan selalu mengikuti kodrat rajas, watak dari para raksasa, yang hanya mencari kesenangan diri.
13. Beda karo mahatma, kang tansah miturut kodrat iradat Manira, heh Parta!  Padha tansah memundi Manira, jalaran wus padha ngreti yen Manira iku tuke sagunging dumadi.
ARTINYA : Jauh berbeda dengan para Mahatma, yang selalu mematuhi kodrat dan irodat Ingsun, Wahai Harjuna! Agar selalu tetap mengagungkan Ingsun, yang dikarena sudah mengerti bahwa Ingsun itu sember dari segala yang ada.
14. Kang padha ngalembana Manira lumantar kidung-kidung kang ngresepake, sinambi nglelatih nindakake tapabrata. Bekti lan sumungkem marang Manira sajroning pasuwitane, lan ora pegat eling marang Manira.
ARTINYA : Selalu lah memuji Ingsun dengan cara nyanyian-nyanyian yang indah, bersamaan dengan berlatih menjalankan tapa. Berbakti dan patuh kepada Ingsun dalam pengabdiannya, dan tidak pernah terputus dalam mengingat Ingsun.
15. Ana uga kang suwita marang Manira, sarana ngudi tuwuhe pangawikan, minangka sesaji kurbane marang Manira. Ana kang darbe panemu yen sesembahane iku sesembahan kang Maha Esa, ana kang darbe sesembahan kang maneka rupa, lan ana kang ngarani yen sesembahan kang maneka rupa iku, sajatine kawujudane sesembahan kang mung siji.
ARTINYA : Ada juga yang mengabdi kepada Ingsun, dengan cara mencari pemahaman ilmu, sebagai bakti kurban kepada Ingsun. Ada juga yang berpendapat bahwa Tuhannya itu adalah Tuhan Yang Maha Esa, ada juga yang Tuhannya adalah bermacam rupa, dan juga ada yang menyebutkan bahwa Tuhan yang banyak itu, sebenarnya ada perwujudan dari Tuhan yang hanya satu.
16. Upacara kang dadi ajarane Ilmu Sarengat, lan sakatahing tatacara kang diprayogakake dening kitab-kitab suci, kawruhana iku pratanda jumeneng Manira. Manira lakuning kurban lan Manira uga kurban kang diladekake marang arwahe para leluhur, japamantrane, lengane, genine lan menyane.
ARTINYA : Upacara ibadah yang menjadi ajaran Ilmu Syari’at, dan semua tatacara yang dianjurkan oleh Kitab-Kitab Suci, ketahuilah bahwa itu sebagai tanda tentang Ingsun. Ingsun itu adalah perjalanan dari Kurban dan Ingsun juga adalah kurban yang disajikan kepada para arwah para leluhur, Pujabratanya, minyaknya, apinya dan juga dupa-nya.
17. Manira Bapa-Babune sagung bawana, dhedhasare lan mula bukane sagung kang dumadi, kang tansah memamyu hayuning bawana. Manira sabda suci AUM, pathi piwulange Rig Wedha. Sama Wheda lan Yajur Wedha.
ARTINYA : Ingsun itu adalah sumber dari semua dunia, sebagai dasar dan penyebab semua yang ada, yang selalu memelihara dunia. Ingsun itu Sabda Suci AUM, Intisari ajaran Rig Wedha, Sama Wedha dan Yajur Wedha.
18. Manira pepunthoning tarekat kang aweh Kamulyan Jati, Manira Gusti lan Pangerane sagung kang dumadi. Saksi tumrap sakathahe panggawe, kang Asih ya kang Sinisihan, Pangayomaning Jagad. Manira Pamurba, Panguripan lan Pangleburing Jagad, Pagedonganing Kasugihan, Wiji kang tan kena rusak.
ARTINYA : Ingsun adalah akhir dari pencarian yang memberikan kemuliaan yang sebenarnya. Ingsun ini Tuhan dan tempat disembah oleh semua yang ada. Saksi dari semua perbuatan, yang Maha Penyayang dan juga yang dicintai, Pelindugn dunia. Ingsun itu awal hidup dan penghancur dunia, Sumber dari segala kekayaan, biji yang tidak pernah rusak.
19. Manira kang gawe panas lan adhem, kang nurunake lan ngendhegkake udan. Manira kang sipat langgeng, lan kang nguwasani urip lan pati. Manira iku Ana, nanging ya Ora Ana, heh Harjuna!.
ARTINYA : Ingsun yang mencipta panas dan dingin, yang menurunkan dan menahan hujan. Ingsun yang bersifat Kekal dan yang menguasai hidup dan mati. Ingsun itu ada, juga tidak ada, Wahai Harjuna.
20. Para wiku kang wus putus anggone nyinau kitab-kitab Wedha, kang wus padha nencep kamulyaning Swarga, para suci kang ajeg asung sesaji murih bisa munggah ing kaswargan, samengko yen bisa klakon manggon ing Kaswargane Hyang Indra, padha melu bojakrama karo para dewa.
ARTINYA : Para Wiku yang sudah bisa memahami isinya ketika mempelajari Kitab-kitab Wedha, yang sudah bisa merasakan kemuliaan surga, Para suci yang selalu tekun memberikan sesaji kepada Surganya Hyang Indra. Ikut makan bersama pada Dewa.
21. Sawuse ngrasakake kanikmatane Kaswargan kang jembar tanpa wekasan, akhire samangsa wus rampung anggone ngrasakake kanikmatan minangka ganjarane anggone nindakake panggawe-panggawe becik, nalika urip ing donya ingkang uwis, banjur bali dilahirake ing donya maneh. Ing kono nendhakake piwulange kitab-kitab Wedha maneh. Entuk-entukane ora liya mung ngetutake cakra-panggilingane lair lan mati.
ARTINYA : Setelah merasakan kenikmatan surga yang luas tanpa batas, pada akhirnya ketika sudah selesai dalam menikmati kenikmatan sebagai balasannya dari amal-amal perbutan baiknya, ketika hidup di dunia yang sudah dijalaninya, kemudian dilahirkan kembali ke dunia. Dan kemudian menjalankan kemblai ajaran-ajaran Kitab-Kitab Wedha. Yang didapat tidak lain adalah hanya sebatas mengikuti perputaran hidup dan mati.
22. Nanging sapa kang pikirane tansah tumuju marang Ingsun, lan tansah memundhi Ingsun, wong-wong kang tansah ngudi kaseimanganing jiwa (katentreman), Ingsun paringi Pangayoman Ingsun.
ARTINYA : Akan tetapi, siapa yang ingatannya selalu mengingat Ingsun, dan selalu mematuhi Ingsun, dan selalu berusaha mencari keseimbangan jiwa (ketenangan), Akan Ingsun beri pengayoman dari Ingsun.
23. Sanadyan ta manungsa iku ngantepake imane marang sesembahan-sesembahan kang diwenehi jejuluk kang maneka warna, janji panembahe mau bener-bener kanthi eklas lan sumarah, sajatine kang disembah iku ola liya ya mung Ingsun, sanadyan panembahe mau ora miturut tatananing agama kang wus kaprah.
ARTINYA : Walau pun jika manusia kuat imannya kepada Tuhan-Tuhan yang diberi nama beraneka-rupa, asalkan dalam menjalankan pengabdiannya benar-benar dengan ikhlas dan berserah diri, sebenarnya yang disembah itu tidak lain hanyalah Ingsun, sanadyan ibadahnya itu tidak mengikuti aturan Agama pada umumnya.
24. Kabeh sesaji kurban iku Ingsun ingkang nampani lan nikmati. Nanging jalaran wong-wong kang padha caos sesaji kurban iku, ora ngerti marang kodrat Ingsun kang Sejati, lumantar sesaji kurban mau, dheweke ora bisa cedhak karo Ingsun.
ARTINYA : Semua kurban itu Ingsun yang menerima dan yang menikmati, Akantetapi karena orang-orang yang berkorban itu tidak mengetahui Maha Kuasanya Ingsun yang sebenarnya, dengan persembahan kurbannya, mereka tidak akan bisa mendekat kepada Ingsun.
25. Kang memundhi para dewa minangka sesembahane, parane marang para dewa; kang memundi arwahe para leluhur, parane marang para leluhur; kang memundi brahala, parane ya marang brahala, nanging kang memundhi sarta sesaji kurban marang Ingsun, parane ya marang Ingsun.
ARTINYA : Yang mengagungkan para Dewa sebagai Tuhannya, kembalinya juga kepada Dewa, Yang memuja arwah para leluhurnya, kembalinya juga kepada para leluhurnya, yang memuja berhala, kembalinya juga kepada berhala, akan tetapi yang mengagungkan serta memberikan persembahan kepada Ingsun, kembalinya juga kepada Ingsun.
26. Sapa kang caos sesaji godhong, kembang, woh-wohan, apa banyu satetes wae, kanthi rasa bekti lan sungkem, pangurbanane mesthi Manira tampa.
ARTINYA : Siapa yang memberikan persembahan daun, bunga, buah-buahan, ataukah satu tetes air, dengan rasa bakti dan kerendahan hati, kurbannya pasti akan Ingsun terima.
27. Panggawe apa wae kang sira lakoni, apa wae kang dadi panganira kang sira dadekake sesaji kurban, utawa apa wae kang sira danakake marang kang papa, utawa tapa apa wae kang sira tindakake, kabeh mau, lakonana mingaka sesaji kurban utawa ibadah marang Manira, yaiku pengabdian ingkang tanpa pamrih, mung dhedhasar tresna bekti.
ARTINYA : Perbuatan apa saja yang kamu lakukan, apa pun yang kamu makan yang kamu jadikan persembahan kurban, atau apa saja yang kamu sumbangkan kepada yang menderita, atau bertapa model apa saja yang kamu jalani, semua itu kerjakanlah sebagai persembahan kurban atau ibadah kepada Ingsun, yaitu mengabdi tanpa pamrih, hanya berdasarkan Cinta dalam bakti.
28. Pranyata, sapa kang nyaosaske sakeh uwohe panggawe, ala utawa becik, marang Manira minangka sesaji kurban, mesthi bakal luwar saka sakehe reribet. Eklas ing donya lan akerat, bab uwohe sakeh panggawene, batine mesthi anteng jenjem lan luwar saka sakehe bebandan. Jiwa kang wus merdika iku mesthi tumeka ing ayunan Manira.
ARTINYA : Ternyata, siapa yang memberikan suma akibat dari perbuatannya, baik atau buruk kepada Ingsun sebagai persembahan kurban, pasti akan terlepas dari segala keruwetan, Ikhlas di dunia dan di akhirat tentang hasil dari segala perbuatannya, maka hatinya pastilah akan tenang dan tenteram dan terlepas dari segala cobaan. Jiwa yang sudah merdeka itu pasti akan sampai kepada Ingsun.
29. Marang sawiji-wiji titah iku Ingsun ora pilih asih. Ora ana kang Manira istimewakake, ora ana ingkang Manira gethingi. Manira ora emban cendhe emban siladan. Sapa wae kang memundhi marang Manira, iku nyedhaki Manira, lan Manira uga nyedaki dheweke.
ARTINYA : Kepada setiap makhluk Ingsun ini tidak pilih kasih. Tidak ada yang Ingsun istimewakan, tidak ada yang Ingsun Benci. Ingsunitu tidak akan berbuat tidak adil. Siapa saja yang mematuhi Ingsun, itu mendekati Ingsun, dan Ingsun juga mendekat kepada dirinya.
30. Nadyan ta dheweke iku maune durjana ingkang gedhe banget, janji dheweke iku kanthi jujur luwih ngabotake marang Manira tinimbang marang apa wae, dheweke iku kena diarani wong suci, marga pilihane iku wus bener.
ARTINYA : Walau pun sebelumnya dia itu durjana yang sangat besar, asalkan saja dia itu dengan jujur lebih berat kepada Ingsun dibanding dengan apa saja, dia itu bisa disebut manusia suci, karena pilihannya itu sudah benar.
31. Ora suwe wewatekan bakal dadi alus, lan dheweke banjur bisa manjing ing katentreman langgeng. Kawruhana, heh Kunthisiw! Manungsa kang bekti marang Manira, ora bakal nemahi rusak utawa lebur.
ARTINYA : Tidak butuh waktu lama, maka wataknya akan menjadi halus, dan kemudia dia itu masuk ke dalam dunia ketenteraman yang kekal. Ketauilah, wahai Kungthisiwi! Manusia yang berbakti kepada Ingsun, tidak akan bisa menemui rusak atau hancur.
32. Sapa wae kang ngayom ing Manira, sanadyan ta dheweke iku wong kang ora karuwan, kang nurunake, wong wadon, waisya utawa sudra pisan, mesthi dhewewke bakal ngliwati Palawangan Swarga kang luhur dhewe.
ARTINYA : Siapa yang belindung kepada Ingsun, walau pun dia itu oarng yang tidak karuan, dan dari keturunan seorang wanita Waisya atau Sudra sekali pun, pasti dia itu akan melewati pintu Surga yang paling tinggi.
33. Luwih-luwih yen kang ngayom marang Manira iku para brahmana kang suci utawa para raja sinatriya kang ambeg bekti lan sumungkem. Mula heh Harjuna, memundhiya marang Manira, sesuwene sira urip ana ing donya, kang kebak kasangsaran iki lan winisesa dening wolak-walike kahanan!.
ARTINYA : Apalagi jika yang berlindung kepada Ingsun itu para Brahmana yang suci atau para raja satria yang sangat berbakti dan patuh. Maka dari itu wahai  Harjuna, memujalah hanya kepada Ingsun, selama dirimu hidup di dunia yang penuh penderitaan ini dan dikuasai oleh perubahan-perubahannya.
34. Kanthi Manas tumanem ing Manira lan asung bekti marang Manira, pasrahna kahananira marang Manira! Mesthi sira bakal tumeka ing ayunan Manira, yen Manira iku bener-bener gegayuhan kang tansah cumanthel ing cipta lan pangriptanira.
ARTINYA : Dengan hati yang selalu tertanam hanya kepada Ingsun dan memberikan bakti hanya kepada Ingsun, pasrahkanlah dirimu sepenuhnya kepada Ingsun! Patilah dirimu akan sampai kepada ayunan Ingsun, itu jika Ingsun ini benar-benar tujuan yang selalu tertanam di dalam cipta dan pikiranmu.
Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Sanga, winastan : Panunggal lumantar ilmu luhur lan Sesengkeran Luhur,

10. VIBHUTI  YOGA
Wejangan ingkang kaping Sadasa
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Kaluhurane lan Kawibawane Pangeran
Ajaran yang ke sepuluh
Menyatunya Hamaba dengan Tuhannya dengan jalan Keluhuran dan Kewibawaan Tuhan

1. Kang Maha Mulya ngandika : “Sabanjure rungokna, heh satriya kan prakosa, Sabda Manira ingkang pungkasaning aluhur, ingkang bakal Manira paringake marang sira, marga Manira nedya gawe kamulyanira.
ARTINYA : Yang Maha Mulia berssabda : “Selanjutnya, dengarkanlah Wahai Satria yang perkasa, Sambda Ingsun tentang puncak keluhuran, yang akan Ingsun berikan kepada dirimu,karena Ingsun akan membuat kemuliaan.
2. Ora ana Maharsi utawa Jawata kang weruh mulabukane Manira, heh Harjuna, marga sayektine ing Manira dumununge mulabukane para Maharsi lan Jawata.
ARTINYA : tidak ada Maharsi atau Dewa yang mengetahui asal mula Ingsun, wahai Harjuna, karena sesungguhnya di dalam Ingsun tempat berasal para Maharsi dan Dewa.
3. Sapa kang wus weruh yen Manira iku Ana tanpa nganggo di-Anakake, tanpa mulabuka, lan jumeneng Pangerane sagung kang dumadi iku wus ora bakal kasamaran maneh, lan bakal adoh saka sakehe kasangsaran.
ARTINYA : Siapa yang sudah mengethaui bahwa Ingsun itu ada tanda diadakan, tanpa awal dan Tuhan dari semua yang ada, itu sudah tidak bingung lagi, dan akan dijauhi oleh semua kesengsaraan.
4. Kawaskithan, pangawikan, nalar, kasunyatan, kasabaran, panguwasaning pribadi, katentreman, bungah lan susah, urip lan mati, kendel lan jireh.
ARTINYA : Kecerdasan, Ilmu, daya penalaran, yang nyata, kesabaran, penguasaan pribadi, ketenteraman, bahagia dan kesusahan, hidup dan mati, pemberani dan penakut.
5. Ora gawe pepati, gumbira, dyatmika, ngurang-urangi, merak ati, kawentaring aran, kajen-keringan, iku kabeh tandha-tandha kang ana ing sakabehe kang ana ing donya iki, kang dumadi saka Manira.
ARTINYA : : Tidak berbuat yang mematikan, gembira, jatmika, mengekang diri, menyenangkan, ketenaran nama, terhormat, itu semua tanda-tanda yang ada di semua  yang ada di dunia ini, yang adanya berasal dari Ingsun.
6.  Maharsi pitu, Pinisepuh papat, dan para Manu, dumadine saska Dzat Manira kang luhur lan alus, kang banjur padha mencarake wijining Manungsa.
ARTINYA : Maharsi tujuh, Sesepuh empat dan para Manu, adanya berasal dari Dzat Ingsun yang Maha Luhur dan Maha lembut, yang kemudian berkembang biak menjadi biji manusia.
7. Sapa kang wus ngerteni marang Manira, jalaran anggone ngrumangsani Panguwasa Manira ingkan tanpa watesan lan Jumeneng Manira ngebaki gumelaring jagad, iku sayekti tetep ora pisah karo Manira. Manungsa kang mangkono iku cetha wus nyawiji.
ARTINYA : Siapa yang sudah memahami Ingsun, dikarnekan bisa merasakan Maha Kuasanya Ingsun yang tanpa batas dan Singgsana Ingsun memenuhi seluruh jagad raya ini, sesungguhnya tidak akan terpisah dengan Ingsun. Manusia yang demikian itu jelas sekali sudah menyatu.
8. Manira ingkang murba-misesa jagad iki. Saka Manira jumedhule sagung kang dumadi. Kanthi pangreti kang mangkono iku, para sadu padha manembah marang Manira, sinartan anteping iman kang saya rumasuk.
ARTINYA : Ingsun yang menguasai seluruh dunia ini. Berasal dari Ingsun adanya segala yang ada. Dengan pemahaman yang demikian itu, para Suci melakukan ibadah kepada Ingsun, disertai dengan kemantapan Iman yang sudah merasuk jiwa.
9. Jroning urip mung sedya leladi marang Manira, ora pegat eling marang Manira, padha silih nenangi anteping atine, jroning sarasehan mung Manira kang dadi pokok rerembugane, wong-wong mau tansah suka-syukur, tentrem lan ayem atine.
ARTINYA : Di dalam seluruh hidupnya, berniat mengabdi kepada Ingsun, tidak pernah terputus dalam mengingat Ingsun, saling menjaga kemantapan hatinya, di dalam sarasehan hanya Ingsun yang menjadi pokokmpembicaraannya, orang-orang itu selalu bahagia dan bersyukur, tenteram dan tenang hatinya.
10. Wong-wong kang wus padha nyawiji iku, kang kanthi bekti lan sungkem tansah manembah lan leladi (Ibadah) marang Manira, nuli Manira bangkitake jumenenge budine, kang anjalari wong-wong mau banjur bisa ngadhep marang Manira, lan wekasane bisa manunggal karo Manira.
ARTINYA : Orang-orang yang sudah menyatu itu, yang dengan baktinya dan kepatuhannya selalu beribadah dan mengabdi kepada Ingsun, kemudian Ingsun bangkitkan tegaknya budi di dalam dirinya, yag menyebabkan orang-orang itu kemudian bisa duduk bersama saling bertutur kata dengan Ingsun, dan akhirnya bisa menyatu dengan Ingsun.
11. Karana welas-asih Manira, wong-wong mau Manira entasake saka pepeteng lan saka alam jahiliyah (kebodohan). Sebab Manira sajatine kang jumeneng ing telenge pribadine, kang banjur nguripake urupe kawicaksananing budine.”
ARTINYA : Karena atas Maha Kasih dan Sayang Ingsun, orang –orng itu Ingsun angkat dari kegelapan dan dari alam kebodohan. Karena sebenarnya Ingsun ini yang bersinggasana di pusat pribadinya, yang kemudian menghidupkan nyala dari kecerdasan budinya.
12. Harjuna nyelani : “Padhuka punika Parabremba (Pathining Brahma), Paradama (Padunungan kang luhur), Mahasuci, Purusa ingkang tanpa wekasan, sarta Pangeran ingkang wonten saking Karsa Pribadi.
ARTINYA : Harjuna menyela : “Paduka itu Parabremba ( Inti Brahma) Paradama (Tempat keluhuran) Maha Suci, Purusan yang tak pernah berakhir, Serta Tuhan yang mengada atas kehendak Pribadi.
13. Mekaten punika sampun dipun ngendikakaken dening para Maharsi sadaya, ugi, dening Sang Suci, Hyang Narada, salajengikpun sang Asita, sang Dewala lan sang Wiyasa. Lan sapunika Paduka ingkang paring katerangan.
ARTINYA : Demikian itu yang disampaikan oleh semua Maharsi, juga oleh Yang Maha Suci Hyang Narada, kemudian dikatakan pula oleh Asita, Sang Dewala dan Sang Wiyasa. Dan sekarang Paduka paduka sendir yang mengatakannya.
14. Kula saged ngraosaken, manawi sadaya ingkang Paduka ngendikakaken punika leres, dhuh Kesyawa! Botenwonten Jawata utawi Danawa ingkang nyumerepi pangejawantah Paduka.
ARTINYA : Hamba bisa merasakan, bahwa apa yang semua Paduka katakan itu benar semua, Wahai Kesyawa! Tidak ada Dewa atau Raksasa yang mengetahui ujud Paduka.
15. Namung paduka piyambak ingkang saged nguningani pangejawantah Paduka, Dhuh Jiwa ingkang Maha Agung, tuking sagung kang dumadi, Gustinipun para manungsa, Dewaning para dewa! Saestu Paduka ingkang nguwaosi Jagad punika.
ARTINYA : Hanya Paduka sendiri yang bisa mengetahui wujud Paduka, Wahai Jiwa Yang Maha Agung, Sumber dari segala yagn ada, Tuhan manusia, Dewa dari para Dewa! Sesungguhnya hanya Paduka penguasa jaga raya.
16. Kersaa Paduka nerangaken kados pundi kodratipun panguwaos Paduka ingkang Mahaluhur wau, ingkang nyrambahi lan nglimputi sagung bawana punika, sanadyan ta Paduka punika tanpa mosik, obah utawi mingset.
ARTINYA : Hamba memohon, Paduka menerangkan yang manakah Kodrat Maha Kuasa Paduka Yang Maha Luhur, yang merasuk dan menguasai semua dunia ini. Walau pun Paduka itu tidak melakukan gerakan atau pun bergeser.?
17. Kersaa Paduka paring priksa dhumateng kawula, kados pundi lumantar olah yoga, kula saged nyekseni jumeneng Paduka, kersaa paring priksa, dhuh Sri Kresna, sipat-spat Paduka ingkang pundi, ingkang saged kula gagapi dening pangripta kawula.
ARTINYA : Hamba mohon, Paduka memberikan pengertian kepada hamba, bagaimanakah dengan cara melakukan Yoga hamba ini bisa menyaksikan Ujud Padudka, Hama memohon wahai Sri Kresna, Sifat-sifat Paduka yang manakah yang bisa hamba pahami dengan menggunakan pikiran hamba?
18. Kersaa Paduka nerangaken kanthi satapis-tapisipun Jumeneng Paduka saha Panguwaos Paduka ingkang tanpa wangenan punika. Rumaos boten saged tuwuk-tuwuk necep maduning pangandika Paduka.”
ARTINYA : Hamba mohon untuk diterangkan hingga sejelas-jelasnya Ujud Paduka dan Maha Kuasa Paduka yang tidak ada batasnya itu. Hamba merasa tidak tidak bisa puas-puasnya menyerap manisnya madu Sabda Paduka.
19. Ingkang Maha Mulia ngandika : “Mara ta, bakal Manira terangake marang sira sipat-sipat Maha Agung Manira, ingkang tuhu maneka rupa iku, nanging kanthi cekak bae, sebab ora ana enteke.
ARTINYA : Yang Maha Mulia bersabda : “Marilah! Akan Ingsun terangkan kepada dirimu, sifat-sifat Maha Agung Ingsun, yang banyak rupa dan jenisnya itu, akan tetapi hanya dengan singkat saja, karena tidak ada habisnya.
20. Manira iku Ingsun, Ingkang Jumeneng ana ing telenging batine saben titah. Manira. Awal, Madya lan Wusanane sagung dumadi, heh Gudhakesya!.
ARTINYA : Ingsun itu Ingsun, Yang bersingasana di pusat batin semua mahluk. Ingsun Awal, tengah dan akhir dari segala yang ada, wahai Gudhakesya!
21. Tumrap para Aditya, Manira iku Wisnu, yen pepadhang Manira iku srengenge. Tumrap para Maruta, Manira iku Marici lan tumrap lintang-lintang, Manira iku rembulan.
ARTINYA : Bagi para Aditya, Ingsun ini Wisnu, Jika penerang, Ingsun ini Matahari, Jika angin, Ingsun ini Marici dan jika bitang-bintang, Ingsun ini Bulan.
22. Tumrap kitab-kitab Wedha, Manira iku Samawedha. Ing antarane para dewa, Manira iku Bathara Siwah, ing antarane indriya, Manira Manas, Nalar sajroning saben titah.
ARTINYA : Bagi Kitab-Kitab Wedha, Ingsun ini Samawedha, Di antara para Dewa, Ingsun ini Bathara Siwah, di antara indra, Ingsun ini Manas, Nalar yang ada di dalam mahlul.
23. Manira Syasyankara tumrape para Rudra (Panggedhe dewaning prahara), lan tumrape para Yaksa lan Raseksa, Manira Witesya. Yen Gunung, Manira iku Maha-Meru.
ARTINYA : Ingsunnini Syasyankara bagi para Rudra (Dewa terbesar dari Prahara) dan bagi para Yaksa dan Raksasa, Ingsun ini Witesya, jika gunung Ingsun ini Maha-Meru.
24. Kawruhana, tumrap para ulama agung, Manira iku Brihaspati. Manira  iku Skandha, Dewaning perang para senopati. Tumrap telaga lan kedhung, Manira iku Samodra Agung.
ARTINYA : Ketahuilah, bagai para Ulama Agung, Ingsun ini Brihaspati, Ingsun ini Skandha Dewa Perang bagi para senopati, Bagi telaga dan palung, Ingsun ini Samudra Luas.
25. Antarane para Maharsi, Manira iku Sang Bregu. Manira sabdasucine sakeh kang bisa celathu, japamantrane sakeh upacara sesaji kurban. Antarane gunung-gunung, Manira gunung Himalaya.
ARTINYA : Di antara para Maharsi, Ingsun ini Sang Bregu, Ingun ini Sabda Suci semua yang bisa berkata-kata, Mantra bagi upacara persembahan kurban, Di antara gunung-gunung, Ingsun ini Gunung Himalaya.
26. Yen tumrap wit-witan, Manira iku wit Aswata (witing urip, sajaratu al hayyi) tumrape para Dewarsi, Manira Bathara Narada, Manira Citraratane para gandarwa, lan Kapilane para kang sampurna ing Ilmu.
ARTINYA : Jika di antara pepohonan, Ingsun ini Aswata (Pohon kehidupan, Sajaratul Al Hayyi) bagi pra Dewarsi, Ingsun Bathara Narada, Ingsunnini Citraratane Gandarwa, dan Kapila dari para yang ilmunya sudah sempurna.
27. Ing antarane para turangga, Manira Ucahisrawa, kuda ingkang dumadi nalika para jawata padha ngebur samodra nggoleki Banyuning Urip, ing antarane depangga, Manira Gajah Ajwarata lan Maharaja tumrape manungsa.
ARTINYA : Di antara para kuda, Ingsun ini Uchisrawa, Kuda yang muncul ketika para Dewa melebur samudra mencari Air Kehidupan, Di antara gajah, Ingsun ini Gajah Ajwarata dan Maha raja di raja bagi manusia.
28. Tumrap sakeh gegaman, Manira iku bledeg, Yen rajakaya, Manira iku Kamadanu (sapi kang susune bisa mujudake sakeh panuwuning manungsa), Kandharpa tumrap sakeh kang turun-tumangkar, Wasuki ing antarane ratune para sarpa.
ARTINYA : bagi semua pusaka dan senjata, Ingsun ini Petir, Jika hewan ternak, Ingsun ini Kamandanu (Sapi yang susunya bisa memenuhi semua keinginan manusia), Kandhaerpa itu bagi yang bsia berkembang biak, Wasuki di antara Raja Ular.
29. Tumrap para naga, Manira iku Ananta, tumrap sakeh kang padha urip ing samodra, Manira Baruna. Yen tumrap para leluhure manungsa, Manira Aryama, tumrap kang darbe panguwasa Manira Pati.
ARTINYA : Bagi Naga, Ingsun ini Ananta, Untuk yang hidup di samudra, Ingsun ini Baruna. Jika bagi leluhur manusia, Ingsun ini Aryama, bagi yang memiliki kekuasaan, Ingsun ini kematian.
30. Manira Prahladane para ditya, Kala tumrap keh petungan waktu, singa tumrap kewan-alas, lan Garuda tumrap kang darbe suwiwi. Tumrap sakeh kang bisa gawe resik, Manira angin.
ARTINYA : Ingun ini Prahladane para Ditya, Kala bagi perhitungan waktu, Singa, bagi hewwan hutan, dan Garuda bagi yang mempunyai sayap. Untuk semua yang bisa membuat bersih, Ingsun ini Angin.
31. Antarane para raja-sinatriya kang darbe sanjata kang ampuh, Manira Rama, antarane para mina, Manira Makara, Bangawan Silu Gangga antarane sakeh kali lan ilen-ilen.
ARTINYA : Di antara para Raja dan Satria yang memiliki pusaka yang ampuh, Ingsun ini Rama, Di antara semua ikan, Ingsun ini Makara, Bengawan Silugangga di antara semua sungai dan aliran-aliran air.
32. Manira Awal lan Akhire kabeh kang gumelar, lan uga madyane, heh Harjuna! Yen pangawikan, Manira iku Pangawikaning Pribadi (Zelfkennis), lan nalare para kang pinter micara.
ARTINYA : Ingsun ini awala dan akhir dari semua yang tergelar ini, dan juga di antara tengahnya, wahai Harjuna! Jika Ilmu Pengetahuan, Ingsun ini Pengetahuan Pribadi , dan penalaran dari yang pandai bicara.
33. Tumrap hanacaraka, Manira aksara Ha, daya penarik antarane kang padha sih-sihan. Manira Jaman kang tanpa awitan lan pungkasan lan ingkang murba-misesa sagung alam bawana iki. Kang meruhi obah mosike sakeh kang dumadi, Manira uga.
ARTINYA : Bagi huruf Jawa Ha Na Ca Ra Ka, Ingsun ini Huruf Ha, Daya penarik di antara yang sedang kasmaran, Ingsun ini jaman yang tidak berawal dan tak pernah berakhir dan yang berkuasa dan menguasai  smeua alam dunia ini. Yang misah melihat gerak dan  bergeser segala yang ada, itu Ingsun juga.
4. Manira Siwah, Jawata Panglebur kabeh kang ginelar, Manira uga Pamurbane sakeh barang kang anyar. Kemasyhuran, kemakmuran, kasantosan, kasarjanan, ingatan, pamicara lan pangapura Manira uga.
ARTINYA : Ingsun ini Siwah, Dewa penghancur semua yang tergelar ini, Ingsun juga penguasa dari semua barang baru, ketenaran, kemakmuran, kesausaan, kesarjanaan, ingatan, pembicaraan dan pengampunan, itu semeua Ingsun juga.
35. Ing antarane tembang-tembang jroning Kitab Wedha, Manira tembang gedhe. Yen Guru lagu, Manira iku gayatri. Tumrap mangsa papat, Manira Margasirsa, mangsa semi.
ARTINYA : Di antara Nyanyian-nyanyian di dalam Kitab Wedha, Ingsun “Temebang Gedhe”, Jika Guru Lagu (Nada) Ingsun ini Gayatri, bagi empat musim, Ingsun ini Margasirsa, yaitu musim semi.
36. Tumrap para kang padha dhemen ngabotohan, Manira iku pangutut (pangareparep bakal menang). Manira sorote sakeh kang sumunar utawa mawa cahya, Jaya kawijayan, kateguhaning karep kang tan weruh ing mingset, kasunyatane kang wus padha tinarbuka.
ARTINYA : Bagi yang suka berjudi, Ingsun ini ‘Pangutut” (Pengharapan pasti menang), Ingsun ini cahaya atas semua yang bercahaya atau yang mengandung cahaya, kesaktian, keteguhan niat yang tidak pernah bergeser, kenyataan bagi yang sudah terbuka pemahamannya.
37. Wasudewa tumrap trah Wresni lan Dananjaya tumrap para Pandhawa. Yen kanggone para muni, Manira iku Wiyasa. Ing antarane para pujangga gedhe, Manira Usiyana.
ARTINYA : Wasudewa bagi keturunan Wresni dan Dananjaya di antara Pandhawa, Jika bagi para Muni, Ingsun ini Wiyasa. Di antara para Pujangga besar, Ingsun itu Usiyana.
38. Pangwasane kang padha ndarbeni panguwasa, Manira. Manira laku kanegarane politik para kang mbudi kaunggulane bangsan, Manira wadi jroning batine kang padha mbisu, lan pangawikan para sarjana.
ARTINYA : Kekuasaan bagi yang meiliki kekuasaan dari Ingsun. Ingsunlah yang menjalankan roda Politik pemerintahan bagi yang mencari keunggulan bangsanya. Ingsun adalah rahasias di dalam batin yang membisu, dan Ilmu dari para Sarjana.
39. Wijine kabeh kang Ana, iku Manira, heh Parta! Ora ana barang apa wae kang ana iki bisa dumadi tanpa Manira, heh Harjuna!.
ARTINYA : Biji dari semua yang ada, itu Ingsun, wahai Parta! Tidak ada sesuatu pun yang ada ini bisa menjadi ada tanpa karena Ingsun, Wahai Harjuna!
40. Satuhune ora ana enteke kawujudan kang dadi pangejawantah Manira, Manira mung nyebutake sawatara kawujudan wae, minangka nggambarake Kamulyan Manira.
ARTINYA : Sesungguhnya, tidak akan ada habisnya perwujudan yang menjadi gambaran bagi Ingsun, Ingsun hanya menyebutkan sebagian kecil dari perwujudan itu, sebagai untuk menggambarkan kemuliaan Ingsun.
41. Apa wae ingkang utama, becik, mawa cahya, mawa wibawa lan kuwasa, dumadine mesthi saka Dat Manira, mesthi cuwilan saka Kamulyan Manira.
ARTINYA : Apapun yang berupa keutamaan ,Baik, mengandung cahaya, mengandung kewibawaan dan kekuasaan, adanya pasti dari Dzat Ingsun, dan pasti bagian dari kemuliaan Ingsun.
42. Nanging apa tegese kabeh mau tumrap sira, heh Harjuna? Sabab sabenere, kabeh iku, sira wus mangerti. Manira kang nguripi jagad kang gumelar iki, kanthi cuwilan Manira. Wondene Manira iki tetep wutuh!.
ARTINYA : Akan tetapi, apalah artinya bagi dirimu, wahai Harjuna? Karena sesungguhnya, kesemeuanya itu dirimu sudah memahami. Ingsung yang menghidupkan dunia yang tergelar ini, yang berasal dari bagian Ingsun. Akan tetapi Ingsun ini tetap utuh!
Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Sadasa, winastan : Panunggal lumantar Ksluhuranipun Kawibawaning Pangran.

11.  VISVA  RUPA  DARSANA  YOGA
Wejangan ingkang kaping Sawelas
Penunggaling Kawula Gusti lumantar nyekseni Jumenenge Sang Hyang Tunggal Kanthi Ainul Yaqin
Ajaran yang ke Sebelas
Menyatunya Hamba dengan Tuhannya melalu menyaksikan langsung Sang Hyang Tunggal dengan “Ainul Yaqin


1, Harjuna matur : “Karana sih paduka dhuh Gusti. Paduka sampun kepareng nerangaken dhumateng kawula kawontenanipun Adyatma, wadi ingkang luhuring aluhur sarta sanget sinengker. Sapunika sampun sirna sadaya klintu panampi.
ARTINYA : Harjuna berkata : “Atas kemurahan paduka Wahai Tuhan. Paduka sudah berkenan menerangkan kepada hamba tentang perwujudan dari Adyatma, rahasa diatas rahasia yang luhur serta sangat tersembunyi. Sekarang telah hilan atas semua salah karena salah memahaminya.
2. Dumadi miwah leburing jagad sampun Paduka terangaken dhumateng kawula, saha Paduka ugi sampun kepareng mejangaken Kamulyan Paduka ingkang asipat langgeng, dhuh ingkang anetra pindha sekar tunjung.
ARTINYA : Terciptanya dan kehancuran dunia sudah Paduka terangkan kepada hamba, serta Paduka juga sudah berkenan mengajarkan Kemulian Paduka yang bersifat kekal, wahai yang memiliki mata bagaikan bunga teratai.
3. Kawula saestu kepengin sanget nyekseni kanthi wewantahan wewujudan ingkang nembe Paduka terangaken dhumateng kawula, ingkang nggambaraken Kamulyan Paduka ingkang Adi Luhur punika, dhuh Jiwa ingkang Linuhur.
ARTINYA : Hamba sungguh! Sangat menginginkan untuk bisa menyaksikan dengan nyata wujud wujud dari yang baru saja Paduka jelaskan kepada hamba, yang menggambarkan Kemuliaan Paduka yang sangat luhur itu, wahai Jiwa yang paling Luhur!.
4. Bokbilih miturut penggalih Paduka kula saged nyekseni kawujudan Paduka ingkang makaten wau. Mila keparenga Paduka mitontonaken dhumateng kawula, dhuh Gustining Yoga, Pribadi Paduka ingkang tan kenging ing risak punika”.
ARTINYA : Barankali menurut perkenan Paduka, hamba bisa menyaksikan atas Wujud Paduka yang demikian itu, Maka dari itu Mohon paduka berkenan memperlihatkan kepada Hamba, wahai Tuhan para Yoga. Pribadi paduka yang tidak bisa dirasa itu.
5. Ingkang memayu hayuning bawana ngandika : “Heh Parta, tontonen Kahanan Manira ingkang atusan, maewu-ewu rupa lan warnane, yekti tan ana wilangane, ngebaki sagung bawana!
ARTINYA : Sang Pemelihara dunia bersabda :”Wahai Parta, lihatlah ujud Ingsun yang beratus-ratus, berupa-rupa bentuk dan warnanya, pasti tak bisa terbilang, memenuhi seluruh dunia!
6. Waspadakna sakeh Aditya lan Wasu, Rudra Aswin lan Maruta, Tontonen heh Barata, kahanan Manira, ingkang tuhu nggumunaken iku ingkang durung tau sinipatan dening panduluning manungsa.

ARTINYA : Lihatlah semua Aditya dan Wasu, Rudra, Aswin dan Maruta, Lihatlah wahai Barata, Ujud Ingsun, Yang sangat mengagumkan dan yang belum perlah ada yang melihatnya oleh penglihatan manusia.
7. Heh Harjuna! Mara ta sawangen sagung alam bawana, sakeh ingkang obah utawa mogok-mogok, dadi siji dumunung ana ing raga Manira. Sira kepengin ndulu apa wae, kabeh sayekti ana ing wadhag Manira.
ARTINYA : Wahai Harjuna! Lihatlah semua alam, semua yang bergerak atau diam, semua menjadi satu di dalam Ingsun. Kau ingin melhat apa saja, semua pasti ada di dalam Ingsun.
8. Yen sira ora kuwat ndulu sarana netraning wadhagira, mara ta Manira bukak netraning jiwanira. Sawangen Yoga Manira ingkang Adi-Luhur!”
ARTINYA : Jika kau tidak kuat melihatnya dengan mempergunakan mata ragamu, marilah saya buka mata jiwamu. Lihatlah Ujud Ingsun yang sangat luhur!”
9. Sanjaya matur : “Telas sabdanipun Sang Hari, gustining para yogi ingkang Adiluhur, Panjenenganipun lajeng mitontonaken dhumatheng Sang Harjuna. Kawujudanipun ingkang Maha Agung, Pangejawantahipun Pangeran ingkang ngebaki gumelaring jagad.
ARTINYA : Sanajaya berkata : “Habis sambda sang Hari, Tuhan para Yogi yang sangat indah dan luhur, DIA kemudian mepertontonkan kepada Sang Harjuna. Ujud dari Yang Maha Agung, Perwujudan Tuhan yang menyeliputi seluruh alam dunia.
10. Kanthi lesan lan netra ingkang tanpa wicalan lan sesawangan ingkang ajaib-ajaib, rinengga ing busana ingkang adiluhur, sarta ngasta sanjata-sanjata ingkang maneka warna saha maha ampuh.
ARTINYA : Dengan mulut dan mata yang tak terhitung, dan ujud yang sangat ajaib, di hias oleh busana yang sangat indah dan luhur, serta dengan memegang pusaka-pusaka yang beraneka macam serta yang sangat ampuh.
11. Ngagem jamang, sumping sekar rinonce, saha entran-entran sesekaran sanes-sanesipun, linuhlur ing wewangi, boreh lan sapanunggalanipun saking kaswargan, pindha jawata ingkang tuhu ngeramaken, wewujudan ingkang boten wonten awitan lan pungkasanipun, pandulunipun tumuju dhateng pundi-pundi kemawon.
ARTINYA : Mengenakan Mahkota, hiasan telinga dari roncean bunga, serta hiasan-hiasan dari bunga yang lainnya, dibalur dengan wewangian, balur dan sebagainya yang berasal dari surga, bagaikan Dewa yang sangat mengagumkan, Wujud yang tidak ada awalnya dan akhirnya, penglihatannya melihat segala arah.
12. Manawi wonten surya kembar seweu dumadakan jumedhul ing cakrawala, makaten wau bok manawi saweg kenging dados lantaran nggambaraken edi-peninipun gebyaring sorotipun Sang Maha Atma”.
ARTINYA : Jika ada matahari kembar seribu yang tiba-tiba terbit bersamaan di cakrawala, seperti itu barangkali baru bisa menjadi sarana untuk menggambarkan keindahan sinar yang bercahaya dari Sang Maha- Atma.
13. Makaten sagung alam bawana punika, sanadyan maneka warna lan rupa kawujudanipun, kawawas dening Sang Parta dados satunggal dumunung ing Raganipun Jawatanipun para Jawata,
ARTINYA : Demikian juga seluruh alam dunia ini, walau pun beraneka warna ru[a dan ujudnya, sekali pandang oleh Sang Parta menjadi satu, berada di dalam raga Dewa dari para Dewa.
14. Lan Sang Dananjaya, kanthi marasing tyas, rikma njegrak, githok mengkorok, tumungkul mustakanipun, sarana ngapurancang lan anor-raga, lajeng matur dhumateng Sang Wisnumurti.
ARTINYA : Dan Sang Dananjaya, dengan bersamaan bergetarnya rasa, hingga rambut berdiri, bulu kuduk berdiri, menundukkan kepalanya, dengan bersipat sopan sambil bersimpuh, kemudian berkata kepada Sang Wisnumurti.
15. “Sapunika, adhuh Gusti, kawula saged nyumerepi ing salebeting Salira Paduka para dewa sadaya lan sakathahing titah sanes-sanesipun. Kawula saged nyumurupi Hyang Braha, ingkang saweg lenggah ing sanginggiling ron tunjung, saha Resi lan para Ananta.
ARTINYA : “Sekaranglah, Wahai Tuhan, Hamba bisa menyaksikan, bahwa di dalam ujud Padudka, semua para Dewa dan semua amakhluk yang lain-lainnya. Hamba bisa melihat Hyang Brahma, sedang sedang duduk di atas daun bunga teratai, dan juga para Resi dan Ananta.
16. Kanthi netra, bau lan lesan ingkang tanpa wicalan, makaten anggen kawula mawas Paduka. Sagung Bawana sayekti sesak, kebeken ing kawujudan Paduka, Ingkang tuhu tanpa watesan. Tanpa pungkasan, madya lan awitan, makaten Paduka punika, dhuh Gustining sagung bawana, dhuh Kawujudan ingkang sumrambah ngebaki jagad.
ARTINYA : Dengan mata, pundak dan lisan yang tidak terhitung jumlahnya, semikianlah yang nampak ketika hamba meliaht Paduka, Semua Dunia pasti tidak bisa memuat ujud Paduka, yang tidak bisa dibatasi. Tidak ada akhirnya, tengahnya dan awalnya, Demikian itulah Paduka, Wahai Tuhan seluruh dunia,
17. Ngagem makutha ingkang maneka-rupa, ngasta cis lan salib minangka tandha panguwasa, prasasat prabata cahya, ingkang sumorot nelahi gumelaring bawana. Makaten anggen kawula mawas Paduka gumebyar lir uruping thathit mblerengi netra, tanpa upami, pindha Hyang Surya piyambak.
ARTINYA : Mengenakan mahkota yang beraneka rupa, memegang Tongkat dan Salib sebagai tanda kekuasaan-Nya, Bagaian cahaya yang bercahaya, yang sinarnya menerangi jagad raya. Demikianlah dalam wawasan penglihatan mata hatiku. Paduka bersinar bagaikan nyala kilat yang sangat menyilaukan mata dan tidak ada bandingnya, bagaikan Hyang Surya sendiri.
18. Saestu punika, pepuntoning gegayuhan pangripta, raja-peninipun sagung bawana, sesengkeran ingkang sanget winadi, pangayomaning angger-anggering kasutresnan ingkang sipat abadi. Sapunika kula sampun mangertos, bilih Paduka punika Purusa ingkang sakawit.
ARTINYA : Sungguh! Itulah puncak dari pencarian pikiran, Sumber keindahan segala keindahan dunia, Rahasia di atas rahasia, pmelihara aturan-aturan cinta yang bersifat abadi. Sekarang hamba sudah paham, bahwa Paduka itu Purusa awal kejaidan.
19. Tanpa pungkasan, awitan lan madyantara, daya-kekiyatan ingkang tanpa tepi, bau tanpa wicalan, surya lan candra minangka netra, pasuryan Paduka gumilang kadya cachyaning agni sesaji. Cahya Paduka sumunar nyrambahi sagung bawana.
  ARTINYA : Tidak ada akhirnya, tidak ada yang lebih awal, dan di antara keduanya, daya kekuatan yang tidak terbatas, Pundak yang tidak terhitung jumlahnya, matahari dan bulan sebagai matanya, Wajah Paduka bercahaya terang bagaikan cahaya api persembahan. Cahaya Paduka menyinari seluruh dunia.
20. Langit, Bumi lan dirgantara satuhu kebeken dening kawontenan Paduka. Tribawana mringkus jalaran saking miris ningali kawujudan Paduka, ingkang tuhu ngeram-eramaken punika.
ARTINYA : Langit, Bumi dan dirgantara, sungguh terlalu penuh oleh adanya Paduka. Tribawana (Tiga dunia, Dunia manusia Jin dan malaikat) berkerut mengecil dikarenakan ketakutan melihat ujud Paduka yang sangat mengagumkan ,dan sangat indah itu.
21. Lan sadaya jawata sami lumebet ing Salira Paduka. Sarana ngapurancang lajeng sami ndedonga: Swasti, swasti, Maharsi, Sida! Saha lajeng sami ngalembana Paduka sarana kekidungan ingkang nggeteraken bawana.
ARTINYA : Dan semua para Dewa masuk ke dalam Dzat Padudka, dengan cara yang sangat sopan dan sambil melantunkan doa pujian, Swasti, Swasti, Maharsi Sida! Dan sambil mengagungkan paduka dengan nyanyian mantra puja brata yang menggetarkan dunia.
22. Para Rudra, Wasu, Aditya, Sapiya, Wisywan, Aswin, Maruta, Pitri, Gandarwa, Yaksa, lan Sida sami sumlenegeren anggenipun nyawang Kawujuan Paduka.
ARTINYA : Para Rudra, Wasu, Aditya, Sapiya, Wisywan, Aswin, Maruta, Pitri, Gandarwa, Ykasa dan Sida, semeua itu terbengong-bengong dan tercengang ketika memandang Ujud Paduka.
23. Tuhu ngedap-ngedapi Kawujudan Paduka punika, netra lan lesan tanpa wicalan, bakuh santosa wragangan Paduka, ingkang pundi-pundi wonten bau lan pupunipun, gembung ugi tanpa wicalan lan siyung ingkang sanget nggegirisi. Nyumerepi ingkang makaten punika, sadaya sami ajrih gumeter, makaten ugi kawula.
ARTINYA : Sungguh! Teramat sangat mengagumkan Ujud Paduka, mata dan mulut yang tidak terhitung jumlahnya, Sangat kuat dan sentausa rupa Paduka, yang di mana-mana ada pundak dan kakinya, perut pun tidak terbilang dan Taring yang sangat menakutkan. Melihat hal seperti itu, semua ketakutan dan gemetaran, demikian juga hamba ini.
24. Kanthi warna ingkang maneka-neka sulakipun, sorot Paduka manembus dirgantara saha nelahi kurebing langit. Tutuk sami pating plongo, netra pating padelik mentheleng. Ngawuningani sadaya punika, atma kawula, mulabukaning gesang kawula, gumeter ajrih. Sirna sadaya daya kekiyatan kawula, saha katentreman kawula, dhuh Wisnu!.
ARTINYA : Dengan warna yang beraneka ragam warnanya, cahaya Paduka menembus langit serta menerangi seluruh bumi. Mulut semuanya terbuka, mata melotot menatap tajam. Melihat itu semua, Atma Hamba, sebagai awal hidup hamba, gemetaran dan ketakutan. Hilang semua kekuatan diriku, demikian juga ketenangan hamba, Wahai Wisnu!
25. Asta lan tutuk ingkang tanpa wicalan sami ngajrih-ajrihi, nggegirisi. Paduka tinonton lir agnining Hyang Kala ingkang nedya nglebur jagad. Mlajara dhateng pundi kemawon, saestu boten wonten ingkang badhe saged kawul damel ngungsi. Keparenga Paduka ngluberaken sih kawelasan Paduka dhumateng kawula dhuh Allah, pangungsenipun sagung alam bawana.
ARTINYA : Tangan dan  mulut yang tidak bisa dihitung semuanya sangat menakutkan. Paduka terlihat bagaikan api milik Hyang Kala yang akan menghancurkan dunia. Lari ke mana pun, sungguh tidak akan ada tenpat yang bisa untuk mengungsi. Hamba memohon, maha kasih-Mu kepada hamba, Wahai Allah. Tempat berlindung bagi seluruh alam dan dunia.
26. Putra-putranipun uwa Drestharata sadaya, sarta sadaya para nata ingkang ngasta panguwasa ing bumi punika, miwah eyang Bisma lan bapa Durna, lan pun Sutasiwi tuwin para senapatining wadyabala kita.
ARTINYA : Para Putra Uwa Drestharata semuanya, serta para raja yang memegang kekuasaan di bumi ini, dan juga Kakek Bisma dan Guru Durna, dan juga Sitasiwi dan para senopati dan pasukannya.
27. Katingal sami gita-gita lumajar tumuju dhateng tutuk-tutuk Paduka dados mangsa Paduka, ajur kumur-kumur kakemah kemah dening denta-denta Paduka ingkang tuhu nggegirisi.
ARTINYA : Terlihat tergesa-gesa berlari menuju Mulut-mulut Paduka, hingga dimakan oleh Paduka, Hancur lebur dikunyah-kunyah oleh gidi-gigi Paduka yang sangat menakutkan.
28. Kados ilining lepen-lepen lan bengawan-bengawan ingkang mangombak-ombak, sumedya nggebyur ing samodra agung, makaten para pahlawaning bumi wau, gita-gita sami lumebet ing tutuk-tutuk Paduka ingkang murub makantar-kantar damel girising manah.
ARTINYA : Bagaikan aliran sungai-sungai dan telaga-telaga yang bergelombang, mengalir deras masuk ke dalam Samudra Agug, demikianlah para Pahlawan di Bumi, dengn tergesa-gesa masuk ke dalam mulut Paduka yang menyala berkobar membuat bergetarnya hati.
29. Kadya kupu wengi ingkang nyerbu lumebet ing urubing damar, kados-kados, kumedah pados margining lebur sirna, makaten ugi tiyang-tiyang punika sami adreng lumebet ing tutuk-tutuk Paduka ngupadi lebur sirnanipun.
ARTINYA : Bagaikan kupu malam yang menyerbu masuk ke dalam nyala lampu api, Seolah-olah terdorong untuk mencari jalan kehancuran dan kemusnahan. Demikian juga, manusia-manusia itu, semuanya tergesa-gesa masuk ke dalam mulut-mulut Paduka untuk mencari kehancuran dan kemusnahan.
30. Sinartan urubing agni ingkang makantar-kantar, ndilat-ndilat, nedya nglebur jagading manungsa tutuj-tutuk Paduka ngrangsang punapa mawon ingkang saged kasahut ing bumi punika. Kaluhuraning cahya Paduka ngebaki sagung alam bawana. Urubing grana Paduka nyirnakaken salwiring kawontenan.
ARTINYA : Disertai dengan berkobarnya api yang menyala-nyala, menjilat-jilat, yang akan menghancurkan dunia manusia. Mulut-mulut paduka mencaplok apa saja yang bisa di sergap yang ada di atas bumi ini. Keindahan Cahaya Paduka, meliputi seluruh alam dan seluruh dunia. Nyala napas dari hidung Paduka, memusnahkan segala yang ada.
31. Kaparenga Paduka nerangaken, dhuh Gusti, punapa ta kawujudan Paduka ingkang makaten punika, ingkang tuhu nggegirisi punika, dhumateng abdi paduka, ingkang tansah memundhi-mundhi Paduka, dhuh luhur-luhuring Jawata. Kula saestu kepengin sanget ngertos mulanukaning jumeneng Paduka, margi tumanduking panguwaos Paduka (Abngal), kulo boten mudheng babar pisan”.
ARTINYA : Mohonlah agar Paduka sudi menerangkan, wahai Tuhan, Apakah ujud Paduka yang demikian itu, yang sangat menakutkan itu, diperlihatkan kepada Abdi Paduka, yang selalu berbakti dan memuja Paduka, Wahai Dewa yang sangat luhur, Sungguh! Hamba sangat ingin mengerti awal adanya Paduka, karena tindakan Paduka (Af’al), Hamba sama sekali tidak bisa memahaminya.
32. Panylameting Jagad ngandhika : “Manira iku kala, kang tanpa leren nglebur isining jagad, ngejawantah ing jaman iki, sumedya nglebur sakeh manungsa ingkang padha tumindak dosa. Hanjambakake sira, heh Harjuna, ora ana sinatriya siji wae, kang padha siyaga ing medhan laga kene, kang bisa ngoncati takdire, ya iku nemahi lebur ing palagan.
ARTINYA : Penyelamat Dunia berkata : “Ingsun itu Kala (Waktu )yang tidak pernah berhenti menghancurkan isi dunia, menjelma di jaman ini, untuk menghancurkan semua manusia yang selalu berbuat dosa. Untuk membantu dirimu, Wahai Harjuna, tidak ada seorang pun satria yang sudah bersiap untuk berperang yang bisa menghidar dari takdir hidupnya, yaitu mengalami kehancuran di dalam peperangan.
33. Mula lakonana dhawuh Manira, ngadegka sarta majua ing medhan laga, murih njaga kawibawanira! Yen sira ngasorake mungsuh-mungsuhira, sira bakal ngrasakake kanikmataning donya. Sajatine mungsuh-mungsuhira iku, wus Manira kalahake dhewe. Mula lahire dadiya sarana wae, heh Harjuna!.
ARTINYA : Maka dari itu laksanakanlah perintah Ingsun, berdirilah dan majulah ke medan perang, untuk menjaga kewibawaan dirimu! Jika dirimu bisa mengalahkan musuh-musuhmu, dirimu akan bisa meraksakan kenikmatan dunia. Sesungguhnya, musuh-musuhmu sudah Ingsun kalahkan sendiri. Sedangkan di dalam tata lahir, dirimu hanya sebagai sarana saja, wahai Harjuna.
-34. Durna, Bisma lan Jayadrata, mangkono ugo Karna lan para pahlawan liya-liyane, ingkang padha pacak baris nedya andon yuda, Manira sajatine ingkang mateni. Mula aja sumelang, pethukna! Sira mesthi luhur juritira!”
ARTINYA : Durna, Bisma dan Jayadrata, demikian juga Karna dan para pahlawan yang lain-lainnya, yang sudah berbaris untuk bertempur. Ingsunlah yang sebenarnya membunuh mereka. Maka dari itu, jangalah kuatir, hadapilah! Dirimu pasti memenangkan pertempuran.
35. Sanjaya nerusaken aturipun : “Sasampunipun midhanget pangandikanipun Sang Kesyawa ingkang makaten wau, Harjuna ingkang ngagem makutha kaprabon, nuli sumungkem ing siti, sarta kabekta saking ajrih lan raos kurmatipun, matur kanthi pedhot-pedhot wijiling suwantenipun.
ARTINYA : Sanjaya (Harjuna) meneruskan berkata : “Setelah mendengar sabda Sang Kesyawa yang demikian itu, Harjuna yang mengenakan Mahkota Raja, kemudian bersujud di tanah, dan karena terbawa oleh rasa takut dan rasa hormatnya, dengan terbata-bata keluarlah suara dari mulutnya.
36. “Boten kalentu, dhuh Harsikesya, bumi tan pegat ngalembana Paduka. Jagad gumbira bingah tansah memuja-muja Paduka. Para raseksa sami mlajar sapurug-purug, nanging para sampurna ing budi tanpa kendhat sami memundhi Paduka.
ARTINYA : “Tidak salah, wahai Hersikesya (Kresna)! Bumi tidak pernah berhenti memuja-Mu, Dunia bergembira dan senang serta selalu Memuja-muja Paduka. Para raksasa semuanya berlari tidak karuan, akan tetapi yang sudah sempurna Budi-nya tidak pernah berhenti memuja dan mematuhi Paduka.
37. Sampun samesthinipun sagung titah memundhi Paduka, dhuh Allah, Pangeran ingkang langkung luhur tinimbang Hyang Brahma ingkang akarya jagad, dhuh Pangerane para jawata, ingkang tuhu tanpa watesan, tanpa padunungan, wondene jumeneng Pangayomaning jagad. Saestu Sastra punika Paduka. Ana lan ora Ana ugi Paduka. Paduka Dat ingkang luhur piyambak.
ARTINYA : Sudah seharunya bahwa semua mahluk mengagungkan Paduka, Wahai Allah, Tuhan yang Maha Luhurnya tidak terbatas, tidak berteempat, akan tetapi selalu memelihara dunia, Sungguh, menurut ilmu ini, Paduka itu ada dan juga tidak ada. Paduka itu Dzat yang paling luhur.
38. Paduka Adidaiwa lan Purusa ugi, ingkang sampun wonten duk makuna-kuna, raja peni ingkang boten wonten pindhanipun ajinipun. Pangawikan lan ingkang Mikani Paduka, saha Paduka punika padununganing Gesang ingkang adiluhur, dhuh Anantarupa! Ingkang anggelaraken alam bawana punika saestunipun boten sanes kajawi Paduka.
ARTINYA : Paduka Adidaiwa dan juga Purusa, yang adanya sejak dahulu kala, Maha Keindahan yang tidak ada bandingnya, Maha Ilmu dan itu lah Paduka, Dan Paduka, adalah daya Hidup yang paling tinggi, Wahai Anantarupa (Kresna)! Yang menciptakan seluruh alam ini, sebenarnya tidak Maha Pencipta selain Padudka.
39. Hyang Bayu, Agni, Baruna, Candra sarta Hyang Prajapati ugi Paduka. Paduka Bapa Babuning Jagad Karahayon lan pamundhi-pundhi sampun samesthinipun tumuju dhumateng Paduka ngantos tikel maewu-ewu utawi langkung malih saking punika.
ARTINYA : Hyang Bayu, Agni, Baruna, Ccandra serta Hyang Prajapati, itu juga Paduka, Paduka sumber segala yang ada di dunia ini, Pujian dan tempat segala pinta semua ditujukan kepada Paduka, hingga beribu-ribu kali lipat bahkan lebih dari itu lagi.
40. Saking ngajeng, saking wingking, saking kiwa lan saking tengen, miwah saking sadaya panjuru pangalembana tumuju dhumateng Paduka, dhuh Gusti kang mawa Kawibawan lan Kasantosan ingkang tanpa tepi. Sadaya punika Paduka ingkang kagungan, amargi Paduka anyrambahi lan anglimputi sagung dumadi.
ARTINYA : Dari muka, dari belakang, dari kiri, dari kanan dan dari tengah, serta dari segala arah Pengagungan dan Segala Puja hanyalah kepada Paduka, Wahai Tuhan Yang Maha Kuasa dan Maha Kuat yang tidak bertepi. Kesemeuanya itu hanyalah Paduka tempat kembalinya, karena Paduka menguasai dan memelihara segala yang ada.
41. Manawi salebeting manah utawi gagasan kawula, Paduka kula anggep mitra kawula, utawi kula ngaturi Paduka namung nyebut asma Paduka Kresna utawi Yudawa thok, makaten wau jalaran kula kirang ngertosi kaluhuran Paduka. Kula kirang migatosaken tata-krami, saking kulinanipun lan tresnanipun dhumateng Paduka.
ARTINYA : Sedangkan di dalam kedalaaman hati hamba, Paduka hamba anggap sahabat hamba, atau hamba hanya menyebutkan nama Paduka dengan seebutan Kresna saja atau Yudawa saja, hal itu dikarenakan hamba tidak mengetahui keluhuran Paduka, Hamba kurang memperhatikan sopan santun, dikarenakan sudah terbaisanya dan dikarenakan sangat cintanya kepada Paduka.
42. Manawi salbebting lawan sabda nalika kasukan utawi nalika kembul dhahar bojana, nalika sesarengan ngaso, utawi nalika piyambakan kaliyan Paduka, utawi sesarengan kaliyan tiyang-tiyang sanes, kawula kirang ngaosi dhumateng Paduka, dhuh Pangeran kersaa Paduka paring pangapunten dhumateng kawula.
ARTINYA : Apabila ketika membicarakan sesuatu, dan ketika dalam bersenang-senang, atau juga ketika sedang makan bersama, dan ketika beristirahat bersama, atau sedang sendirian berdua dengan Paduka, Wahai Tuhan, hamba mohon kepada paduka, untuk mengapuni atas segala kesalahan hamba.
43. Dhuh Gusti, Mulabukaning sagung bawana, Bapa-babune sagung kang tan mosik lan sagung kang obah, kang langkung pantes kapundhi-pundhi dening saben titah tinimbang Hyang Guru; dhuh Gusti kang tan ana pepadhane! Sinten ta ingkang nglangkungi Paduka? Saestu, salebeting tribawana boten wonten panguwaos ingkang nyameni panguwaos Paduka.
ARTINYA : Wahai Tuhan, awal dari segala yang ada, Sumber dari segala yang tidak bergerak dan yang selalu bergerak, yang sangat diagung-agungkan oleh semua mahluk, dibanding dengan Hyang Guru, Wahai Tuhan yan tidak ada yang menyamai-Nya! Siapakah yang bisa melebihi paduka? Tentulah di dalam Tiga Dunia itu tidak akan ada yang bisa menyamai Maha Kuasa Paduka.
44. Prmila sarana sumungkem ing ngarsa Pada Paduka, kawula nyuwun sih pangapunten Paduka, dhuh Gusti pepundhen ingkang linuhur! Pindha bapa ingkang suka pangapunten dhumateng sutanipun, utawi mitra dhumateng mitra, pindha ingkang kebeken sih pangapunten dhumateng ingkang sanget ngajeng-ajeng sih pangapunten, kersaa Paduka ngluberaken samodra pangaksama dhumateng kawula.
 ARTINYA : Hamba memohon, dengan bersujud di hadapan Padduka, Hamba memohon pengampunan Paduka, Wahai Tuhan tempat segala Puja! Bagaikan seorang ayah yang mudah memberi pengampunan kepada putranya, atau sahabat kepada sahabatnya, bagaikan yang penuh rasa kasih sayang kepada yang sangat mengharapakan pengampunan, Hamba memohon berikanlah pengampunan kepada hamba.
45. Kawula bingah sanget dene kawula saged nyumerepi punapa ingkang dereng nate dipun sumerepi dening tiyang sanes. Wondene manah kawula kebeken ing raos miris. Pramila, dhuh Pangeran, kersaa Paduka wangsul ngrasuk kawujudaning manungsa! Kersaa Paduka paring pangaksama dhumateng kawula, dhuh Gusti, paleremaning jagad sawegung!.
ARTINYA : Hamba sangat bangga karena hamba bisa bertutur kata dan menatap ujud Paduka, yang belum pernah ada manusai yang bisa melihat-Nya. Namun demikian Hati hamba penuh rasa ketakutan. Maka dari itu, Wahai Tuhan, hamba memohon kepada Paduka untuk kembali berujud manusia! Berilah pengampunan kepada hamba, Wahai tuhan, tempat kembali atas seluruh jagad raya.
46. Ngagem makutha lan ngasta cis lan salib, makaten kawula kepengin nyawang Paduka malih, Kersaa Paduka wangsul bahu sekawan, dhuh Wisya Murti ingkang bebahu maewu-ewu”,
ARTINYA : Mengenakan Mahkota dan memegang Tongkat dan Salib, Hamba memohon untuk bisa melihat Paduka  seperti semula. Hamba mohon, Paduka kembali berujud empat pundak, wahai Sisya Murti (Kresna) yang berlengan beribu-ribu lengan.
47. Ingkang memayu ayuning bawana ngandika : “Heh Parta! Marga saka sih Mnira marang sira, lumantar yoga manira, sira wis bisa nyekseni kawujudan ingkang mangkono iku, mawa cahya ingkang nyrambahi sagung dumadi, kawujudan ingkang durung nate diweruhi liya manungsa.
ARTINYA : Sang pemelihara dunia bersabda : “Wahai Parta! Karena Maha Kasih Ku kepada dirimu, dikarenakan Yoga dirimu, diri sudah bisa melihat ujud yang demikian itu, yang bercahaya di atas cahaya, ujud rupa yang belum pernah dilihat oleh manusia.
48. Ora sarana nyinau kitab-kitab Wedha, ora sarana caos sesaji kurban, ora sarana dedana, utawa nindakake amal soleh, lan ora sarana nglakoni tapabrata, manungsa ing donya iki bisa meruhi apa kang lagi sira sekseni iki, heh Pahlawan trah Kuru!.
ARTINYA : Tidak dengan jalan mempelajari Kitab-Kitab Wedha, tidak dengan jalan memberikan persembahan kurban, tidak dengan jalan berderma, atau berbuat amal shaleh, dan tidak dengan jalan melakukan tapa, Agar manusia di dunia ini bisa melihat apa yang Dirimu saksikan, Wahai Pahlawan Trah Kuru!
49. Mula aja sira wedi lan aja sumelang meruhi kawujudan Manira iki, Kipatna marasing tyasira lan digembira ing tyas! Manira balekake kawujudan Manira kaya ing uni!”
ARTINYA : Maka dari itu, jangan lah dirimu takut dan kuatir meliaht ujud Ingsun ini. Hilangkanlah kegelisahan hatimu dan tenangkanlah jiwamu. Ingsun akan mengambalikan wujud Ingsun seperti hari-hari kemarin.
50. Sanjaya munjuk : “Sinambi ngandika akaten punika, sang Wasudewa lajeng mitontonaken dhumateng sang Parta kawujudanipun ingkang lami. Tumuli tinon dening sang Parta, ingkang lir rinujit-rujit manahipun dening raos maras-miris. Sang Maha Atma kados ingkang sampun-sampun. Tuhu resep ing pandulu!”
ARTINYA : Sanjaya berkata : “Dengan sambil berkta demikian, Sang Wasudewa kemudian memperlihatkan kepada Sang Parta wujudnya yang lama. Kemudian bisa dilihat oleh Sang Parta, yang hatinya remuk redam oleh rasa ketakutannya. Sang Maha Atma berujud seperti yang sudah-sudah, sungguh Indah dilihatnya.
51. Harjuna matur : “Sasampunipun Paduka ngrasuk kawujudaning manungsa malih ingkang tuhu resep ing pandulu, dhuh Janardana, lajeng pulih kasadaran kawula. Kula saged enget purwa duksina malih”>
ARTINYA : Harjuna berkta : “Setelah Paduka kembali berujud seperti manusias, yang sanga  indah dilihat, Wahai Janardana (Kresna), maka kembalilah kessadaran hamba, bisa mengingat awal dan akhinya.
52. Ingkang memayu ayuninng bawana ngandika : “Ora gampang meruhi kawujudan kaya ingkang mentas sira sekseni iku. Para jawata bae tansah ngidam-ngidamake bisa ngalami kawujudan kang mangkono iku.
ARTINYA : Sang Pemelihara dunia bersabda : “Tidak mudah untuk bisa melihat seperti yang baru saja dirimu lihat. Para Dewa pun sangat mengidam-idamkan untuk bisa menyaksikan wujud yang seperti itu.
53. Ora ana kawruh kang sinengker ing kitab-kitab Wedha, ora ana lakuning tapabrata, ora ana caos sesaji kurban, ora ana nindakake dedana, kang bisa anjalari manungsa kaparingan kanugrahan, bisa ngalami kahanan, kaya kang nembe wae sira sekseni iku.
ARTINYA : Tidak ada ilmu yang rahasisa di Kitab-Kitab Wedha, Tidak ada amal perbuatan bertapa, tidak ada mempersembahkan kurban, tidak ada dengan menyedekahkan derma, yang bisa sebagai penyebab bagi manusia untuk bisa mendapatkan Anugerah, dan mengalami kejadian seperti yang baru saja dirimu lihat.
54. Mung, sarana bakti ingkang kandhas ing Telenging batin, heh Parantapa, mbokmenawa manungsa bisa meruhi Dat Manira lan banjur manunggal karo Manira.
ARTINYA : Hanya dengan cara berbakti, hingga menembus kedalaman rasa hati, wahai Parta, itu pun hanya mungkin untuk bisa melihat Dzat Ingsun dan yang kemudian bisa menyatu dengan Ingsun.
55. Sarana nglakoni amal, sumarah marang Karsa Manira lan memundhi-mundhi Manira minangka pepuntoning gegayuhan, sarana bakti marang Manira, tanpa luwih ngebotake apa wae ing donya iki, sarana welas asih tumrap sakeh titah Manira, manungsa bisa manunggal karo Manira.
ARTINYA : Dengan cara berbaut amal, berserah diri atas kehendak Ingsun dan mengagung-agungkan Ingsun, sebagai akhir dari hasratnya, dengan cara selalu berbakti kepada Ingsun, tanpa memberatkan apa pun juga yang ada di dunia ini, dengan cara cinta kasih kepada semua mahluk Ingsun, barulah manusia itu bisa menyatu dengan Ingsun.
Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Sawelas, winastan : Panunggal lumantar anyekseni Jumenenge Sang Hyang Tunggal kanthi Ainul Yaqin..
12.  BHAKTI  YOGA
Wejangan ingkang kaping Kalih welas
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Asih-Bekti jroning Pasuwitan
Ajaran Yang ke dua belas
Menyatunya Dengan Tuhan melalui Cinta penuh Pengabdian

1. Harjuna nyuwun priksa : “Tiyang ingkang tansah ngudi katentreman, sarta tansah enget dhumateng Paduka lan ngunjukaken sadaya pakartining gesangipun ing Ngarsa Paduka, minangka tandha bektinipun dumateng Paduka, punapa tiyang makaten wau tiyang ingkang mumpuni piyambak seserepanipun ing bab olah yoga? Pundi ingkang langkung mumpuni, piyambakipun utawi tiyang ingkang ngawula dhumateng ingkang Sipat Langgeng lan Gaib?
 ARTINYA : Harjuna memohon petunjuk : “Manusia yang mencari ketenangan dan selalu hanya mengingat kepadas Paduka dan menjalankan seluruh kewajiban hidupnya hanya semata-mata ditujukan kepada Paduka, sebagai tanda kepatuhannya kepada Paduka,apakah orang yang demikian adalah manusia yang paling ahli dalam menjalankan Yoga? Manakah yang lebih ahli, dia atau orang yang mengabdi kepada Yang Maha Kekal dan Maha Gaib?
2. Ingkang memayu ayuning jagad ngandika : “Sapa kang pangriptane wus manjing ing Manira, sarta suwita marang Manira kanthi masrahake kabeh uwohe pakartine uripe marang Manira minangka tandha gedhene bektine marang Manira, sinartan iman ingkang linuhur, yogane wong ingkang mangkono iku terang becik dhewe.
ARTINYA : Sang pemelihara ketenteraman Dunia bersabda : “Siapa yang pikirannya hanya mengingat Insun, dan mengabdi kepada Ingsun dengan berserah diri atas amal perbuatan dalam hidupnya hanya kepada Ingsun, sebagai ujud besarnya rasa pengabdiannya kepada Ingsun, di landasi dengan Iman yang kuat, Yoga dari orang tersebut adalah di Tingkat Tertinggi.
3. Sapa ingkang memundhi kang sipat Gaib, tan kena kinayangapa, tan kena ing rusak, ana ing saenggon-enggon, wondene tan kena ginrayang ing pangripta, teguh lir watu karang tan ana mingsete, lan tan kena ing owah gingsir.
ARTINYA : Siapa yang mematuhi yang Maha Gaib, yang tidak terbayangkan, yang tidak terkena rusak, yang berada di mana-mana, namun tidak bisa di raba dengan pikiran maupun indra, Kokoh bagaikan batu karang yang tidak pernah bergeser, dan tidak pernah berubah.
4. Sinartan tansah ngendhaleni rakitan indriya-indriyane, ora mbedak-mbedhakake siji-sijjine, wong iku uga bisa manunggal karo Manira, sebab dheweke mung tansah mamrih karahayoning jagad.
ARTINYA : Disertai dengan mengendalikan gerak Pancaindranya, tidak membeda-bedakan antara satu dengan lainnya, orang itu juga bisa menyatu dengan Ingsun, Karena dia hanya semata-mataa menjaga ketenteraman dunia.
5.Naging ora gampang tansah weing marang kang Sifat Gaib iku, sebab dalan ingkang tumuju mrono, iku angel ambah-ambahane tumrap uwong kang isih ngrasuk badan wadhag ing donya iki.
ARTINYA : Akan tetapi tidak lah mudah untuk selalu bisa mengingat kepada Yang Maha Gaib itu, karena, jalan yang mengarah ke tempat itu, sangat teramat sulit untuk bisa dilewati bagi manusia yang masih memiliki raga di dunia ini.
6.Nanging sapa ingkang masrahake uwohe sakeh pakartine marang Manira, kang nganggep yen Manira iku pepuntone gegayuhaning urip, sajroning olah yoga tansah ngudi manunggal karo Manira, kang tansah eling marang Manira, sinartan kawaspadaning batin.
ARTINYA : Akan tetapi yang berserah diri atas segala amalnya hanya kepada Ingsun, dengan menganggap bahwa Ingsunitu adalah akhir dari pencarian hidup, dalam melakukan yoga selalu berusaha menyatu dengan Ingsun, dan hanya Ingsun yang diingatnya, diserta dengan kewaspadaan hati.
7.Wong iku mesthi enggal Manira entasake saka Cakra panggilinganing urip lan pati lan panguwasaning jaman. Sayektine, wong kang jiwane tansah tumanem ing Manira, bakal nemu kamulyan kang linuhur lantaran manunggal karo Manira.
ARTINYA : Otang itu pasti cepat Ingsun lepaskan dari Perputaran Hidup dan Mati serta dari kekusaan jaman. Sesungguhnya, manusia yang di dalam hatinya hanya mengingat Ingsun, akan menemukan kemuliaan yang tinggi karena bisa menyatu dengan Ingsun.
8. Mula gandhengna pangriptanira karo Manira, supaya budinira bisa manjing ing Manira. Yen mangkono uripira ora bakal pisah saka Manira nganti tumekane akhir jaman.
ARTINYA : Maka sambungkanlah rasa hatimu denegan Rasa Ingsun, Agar Budimu bisa masuk ke dalam Ingsun. Jika bsia demikian, maka di dalam hidupmu tidak akan terpisah dengan Ingsun hingga sampai akhir jaman.
9. Nanging yen kirane, jiwanira ora bakal bisa tansah tumanem ing Manira, mula mbudidayaa nggayuh Manira sarana nglatih olah Yoga.
ARTINYA : Namun sekiranya, jiwamu merasa tidak akan bisa untuk selalu menyatukan rasa dengan rasa Ingsun, maka berusahalah mencari Ingsun dengan cara selalu berlatih Yoga.
10. Yen sira ora keduga nglatih olah yoga, mula lakonana wae sakeh kwajibanira kang suci, kaya dene nglakoni dhawuh Manira. Yen kabeh pakartinira sira tindakake minangka tandha bektinira marang Manira, sajroning pasuwitanira marang Manira, sira mesthi bisa tumeka ing kasampurnan.
ARTINYA : Jika dirimu tidak sanggup melakukan Yoga, maka kerjakan saja semua kewajiban hidupmu yang suci, seperti yang sudah Ingsun perintahkan, Jika semua amal perbuatanmu, kamu lakukan hanya semata-mata sebagai tanda kepatuhan hanya kepada Ingsun, sebagai pengabdianmu kepada Ingsun, dirimu pastilah bisa sampai kepada kesempurnaan.
11. Yen sira uga ora keduga nglakoni kang mangkono iku, mula sajroning olah yoga, ngayoma wae marang Manira. Yen sira masrahake uwohe sakeh pakartinira marang Manira, tindakna pakartinira iku kanthi wening lan waspada.
ARTINYA : Dan jika dirimu tidak mampu juga untuk melakukan yang demikian, maka ketika melakukan Yoga, berlindunglah hanya kepada Ingsun. Jika dirimu berserah diri atas segala amal perbuatanmu hanya kepada Ingsun, lakukanlah amal perbuatan mu itu dengan kebeningan hati dan penuh kewaspadaan.
12. Pangawikan iku luwih dhuwur tinimbang laku, nanging semedi luwih dhuwur tinimbang pangawikan. Luwih dhuwur tinimbang olah semedi, yaiku ngurbanake uwahing pakarti.
ARTINYA : Ilmu itu lebih tinggi dibanding perbuatan, akan tetapi Samadi itu lebih tinggi dibanding Ilmu, dan yang lebih tinggi dari melakukan samadi, yaitu mengikhlaskan segala amal perbuatannya.
13. Manunga kang ora darbe sengit marang sawenehing titah, kang tansah nedya gawe bungahe liyan lan kebekan ing welas asih, ora kanggonan murka lan angkara, tetep jenjem jroning ngalami bungah lan susah.
ARTINYA : Manusisa yang tidak mempunyai  rasa benci kepada semua mahluk, yang selalu menyenangkan orang lain, dan penuh cinta kepada sesama, tidak mempunyai sifat murka dan angkara, selalu tanang dalam setiap berhadapan dengan  kesenangan dan kesusahan.
14. Manungsa kang mangkono iku, kang tansah gembira atine, kang tansah nguwasani pribadine lan tetep teguh pambudine jroning ngudi manunggal karo Manira, kang jroning batine tansah gegandhengan karo Manira, manungsa mangkono iku yogi lan bakti ingkang sejati. Yogi lan bakti kang mangkono iku tuhu kekasih Manira.
ARTINYA : Manusia yang sudah seperti itu, yang selalu senang hatinya, yang selalu bisa menguasai hasartnya dan selalu kuat usahanya dalam mencari penyatuan dengan Ingsun, yang hatinya selalu mengingat Ingsun, manusisa yang sudah seperti itu, adalah Yogi dan pengabdi yagn sejati. Yogi dan pengabdian yang seperti itu, itu yang sebenarnya menjadi kekasih Ingsun.
15. Manungsa kang ora gawe gendraning jagad, wus ora mobah jalaran saka owah gingsire kahanan, yekti wus ora magepokan maneh karo rasa was-was, kuwatir. Manungsa kang mangkono iku tuhu kekasih Manira.
ARTINYA : Manusia yang membuat kekisruhan dunia, yang sudah tidak bisa terpengaruh oleh segala perubahan kehidupan, maka dia itu sudah tidak tersebtuh rasa kuatir, was-was. Manusia yang sudah seperti itu, itulah kekasih Ingsun.
16. Kang wus ora kepengin apa-apa, suci, mumpuni, ora keguh ing kahanan, sepi ing reribeting batin, kang wus ora darbe gegayuhan maneh, manungsa kang mangkono iku, tuhu kekasih Manira.
ARTINYA : Yang sudah tidak berhasrat apa-apa, suci, ahli, tidak terpengaruh keadaan dunia, sudah terlepas dari keruwetan hati, yang sudah tidak memiliki pengharapan lagi, manusia yang sudah seperti itu, itulah kekasih Ingsun.
17. Kang wus ora kasengsem marang apa wae, kang uga wus ora ngandhut sengit marang saweneh kahanan, kang wus ora bisa digawe sedhih jalaran kahanan apa bae, ora ngarepake apa-apa maneh, bisa nampa ala lan becik, begja lan cilaka tanpa gingsir katentremane, sang bakti kang mangkono iku tuhu kekasih Manira.
ARTINYA : Yang sudah tidak tergiur kepada apa saja, dan juga sudah tidak mempunyai rasa tidak senang kepada siapa pun dan ke adaan apa pun, yang sudah tidak bisa dibuat sedih yang dikarenakan keadaan apa saja, tidak mengarapkan apa pun juga, bisa menerima baik dan buruk, keselamatan dan celaka, tidak pernah berubah ketenangan hatinya, Yang pengabdiannya seperti itu, itulah kekasih Ingsun.
18. Ing bathin tangkepe padha bae marang mungsuh lan mitra, ora bungah lamun dipundhi-pundhi utawa nandang wirang yen dicacat, adhem panas, bungah susah ditampa kanthi tentreming ati, sepi ing sakeh pamrih.
ARTINYA : Sikap hatinya sama saja ketika menghadapi musuh dan sahabt, tidak merasa senang jika disanjung atau dilecehkan jika mempunyai cacat, panas dingin, senang sussah, semuanya diterima dengan ketenangan hati, tidak memiliki pamrih.
19. Ora mobah kahanane batine yen dicacat utawa tampa pangalembana, anane mung meneng, jenjem, sakeh kahanan ditampa kanthi narima lan suka sukur, nadyan ta mung kemul mega kandhang langit, nanging tansah teguh ing pambudi, manungsa kang mangkono iku tuhu kekasih Manira.
ARTINYA : Tidak terpengaruh ketenangan hatinya ketika dicela atau juga ketika mendapatkan sanjungan, adanya hanya diam, tenang, semua keadaan diterima dengan senang dan penuh rasa syukur, walau pun hanya bernaungkan mega berkolong langit, akan tetapi selalu kuat usahanya, manusisa yang sudah seperti itu, kitulah kekasaih Ingsun.
20. Kabeh bae kang padha nginum tirta marta ingkang suci iki, kang padha manembah lan suwita marang Manira kanthi sumarah ingkang sapurna, kang nganggep Manira luhuring aluhur kanthi Iman kang gilig lan gumolong kawruhana yen wong mau banget manira tresnani\”.
ARTINYA : Siapa saja yang bisa meminum “TIRTA AMERTA” yangsuci ini,yang selalu beribadah dan mengabdi kepada Ingsun dengan berserah diri dengan sempurna, yang menganggpan Ingsun itu Maha Mulia dengan berlandaskan Iman yang kuat  dan utuh, ketahuilah bahwa orang tersebut sangat Ingsun Cintai.
Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Kalihwelas, winastan : Panunggal Lumantar Asih-Bekti Jroning Pasuwitan.

13. KSEMETRA  &  VIBAGHA  YOGA
Wejangan ingkang kaping Tiga welas
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Milahake Jagad lan saksine
Ajaran yang ke Tiga belas
Menyatunya Hamba dengan Tuhan melalui memisahkan Dunia dan saksi dunia


1. Harjuna nyuwun priksa : “Prakriti lan Purusa, saha Jagad lan Saksinipun, kula kepengin ngertos kados pundi maknanipun. Salajengipun kula ugi kepenginngertos samukawising pangawikan ingkang perlu dipun sumerepi”
ARTINYA : Harjuna memohon petunjuk-Nya : “Prakriti dan Purusa, dan juga Dunia beserta saksinya, hamba ingin menegetahuinya, apakah maknanya? Kemudian juga hamba ingin mengetahui tentang segala Ilmu yang harus dipahami?
2. Ingkang rumeksa ing karahayoning Jagad ngandika : “Weruha heh Kunthiputra! Yen ana kang rerasan bab Jagad, iku sabenere kang dikarepake raga iki. Denen kang ndarbeni raga iki, iku kang diarani Saksining Jagad.
ARTINYA : Sang Penentram Dunia bersabda : “Ketahuilah wahai Kunthi Putra! Jika ada yang berkata tentang Dunia itu sebenarnya yang dimaksud itu adalah Raga ini, Sedangkan yang memiliki raga ini, itu yang disebut Saksi dari Dunia.
Cathetan :
Prakriti lan Purusa utawi Zat lan Dat, ing jaman sapunika dipun lambangaken dening Zat lan Gaya utawi Matter lan Energy. Miturut pamanggihipun filsafat, jagad punika wonten warni kalih, inggih punika Jagad Alit (raganing manungsa) lana Jagad Ageng, inggih punika Alam ingkang gumelar punika (Raganing Pangeran).
ARTINYA : ‘Prakriti dan Purusa  atau Zat dan Dzat, yang di jaman sekarang dilambangkan dengan Zat dan Gaya atau Matter dan energy. Menurut Filsafat, dunia itu ada dua macam, yaitu dunia kecil (Raga manusia) dan Dunia besar, yaitu alam raya ini (Raga Tuhan).
3. Kawruhana heh Barata, yen Manira iku Saksining Jagad (Jagad Ageng) ingkang jumeneng sajroning jagad kabeh (Jagad alit) Pangawikan bab Jagad lan Saksining Jagad, iku kang dadi pathine sakeh pangawikan.
ARTINYA : Ketahuilah wahai Barata, Bahwa Ingsun ini Saksi Dunia (Alam Dunia), yang berada di seluruh  jaga raya (Dunia kecil seluruhnya). Ilmu tentang Dunia dan saksinya, itulah intisari dari semua ilmu.
4. Saka apa dumadine Jagad iku, kapriye kahanane, kapriye obah mosike, apa kang dadi abngale (pakarti), rungokna katerangane, kang bakal Manira paringake kanthi cekak.
ARTINYA : Darimanakah adanya dunia itu, bagaimanakah keadaannya, bagaimanakah gerak perputarannya, apa yang diperbuatnya. Dengarkanlah penjelasannya yang akan Ingsun berikan dengan secara singkat saja.
5. Bab iku, satuhune wus diterangake dening para Resi, rinengga ing tembang-tembang lan gendhing-gendhing. Lan sabanjure akeh ukara-ukara ing Layang Brahma Sutra kang njlentrehake maknane kanthi patitis.
ARTINYA : Tentang itu, sesungguhnya sudah dijelaskan oleh para Resi, Di rangkum dalam nyanyian-nyanyian dan nada-nada. Dan kemudian banyak rangkaian-rangkaian kata di Buku Brahma Sutra yang menguraikan maknanya dengan tepat.
6. Ing sakawit prakriti, pathine sakeh kang kena sinipatan, kang sawuse ginelar dadi jagad gedhe kang gumelar iki. Asal kamulane prakriti dumunung ana ing Gaib. Sateruse pangripta, angkara, anasir lima, bumi, banyu, angin, geni lan pepadhang (ether), indriya lima lan wahanane : mripat, kuping, irung, ilat lan kulit daging.
ARTINYA : Prakriti itu apda awalnya, inti dari semua yang bisa di indra, yang setelah digelar menjadi Dunia besar yang tergelar ini. Awalnya Prakriti berada di dalam Gaib. Kemudian Pikiran, angkara, lima anasir (Air, Bumi, Angin, Api dan Ether), Lima Indra dan fungsinya, mata, telinga, hidung, lidah dan kulit daging.
7. Lan dhemen lan sengit, bungah lan susah, wangun, cipta, pangripta lan karep, kabeh iki kang anjalari dumadidne jagad iki, obah mosike sarta wolak walike.
ARTINYA : Suka  dan benci, kesenangan dan kesusahan, bentuk, cipta, pemikiran dan hasrat, itu semua yang menyebabkan adanya dunia ini, dan juga gerak dan gesernya serta segala perubahan-perubahannya.
8.  Lan andhap asor, ngreti ing empan papan, ora gawe pepati, kajujuran lan karahayon, miturut marang prentahing guru, kasucian, pangendhaliningg pribadi lan kateguhaning karep.
ARTINYA : Dan sopan santun, mengetahui siapa yang pantas diajak bicara, tidak membuat kematian, kejujuran dan keselamatan, patuh pada guru, kesucian, pengendalian diri dan kuatnya  tekad.
9. Ora kumudu nggayuh samubarang kang kasrambahan dening indriya, sepi ing kamurkan jalaran wus ngerti yen kahananing dumadi, yaiku pangalaman dadi bocah, wong anom lan wong tuwa, nganti tumekane pati, anane mung ngrasakake kasusahan lan kasangsaran.
ARTINYA : Tidak tergesa-gesa untuk menggapai segala sesuatu yang masih tercampuri oleh Indra, tidak memiliki sifat murka karena sudah bisa memahami bahwa segala sesuatu itu mengikuti alurnya, yaitu pengalaman menjadi anak kecil, anak muda dan menjadi orang tua hingga sampai kepada kematiannya, bahwa  itu semua adanya banyak merasakan kesusahan dan kesengsaraan saja,
10. Ora darbe kuwajibanmaneh mikirake kaluwarga lan balegriya, bojo lan anak-anak, merdika nuruti karepe pribadi ingkang suci, tansah tentrem batine, nadyan nemu kamujuran utawa alangan.
ARTINYA : Sudah tidak mempunyai kewajiban lagi untuk memikirkan keluarga dan urusan rumah tangga, Istri dan anak-anaknya, merdeka mengikuti hasrat diri yang suci, selalu tenang hatinya, walau berjumpa dengan keberuntungan atau halangan.
11. Jroning olah yoga mung Manira ingkang tansah pinundhi pundhi lan ora ana liyane kang dadi tujuane uripe, wus ora tuwuh sengseme tumrap apa bae kang edi peni; uga ora rumangsa seneng sesrawungan karo wong-wong liya.
ARTINYA : Ketika melakukan Yoga hanya Ingsun yang selalu dipuja-pua dan tidak ada yang lainnya yang menjadi tujuan hidupnya, sudah tidak timbul hasrat kepada apa saja yang indah-indah, juga tidak merasa senang bergaul untuk orang-orang lain. (Catatan. Ini sikap yang harus dilakukan ketika sedang menghadapi ajal – semua harus ditinggalkan).
12. Jroning batin tansah krasa jumeneng Manira; wikan marang jatining pangawikan. Iku kang disebut kawicaksanan kang sejati, Dene liya-liyane kabodohan kabeh.
ARTINYA : Di dalam hatinya hanya ada Ingsun saja, paham atas ilmu yang sejati, itu yang disebuk Bijaksana yang sebenarnya. Sedangkan yang lain-lain-lainnya adalah berupa kebodohan semata.
13. Saiki bakal Manira wedharake marang sira, kawruh apa kang kudu kadarbe supaya bisa nggayuh banyu pruhitasari, yaiku kawruh bab Para brahma kang tanpa mula buka, Dat Mutlak, ingkang Ana lan Uga Ora Ana.
ARTINYA : Sekarang akan ku ajarkan semua kepada dirimu, ilmu apakah yang harus dikuasai agar bisa menggapai “Air Kehidudpan” Air Perwitasari, itu adalah ilmu tentang para Brah yang tidak ada awal akhirnya, Dzat mutlak, yang ada dan juga tidak ada.
14. Dat Mutlak iku ing endi-endi ana tangan-tangane lan sikil-sikile, mripat-mripate, sirah-sirahe lan cangkem-cangkeme. Uga ndarbeni kuping ing endi-endi bae. Dat mutlak nglimputi sagung kahanan, wondene ora owah lan gingsir.
ARTINYA : Dzat yang Mutlak itu dimanapun ada tangan dan kakinya, ada banyak matanya, dan kepalanya, serta mulut-mulutnya, Ddan juga memiliki telinga di mana-mana. Dzat Mutlak berada di semua keadaan, begitu pun  tidak mengalami perubahan.
15. Duwe indriya tanpa wilangan, wondene ora merlokake wahana apa bae. Ora magepokan lan ora sesenggolan karo apa bae, nanging dadi kekuwatane sakeh kang dumadi, tanpa prabot bisa ngrasakake sakabehe.
ARTINYA : Memilik indta yang tidak terhitung banyaknya, akan tetapi tidak memerlukan alat apa pun juga, tidak berhubungan dan tidak bersentuhan dengan apa pun juga, akan tetapi menjadi sumber daya kekuatan atas segala yang ada, tana alat namun bisa merasakan apa saja.
16. Dumunung ing sanjabaning lan sajroning saben tidah, meneng jroning obah, lan obah sajroning meneng, tan kena ginepok marga saka aluse, Dat iku adoh, nanging iya cedhak banget.
ARTINYA : Berada di dalam dan di luar semua mahluk, diam di dalam gerak, dan gerak di dalam diam, tidak bisa di sentuh karena Maha Lembut, Dzat itu sangat jauh, namun juga sangat dekatnya.
17. Dumunung ing saben titah, wondene tetep wutuh, Dat mijilake, nguripi lan nglebur sagung alam bawana.
ARTINYA : Berda di semua mahluk, akan tetapi tetap utuh, Dzat itu Maha mencipta, menghidupkan dan menghancurkan semua alam yang ada.
18. Dat iku pepadhang sajroning cahya, ora magepokan karo peteng, Dat iku pangawikan kang dadi tujuane lan kang kudu diweruhi dening sang wiku, Dat iku sabenere ana jroning atining manungsa.
ARTINYA : Dzat itu, sahaya di atas cahaya, tidak bersentuhan dengan kegelpan, Dzat itu Maha Ilmu yang menjadi tujuannya dan yang harus diketahui oleh Sang Wiku, Dzat itu sebenarnya berada di dalam hati manusia.
19. Mangkono keterangane bab Jagad, Saksi lan Pangawikan. Manungsa kang tuhu bekti marang Manira, lan bisa ngresepake jroning jiwane kabeh pitutur Manira iki, yekti nyedhaki Manira.
ARTINYA : Begitulah uraian tetang Dunia, Saksi dan Ilmu, Manusia yang benar-benar mengabdi kepada Ingsun, dan selalu menyenangkan jiwanya atas semua sabda Ingsun ini, pasti dia itu mendekat kepada Ingsun.
20. Prakriti lan Purusa, karone tanpa ana awale. Nanging anane sakeh kang kena sinipatan, lan kang tansah owah gingsir iki, mulabukane saka Prakriti.
ARTINYA : Prakitri dan Purusa, keduanya itu adanya tanpa ada awalnya. Akan tetapai segala yang bisa di inrda dan yang selalu berubah itu, adanya berasal dari Prakriti.
21. Tandang tanduke utawa obah mosike titah, iku kang diwastani Prakriti. Dene apa kang dadi sababe anane bungah lan susah iku Purusa.
ARTINYA : Tingkah laku, bergerak dan bergesernya semua mahluk, itulah yang disebut Prakriti, sedangkan apa yang penyebab adanya senang dan susah itu Purusa.
22. Purusa manjing ing sajroning prakriti, iku kang nimbulake Triguna, lan tumandange triguna bebarengan, iku kang nuwuhake Ana lan Ora Ana kabeh iki.
ARTINYA : Purusa masuk ke dalam Prakrriti, itulah yang menumbuhkan Triguna, dan gerak dari Triguna secara bersamaan, itulah yang menyebabkan ada dan tidak adanya semua ini.
23. Pangawas, Ingkang Kuwasa ngabulake sakeh panuwun. Sembere sakeh kekuwatan. Ingkang ngrasakake sakeh nikmat, Ruh Suci, Pangeran ingkang linuhur, kabeh iku sejatine kahananing Purusa, lan Purusa iku jumeneng jroning raga iki.
ARTINYA : Pengawas, yang bisa memenuhi semua permohonan. Sumber dari segala kekuatan, Yang mersakan semua kenikmatan. Ruh Suci, Tuhan Yang Maha Luhur, semua itu sebenarnya adalah ujud dari Purusa, dan Purusa itu berkuasa di dalam raga ini.
24. Sapa kang bisa ngresepi kahanan Purusa, Prakriti lan Triguna ingkang mangkono iku, ora bakal tumitah maneh ing donya, nadyan dikayangapa kelakuane.
25. Jroning semedi, ingkang nganti kandhas ing dhasaring uripe manungsa bisa nyesekni jumenenge Purusa ing sajrone pribadine. Ana kang bisa ngalami kang mangkono iku lumantar Sangkya Yoga utawa lumantar Karma Yoga.
26. Ana uga ingkang ora mangerti apa-apa bab laku loro mau, nanging memundhi marang Manira miturut pituduhe wong liya. Uwong iku uga bisa nguwasani pati, janjine mituhu anggone nglakoni pituduh-pituduh mau.
27. Lan samubarang ingkang dilahirake ing ndonya iki, kang bisa obah lan kang ora bisa obah kawruhana yen dumadine kabeh iku saka pulete Saksi lan Jagad.
ARTINYA : Dan semua yagn terlahir ke dunia ini, yang bsia bergerak dan yang tidak bisa bergerak, pahamilah, bahwa adanya itu semua , berasal dari SAKSI dan Dunia.
28. Jumenenge ing sajroning sakeh titah, anane Pangeran ingkang Maha Luhur tetep tanpa owah nadyan magepokan karo sakeh kang ngalami kamusnan. Kang bisa ngreteni kahanan kang mangkono iku, iku bener pandulune.
ARTINYA : Singgasananya ada di dalam seluruh mahluk. Dan Tuhan Yang Maha Luhur mengada itu tanpa mengalami perubahan, walau pun bersentuhan dengan semua yang mengalami kemusnashan. Yang bisa memahami hal itu, itu barulah benar pemahamannya.
29. Kang nyipati yen Pangeran ingkang Maha Tunggal padha-padha ana ing jrone sakeh kang dumadi, wong iku ora nglakoni dosa nadyan gawe pepati, lan mesthi bakal ngambah dalan kang adiluhur,
ARTINYA : Yang bisa menyaksikan bawa Tuhan Yang Maha Esa, berada di dalam semua yang ada, maka orang itu tidak akan melakukan dosa, walau pun membunuh, dan pasti akan melewati jalan kebenaran.
30. Kang wus ngresepi yen sajatine Prakriti ingkang tumandang ing sakeh panggawe, lan ngreti yen Atma ora tumandhang  babar pisan, iku manungsa kang bener kawruhe.
ARTINYA : Yang sudah bsia memahami bahwa Prakriti yang menggerakkan atas semua amal perbuatan, dan mengerti bahwa Atma tidak melakukan amal perbuatan apa pun, itulah manusia yang sudah benar ilmunya.
31. Manugsa kang bisa maspadakake yen kahanan kang maneka-neka iki, sajatine jumeneng kang sipat bineka tunggal, iku prasasat ngrasakake jumenenge Pangeran.
ARTINYA : Manusia yang sudah bisa mengerti bahwa semua keadaan yang beraneka rupa ini, itu sebenarnya adalah tempat bagi beraneka macam namun utuh dalam Keesaan, itu bagaikan bisa merasakan keberadaan Tuhan.
32. Tanpa awal, ora magepokan karo tumandange Triguna, jumenenge Pribadi kang Adiluhur ing jagad iki, yaiku jroning raga iki, tetep suci, tanpa mobah tanpa mosik.
ARTINYA : Tanpa awal dan tidak berhubungan dengan perbuatan Triguna, Berdiri Sendiri dan Yang Maha Luhur di dunia ini, yaitu ada di dalam raga ini, Tetap suci, tanpa gerak tanpa bergeser.
33. Lir angkasa, wahananing pepadhang ingkang nglimputi sakeh kahanan, ora mobah marga saka aluse, Ingsun kang nyrambahi sakeh raga, tetep meneng tanpa mosik.
ARTINYA : Bagaikan angkasa sebagai penerang yang menyinari semua keadaan, tidak bergerak karena Maha Lembut-Nya, Ingsun yang mengaliri semua raga, tetap diam tanpa gerak.
 34. Srengenge kang madhangi jagad kang gumelar iki mung sawiji. Mangkono uga, sumorot nelahi bumi lan langit, mung sawiji kang darbeni jagad iki.
ARTINYA : Matahari yang menerangi jaga raya itu hanyalah satu. Namun demikian sinarnya menerangi seluruh bumi dan langit, Hanya Satu dan ESA yang memiliki Dunia ini.
35. Kang kanthi netraning kawicaksanan, bisa maspadakake bedane Jagad lan kang dadi Saksining Jagad, lan jalaran saka iku mentas saka pangaruhe Prakriti, kawruhana yen manungsa kang mangkono iku wus tumuju marang luhuring aluhur.
ARTINYA : Yang denga menggunakan mata kebijaksanaan, akan bisa membedakan yang mana dunia dan yang mana Saksi dunia, dan oleh karena itu maka akan terlepas dari pengaruh Prakriti, Ketahuilah, bahwa manusia yang sudah seperti itu, sudah menuju kepada yang Maha Luhur.
Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Tigawelas, winastan : Panunggal Lumantar Milahake Jagad lan Saksine.
14. GUNA  TRAYA  VIBHAGA  YOGA
Wejangan ingkang kaping Kawan Welas
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Maspadakake Tumandange Triguna
Ajaran yang ke Empat belas
Menyatunya Hamba Dan Tuhan melalui memperhatikan gerak dari Triguna


1. Ingkang damel rahayuning jagad ngandika : “Manira bakal nerangake marang sira luhur-luhuring pangawikan. Saben muni kang wus ngerteni pangawikan iku, mesthi bisa katurutan gegayuhane ingkang luhur dewe.
ARTINYA : Sang Pelindung dunia bersabda : “Ingsun akan menjelaskan kepada dirimu, yang tinggi dan tertinggi dari ilmu. Setiap “Muni” yang sudah mengerti ilmu itu, pasti akan bisa menggapai cita-citanya yang tertinggi.
2. Sapa kang darbeni pangawikan mau minangka pangayomane, lan bisa ngrasuk kasucian Manira, ora bakal melu tumitah yen jagad digelar maneh lan ora bakal nemahi kamusnan.
ARTINYA : Siapa yang menguasai ilmu itu sebagai pelindung dirinya, dan bisa merasuk ke dalam kesucian Ingsun, Tidak akan ikut tercipta lagi ketika dunia ini diciptakan lagi dan tidak akan bisa musnah.
3. Kang dadi guwa garba Manira iku Kelanggengan. Nanging Manira ingkang mapanake wiji ing kono. Wiji mau dadi mulabukane apa kang gumelar ing donya iki.
ARTINYA : Yang menjadi singgasan Ingsun itu Kekekalan, namun Ingsun lah yang menempatkan biji di sana, biji tersebut sebagai awal mula apa yang tergelar di dunia ini.
4. Guwagarba endi bae kang nuwuhake kawujudan kang mawa urip ing donya iki, kawruhana yen Kalanggengan kang dadi Babune guwagarba iku, lan yen Manira kang dadi Yogane wiji kang tuwuh ing kono.
ARTINYA : Sumber apa saja yang menumbuhkan perwujudan yang mengandung hidup di dunia ini, ketahuilah bahwa Kekekalan yang menjadi sumber semua itu, dan juga Ingsun yang menjadi menyatu dengan biji yang tumbuh di situ.
5. Satwa, Rajas lan Tamas, kawruhana yen guna telu iku, kasektene Prakriti, kang nancang Dheweke kang sipat langgeng jroning raga iki minangka kunjarane.
ARTINYA : Satwa, rajas dan Tamas, bahwa kekuatan tiga itu adalah kesaktian Prakriti, yang menjerat Dia yang bersifat Kekal di dalam raga ini sebagai penjaranya.
6. Antarane guna tetelu mau, Satwa nancang lumantar migatekake marang kasucian, papadhang, kasarasan, kamulyan jati, lan lumantar sengsem marang sakeh pangawikan.
ARTINYA : Di antara tiga kekutan tersebut, Satwa menjerat dengan cara memperhatikan kesucian, penerang, kesehatan, kemuliaan jati dan melalui menyenangi atas semua ilmu pengetahuan.
7. Dene Rajas, kawruhana yen iku dadi dhasar-dhasare sakeh pepenginan. Jalaran saka Rajas mau, manungsa tansah kumudu kudu ngarasakake obah mingsete urip kadonyan. Rajas nancang manungsa ing donya iki, marga dheweke ora bisa meneng, tansah kudu tumandang.
ARTINYA : Sedangkan Rajas : ketahuilah, bahwa itu yang menjadi sumber dari segala keinginan diri. Karena berasal dari Rajas itu, maka manusia sangat menginginkan untuk bsia merasakan bergeraknya hidup keduniaan. Rajas menjerat manusia di dunia ini, akrena dia itu tidak bisa diam, selalu ingin bergerak dan bertindak.
8. Dene Tamas, iku nuwuhake kabodhohan, kacublukan, kapengungan, lan gawe bingunge kang dumunung jroning raga iki. Tamas nancang lumantar rasa sungkan, keset, aras arasen, heh Parta!.
ARTINYA : Sedangkan Tamas, itu menumbuhkan kebodohan, ketidak tahuan, ketolonan dan membuat bingung atas yang ada di dalam raga ini. Tamas menjerat  melalui rasa sungkan, malas, menunda-nunda, wahai Parta!
9. Satwa iku uletane karo kamukten, Rajas karo panggawe, heh Harjuna! Namung Tamas, kang ngaling-ngalingi kawicaksanan, kawruhana, uletane karo kacublukan, rasa sungkan, keset ala sapanunggalane.
ARTINYA : Satewa itu bersahabat dengan kejayaan, Rajas dengan perbuatan, wahai Harjuna!  Hanya Tamas yang menghalangi kebijaksanaan, maka ketahuilah, sifatnya itu berhubungan dengan kebodohan, rasa sungkan, malas dan sebagainya.
10. Yen Rajas lana Tamas lagi lerem, Satwa kang ngobahake uriping manungsa, Kerep-kerepe Rajas kang kuwat dhewe. Ing kono banjur Rajas kang nglakokake uriping manungsa. Ana kalane Tamas kang nguwasani uriping manungsa.
ARTINYA : Jika Rajas dan Taman sedang diam. Satwalah yang menggerakkan hidup manuisa. Dan yang paling sering itu adalah Rajas sebagai yang gpaling kuat. Di situlah Rajas yang akan menjalankan hidup manusia. Kadang juga Tamas yang berkuasa di dalam hidup manusia.
11. Yen saka palawanganing netra cahyaning katresnan katon sumunar mancar, kawruhana yen Satwaguna lagi kuwasa ing jiwaning manungsa.
ARTINYA : Jika dari manik-manik mata memancarkan cahaya Cinta, maka akan terlihat memancar, Ketahuilah dan jika Satwaguna yang sedang berkuasa di dalam diri manusia.
12. Kamurkan, dahwen, goreh-ronggeh, kumudu tumandang, anane sakeh pepenginan, kawruhana yen kabeh iku tuwuhe sala polahe Rajasguna kang lagi ngrembaka.
ARTINYA : Kemurkaan, usil, tidak tenang, ingin segera melakukan, adanya segala keinginan, ketahuilah, bahwa itu semua tumbuh dari pengaruh Rajasguna yang sedang membesar.
13. Nanging ulet peteng, keset, sungkan, anane sakeh salah tampa lan salah pangerti kang aneh-aneh, sarta kabodhohan lan kapengungan, iku asale saka Tamasguna kang lagi tuwuh kekuwatane.
ARTINYA : Akan tetapi, muka gelap, malas, sungkan, adanya hanya salah terima dan salah dalam memahami sesuatu yang aneh-aneh, serta kebodohan dan ketololan, itu berasal dari Tmasguna yang sedang tumbuh kekuatannya.
14. Yen Satwa kang unggul, nalika jiwaning manungsa lolos saka ragane, jalaran nemahi ajale, manungsa iku parane marang panggonan kang suci, kasuwargan. Lan besuk yen bali lair ing donya iki, panggonane ana ing kaluwargane  para wiku kang mumpuni.
ARTINYA : Jika Satwa yang menag, ketika jiwa manusias terlepas dari raganya, karena tiba ajalnya, maka manusia itu akan menuju tempat yang suci, surga, dan nantinya jika kembali terlahir ke dunia ini, tempatnya adalah di dalam keluarga para Wiku yang ahli.
15. Nangning yen patine mau, ing nalika heweke dikuawasani dening Rajasguna, dheweke bakal bali dilahirake marang ing donya ana ing kaluwargane wong-wong kang padha pethel ing panggawe. Wondene yen nalika patine dheweke iku kerem ing Tamasguna, dheweke bakal bali dilahirake maneh ing donya lumantar guwagarbane wong kang tuna ing kawruh.
ARTINYA : Akan tetapi jika saat matinya, ketika dia dikuasai oleh Rajasguna, dia akan terlahir ke dunia ini, berada di dalam keluarga orang-orang yang semangat kerjanya tinggi. Dan yang ketika matinya dia itu tertipu oleh Tamasguna, dia akan terlahir lagi ke dunia melalui kandungan seorang yang tidak memiliki ilmu.
16. Uwohe panggawe kang becik iku mesthi mawa Satwa, suci ora ana regede. Uwohe panggawe jalaran saka panguwasane Rajas, mesthi mung nyedhihake. Dene uwohe panggawe kang tuwuh saka pangaruhe Tamas, mung pepeteng.
ARTINYA : Buah dari amal perbuatan yang baik itu pasti berdasarkan Satwa, suci dan tidak terkotori, Buah dari amal perbuatan yang berdasar kekuatan Rajas, pasti hanya menghasilkan kesedihan saja. Sedangkan buah dari amal perbuatan yang berasal dari kekuatan Tamas hanyalah kegelapan.
17. Satwa nuwuhake kawicaksanan, kamurkan tuwuhe saka Rajas, Uwohe Tamas kacublukan, masabodho, kang pungkasane nuwuhake pepeteng.
ARTINYA : Satwa menumbuhkan kecerdasan, sedangkan murka itu berasal dari Rajas, sedang buah dari Tamas adalah kebodohan, tidak mempunyai rasa peduli, yang akhirnya menghasilkan kegelapan.
18. Sapa kang kanggonan Satwa bakal jinunjung drajating uripe. Kang kanggonan Rajas drajate tiba tengah-tengah. Dene kang kanggonan Tamas, marga tansah ginubel dening  samubarang kang ala lan jahat, mesthi keplorot drajate.
ARTINYA : Siapa yang ketemepatan Satwa akan terangkat derajat hidupnya. Yang ketempatan Rajas, derajatnya ada ditengah-tengah. Dan yang ketempatan Tamas, dikarenakan terkepung oleh semua yang jahat dan buruk, pasti akan turun derajatnya.
19. Sang Resi kang wus waspada yen sajrone sakeh pakarti utawa obah mosike batine, kang padha tumandang iku ora liya ya mung para guna, lan kang wus nyekseni yen Dat iku ora magepokan karo pakarti, ing tembe mesthi manunggal karo Manira.
ARTINYA : Sang resi yang selalu waspada  dan waspada pula tindakannya atau cetusan hatinya, yang bergerak mempengaruhinya tidak lain adalah daya guna itu, dan yang sudah bisa menyaksikan Dzat itu tidak tersentuh oleh perbuatannya, pada akhirnya pasti akan menyatu dengan Ingsun.
20. Yen kang manggon sajroning raga iki wus bisa luwar saka pangaruhe Triguna, dheweke ya banjur bisa uwal saka cakra panggilinganing urip lan mati, sedhih lan samar, lan banjur bisa nikmati urip ingkang langgeng”>
ARTINYA : Jia yang menempati raga ini sudah bisa melepaskan diri dari pengaruh Triguna, dia itu kemudian bisa terlepas dari perputaran hidup dan mati, sedih dan keragu-raguan, dan kemudian bisa menikmati hidup di alam kekekalan.
21. Harjuna nyuwun priksa : “Punapa tandha-tandhanipun manungsa ingkang sampun saged nguwaosi Triguna? Kados pundi solah bawanipun, lan kados pundi caranipun piyambakipun saged lepas saking panguwasananipun Triguna?”
ARTINYA : Harjuna memohon petunjuk : “Apakah yang menjadi tandanya bagi manusia yang sudah bisa menguasai Triguna? Bagaimanakah tingkah lakunya, dan bagaimana caranya agar dia bisa melepaskan diri dari kekuasaan Triguna?”
22. Kang ora nedya ngoncati pepadhanging Satwa, usreking Rajas lan pepetenging Tamas, ora nggoleki yen koncatan lan ora nyingkiri yen kampiran.
ARTINYA : Yang tidak mempunyai niatan untuk menghindar dari cahaya terang Satwa, kekisruhan Rajas dan kegelapan Tamas, tidak mencarinya bila ditinggalkan, dan tidak menghindar dari  kedatangannya.
23. Tansah waspada, ora ketabetan yen sinenggol dening tumandange Triguna, kang bisa maspadhakake yen obah mosike jagad iki, kabeh jalaran saka tumandange Triguna; kang bisa ngawasi tumandange Triguna kaya dene wong kang mung nonton lan ora ana gepok senggole;
ARTINYA : Selalu waspada, tidak membekas bila tersentuh oleh daya geraknya Triguna, yang bisa mengawasi hingga memahami bahwa gerak perputaran dunia, itu karena gerak dari Triguna, yang bisa mengendalikan gerak pengaruh Triguna bagaikan orang yang sedang menonton pertunjukan  dan tidak tersentuh oleh yang ditontonnya.
24. Mandhiri lan merdika, ora beda kahanane sajroning bungah utawi susah, kang ora ambedakake bletok saka emas; tangkepe padha bae tumrap mungsuh utawa mitra, tetep tentrem yen dialem utawa di cacat.
ARTINYA : Mandiri dan bebas merdeka, tidak beda sikapnya baik di dalam kesenangan atau kesedihan, yang tidak membedakan kotoran tanah dan emas, tanggapannya sama saja baik terhadap musuh atau sahabat, tetap tenang jika di puja atau di cela.
25. Ora krasa marem yen entuk pakurmatan, lan ora mangkel jengkel yen diwirangake; jujur tumrap kawan lan lawan, lan wus ora darbeni prakarsa apa-apa maneh, iku manungsa kang wus mentas saka panguwasane Triguna.
ARTINYA : Tidak merasa puas jika mendapatkan kehormatan, dan tidak mendongkol dan jengkel ketika dihinakan, jujur terhadap lawan mau pun lawan, dan sudah tidak memiliki ide apa-apa lagi, itulah manusia yang sudah terlepas dari pengaruh Triguna.
26. Lan yen dheweke tanpa nyaleweng tansah ngawula marang Manira sajrone nglakoni Bakti Yoga, kang mus mesthi dheweke bisa ninggalake kabeh Guna, lan pantes manjing ing Hyang Brahma.
ARTINYA : Dan jika Dia itu tidak menyelewengdan seallu mengabdi hanya kepada Ingsunketika melakkan Bhakti Yoga, dan yang bisa dengan pasti dia itu meninggalkan semua pengaruh guna, itulah yang pantas menyatu dengan Hyang Brahma.
27. Jroning Manira papan-padunungane Hyang Brahma kang linuhur, Manira telenge Amerta (Urip Langgeng), padunungane Kasucian lan Karahayon kang abadi, padunungane Kamulyan kang Linuhur;
ARTINYA : Di dalam Ingsun tempat Hyang Brahma yang Maha Luhur, Ingsun ini pusat amerta (Daya hidup yang kekal – pahami apa itu daya), tempatnya kesucian dan ketenteraman yang abadi, tempat bagi kemuliaan dan keluhuran.
Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Kawanwelas, winastan : Panunggal Lumantar Maspadakake Tumandange Triguna.
15. PURUSHATAMA  YOGA
Wejangan ingkang kaping Gangsalwelas
Penunggaling Kawula Gusti lumantar Purusa Utama
Ajaran yang ke Lima belas
Menyatunya Hamba Dengan Tuhan melalui Purusa Utama

1 .Kang ngayomi jagad ngandika : Oyod-oyode ana ing kasuwargan, pang-pange ana ing donya. Iku uwit Aswata, kang tan kena ing rusak, kang godhong-godhonge wujud kekidungan. Sapa kang wus ngerti maknane uwit iku, wus ngreti uga isine sakeh kitab Wedha.
ARTINYA : Sang pemerilahar dunia bersabda : “Akar-akarnya berada di surga, cabang-cabangnya ada di dunia. Itulah Pohon Aswata, yang tidak  tidak terkena rusak. Yang daun-daunya berupa Nyanyian. Siapa yang sudah mengerti makna dari Pohon itu, maka paham dengan sendirinya isi dari seluruh Kitab-Kitab Wedha.
Cathetan :
Uwit Aswata punika Uwiting Gesang. Ing Kitab Qur’an dipun wastani Sajaratu al Hayyi.
ARTINYA : Pohon Aswata itu adalah Pohon kehidudpan. Di dalam Kitab Qur’an disebut Sajaratul Al Hayyi.
2. Lung-lunge anak ingkang ngrembaka munggah, ana ingkang  mudhun, entuk panguripan saka tumandange Triguna. Kang dadi sulur-sulure barang-barang kang nenangi indriyaning manungsa. Ana uga oyod-oyod kang tuwuhe medhun, kang dadi tali kang tuwuhe medhun, kang dadi tali kang nelikung jiwaning manungsa karo uwohe amale ing donya.
ARTINYA : Ranting-rantingnya ada mengarah ke atas, ada yang ke bawah, mendapatkan kekuatan hidup dari bergeraknya Triguna. Yang menjadi akar yang tumbuh di dahan (Sulur) segala sesuatu yang menyenangkan indra manusia. Ada juga yang akarnya tumbuh ke bawah, yang menjadi pengikat itu tang tumbuhnya ake bawah, dan juga sebagai tali yang menjerat jiwa manusia dengan buah amal perbuatannya ketika di dunia.
3. Kapriye wujude uwit iku, durung ana wong ing bumi iki kang wus meruhi. Awite utawa pungkasane lan dhasare uga ora ana kang meruhi, Nanging yen uwit Aswata iku wus kapagas oyod-oyode, sarana pambengkase sakeh pepenginan minangka wadhunge.
ARTINYA : Seperti apakah rupa pohon itu, belum ada satu manusiapun di bumi ini yang sudah pernah melihatnya. Akan tetapi jika Pohon Aswata itu sudah di pangkas semua akarnya, dengan cara menghapus semua hasrat diri sebagai kapak pemotongnya.
4. Mula banjur manungsa entuk pancadan kang bakuh kanggo napakake sikile ing Marganing Kasidan Jati (syiratul Mustaqimu). Lan dheweke banjur bisa tumeka ing Mula Purusa, kang dadi sumbere sakeh kekuwatan ing donya iki.
ARTINYA : Dengan cara itu sehingga manusia mendapakan pijakan yang kuat untuk menapakkan kakinya di Jalan Kehidupan Yang Sejati (Syiratal Mustaqimu). Dan manusia itu akan bisa sampai ke pada Awal Purusa, yang menjadi sumber kekuatan di dunia ini.
5. Kang wus bisa nyingkirake angkarane (Egoisme, AKU), sulaping paningal, utawa sengseming ati, sarta ora pegat anggone manjing jrone telenging Ingsun, sepi ing sakeh pepenginan lan wolak-walike kahanan, sarta pangaruhe bungah lan susah, mesthi kanthi waspada bisa ngambah marganing Kasidan Jati,
ARTINYA : Yang sudah bisa membuang angkaranya (Egoisme, Aku) Silaunya penglihatan, atau rasa senangnya hati, serta tidak terputus masuk ke dalam Pusat Ingsun, sepi dari semua keinginan diri dan segala aperubahan jaman, serta dari pengaruh senang dan susah, pasti jika dengan penuh kewaspadaan akan mampu melewati jalan menuju akhir yang sebenarnya.
6. Dalan iku ora kapadhangan dening soroting srengenge utawa rebulan, utawa uruping geni. Sapa kang wus lumaku ing dalan iku, ora bakal bali lair ing donya maneh. Ingkono Padunungan Manira ingkang luhur dewe.
ARTINYA : Jalan itu tidak mendapakan penerang dari Matahari dan Rembulan, atau dari nyala api. Siapa yang sudah berjalan di jala itu, tidak akan terlahir ke dunia lagi. Di situlah tempat singgasana Ingsun yang paling tinggi.
7. Mung sunar tunggal kang mijil saka Manira, kang dadi Jiwa, kang nguripi kabeh iki, kang banjur ngrasuk indriya lima, enem karo pangripta, minangka sananing urip ing jagading prakriti.
ARTINYA : Hanya satu cahaya yang keluar dari Ingsun, yang menjadi jiwa dan yang memeberi hidup semuanya, yang kemudian masuk ke dalam indra yang lima, enam dengan daya penalaran sebagai syarat hidup di dunia Prakriti.
8. Ing kalane Pangeran ngrasuk Raga utawa nilar Ragane, Dheweke manjing lan ngoncati, anggendeng pangripta lan indriya, kaya gandaning kembang kang katut lakuning angin.
ARTINYA : Ketika Tuhan merasuki raganya atau meninggalkan araganya, Dia itu masuk dan meninggalkan, menggandeng penalaran dan Pancaindra, bagaikan bau harum bunga yang terbawa angin.
9. Jroning pangrungu, pandulu, pangganda, panggap, pangrasaning ilat, pangripta ingkang jumeneng jroning indriya lima, dheweke nikmati samubarang ingkang dadi pakaremane indriya.
ARTINYA : Di dalam pendengaran, penglihatan, penciuman, anggapan, rasa di lidah, penalaran pikiran nyang berada di dalam lima Indra, DIA itu menikmati semua yang menjadi kesenangan dari Pancaindra.
10. Nalika Dheweke anyrambahi utawa ngoncati, utawa lagi nikmati lelangening panca-indriya, wong-wong kang isih pengung ora bisa nggrahitani jumenenge Dhewe, Mung Pandhuluning Kawicaksanan kang bisa ngreteni jumenenge Dheweke.
ARTINYA : Ketika DIA sedang menguasai atau meninggalkan, atau sedang menikmati kesenangan Pancaindra, orang-orang yang masih bingun dan bodoh, tidak akan bisa memikir dan merasakan adanya DIA, Hanya ketajaman penglihatan kebijaksanaan yang bisa mengerti adanya DIA.
11. Lan para Yogi, sajroning pangudine bisa nyekseni Dheweke jumeneng sajroning Atma. Nanging wong-wong kang durung tangi iwekane, kang durung bisa manjing jroning katentreman, ora bisa meruhi Dheweke, sanadyan ta nggolekana salawase urip.
ARTINYA : Dan bagi para Yoga, selama dalam pencariannya bisa menyaksikan DIA yang sedang berada di dalam ATMA. Akan tetapi bagi orang-orang yang belum tumbuh daya penalarannya, dan yang belum bisa masuk ke dalam ketenteraman, tidak akan  bisa melihat DIA. Walau pun mencari-Nya selama hidupnya.
12. Cahya kang sumorot saka srengenge kang madhangi jagad sakelir, cahyaning rembulan lan uruping geni, kawruhana yen kabeh iku asale saka Manira.
ARTINYA : Cahaya yang menyinari dunia yanag tergelar ini, Cahaya rembulan dan cahaya nyala api, ketahuilah bahwa itu semua berasal dari Cahaya Ingsun.
13. Lumebu ing telenging bumi, Manira nguripi kabeh titah lumantar caya Manira, lan kabeh tetuwuhan Manira uga ingkang nguripi lumantar rumembese Tirta Suma kang nangekake gumregeting urip.
ARTINYA : Masuk ke daam pusat bumi. Ingsun memberikan daya hidup kepada semua mahluk melalui Cahaya Ingsun, semua tumbuh-tumbuhan pun Ingsunlah yang memberi daya hidupnya merembes melalui Air Suma (Tirta Suma) yang membangkitkan pertumbuhannya untuk hidup.
14. lan lumantar Waiswanara, Manira lumebu jroning saben titah. Sarana manjing mlebu lan mijile napas, Manira mbasmi panganing manungsa lan sato.
ARTINYA : Dan melalui Waiswanara, Ingsun masuk ke dalam mahluk. Dengan cara melalui masuk dan keluarnya pernapasannya. Ingsun membakar (untuk memproses) makanan manusia dan hewan.
15. Manira jumeneng ing atine saben titah, Saka Manira anane Pangawikan. Eling lan Lali uga saka Manira. Manira kawruh kang sinengker jroning sakeh Kitab Wedha. Kawuh ing Wedha Manira ingkang murba. Manira ingkang nggelarake lan mejangake kawruh mau.
ARTINYA : Ingsung bersinggasana di dalam hati semua mahluk. Dari Ingsun ilmu itu ada. Ingat dan lupa itu juga dari Ingsun yang menyebabkannya. Ingsun yang menyebarkan dan mengajarkan ilmu itu.
16. Donya iki weruh ana Purusa loro. Sing siji kena ing pati, sijine ora kena ing pati. Purusan kang kena ing pati iku jumeneng ing sajroning manungsa. Purusane Pangeran iku tan kena ing pati lan tan kena ing owah gingsir.
ARTINYA : Dunia ini itu bisa amelihat dua Purusa. Yang satu terkena kematian, yang satunya lagi tidak bisa mati. Purusa yang bisa mati itu bertempt di dalam raga manusia. Purusa Tuhan itu tidak bisa mati dan tidak bisa berubah.
17. Purusa kang luhur iku kang diarani Para Atma. Yaiku Dheweke kang murba misesa jagad iki kabeh, sarana jumenege dadi Hyang Brahma, Hyang Wisnu lan Hyang Siwah, utawa Pamurba, Pangayom lan Panglebure Jagad.
ARTINYA : Purusa tingkat tinggi itu yang disebut Para Atma, Yaitu DIA yang menguasai seluruh dunia ini. Dengan mewujud menjadi Hyang Brahma, Hyang Wisnu dan Hyang Siwah, Atau sumber segala sumber dari sebab, Pemelihara dan penghancur dunia.
18. Ing sarehne Manira ora gepok senggol karo karusakan, dadi isih luwih luhur tinimbang karo kang Tan Kena Ing Rusak, mula manunggal lan kitab-kitab Wedha ngarani yen Manira iku Purusa Utama.
ARTINYA : Oleh karena Ingsun tidak bisa rusak, sehingga masih lebih tinggi dibanding dengan yang tidak terkena rusak, sehingga yang menyatu dengan Kitab-Kitab Wedha menyebutkan bahwa Ingsun itu adalah Purusa Utama.
19. Sapa kang bisa ngreteni, tanpa nganggo kliru panmpa, yen Manira iku Purusa Utama, iku prasasat mahawikan, heh Barata! Manungsa kang mangkono iku memundhi Manira Lumantar kawutuhaning uripe.
ARTINYA : Siapa yang bisa mengerti  tanpa adanya salah terima, bahwa Ingsun itu adalah Purusa Utama, itu bagaikan Maha Mengetahui, wahai Barata! Manusia yang seperti itu mengabdi kepada Ingsun melaui keutuhan hidupnya.
Cathetan :
Ingkang memundi wau boten namung cipta lan riptanipun!
ARTINYA : Yang melakukan pengabdian itu bukan hanya Cipta hati dan pikirannya saja!
20. Kawruhana, iki piwulang Manira ingkang winadi banget, kang wus Manira wedharake marang sira. He Anaga! Yen sira wus ngreteni wejangan Manira iki, sira tuhu wicaksana. Lan yen kabeh mau wus sira rapungi kuwajibaning Uripe.
ARTINYA : Ketahuilah, Ini adalah Ilmu Ingsun yang sangat rahasisa, yang sudah Ingsun ungkapkan kepada dirimu, Wahai Anaga! Jika dirimu sudah mengerti ajaran Ingsun ini, Dirimu sungguh bijaksana. Itu pun jika kewajiban hidupmu sudah kamu selesaikan semua.
Punika piwucal winadi ingkag kawrat ing Kitab Suci, Serat Bagawad Gita,: “Lawan Sabda Sri Kresna, lan Harjuna”, wejangan ingkang kaping Gangsalwelas, winastan : Panunggal Lumantar Purusa Utama.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar